Surah Al-`Adiyat
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْعٰدِيٰتِ ضَبْحًاۙ١
Wal-‘ādiyāti ḍabḥā(n).
[1]
Dêmi jaran kang nyandêr ana ing papêrangan, nganggo nyuwara.
فَالْمُوْرِيٰتِ قَدْحًاۙ٢
Fal-mūriyāti qadḥā(n).
[2]
Dêmi jaran kang rikat panyandêre, nganti watu kang disandhung mêtu gênine.
فَالْمُغِيْرٰتِ صُبْحًاۙ٣
Fal-mugīrāti ṣubḥā(n).
[3]
Dêmi jaran kang diênggo andingkik satru ing wayah bangun.
فَاَثَرْنَ بِهٖ نَقْعًاۙ٤
Fa'aṡarna bihī naq‘ā(n).
[4]
Wusana ing panggonan kono pêtêng dening balêdug.
فَوَسَطْنَ بِهٖ جَمْعًاۙ٥
Fawasaṭna bihī jam‘ā(n).
[5]
Saking pêtênge, kang andingkik ora wêruh dalan, têkan ana têngahing mungsuh, wusana malah dikêpung ing mungsuh.
اِنَّ الْاِنْسَانَ لِرَبِّهٖ لَكَنُوْدٌ ۚ٦
Innal-insāna lirabbihī lakanūd(un).
[6]
Satêmêne manungsa kang kaphir iku ora kadunungan panarima marang kabêcikaning Pangerane.
وَاِنَّهٗ عَلٰى ذٰلِكَ لَشَهِيْدٌۚ٧
Wa innahū ‘alā żālika lasyahīd(un).
[7]
Manungsa mau iya nêksèni marang awake [awa.....ke] dhewe ênggone ora kadunungan panarima.
وَاِنَّهٗ لِحُبِّ الْخَيْرِ لَشَدِيْدٌ ۗ٨
Wa innahū liḥubbil-khairi lasyadīd(un).
[8]
Manungsa mau ênggone dhêmên băndha, bangêt, mulane banjur kumêd.
۞ اَفَلَا يَعْلَمُ اِذَا بُعْثِرَ مَا فِى الْقُبُوْرِۙ٩
Afalā ya‘lamu iżā bu‘ṡira mā fil-qubūr(i).
[9]
Apa manungsa mau ora wêruh yèn besuk dina kiyamat, wong kang wis padha mati iku padha diuripake, diwêtokake saka ing pakuburane.
وَحُصِّلَ مَا فِى الصُّدُوْرِۙ١٠
Wa ḥuṣṣila mā fiṣ-ṣudūr(i).
[10]
Lan diwalèhake alane, kang diumpêtake ana sajroning ati.
اِنَّ رَبَّهُمْ بِهِمْ يَوْمَىِٕذٍ لَّخَبِيْرٌ ࣖ١١
Inna rabbahum bihim yauma'iżil lakhabīr(un).
[11]
Ing dina iku Allah Pangerane waspada bangêt marang ala bêciking manungsa.