Surah Al-Qari`ah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْقَارِعَةُۙ١
Al-qāri‘ah(tu).
[1]
مَا الْقَارِعَةُ ۚ٢
Mal-qāri‘ah(tu).
[2]
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْقَارِعَةُ ۗ٣
Wa mā adrāka mal-qāri‘ah(tu).
[3]
يَوْمَ يَكُوْنُ النَّاسُ كَالْفَرَاشِ الْمَبْثُوْثِۙ٤
Yauma yakūnun-nāsu kal-farāsyil-mabṡūṡ(i).
[4]
Dina kiyamat iku anggêgirisi.
وَتَكُوْنُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِ الْمَنْفُوْشِۗ٥
Wa takūnul-jibālu kal-‘ihnil-manfūsy(i).
[5]
Sapa kang mêruhake sira, kapriye ênggone anggêgirisi dina kiyamat [kiyama..t] iku.
فَاَمَّا مَنْ ثَقُلَتْ مَوَازِيْنُهٗۙ٦
Fa ammā man ṡaqulat mawāzīnuh(ū).
[6]
Ing dina iku manungsa padha pating bilulung, kaya anak walang sumêbar.
فَهُوَ فِيْ عِيْشَةٍ رَّاضِيَةٍۗ٧
Fa huwa fī ‘īsyatir rāḍiyah(tin).
[7]
Gunung pating panculat kaya kapas diwusoni.
وَاَمَّا مَنْ خَفَّتْ مَوَازِيْنُهٗۙ٨
Wa ammā man khaffat mawāzīnuh(ū).
[8]
Sing sapa bêcike ditraju, bobote ngungkuli alane, wong iku diênggonake ana ing suwarga, andadèkake bungahe.
فَاُمُّهٗ هَاوِيَةٌ ۗ٩
Fa ummuhū hāwiyah(tun).
[9]
Dene sing sapa boboting bêcike ènthèng, kalah abot lan boboting alane, iku panggonane ana ing Naraka Hawiyah.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا هِيَهْۗ١٠
Wa mā adrāka mā hiyah.
[10]
Sapa kang mêruhake sira, Naraka Hawiyah iku apa ta.
نَارٌ حَامِيَةٌ ࣖ١١
Nārun ḥāmiyah(tun).
[11]
Naraka Hawiyah iku naraka kang bangêt panase.