Surah Yunus

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤرٰ ۗتِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْحَكِيْمِ١
Alif lām rā, tilka āyātul-kitābil-ḥakīm(i).
[1] Alip Lam Ra (Allah kang mêsthi uninga marang karsane ênggone mangandikakake Alip Lam Ra, Jalalèn). Surat iki ayating Kuran kang isi kukuming Allah.

اَكَانَ لِلنَّاسِ عَجَبًا اَنْ اَوْحَيْنَآ اِلٰى رَجُلٍ مِّنْهُمْ اَنْ اَنْذِرِ النَّاسَ وَبَشِّرِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنَّ لَهُمْ قَدَمَ صِدْقٍ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗ قَالَ الْكٰفِرُوْنَ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ مُّبِيْنٌ٢
Akāna lin-nāsi ‘ajaban an auḥainā ilā rajulim minhum an anżirin-nāsa wa basysyiril-lażīna āmanū anna lahum qadama ṣidqin ‘inda rabbihim, qālal-kāfirūna inna hāżā lasāḥirum mubīn(un).
[2] Yagene wong Mêkah padha gumun ênggon Ingsun paring wahyu (dhawuh) marang sawijining wong lanang kancane. Dhawuh Ingsun: (He Mukhammad) sira mêdèkna para manungsa marang siksaningsun, lan ambêbungaha sarupane wong mukmin, ing besuk ana ngarsaning Pangerane bakal padha tămpa ganjaraning laku bêcik. Ing kono wong kaphir banjur padha ngucap: Nabi Mukhammad iki têtela tukang sikhir.

اِنَّ رَبَّكُمُ اللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِ يُدَبِّرُ الْاَمْرَۗ مَا مِنْ شَفِيْعٍ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ اِذْنِهٖۗ ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٣
Inna rabbakumullāhul -lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsyi yudabbirul-amr(a), mā min syafī‘in illā mim ba‘di iżnih(ī), żālikumullāhu rabbukum fa‘budūh(u), afalā tażakkarūn(a).
[3] Satêmêne Pangeranira iku Allah, kang nitahake bumi lan langit lawase mung nêm dina. Sawise dadi, Allah banjur kèndêl jumênêng ana ing ngaras (patrape ora kêna ginagas). Allah iku nitipariksa samubarang prakara. Ora ana wong bisa nyuwunake pakolèh ana ngarsaning Allah, Pangeran kang samono luhure iku. Iya iku Allah Pangeranira, mulane padha nêmbaha ing Allah. Yagene sira padha ora eling kang mangkono mau.

اِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيْعًاۗ وَعْدَ اللّٰهِ حَقًّاۗ اِنَّهٗ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ لِيَجْزِيَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ بِالْقِسْطِۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيْمٍ وَّعَذَابٌ اَلِيْمٌ ۢبِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ٤
Ilaihi marji‘ukum jamī‘ā(n), wa‘dallāhi ḥaqqā(n), innahū yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū liyajziyal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti bil-qisṭ(i), wal-lażīna kafarū lahum syarābum min ḥamīmiw wa ‘ażābun alīmum bimā kānū yakfurūn(a).
[4] Kawusanane awakira iku ing besuk bakal bali kabèh marang ngarsaning Allah. Janjine Allah kang mangkono iku mêsthi kalêksanan. Allah iku kang amurwani kawula iki kabèh. Sawise dititahake banjur dibalèkake marang sarirane. Kang mangkono mau, karsaning Allah diênggo anjalari ênggone bakal angganjar marang para wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik kalawan ngadil. Dene wong kaphir bakal padha diombèni wedanging naraka. Lan padha disiksa kang nglarani, pituwase ênggone padha kaphir.

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاۤءً وَّالْقَمَرَ نُوْرًا وَّقَدَّرَهٗ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَۗ مَا خَلَقَ اللّٰهُ ذٰلِكَ اِلَّا بِالْحَقِّۗ يُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ٥
Huwal-lażī ja‘alasy-syamsa ḍiyā'aw wal-qamara nūraw wa qaddarahū manāzila lita‘lamū ‘adadas-sinīna wal-ḥisāb(a), mā khalaqallāhu zālika illā bil-ḥaqq(i), yufaṣṣilul-āyāti liqaumiy ya‘lamūn(a).
[5] Allah iku kang nitahake srêngenge mawa cahya kang sumorot, lan nitahake rêmbulan mawa pêpadhang. Lan namtokake lakuning srêngenge mau ana ing manazil (kaluwêngan dalan srêngenge lan dalaning rêmbulan iku diperang dadi 360 darjah kang dawane padha. Banjur diperang manèh dadi 28 perangan kang dawane padha. Siji-sijining perangan diarani manazil, dadi siji-sijining manazil iku dawane 12, 5714 darjah. Dene manazil 28 mau duwe jênêng dhewe-dhewe, [dhe.....we-dhewe,] iya iku 1. saratèn, 2. butèn, 3. tsuraya, 4. dabaran, 5. akêngah, 6. anngah, 7. dirak, 8. natsrah, 9. tarap, 10. jab ah, 11. jubarah, 12. sarphah, 13. ngawa, 14. samak, 15. ghaphar, 16. zubana, 17. iklil, 18. kalab, 19. saulah, 20. nangaim, 21. baldah, 22. sakdudzabih, 23. sakdubalak, 24. sakdussungud, 25. sakdu ahbiyah, 26. phirghul mukaddam, 27. phirghul muahkhar, 28. risa. Khazin). Supaya sira padha wêruha wilanganing taun, lan wêruha marang kawruh etung. Allah ênggone nitahake mangkono mau, ora liya diênggo nyatakake kuwasane. Allah mijangake ayat pirang-pirang, marang wong kang padha bisa wêruh.

اِنَّ فِى اخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللّٰهُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَّقُوْنَ٦
Inna fikhtilāfil-laili wan-nahāri wa mā khalaqallāhu fis-samāwāti wal-arḍi la'āyātil liqaumiy yattaqūn(a).
[6] Mungguh bedaning raina lan wêngi, lan samubarang kang dititahake dening Allah ana ing bumi lan ana ing langit, iku tumrape wong kang padha wêdi ing Allah, mêsthi dadi tăndha yêkti pirang-pirang.

اِنَّ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا وَرَضُوْا بِالْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَاطْمَـَٔنُّوْا بِهَا وَالَّذِيْنَ هُمْ عَنْ اٰيٰتِنَا غٰفِلُوْنَۙ٧
Innal-lażīna lā yarjūna liqā'anā wa raḍū bil-ḥayātid-dun-yā waṭma'annū bihā wal-lażīna hum ‘an āyātinā gāfilūn(a).
[7] Sarupane wong kang ora ngarêp-arêp (ora kuwatir) bakal disebakake marang ngarsaningsun, lan padha bungah ngrasakake kauripan ing dunya, têntrêm marang kabungahan ing dunya, lan sarupane wong kang lali, ora praduli marang ayat Ingsun.

اُولٰۤىِٕكَ مَأْوٰىهُمُ النَّارُ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٨
Ulā'ika ma'wāhumun nāru bimā kānū yaksibūn(a).
[8] Wong kang mangkono iku, panggonane ana ing naraka, iya iku pituwase barang wis padha dilakoni.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ يَهْدِيْهِمْ رَبُّهُمْ بِاِيْمَانِهِمْۚ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهِمُ الْاَنْهٰرُ فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ٩
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti yahdīhim rabbuhum bi'īmānihim, tajrī min taḥtihimul-anhāru fī jannātin na‘īm(i).
[9] Sarupane wong mukmin kang padha nglakoni panggawe bêcik, iku padha diparingi pituduh dalan bênêr dening Pangerane, iya iku dalan kang anjok ing suwarga Nangim, kang ana bêngawane mili ana sangisoring kêkayon, minăngka pituwas ênggone pracaya lan nglakoni panggawe bêcik.

دَعْوٰىهُمْ فِيْهَا سُبْحٰنَكَ اللّٰهُمَّ وَتَحِيَّتُهُمْ فِيْهَا سَلٰمٌۚ وَاٰخِرُ دَعْوٰىهُمْ اَنِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١٠
Da‘wāhum fīhā subḥānakallāhumma wa taḥiyyatuhum fīhā salām(un), wa ākhiru da‘wāhum anil-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[10] Para wong mukmin mau ana sajroning suwarga, mênawa nyênyuwun ing Allah, panyuwune mangkene: Dhuh Allah, Tuwan punika Mahasuci. Dene pakhurmatane wong ing suwarga padha asêsalaman.

۞ وَلَوْ يُعَجِّلُ اللّٰهُ لِلنَّاسِ الشَّرَّ اسْتِعْجَالَهُمْ بِالْخَيْرِ لَقُضِيَ اِلَيْهِمْ اَجَلُهُمْۗ فَنَذَرُ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا فِيْ طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُوْنَ١١
Wa lau yu‘ajjilullāhu lin-nāsisy-syarrasti‘jālahum bil-khairi laquḍiya ilaihim ajaluhum, fa nażarul-lażīna lā yarjūna liqā'anā fī ṭugyānihim ya‘mahūn(a).
[11] Panyuwune wong ing suwarga mau, nganggo tutup mangkene: Sakathahing pangalêmbana punika konjuk ing Allah, ingkang mangerani ngalam punika sadaya.

وَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ الضُّرُّ دَعَانَا لِجَنْۢبِهٖٓ اَوْ قَاعِدًا اَوْ قَاۤىِٕمًا ۚفَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُ ضُرَّهٗ مَرَّ كَاَنْ لَّمْ يَدْعُنَآ اِلٰى ضُرٍّ مَّسَّهٗۗ كَذٰلِكَ زُيِّنَ لِلْمُسْرِفِيْنَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٢
Wa iżā massal-insānaḍ-ḍurru da‘ānā lijambihī au qā‘idan au qā'imā(n), falammā kasyafnā ‘anhu ḍurrahū marra ka'allam yad‘unā ilā ḍurrim massah(ū), każālika zuyyina lil-musrifīna mā kānū ya‘malūn(a).
[12] Saupama Allah age-age marêngake panyuwuning manungsa kang amrih ala, padha bae lan ênggone age-age marêngake panyuwuning manungsa kang amrih bêcik, amêsthi manungsa iku kêlakon sirna kabèh. (Pangandikaning Allah): Mulane wong kang padha ora kapengin seba ing ngarsaningsun iku padha Ingsun togake bae ênggone padha nasar. Dadi padha kêbanjur-banjur ênggone bingung.

وَلَقَدْ اَهْلَكْنَا الْقُرُوْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَمَّا ظَلَمُوْاۙ وَجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ وَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْا ۗ كَذٰلِكَ نَجْزِى الْقَوْمَ الْمُجْرِمِيْنَ١٣
Wa laqad ahlaknal-qurūna min qablikum lammā ẓalamū, wa jā'athum rusuluhum bil-bayyināti wa mā kānū liyu'minū, każālika najzil-qaumal-mujrimīn(a).
[13] Mênawa wong kaphir iku kambah ing rêribêd, banjur padha nyuwun-nyuwun marang Ingsun karo têturon miring utawa karo linggih apadene karo ngadêg, nyuwun supaya rêribêd mau Ingsun birata. Barêng rêribête wis Ingsun birat, wong kaphir mau banjur bali nglakoni ala kaya kang uwis-uwis, prasasat ora ngaku nyênyuwun marang Ingsun sirnaning rêribêd kang nêmpuh ing awake. Mangkono uga wong kang padha andadra ênggone kaphir, iku padha digodha ing setan, banjur padha dhêmên nêtêpi kaphir kang wis dilakoni salawas-lawase.

ثُمَّ جَعَلْنٰكُمْ خَلٰۤىِٕفَ فِى الْاَرْضِ مِنْۢ بَعْدِهِمْ لِنَنْظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُوْنَ١٤
Ṡumma ja‘alnākum khalā'ifa fil-arḍi mim ba‘dihim linanẓura kaifa ta‘malūn(a).
[14] He para wong kaphir ing Mêkah, wruhanira, para umat sadurungira biyèn akèh kang padha duraka maro tingal, sarta wis ditêkani para Rasul, kanthi mukjijat kaelokan, minăngka tăndha yêkti, nyurup-nyurupake supaya padha maria maro tingal, nanging wong mau padha ora pracaya marang para Rasul. Ing kono para umat mau banjur padha Ingsun sirnakake, kang mangkono mau sumurup pamalêsingsun marang wong kang padha duraka maido ing Rasul.

وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيَاتُنَا بَيِّنٰتٍۙ قَالَ الَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ لِقَاۤءَنَا ائْتِ بِقُرْاٰنٍ غَيْرِ هٰذَآ اَوْ بَدِّلْهُ ۗ قُلْ مَا يَكُوْنُ لِيْٓ اَنْ اُبَدِّلَهٗ مِنْ تِلْقَاۤئِ نَفْسِيْ ۚاِنْ اَتَّبِعُ اِلَّا مَا يُوْحٰٓى اِلَيَّ ۚ اِنِّيْٓ اَخَافُ اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٥
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyināt(in), qālal-lażīna lā yarjūna liqā'ana'ti biqur'ānin gairi hāżā au baddilh(u), qul mā yakūnu lī an ubaddilahū min tilqā'i nafsī, in attabi‘u illā mā yūḥā ilayy(a), innī akhāfu in ‘aṣaitu rabbī ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[15] Sawise mangkono, sira banjur Ingsun titahake, manggon ana ing bumi, dadi gêgêntine [gêgê....ntine] para umat kang wis padha sirna mau, Ingsun bakal mirsani lan nitèni kapriye lakunira.

قُلْ لَّوْ شَاۤءَ اللّٰهُ مَا تَلَوْتُهٗ عَلَيْكُمْ وَلَآ اَدْرٰىكُمْ بِهٖ ۖفَقَدْ لَبِثْتُ فِيْكُمْ عُمُرًا مِّنْ قَبْلِهٖۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ١٦
Qul lau syā'allāhu mā talautuhū ‘alaikum wa lā adrākum bih(ī), faqad labiṡtu fīkum ‘umuram min qablih(ī), afalā ta‘qilūn(a).
[16] Wong kang padha maro tingal iku mênawa diwacakake ayat Ingsun, cêtha ênggone dadi tăndha yêkti, ing kono wong kang ora ngarêp-arêp disebakake ing ngarsaningsun, banjur padha matur: (Dhuh Nabi Muhammad) sampeyan mbok inggih andhawuhakên Kuran sanèsipun punika kemawon, utawi Kuran punika mugi sampeyan ewahi, sampun kados makatên. He Mukhammad, sira dhawuha: Aku ora kêna ngowahi Kuran sakarêp-karêpku dhewe, wajibku mung manut nglugokake kang wis didhawuhake marang aku, mênawa aku wania duraka lancang, andhisiki karsaning Pangeranku, aku wêdi siksaning Allah besuk dina gêdhe kiyamat.

فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ كَذِبًا اَوْ كَذَّبَ بِاٰيٰتِهٖۗ اِنَّهٗ لَا يُفْلِحُ الْمُجْرِمُوْنَ١٧
Faman aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhi każiban au każżaba bi'āyātih(ī), innahū lā yufliḥul-mujrimūn(a).
[17] (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kang padha maro tingal: Upama ana kaparênge karsaning Allah, kêna uga ora dhawuh marang aku ingandikakake macakake Kuran marang kowe. Sadurunge iki ênggonku woworan lan kowe wis patang puluh taun lawase, aku ora macakake Kuran, marga ora ana dhawuh. Yagene kowe padha ora kadunungan pikir yèn Kuran iki têmên [tê....mên] dhawuhing Allah.

وَيَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنْفَعُهُمْ وَيَقُوْلُوْنَ هٰٓؤُلَاۤءِ شُفَعَاۤؤُنَا عِنْدَ اللّٰهِ ۗقُلْ اَتُنَبِّـُٔوْنَ اللّٰهَ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِۗ سُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ١٨
Wa ya‘budūna min dūnillāhi mā lā yaḍurruhum wa lā yanfa‘uhum wa yaqūlūna hā'ulā'i syufa‘ā'unā ‘indallāh(i), qul atunabbi'ūnallāha bimā lā ya‘lamu fis-samāwāti wa lā fil-arḍ(i), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[18] Ora ana wong kang luwih nganiaya marang awake dhewe tinimbang lan wong gawe-gawe, calathu goroh ngarani yèn Allah iku ana kang madhani jumênêng Pangeran, utawa wong kang maido ayating Allah. Satêmêne wong kang padha dosa maro tingal iku ora bakal bêgja.

وَمَا كَانَ النَّاسُ اِلَّآ اُمَّةً وَّاحِدَةً فَاخْتَلَفُوْاۗ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ فِيْمَا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١٩
Wa mā kānan-nāsu illā ummataw wāḥidatan fakhtalafū, wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika laquḍiya bainahum fīmā fīhi yakhtalifūn(a).
[19] Wong musrik mau padha nyêmbah liyaning Allah, iya iku brahala kang ora bisa gawe mlarat utawa gawe pakolèh marang si musrik mau. Wong musrik mau padha ngucap mangkene: Brahala iku kabèh ing besuk bakal padha ngaturake bêcikku ana ngarsaning Allah. (He Mukhammad) sira dhawuha: Yèn mangkono, kowe apa bakal munjuk ing Allah yèn brahala iku pangeran kang angunjukake bêcikmu ana ngarsaning Allah, kang măngka Allah ora nguningani yèn ing bumi lan ing langit ana kang madhani sarirane. Allah iku Mahasuci tur Mahaluhur, adoh bangêt yèn kayaa panêmune wong kang padha maro tingal.

وَيَقُوْلُوْنَ لَوْلَآ اُنْزِلَ عَلَيْهِ اٰيَةٌ مِّنْ رَّبِّهٖۚ فَقُلْ اِنَّمَا الْغَيْبُ لِلّٰهِ فَانْتَظِرُوْاۚ اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ ࣖ٢٠
Wa yaqūlūna lau lā unzila ‘alaihi āyatum mir rabbih(ī), faqul innamal-gaibu lillāhi fantaẓirū, innī ma‘akum minal-muntaẓirīn(a).
[20] Ing jaman kuna manungsa iku golong dadi siji nganggo agama Ibrahim, lawas-lawas banjur padha sulaya, nganggo agama warna-warna. Saupama Pangeranira durung mangandikakake papasthèn yèn umate Nabi Mukhammad iki patrapaning kaluputan disarantèkake besuk dina kiyamat, amêsthi wong kang padha pasulayan prakara agama iku, êndi kang luput dipatrapi padha sanalika.

وَاِذَآ اَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً مِّنْۢ بَعْدِ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُمْ اِذَا لَهُمْ مَّكْرٌ فِيْٓ اٰيٰتِنَاۗ قُلِ اللّٰهُ اَسْرَعُ مَكْرًاۗ اِنَّ رُسُلَنَا يَكْتُبُوْنَ مَا تَمْكُرُوْنَ٢١
Wa iżā ażaqnan-nāsa raḥmatam mim ba‘di ḍarrā'a massathum iżā lahum makrun fī āyātinā, qulillāhu asra‘u makrā(n), inna rusulanā yaktubūna mā tamkurūn(a).
[21] Wong kaphir ing Mêkah padha ngucap: Yagene Nabi Mukhammad têka diparingi mukjijat kaelokan saka Pangerane kaya para Nabi ing jaman kuna. (He Mukhammad) sira dhawuha: Mukjijat mangkono prakara kang gaib, iku kagunganing Allah piyambak, dudu wêwênangku, mulane prakara kang koajap iku êntènana bae, aku uga mèlu ngêntèni.

هُوَ الَّذِيْ يُسَيِّرُكُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِۗ حَتّٰٓى اِذَا كُنْتُمْ فِىْ الْفُلْكِۚ وَجَرَيْنَ بِهِمْ بِرِيْحٍ طَيِّبَةٍ وَّفَرِحُوْا بِهَا جَاۤءَتْهَا رِيْحٌ عَاصِفٌ وَّجَاۤءَهُمُ الْمَوْجُ مِنْ كُلِّ مَكَانٍ وَّظَنُّوْٓا اَنَّهُمْ اُحِيْطَ بِهِمْۙ دَعَوُا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ لَىِٕنْ اَنْجَيْتَنَا مِنْ هٰذِهٖ لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الشّٰكِرِيْنَ٢٢
Huwal-lażī yusayyirukum fil-barri wal-baḥr(i), ḥattā iżā kuntum fil-fulk(i), wa jaraina bihim birīḥin ṭayyibatiw wa fariḥū bihā jā'athā rīḥun ‘āṣifuw wa jā'ahumul-mauju min kulli makāniw wa ẓannū annahum uḥīṭa bihim, da‘awullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), la'in anjaitanā min hāżihī lanakūnanna minasy-syākirīn(a).
[22] Para wong kaphir ing Mêkah sawise padha kambah ing rêribêd, mênawi banjur Ingsun paringi bungah lan têntrêm, ing kono banjur padha maido lan anggêguyu ayat Ingsun. (He Mukhammad) sira dhawuha: Allah iku manawa karsa niksa, luwih dening rikat. Dhawuh pangandinaning Allah marang para wong kaphir ing Mêkah mangkene: Utusan Ingsun para Malaikat padha nulisi ênggonira padha maido lan anggêguyu ayat Ingsun.

فَلَمَّآ اَنْجٰىهُمْ اِذَا هُمْ يَبْغُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗيٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّمَا بَغْيُكُمْ عَلٰٓى اَنْفُسِكُمْ مَّتَاعَ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۖ ثُمَّ اِلَيْنَا مَرْجِعُكُمْ فَنُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٣
Falammā anjāhum iżā hum yabgūna fil-arḍi bigairil-ḥaqq(i), yā ayyuhan-nāsu innamā bagyukum ‘alā anfusikum matā‘al-ḥayātid-dun-yā, ṡumma ilainā marji‘ukum fa nunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[23] Allah iku kang paring kêkuwatan marang sira kabèh, dadi padha bisa mlaku ana ing dharatan utawa mrau ana ing sagara. Nalikane sira nunggang prau ana ing sagara, prau mlaku mau ngêmot wong akèh, lakune anglêr sinêntor ing angin bêcik, wong sajroning prau padha bungah. Ing kono banjur ana angin ribut têka, aluning sagara anêmpuh prau saka ing ngêndi-endi pêrnah. Wong sajroning prau padha nyipta kêtungkêban ing bilai gêdhe, banjur padha nyênyuwun slamêt ing Allah kalawan ati gumolong suci maring Allah, unjuke: Dhuh Allah, mênawi Tuwan paring wilujêng dhumatêng kawula, luwar saking bêbaya punika, iba anggèn kawula sami sukur ing Tuwan.

اِنَّمَا مَثَلُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا كَمَاۤءٍ اَنْزَلْنٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ فَاخْتَلَطَ بِهٖ نَبَاتُ الْاَرْضِ مِمَّا يَأْكُلُ النَّاسُ وَالْاَنْعَامُ ۗحَتّٰٓى اِذَآ اَخَذَتِ الْاَرْضُ زُخْرُفَهَا وَازَّيَّنَتْ وَظَنَّ اَهْلُهَآ اَنَّهُمْ قٰدِرُوْنَ عَلَيْهَآ اَتٰىهَآ اَمْرُنَا لَيْلًا اَوْ نَهَارًا فَجَعَلْنٰهَا حَصِيْدًا كَاَنْ لَّمْ تَغْنَ بِالْاَمْسِۗ كَذٰلِكَ نُفَصِّلُ الْاٰيٰتِ لِقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٢٤
Innamā maṡalul-ḥayātid-dun-yā kamā'in anzalnāhu minas-samā'i fakhtalaṭa bihī nabātul-arḍi mimmā ya'kulun-nāsu wal-an‘ām(u), ḥattā iżā akhażatil-arḍu zukhrufahā wazzayyanat wa ẓanna ahluhā annahum qādirūna ‘alaihā, atāhā amrunā lailan au nahāran fa ja‘alnāhā ḥaṣīdan ka'allam tagna bil-ams(i), każālika nufaṣṣilul-āyāti liqaumiy yatafakkarūn(a).
[24] Barêng Allah wis paring slamêt, wong mau banjur padha nyidrani kasaguhane, padha balela, gawe rusak ana ing bumi, nglakoni panggawe kang ora bênêr. (Pangandikaning Allah): He manungsa, ênggonira padha balela iku pituwase mung bungah sadhela ana ing dunya, nanging ora wurung bakal malarati marang awakira dhewe. Ing têmbe sira bakal padha digiring seba ing ngarsaningsun. Ing kono Ingsun mêlèhake sarupaning piala kang wis padha sira lakoni.

وَاللّٰهُ يَدْعُوْآ اِلٰى دَارِ السَّلٰمِ ۚوَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُ اِلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٢٥
Wallāhu yad‘ū ilā dāris-salām(i), wa yahdī may yasyā'u ilā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[25] Kabungahan ing dunya iku ênggone bakal sirna, sanepane kaya upamane banyu udan kang Ingsun turunake saka ing langit, banjur disêsêp ing thêthukulaning bumi kang dadi panganing manungsa lan rajakaya, thêthukulan mau banjur dadi rêrêngganing bumi, dinêlêng asri dening thêthukulan sarta wowohan kang warna- warna. Wong kang manggon ing bumi padha rumasa padha nguwasani thêthukulan mau. Dumadakan banjur ana parêng karsaningsun angrusak thêthukulan mau ing wayah awan utawa bêngi, thêthukulan mau banjur Ingsun sirnakake dening ama, larut kaya dibabadi, rêsik prasasat biyèn mula ora ana. Mangkono iku ênggon ingsun mijangake ayat ingsun marang wong kang padha ngrasak-ngrasakake.

۞ لِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوا الْحُسْنٰى وَزِيَادَةٌ ۗوَلَا يَرْهَقُ وُجُوْهَهُمْ قَتَرٌ وَّلَا ذِلَّةٌ ۗاُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْجَنَّةِ هُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٦
Lil-lażīna aḥsanul-ḥusnā wa ziyādah(tun), wa lā yarhaqu wujūhahum qataruw wa lā żillah(tun), ulā'ika aṣḥābul-jannati hum fīhā khālidūn(a).
[26] Allah iku murih supaya manungsa padha mlêbua ing suwarga Darussalam, lan paring pituduh marang wong kang dadi parênging karsane, dituduhake dalan kang bênêr, kang anjog ing suwarga.

وَالَّذِيْنَ كَسَبُوا السَّيِّاٰتِ جَزَاۤءُ سَيِّئَةٍ ۢبِمِثْلِهَاۙ وَتَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۗمَا لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ عَاصِمٍۚ كَاَنَّمَآ اُغْشِيَتْ وُجُوْهُهُمْ قِطَعًا مِّنَ الَّيْلِ مُظْلِمًاۗ اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ النَّارِ ۚهُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَ٢٧
Wal-lażīna każabus-sayyi'āti jazā'u sayyi'atim bimiṡlihā, wa tarhaquhum żillah(tun), mā lahum minallāhi min ‘āṣim(in), ka'annamā ugsyiyat wujūhuhum qiṭa‘am minal-laili muẓlimā(n), ulā'ika aṣḥābun-nār(i), hum fīhā khālidūn(a).
[27] Sarupane wong kang padha nglakoni kabêcikan ngabêkti ing Allah, iku padha olèh panduman bêcik, iya iku sawarga, lan diwuwuhi kaparêng andêlêng sariraning Allah, raine wong mau ora mêsum lan ora irêng, apadene ora rèmèh, wong mangkono mau têtêp wong suwarga, ênggone ana ing suwarga padha langgêng.

وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيْعًا ثُمَّ نَقُوْلُ لِلَّذِيْنَ اَشْرَكُوْا مَكَانَكُمْ اَنْتُمْ وَشُرَكَاۤؤُكُمْۚ فَزَيَّلْنَا بَيْنَهُمْ وَقَالَ شُرَكَاۤؤُهُمْ مَّا كُنْتُمْ اِيَّانَا تَعْبُدُوْنَ٢٨
Wa yauma naḥsyuruhum jamī‘an ṡumma naqūlu lil-lażīna asyrakū makānakum antum wa syurakā'ukum, fa zayyalnā bainahum wa qāla syurakā'uhum mā kuntum iyyānā ta‘budūn(a).
[28] Dene sarupane wong kang nglakoni ala kapir, iku patrapane mung samurwating kaluputan, lan padha mêsum dening rèmèh awake, lan padha duwe andêl-andêl kang bisa murungake siksaning Allah, raine padha irêng prasasat dipupuri irênging wêngi kang pêtêng andhêdhêt. Wong mangkono iku têtêp wong ing naraka, ênggone ana ing naraka padha langgêng.

فَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًاۢ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ اِنْ كُنَّا عَنْ عِبَادَتِكُمْ لَغٰفِلِيْنَ٢٩
Fa kafā billāhi syahīdam bainanā wa bainakum in kunnā ‘an ‘ibādatikum lagāfilīn(a).
[29] Ing besuk dina kiyamat, Ingsun ngimpun manungsa kabèh, Ingsun banjur ngandika marang wong kang padha maro tingal: Sira lan brahalanira padha anaa ing kono bae, ngêntènana yèn wis didangu. Ingsun banjur misahake wong kang maro tingal karo brahalane. Brahalane banjur padha ngucap: Kowe padha ora nyêmbah marang aku.

هُنَالِكَ تَبْلُوْا كُلُّ نَفْسٍ مَّآ اَسْلَفَتْ وَرُدُّوْٓا اِلَى اللّٰهِ مَوْلٰىهُمُ الْحَقِّ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَفْتَرُوْنَ ࣖ٣٠
Hunālika tablū kullu nafsim mā aslafat wa ruddū ilallāhi maulāhumul-ḥaqqi wa ḍalla ‘anhum mā kānū yaftarūn(a).
[30] Dene prakara pasulayanku lan kowe, cukup disêksèni dening Allah bae, ênggonmu padha ngaku nyêmbah marang aku, iku aku têmên ora rumasa kosêmbah.

قُلْ مَنْ يَّرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ اَمَّنْ يَّمْلِكُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَمَنْ يُّخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَمَنْ يُّدَبِّرُ الْاَمْرَۗ فَسَيَقُوْلُوْنَ اللّٰهُ ۚفَقُلْ اَفَلَا تَتَّقُوْنَ٣١
Qul may yarzuqukum minas-samā'i wal-arḍi ammay yamlikus-sam‘a wal-abṣāra wa may yukhrijul-ḥayya minal-mayyiti wa yukhrijul-mayyita minal-ḥayyi wa may yudabbirul-amr(a), fa sayaqūlūnallāh(u), faqul afalā tattaqūn(a).
[31] Ing kono sijining awak padha wêruh barang kang wis padha dilakoni nalika ana ing dunya, dene pancasaning prakara disumanggakake kaparênging Allah, iya iku Pangerane wong kang padha maro tingal mau kang satêmêne. Dene ênggone padha gawe-gawe ngarani yèn brahala iku bakal mitulungi ngaturake bêcike ana ngarsaning Allah, ing dina iku têtela cidra.[2]

فَذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمُ الْحَقُّۚ فَمَاذَا بَعْدَ الْحَقِّ اِلَّا الضَّلٰلُ ۖفَاَنّٰى تُصْرَفُوْنَ٣٢
Fa żālikumullāhu rabbukumul-ḥaqq(u), fa māżā ba‘dal-ḥaqqi illaḍ-ḍalāl(u), fa annā tuṣrafūn(a).
[32] (He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong musrik: Kang paring rijêki marang kowe mêtu saka banyu udan kang tumurun saka ing langit lan saka thêthukulan ing bumi iku sapa, lan kang paring pangrungu apadene pandêlêng marang kowe iku sapa, lan kang mêtokake barang kang urip saka barang kang mati, utawa mêtokake barang kang mati saka barang kang urip iku sapa, mangkono manèh kang nitipariksa lan ngopèni bumi langit saisine iku sapa. Para wong musrik mau mêsthi padha mangsuli: Botên liya namung Allah. ing kono banjur sira dhawuha: Yagene sira padha ora wêdi ing Allah.

كَذٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِيْنَ فَسَقُوْٓا اَنَّهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٣٣
Każālika ḥaqqat kalimatu rabbika ‘alal-lażīna fasaqū annahum lā yu'minūn(a).
[33] Pangeran kang kaya mangkono kuwasane, iya iku Allah Pangeranmu kang sanyata, mara ta padha pikirên, liyane kang sanyata iku pangeran apa, mêsthi pangeran gorohan. Lah kapriye panêmumu têka kudu milih pangeran gorohan.

قُلْ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗۗ قُلِ اللّٰهُ يَبْدَؤُا الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيْدُهٗ فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٣٤
Qul hal min syurakā'ikum may yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduh(ū), qulillāhu yabda'ul-khalqa ṡumma yu‘īduhū fa annā tu'fakūn(a).
[34] Mangkono uga wis kanyataan papasthèning Pangeranmu, kang namtokake yèn para wong phasèk kang padha andadra ênggone kaphir, iku padha ora gêlêm pracaya ing Allah.

قُلْ هَلْ مِنْ شُرَكَاۤىِٕكُمْ مَّنْ يَّهْدِيْٓ اِلَى الْحَقِّۗ قُلِ اللّٰهُ يَهْدِيْ لِلْحَقِّۗ اَفَمَنْ يَّهْدِيْٓ اِلَى الْحَقِّ اَحَقُّ اَنْ يُّتَّبَعَ اَمَّنْ لَّا يَهِدِّيْٓ اِلَّآ اَنْ يُّهْدٰىۚ فَمَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَ٣٥
Qul hal min syurakā'ikum may yahdī ilal-ḥaqq(i),qulillāhu yahdī lil-ḥaqq(i), afamay yahdī ilal-ḥaqqi aḥaqqu ay yuttaba‘a ammal lā yahiddī illā ay yuhdā, famā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[35] (He Mukhammad) sira dhawuha marang para wong musrik. Brahala kang padha koanggêp Pangeran iku, [i..ku,] apa ana kang murwani nganakake kang dumadi iki, sawise dianakake banjur dibalèkake marang awake, mêsthi ora ana. (He Mukhammad), sira banjur dhawuha: Kang murwani nganakake sarupane kang dumadi iki Allah, sawise dianakake banjur dibalèkake marang sarirane. Lah kapriye panêmumu têka padha lumuh ngambah dalan kang bênêr.

وَمَا يَتَّبِعُ اَكْثَرُهُمْ اِلَّا ظَنًّاۗ اِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِيْ مِنَ الْحَقِّ شَيْـًٔاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِمَا يَفْعَلُوْنَ٣٦
Wa mā yattabi‘u akṡaruhum illā ẓannā(n), innaẓ-ẓanna lā yugnī minal-ḥaqqi syai'ā(n), innallāha ‘alīmum bimā yaf‘alūn(a).
[36] (He Mukhammad), sira dhawuha marang para wong musrik: Brahala kang padha koanggêp pangeran iku apa ana kang bisa nuduhake dalan kang bênêr, mêsthi ora. (He Mukhammad), sira dhawuha: Kang nuduhake dalan kang bênêr iku mung Allah. Mara padha pikirên, Allah iku nuduhake dalan kang bênêr. Pangarêpe wong kaphir iku ora bisa wêruh dalan bênêr, kajaba yèn dituduhake. (Brahala iya ora bisa obah dhewe, kajaba yèn sarana diobahake). Kabèh iku êndi kang bênêre kudu diênut. Yagene kowe padha duwe panganggêp kang ora bênêr.

وَمَا كَانَ هٰذَا الْقُرْاٰنُ اَنْ يُّفْتَرٰى مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلٰكِنْ تَصْدِيْقَ الَّذِيْ بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيْلَ الْكِتٰبِ لَا رَيْبَ فِيْهِ مِنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ٣٧
Wa mā kāna hāżal-qur'ānu ay yuftarā min dūnillāhi wa lākin taṣdīqal-lażī baina yadaihi wa tafṣīlal-kitābi lā raiba fīhi mir rabbil-‘ālamīn(a).
[37] Wong musrik iku wêwatone kang diênut, ora liya mung gagasan lan awur-awuran, kang mangkono iku ora kêna dikêncêngi diênggo nampik nyata lan bênêr. Satêmêne Allah iku nguningani barang kang wis padha dilakoni dening wong musrik.

اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۗ قُلْ فَأْتُوْا بِسُوْرَةٍ مِّثْلِهٖ وَادْعُوْا مَنِ اسْتَطَعْتُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٨
Am yaqūlūnaftarāh(u), qul fa'tū bisūratim miṡlihī wad‘ū manistaṭa‘tum min dūnillāhi in kuntum ṣādiqīn(a).
[38] Kuran iki ora saka gawe-gawene liyaning Allah, satêmêne diturunake dening Allah, surasane cocog lan kitabing para Nabi ing jaman kuna, anêrangake lan mijangake surasaning kitab mau. Kuran iki têmên pangandikaning Allah Pangeraning alam kabèh, ora kêna sumêlang utawa maido.

بَلْ كَذَّبُوْا بِمَا لَمْ يُحِيْطُوْا بِعِلْمِهٖ وَلَمَّا يَأْتِهِمْ تَأْوِيْلُهٗۗ كَذٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الظّٰلِمِيْنَ٣٩
Bal każżabū bimā lam yuḥīṭū bi‘ilmihī wa lammā ya'tihim ta'wīluh(ū), każālika każżabal-lażīna min qablihim fanẓur kaifa kāna ‘āqibatuẓ-ẓālimīn(a).
[39] Wong musrik apa padha ngucap, ngarani yèn Kuran iku gawe-gawene Nabi Mukhammad dhewe. (He Mukhammad), sira dhawuha: Mênawa pangucapmu iku têmên bênêr, mara padha nganggita surat kang madhani Kuran iki patitise, lan sêdhêp manising ukarane, malah nyambata liyaning Allah, miliha wong kang baut ing têmbung.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يُّؤْمِنُ بِهٖ وَمِنْهُمْ مَّنْ لَّا يُؤْمِنُ بِهٖۗ وَرَبُّكَ اَعْلَمُ بِالْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٤٠
Wa minhum may yu'minu bihī wa minhum mal lā yu'minu bih(ī), wa rabbuka a‘lamu bil-mufsidīn(a).
[40] Wong musrik malah banjur padha maido surasaning Kuran, kang ora gadug digayuh dening pangêrtine, tur durung dipikir lan durung wêruh karêpe. Mangkono uga para umat kuna sadurunge si musrik mau iya padha maido marang nabine. (He Mukhammad), mara sira dêlênga, kapriye wêkasane wong kang padha duraka.

وَاِنْ كَذَّبُوْكَ فَقُلْ لِّيْ عَمَلِيْ وَلَكُمْ عَمَلُكُمْۚ اَنْتُمْ بَرِيْۤـُٔوْنَ مِمَّآ اَعْمَلُ وَاَنَا۠ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ٤١
Wa in każżabūka faqul lī ‘amalī wa lakum ‘amalukum, antum barī'ūna mimmā a‘malu wa ana barī'um mimmā ta‘malūn(a).
[41] (He Mukahammad), para umatira iku ana kang bakal pracaya ing Kuran, lan ana uga kang ora pracaya. Dene Pangeranira iku nguningani wong kang padha gawe rusak, tulus ênggone ora pracaya ing Kuran.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُوْنَ اِلَيْكَۗ اَفَاَنْتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ وَلَوْ كَانُوْا لَا يَعْقِلُوْنَ٤٢
Wa minhum may yastami‘ūna ilaik(a), afa anta tusmi‘uṣ-ṣumma wa lau kānū lā ya‘qilūn(a).
[42] Mênawa umatira padha maido ing sira, sira banjur dhawuha: Ganjarane ênggonku nglakoni ngabêkti ing Allah, dadi darbèkku dhewe. Dene patrapane ênggonmu padha maro tingal, iya bakal kosăngga dhewe. Kowe ora milu-milu prakara lakuku, aku uga ora milu-milu prakara lakumu.

وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّنْظُرُ اِلَيْكَۗ اَفَاَنْتَ تَهْدِى الْعُمْيَ وَلَوْ كَانُوْا لَا يُبْصِرُوْنَ٤٣
Wa minhum may yanẓuru ilaik(a), afa anta tahdil-‘umya wa lau kānū lā yubṣirūn(a).
[43] Para wong musrik iku iya ana kang ngrungokake ênggonira maca Kuran (nanging mung maligi krungu bae, ora ngèstokake, dadi padha bae lan budhêg). Sira apa kapengin bisane tumama pituturira marang wong budhêg tur tanpa ngakal.

اِنَّ اللّٰهَ لَا يَظْلِمُ النَّاسَ شَيْـًٔا وَّلٰكِنَّ النَّاسَ اَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُوْنَ٤٤
Innallāha lā yaẓlimun-nāsa syai'aw wa lākinnan-nāsa anfusahum yaẓlimūn(a).
[44] Para wong musrik uga ana kang andêlêng marang sira (wêruh mukjijat kaelokan pirang-pirang, nanging mung maligi wêruh bae, ora ngèstokake, dadi padha bae lan picak). Sira apa kapengin kudu mêruhake wong picak tur atine iya ora bisa andêlêng.

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ كَاَنْ لَّمْ يَلْبَثُوْٓا اِلَّا سَاعَةً مِّنَ النَّهَارِ يَتَعَارَفُوْنَ بَيْنَهُمْۗ قَدْ خَسِرَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِلِقَاۤءِ اللّٰهِ وَمَا كَانُوْا مُهْتَدِيْنَ٤٥
Wa yauma yaḥsyuruhum ka'allam yalbaṡū illā sā‘atam minan-nahāri yata‘ārafūna bainahum, qad khasiral-lażīna każżabū biliqā'illāhi wa mā kānū muhtadīn(a).
[45] Satêmêne Allah iku ora nganiaya marang manungsa sathithik-thithika, manungsa dhewe kang padha nganiaya marang awake.

وَاِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَاِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ اللّٰهُ شَهِيْدٌ عَلٰى مَا يَفْعَلُوْنَ٤٦
Wa immā nuriyannaka ba‘ḍal-lażī na‘iduhum au natawaffayannaka fa ilainā marji‘uhum ṡummallāhu syahīdun ‘alā mā yaf‘alūn(a).
[46] (He Mukhammad), sira nyaritakna dina kiyamat, [kiya....mat,] nalikane Allah ngimpun para wong musrik, ing kono wong musrik mau rumasane ênggone urip nalika ana ing dunya prasasat mung sajam ing wayah awan. Nalika padha mêtu saka ing kubur, siji-sijining wong padha wêruh marang kancane (nanging ora ana kang cêcaturan, saking dening wêdine), ing kono sarupaning wong kang maido yèn ing dina kiyamat, bakal disebakake ana ngarsaning Allah, têtela padha cilaka, lan padha ora wêruh apa kang dadi marga bisane luwar saka kacilakan.

وَلِكُلِّ اُمَّةٍ رَّسُوْلٌ ۚفَاِذَا جَاۤءَ رَسُوْلُهُمْ قُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٤٧
Wa likulli ummatir rasūl(un), fa iżā jā'a rasūluhum quḍiya bainahum bil-qisṭi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[47] (He Mukhammad), mênawa saiki sira Ingsun tontonake wujuding siksa sawatara, kang Ingsun ancamake marang para wong kaphir, sira iya banjur wêruh, utawa mênawa sira Ingsun pundhut nyawanira sadurunge si kaphir Ingun siksa, ing besuk ana ing akhirat, sira iya bakal wêruh, ing têmbe si kaphir bakal padha bali marang ngarsaningsun. Ing kono Allah kang bakal dadi saksi, mêlèhake samubarang kang padha dilakoni dening si kaphir nalika ana ing dunya.

وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[48] Ing besuk dina kiyamat, siji-sijining umat iku padha kawêngku ing Rasul dhewe-dhewe. Samăngsa umat mau Rasule wis têka, mratelakake ala [a....la] bêciking umate, umat mau banjur dipancasi prakarane kalawan ngadil, sabanjure ora disiksa kalawan panganiaya.

قُلْ لَّآ اَمْلِكُ لِنَفْسِيْ ضَرًّا وَّلَا نَفْعًا اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗ لِكُلِّ اُمَّةٍ اَجَلٌ ۚاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ فَلَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ٤٩
Qul lā amliku linafsī ḍarraw wa lā naf‘an illā mā syā'allāh(u), likulli ummatin ajal(un), iżā jā'a ajaluhum falā yasta'khirūna sā‘ataw wa lā yastaqdimūn(a).
[49] Para wong kaphir banjur padha matur ing Kangjêng Rasul, mênawi pangandika sampeyan punika têmên, benjing punapa kalampahanipun dintên kiyamat, ingkang kadhawuhakên punika.

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ اَتٰىكُمْ عَذَابُهٗ بَيَاتًا اَوْ نَهَارًا مَّاذَا يَسْتَعْجِلُ مِنْهُ الْمُجْرِمُوْنَ٥٠
Qul ara'aitum in atākum ‘ażābuhū bayātan au nahāram māżā yasta‘jilu minhul-mujrimūn(a).
[50] (He Mukhammad), sira dhawuha marang para wong kaphir mau: Aku ora bisa nguwasani marang awakku dhewe, ora bisa nulak bêbaya kang pinêsthi têka utawa nêkakake pakolèh kang pinêsthi ora têka. Ora liwat mung sumăngga apa karsaning Allah, iku kang mêsthi kalêksanan. Siji-sijining wong padha diwangêni dawa cêndhaking umure dhewe-dhewe, samăngsa wis têkan wêwangêning patine, ora bisa maju utawa mundur sadhela bae.

اَثُمَّ اِذَا مَا وَقَعَ اٰمَنْتُمْ بِهٖۗ اٰۤلْـٰٔنَ وَقَدْ كُنْتُمْ بِهٖ تَسْتَعْجِلُوْنَ٥١
Aṡumma iżā mā waqa‘a āmantum bih(ī), āl'āna wa qad kuntum bihī tasta‘jilūn(a).
[51] (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kaphir kang padha nantang siksa: mênawa siksaning Allah iku têka, nungkêbi marang kowe, ing wayah bêngi utawa awan, ing kono kowe padha kaduwung, para wong kaphir banjur padha nantang apa manèh. Mara padha matura marang aku.

ثُمَّ قِيْلَ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذُوْقُوْا عَذَابَ الْخُلْدِۚ هَلْ تُجْزَوْنَ اِلَّا بِمَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ٥٢
Ṡumma qīla lil-lażīna ẓalamū żūqū ‘ażābal-khuld(i), hal tujzauna illā bimā kuntum taksibūn(a).
[52] Apa kowe padha ngêntèni yèn siksa wis tumiba, ing kono kowe lagi pracaya ing Allah. Kang mêsthi kowe banjur padha dipangandikani: apa abamu, saiki kowe lagi pracaya. Tibaning siksa iki saka kowe dhewe kang nantang.

۞ وَيَسْتَنْۢبِـُٔوْنَكَ اَحَقٌّ هُوَ ۗ قُلْ اِيْ وَرَبِّيْٓ اِنَّهٗ لَحَقٌّ ۗوَمَآ اَنْتُمْ بِمُعْجِزِيْنَ ࣖ٥٣
Wa yastambi'ūnaka aḥaqqun huw(a), qul ī wa rabbī innahū laḥaqq(un), wa mā antum bimu‘jizīn(a).
[53] Wong kang padha nganiaya awake dhe[3] sarana kaphir, banjur padha didhawuhi: Saiki sira padha ngrasakna siksa kang langgêng. Enggonira padha nandhang wêwalês kang samono iku ora saka panganiaya, tumănja patrapaning kaluputan kang wis padha sira lakoni.

وَلَوْ اَنَّ لِكُلِّ نَفْسٍ ظَلَمَتْ مَا فِى الْاَرْضِ لَافْتَدَتْ بِهٖۗ وَاَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَاَوُا الْعَذَابَۚ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْقِسْطِ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٥٤
Wa lau anna likulli nafsin ẓalamat mā fil-arḍi laftadat bih(ī), wa asarrun-nadāmata lammā ra'awul-‘ażāb(a), wa quḍiya bainahum bil-qisṭi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[54] Wong kaphir padha takon marang sira Mukhammad: Ingkang sampeyan cariyosakên bab dintên kiyamat utawi kawontênanipun siksa punika punapa sayêktos. (He Mukhammad), sira dhawuha: Mêsthi têmên, dêmi Pangeranku, dina kiyamat lan ananing siksa iku kabèh nyata, kowe padha ora bisa nyingkiri siksa mau.

اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اَلَآ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٥
Alā inna lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), alā inna wa‘dallāhi ḥaqquw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[55] Siji-sijining wong kang nandhang dosa kaphir iku, ing besuk nalikane padha andêlêng siksa, sarta wis dipancasi prakarane kalawan ngadil, ênggone padha dipatrapi siksa ora kalawan panganiaya, upama wong mau duwea saisining bumi mêsthi diênggo nêbusi awake. Saking dening judhêge, nganti ora bisa nglairake[4] kaduwunge kang tanpa gawe.

هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٥٦
Huwa yuḥyī wa yumītu wa ilaihi turja‘ūn(a).
[56] Samubarang isining bumi lan langit iki apa dudu kagunganing Allah (sanadyan awake si kaphir iku uga kagunganing Allah). Janjining Allah pangêbang lan pangancam apa ora nyata, mêsthi nyata, nanging kang mangkono mau manungsa akèh kang ora wêruh.

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَتْكُمْ مَّوْعِظَةٌ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَشِفَاۤءٌ لِّمَا فِى الصُّدُوْرِۙ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ٥٧
Yā ayyuhan-nāsu qad jā'atkum mau‘iẓatum mir rabbikum wa syifā'ul limā fiṣ-ṣudūr(i), wa hudaw wa raḥmatul lil-mu'minīn(a).
[57] Allah iku kuwasa gawe urip lan kuwasa gawe pati. Ing besuk ana ing akhirat, manungsa iku padha diimpun bali marang ngarsaning Allah.

قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهٖ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوْاۗ هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ٥٨
Qul bifaḍlillāhi wa biraḥmatihī fa biżālika falyafraḥū, huwa khairum mimmā yajma‘ūn(a).
[58] He manungsa, sira wis padha olèh wulang saka Pangeranira, iya iku Kuran, lan uga olèh usadaning mêmala sajroning ati. Kuran iku pituduh tumrape para wong mukmin dadi rahmat.

قُلْ اَرَءَيْتُمْ مَّآ اَنْزَلَ اللّٰهُ لَكُمْ مِّنْ رِّزْقٍ فَجَعَلْتُمْ مِّنْهُ حَرَامًا وَّحَلٰلًا ۗ قُلْ ءٰۤاللّٰهُ اَذِنَ لَكُمْ اَمْ عَلَى اللّٰهِ تَفْتَرُوْنَ٥٩
Qul ara'aitum mā anzalallāhu lakum mir rizqin fa ja‘altum minhu ḥarāmaw wa ḥalālā(n), qul āllāhu ażina lakum am ‘alallāhi taftarūn(a).
[59] (He Mukhammad), sira dhawuha: Amarga saka sih kanugrahaning Allah lan rahmating Allah wong mukmin padha bungaha, iku luwih bêcik tinimbang băndha kang padha dikalumpukake.

وَمَا ظَنُّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُوْنَ ࣖ٦٠
Wa mā ẓannul-lażīna yaftarūna ‘alallāhil-każiba yaumal-qiyāmah(ti), innallāha lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡarahum lā yasykurūn(a).
[60] (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong kaphir ing Mêkah: Mara padha matura marang aku, prakara rijêki kang wis diparingake dening Allah marang kowe kabèh, ana kang koanggêp larangan, ora kêna dipangan, lan ana kang koanggêp wênang dipangan. Panganggêpmu mangkono iku, kowe apa wis [wi...s] padha olèh idining Allah, apa mung gawe-gawe koawadake têrang saka Allah.

وَمَا تَكُوْنُ فِيْ شَأْنٍ وَّمَا تَتْلُوْا مِنْهُ مِنْ قُرْاٰنٍ وَّلَا تَعْمَلُوْنَ مِنْ عَمَلٍ اِلَّا كُنَّا عَلَيْكُمْ شُهُوْدًا اِذْ تُفِيْضُوْنَ فِيْهِۗ وَمَا يَعْزُبُ عَنْ رَّبِّكَ مِنْ مِّثْقَالِ ذَرَّةٍ فِى الْاَرْضِ وَلَا فِى السَّمَاۤءِ وَلَآ اَصْغَرَ مِنْ ذٰلِكَ وَلَآ اَكْبَرَ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مُّبِيْنٍ٦١
Wa mā takūnu fī sya'niw wa mā tatlū minhu min qur'āniw wa lā ta‘malūna min ‘amalin illā kunnā ‘alaikum syuhūdan iż tufīḍūna fīh(i), wa mā ya‘zubu ‘ar rabbika mim miṡqāli żarratin fil-arḍi wa lā fis-samā'i wa lā aṣgara min żālika wa lā akbara illā fī kitābim mubīn(in).
[61] Kapriye panyanane wong kang padha gawe-gawe, calathu goroh diawadake têrang saka ing Allah, apa duwe kira besuk dina kiyamat Allah ora bakal ngapak-apakake marang wong mau. Satêmêne Allah iku paring kanugrahan marang manungsa (ngutus para Rasul ingandikakake nuduhake dalan bênêr marang manungsa), nanging manungsa iku akèh kang padha ora gêlêm sukur ing Allah.

اَلَآ اِنَّ اَوْلِيَاۤءَ اللّٰهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۚ٦٢
Alā inna auliyā'allāhi lā khaufun ‘alaihim wa lā hum yaḥzanūn(a).
[62] (He Mukhammad), apa kaananira, lan ênggonira maca Kuran, akèh utawa sathithik, apadene samubarang laku kang sira lakoni utawa dilakoni dening umatira, iku kabèh nalikane sira utawa umatira anglakoni, Ingsun mêsthi mirsani. Pangeranira ora pisan kasamaran marang isèn-isèning bumi lan langit, sanadyan mung saboboting sêmut kang cilik bangêt utawa luwih cilik manèh, utawa luwih gêdhe, ora ana kang kècèr, kabèh mêsthi katulisan ana ing Lohmahphul.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَۗ٦٣
Al-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[63] Apa ora nyata yèn para kêkasihing Allah iku padha ora duwe kuwatir apa-apa, lan uga ora duwe susah.

لَهُمُ الْبُشْرٰى فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۗ لَا تَبْدِيْلَ لِكَلِمٰتِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۗ٦٤
Lahumul-busyrā fil-ḥayātid-dun-yā wa fil-ākhirah(ti), lā tabdīla likalimātillāh(i), żālika huwal-fauzul-‘aẓīm((u).
[64] Dene wong kang dianggêp kêkasihing Allah iku sarupane wong kang pracaya ing Allah sarta wêdi ing Allah.

وَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْۘ اِنَّ الْعِزَّةَ لِلّٰهِ جَمِيْعًاۗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٦٥
Wa lā yaḥzunka qauluhum, innal-‘izzata lillāhi jamī‘ā(n), huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[65] Para kêkasihing Allah mau ana ing dunya padha girang-girang, ing besuk ana ing akhirat padha olèh suwarga. Dhawuh pangandikaning Allah mêsthi ora cidra. Kang mangkono mau tumrap para kêkasihing Allah, aran kabêgjan gêdhe.

اَلَآ اِنَّ لِلّٰهِ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِۗ وَمَا يَتَّبِعُ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ شُرَكَاۤءَ ۗاِنْ يَّتَّبِعُوْنَ اِلَّا الظَّنَّ وَاِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَ٦٦
Alā inna lillāhi man fis-samāwāti wa man fil-arḍ(i), wa mā yattabi‘ul-lażīna yad‘ūna min dūnillāhi syurakā'(a), iy yattabi‘ūna illaẓ-ẓanna wa in hum illā yakhruṣūn(a).
[66] (He Mukhammad), sira aja susah dening pangucape para wong musrik. Wruhanira, kamênangan iku kabèh kagunganing Allah piyambak. Allah iku miyarsa tur nguningani.

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّسْمَعُوْنَ٦٧
Huwal-lażī ja‘ala lakumul-laila litaskunū fīhi wan-nahāra mubṣirā(n), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yasma‘ūn(a).
[67] Elinga yèn isining bumi lan isining langit, wong jin lan Malaikat, iku kabèh kagunganing Allah. Dene wong kang padha nyêmbah brahala, ora nêmbah ing Allah, iku têtêp tanpa wêwaton, kajaba mung wêwaton panyana. Brahala dinyana Pangeran madhani Allah. Dene ênggone padha ngarani brahala diarani Pangeran iku têtela goroh.

قَالُوا اتَّخَذَ اللّٰهُ وَلَدًا سُبْحٰنَهٗ ۗ هُوَ الْغَنِيُّ ۗ لَهٗ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۗ اِنْ عِنْدَكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍۢ بِهٰذَاۗ اَتَقُوْلُوْنَ عَلَى اللّٰهِ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٦٨
Qāluttakhażallāhu waladan subḥānah(ū), huwal-ganiyy(u), lahū mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), in ‘indakum min sulṭānim bihāżā, ataqūlūna ‘alallāhi mā lā ta‘lamūn(a).
[68] Allah iku kang nganakake wêngi pêtêng kanggo palerenanira, sarta nganakake awan kang padhang, kanggo pangupajiwanira. Kang mangkono iku [i....ku] tumrap wong kang padha krungu utawa kataman surasaning Kuran, mêsthi dadi tăndha yêkti.

قُلْ اِنَّ الَّذِيْنَ يَفْتَرُوْنَ عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُوْنَۗ٦٩
Qul innal-lażīna yaftarūna ‘alallāhil-każiba lā yufliḥūn(a).
[69] Wong musrik padha ngucap: Allah iku apêputra. Pangucap mangkono iku goroh. Allah iku Mahasuci, ora butuh apa-apa, uga ora butuh putra. Allah iku kagungan saisining bumi lan langit. (He wong musrik), pangucapmu kang mangno[5] iku kowe ora duwe tandha yêkti apa-apa. Yagene kowe wani ngucapake sariraning Allah kalawan awur-awuran.

مَتَاعٌ فِى الدُّنْيَا ثُمَّ اِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ نُذِيْقُهُمُ الْعَذَابَ الشَّدِيْدَ بِمَا كَانُوْا يَكْفُرُوْنَ ࣖ٧٠
Matā‘un fid-dun-yā ṡumma ilainā marji‘uhum ṡumma nużīquhumul-‘ażābasy syadīda bimā kānū yakfurūn(a).
[70] (He Mukhammad) sira dhawuha: Sarupane wong kang gawe-gawe, ngucapake sariraning Allah kalawan goroh, iku padha ora bisa bêgja.

۞ وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ نُوْحٍۘ اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ اِنْ كَانَ كَبُرَ عَلَيْكُمْ مَّقَامِيْ وَتَذْكِيْرِيْ بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَعَلَى اللّٰهِ تَوَكَّلْتُ فَاَجْمِعُوْٓا اَمْرَكُمْ وَشُرَكَاۤءَكُمْ ثُمَّ لَا يَكُنْ اَمْرُكُمْ عَلَيْكُمْ غُمَّةً ثُمَّ اقْضُوْٓا اِلَيَّ وَلَا تُنْظِرُوْنِ٧١
Watlu ‘alaihim naba'a nūḥ(in), iż qāla liqaumihī yā qaumi in kāna kabura ‘alaikum maqāmī wa tażkīrī bi'āyātillāhi fa ‘alallāhi tawakkaltu fa ajmi‘ū amrakum wa syurakā'akum ṡumma lā yakun amrukum ‘alaikum gummatan ṡummaqḍū ilayya wa lā tunẓirūn(i).
[71] Wong kang mangkono iku olèh kabungahan ana ing dunya sawatara suwene, sawise mati, banjur padha Ingsun impun bali marang ngarsaningsun, ing kono banjur Ingsun dhawuhi ngrasakake siksa kang abot, minăngka patrapane ênggone padha kaphir.

فَاِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَمَا سَاَلْتُكُمْ مِّنْ اَجْرٍۗ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ ۙوَاُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ٧٢
Fa in tawallaitum famā sa'altukum min ajr(in), in ajriya illā ‘alallāh(i), wa umirtu an akūna minal-muslimīn(a).
[72] (He Mukhammad), para umatira padha sira wacakna caritane Nabi Nuh, nalikane dhawuh marang para umate mangkene: He para umatku, mênawa ênggonku woworan lan kowe iki, utawa ênggonku juwêt pitutur marang kowe mulangake ayating Allah iki andadèkake susahmu, iya apa sakarêpmu kang wis golong lan kancamu têkakna marang aku, aku mung pasrah marang Allah, kowe aja padha ngêndhêm prakara bêcik gêlarna kalawan têrang. Sawise mangkono, apa karêpmu marang aku, ala utawa bêcik lêksananana. Aja nganggo kosarantakake.

فَكَذَّبُوْهُ فَنَجَّيْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ فِى الْفُلْكِ وَجَعَلْنٰهُمْ خَلٰۤىِٕفَ وَاَغْرَقْنَا الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَاۚ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنْذَرِيْنَ٧٣
Fa każżabūhu fa najjaināhu wa mam ma‘ahū fil-fulki wa ja‘alnāhum khalā'ifa wa agraqnal-lażīna każżabū bi'āyātinā, fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-munżarīn(a).
[73] Mênawa kowe padha nampik pituturku, wêruha yèn aku iki ora murih pituwas apa-apa saka ing kowe, kang maringi pituwas ênggonku mratakake dhawuhing Allah iki dudu sapa-sapa, nanging Allah piyambak. Aku didhawuhi dening Allah, ingandikakake nglakoni ayahaing Allah. (Kowe manut iya bêcik, ora manut iya sakarêpmu).

ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهٖ رُسُلًا اِلٰى قَوْمِهِمْ فَجَاۤءُوْهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَمَا كَانُوْا لِيُؤْمِنُوْا بِمَا كَذَّبُوْا بِهٖ مِنْ قَبْلُ ۗ كَذٰلِكَ نَطْبَعُ عَلٰى قُلُوْبِ الْمُعْتَدِيْنَ٧٤
Ṡumma ba‘aṡnā mim ba‘dihī rusulan ilā qaumihim fa jā'ūhum bil-bayyināti famā kānū liyu'minū bimā każżabū bihī min qabl(u), każālika naṭba‘u ‘alā qulūbil-mu‘tadīn(a).
[74] Para umate Nabi Nuh padha rêngkêng ênggone maido marang Nabi Nuh. Sarupane wong kang padha maido ayat Ingsun mau banjur Ingsun sirnakake sarana Ingsun kêlêm. Dene Nabi Nuh sakancane kang padha ana prau, padha ingsun paringi salamêt, lan banjur Ingsun gêntèkake lêlakone wong kang wis padha sirna mau. (He Mukhammad), mara sira rasak-rasakna, kapriye kadadeane wong kang wis padha diwêwêdèni siksaning Allah maksa padha andaluya.

ثُمَّ بَعَثْنَا مِنْۢ بَعْدِهِمْ مُّوْسٰى وَهٰرُوْنَ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ بِاٰيٰتِنَا فَاسْتَكْبَرُوْا وَكَانُوْا قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ٧٥
Ṡumma ba‘aṡnā mim ba‘dihim mūsā wa hārūna ilā fir‘auna wa mala'ihī bi'āyātinā fastakbarū wa kānū qaumam mujrimīn(a).
[75] Sapungkure nabi Nuh, Ingsun banjur ngutus para Rasul, padha Ingsun karsakake mêmulang marang para umate dhewe-dhewe, iya banjur padha ngèstokake mêmulang marang para umate, kanthi mukjijat kaelokan pirang-pirang, nanging para umate padha ora ngandêl marang samubarang kang wis dipaido dening para umate Nabi Nuh biyèn. Ingsun ngêcap atine wong kang padha anjarag maido marang Rasul, kaya ênggon ingsun ngêcap atine para umate Nabi Nuh.

فَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ مِنْ عِنْدِنَا قَالُوْٓا اِنَّ هٰذَا لَسِحْرٌ مُّبِيْنٌ٧٦
Falammā jā'ahumul-ḥaqqu min ‘indinā qālū inna hāżā lasiḥrum mubīn(un).
[76] Sapungkure para Rasul mau, Ingsun banjur ngutus nabi Musa lan Nabi Harun, padha Ingsun karsakake andhawuhi laku-lakuning sarengat marang Raja Phirngon sapunggawane, kanthi mukjijat kaelokan pirang-pirang. Raja Phirngon sapunggawane mau padha gumêdhe, ora gêlêm pracaya, dadi kabèh mau padha duraka.

قَالَ مُوْسٰٓى اَتَقُوْلُوْنَ لِلْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَكُمْ ۗ اَسِحْرٌ هٰذَاۗ وَلَا يُفْلِحُ السّٰحِرُوْنَ٧٧
Qāla mūsā ataqūlūna lil-ḥaqqi lammā jā'akum, asiḥrun hāżā, wa lā yufliḥus-sāḥirūn(a).
[77] Barêng raja Phirngon sapunggawane mau padha wêruh yèn kang didhawuhake dening Nabi Musa lan Nabi Harun iku bênêr, têrang saka kaparêng Ingsun, banjur padha ngucap: Kaelokan kang mangkene iki têtela sikhir.

قَالُوْٓا اَجِئْتَنَا لِتَلْفِتَنَا عَمَّا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَا وَتَكُوْنَ لَكُمَا الْكِبْرِيَاۤءُ فِى الْاَرْضِۗ وَمَا نَحْنُ لَكُمَا بِمُؤْمِنِيْنَ٧٨
Qālū aji'tanā litalfitanā ‘ammā wajadnā ‘alaihi ābā'anā wa takūna lakumal-kibriyā'u fil-arḍ(i), wa mā naḥnu lakumā bimu'minīn(a).
[78] Nabi Musa banjur takon: Awit saking punapa sarêng sampeyan kadhatêngan barang ingkang nyata lajêng [la....jêng] sampeyan wastani sikhir, saèstu barang ingkang kula gêlarakên punika sampun kanyataan mênang, anjugarakên sikhiripun para juru sikhir, ingkang sami lajêng ngucira. Punapa punika inggih sikhir ugi, tamtu dede.

وَقَالَ فِرْعَوْنُ ائْتُوْنِيْ بِكُلِّ سٰحِرٍ عَلِيْمٍ٧٩
Wa qāla fir‘aunu'tūnī bikulli sāḥirin ‘alīm(in).
[79] Raja Phirngon sapunggawane banjur padha ngucap: He Musa lan Harun, kowe padha sumêdya ngowahi lêlakone para lêluhurku kang wis tak wêruhi, ênggone padha nyêmbah brahala, pamrihmu supaya kowe dadia gêdhe ana ing bumi Mêsir. Aku măngsa gêlêma pracaya marang kowe.

فَلَمَّا جَاۤءَ السَّحَرَةُ قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰٓى اَلْقُوْا مَآ اَنْتُمْ مُّلْقُوْنَ٨٠
Falammā jā'as-saḥaratu qāla lahum mūsā alqū mā antum mulqūn(a).
[80] Raja Phirngon banjur dhawuh: Para kawulaku kang lêbda marang sikhir padha timbalana. Barêng para juru sikhir wis padha seba, anggawa tampar lan têkên, nabi Musa banjur ngatag marang juru sikhir. Mara padha nguncalna tampar lan têkênmu.

فَلَمَّآ اَلْقَوْا قَالَ مُوْسٰى مَا جِئْتُمْ بِهِ ۙالسِّحْرُۗ اِنَّ اللّٰهَ سَيُبْطِلُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُصْلِحُ عَمَلَ الْمُفْسِدِيْنَ ࣖ٨١
Falammā alqau qāla mūsā mā ji'tum bihis-siḥr(u), innallāha sayubṭiluh(ū), innallāha lā yuṣliḥu ‘amalal-mufsidīn(a).
[81] Barêng para juru sikhir wis padha nguncalake tampar lan têkêne (tampar lan têkên mau banjur dadi ula), Nabi Musa banjur calathu: Kang têmên sikhir iya kang kotêkakake iki. Sadhela êngkas Allah anjugarake sikhirmu, satêmêne Allah ora nglêstarèkake panggawene wong kang pamrih rusak.

وَيُحِقُّ اللّٰهُ الْحَقَّ بِكَلِمٰتِهٖ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُوْنَ٨٢
Wa yuḥiqqullāhul-ḥaqqa bikalimātihī wa lau karihal-mujrimūn(a).
[82] Allah anggêlar kanyataane barang kang têmên bênêr, nuhoni pangandikane kang wis didhawuhake (Iya iku sikhire para juru sikhir padha jugar), sanadyan para wong dosa padha ora condhong, iya karêbèn.

فَمَآ اٰمَنَ لِمُوْسٰىٓ اِلَّا ذُرِّيَّةٌ مِّنْ قَوْمِهٖ عَلٰى خَوْفٍ مِّنْ فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهِمْ اَنْ يَّفْتِنَهُمْ ۗوَاِنَّ فِرْعَوْنَ لَعَالٍ فِى الْاَرْضِۚ وَاِنَّهٗ لَمِنَ الْمُسْرِفِيْنَ٨٣
Famā āmana limūsā illā żurriyyatum min qaumihī ‘alā khaufim min fir‘auna wa mala'ihim ay yaftinahum, wa inna fir‘auna la‘ālin fil-arḍ(i), wa innahū laminal-musrifīn(a).
[83] Sanadyan mukjijat kaelokane Nabi Musa samono gêdhene, ewadene wonge Raja Phirngon kang banjur pracaya marang Nabi Musa mung sathithik bangêt, pracayane mau kanthi kuwatir bokmênawa konangan banjur padha dikaniaya dening Raja Phirngon utawa para punggawane, amarga Raja Phirngon mau ana ing bumi Mêsir, luhur lan mênang bangêt, sarta nindakake sawênang-wênang.

وَقَالَ مُوْسٰى يٰقَوْمِ اِنْ كُنْتُمْ اٰمَنْتُمْ بِاللّٰهِ فَعَلَيْهِ تَوَكَّلُوْٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّسْلِمِيْنَ٨٤
Wa qāla mūsā yā qaumi in kuntum āmantum billāhi fa ‘alaihi tawakkalū in kuntum muslimīn(a).
[84] Nabi Musa ngandika marang para umate: He para umatku, yèn kowe têmên padha pracaya ing Allah, lang anglakoni parintahing Allah, padha ngandêla lan pasraha ing Allah, aja pasrah marang liyane Allah.

فَقَالُوْا عَلَى اللّٰهِ تَوَكَّلْنَا ۚرَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَ٨٥
Fa qālū ‘alallāhi tawakkalnā, rabbanā lā taj‘alnā fitnatal lil-qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[85] Para umate Nabi Musa banjur padha mangsuli, kula sami pitados ing Allah (nuli padha nyênyuwun ing Allah, unjuke): Dhuh Allah Pangeran kawula, kawula mugi sampun Tuwan damêl kawon kalihan para tiyang kaphir, salajêngipun kèlu dhatêng para tiyang kaphir.

وَنَجِّنَا بِرَحْمَتِكَ مِنَ الْقَوْمِ الْكٰفِرِيْنَ٨٦
Wa najjinā biraḥmatika minal-qaumil-kāfirīn(a).
[86] Kalihan malih kawula mugi Tuwan wilujêngakên [wilujêng..akên] utawi tuwan uculakên saking pangawasanipun Raja Phirngon sakancanipun tiyang kaphir sadaya, mêdala saking pangawasa saha rahmat Tuwan.

وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰى وَاَخِيْهِ اَنْ تَبَوَّاٰ لِقَوْمِكُمَا بِمِصْرَ بُيُوْتًا وَّاجْعَلُوْا بُيُوْتَكُمْ قِبْلَةً وَّاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ٨٧
Wa auḥainā ilā mūsā wa akhīhi an tabawwa'ā liqaumikumā bimiṣra buyūtaw waj‘alū buyūtakum qiblataw wa aqīmuṣ-ṣalāh(ta), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[87] Ingsun banjur paring dhawuh marang Nabi Musa lan sadulure (aran Nabi Harun) para umatira padha sira gawèkna omah dhewe-dhewe ana ing nagara Mêsir, omah mau diênggoa sêmbayangan, lan padha nglakonana sêmbayang ana ngomahe dhewe-dhewe. Apadene para wong mukmin padha sira bêbungaha bakal ditulungi dening Allah, sarta bakal padha olèh suwarga.

وَقَالَ مُوْسٰى رَبَّنَآ اِنَّكَ اٰتَيْتَ فِرْعَوْنَ وَمَلَاَهٗ زِيْنَةً وَّاَمْوَالًا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۗ رَبَّنَا لِيُضِلُّوْا عَنْ سَبِيْلِكَ ۚرَبَّنَا اطْمِسْ عَلٰٓى اَمْوَالِهِمْ وَاشْدُدْ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوْا حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ٨٨
Wa qāla mūsā rabbanā innaka ātaita fir‘auna wa mala'ahū zīnataw wa amwālan fil-ḥayātid-dun-yā, rabbanā liyuḍillū ‘an sabīlik(a), rabbanaṭmis ‘alā amwālihim wasydud ‘alā qulūbihim falā yu'minū ḥattā yarawul-‘ażābal-alīm(a).
[88] Nabi Musa banjur munjuk ing Allah: Dhuh Pangeran kawula, saèstunipun tuwan sampun maringi rêrênggan sarta băndha kathah dhumatêng Raja Phirngon dalah punggawanipun, minăngka kabingahan wontên ing dunya punika. Dhuh Pangeran kawula, punika dados sarana anggèn Tuwan nasaraken dhumatêng Raja Phirngon sapunggawanipun wau, mila lajêng sami kêsasar saking margi Tuwan ingkang lêrês. Dhuh Pangeran kawula, sapunika Tuwan mugi nyirnakna bandhanipun Raja Phirngon sapunggawanipun, saha mugi nguncia manahipun, dados sami botên purun pitados ing Tuwan, ngantos sumêrêp utawi katêmpuh ing siksa ingkang nyakiti.

قَالَ قَدْ اُجِيْبَتْ دَّعْوَتُكُمَا فَاسْتَقِيْمَا وَلَا تَتَّبِعٰۤنِّ سَبِيْلَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ٨٩
Qāla qad ujībad da‘watukumā fastaqīmā wa lā tattabi‘ānni sabīlal-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[89] Allah ngandika: Panyuwunira wong loro (Nabi Musa lan Nabi Harun) wis kaparêng. Sira aja padha ngambah dalane wong kaphir kang padha ora wêruh sajatine janjiningsun. Sira padha lêstaria nglakoni ayahan ingsun.

۞ وَجَاوَزْنَا بِبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْبَحْرَ فَاَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ وَجُنُوْدُهٗ بَغْيًا وَّعَدْوًا ۗحَتّٰىٓ اِذَآ اَدْرَكَهُ الْغَرَقُ قَالَ اٰمَنْتُ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا الَّذِيْٓ اٰمَنَتْ بِهٖ بَنُوْٓا اِسْرَاۤءِيْلَ وَاَنَا۠ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ٩٠
Wa jāwaznā bibanī isrā'īlal-baḥra fa atba‘ahum fir‘aunu wa junūduhū bagyaw wa ‘adwā(n), ḥattā iżā adrakahul-garaqu qāla āmantu annahū lā ilāha illal-lażī āmanat bihī banū isrā'īla wa ana minal-muslimīn(a).
[90] Ingsun paring dalan marang para wong Bani Srail, banjur padha liwat ana ing sagara kang banyune piyak, dene raja Phirngon sabalane padha amburu wong Bani Srail kalawan sêngit lan nyatru, milu lumêbu sagara kang piyak. Barêng katungkêban ing banyu sagara kang ngêrêm ing awake, banjur ngucap: Saiki aku pracaya, satêmêne ora ana Pangeran kang sinêmbah kalawan bênêr, kangjaba[6] mung Pangeran kang dipracaya lan disêmbah dening para wong Bani Srail, dene saiki aku malêbu ewone wong agama Islam.

اٰۤلْـٰٔنَ وَقَدْ عَصَيْتَ قَبْلُ وَكُنْتَ مِنَ الْمُفْسِدِيْنَ٩١
Āl'āna wa qad ‘aṣaita qablu wa kunta minal-mufsidīn(a).
[91] Raja Phirngon banjur didhawuhi dening Malaikat Jabarail: Enggonmu tobat saiki wis kasèp. Sadurunge kasèp biyèn, kowe anjarag anglakoni duraka kaphir, lan manèh kowe kalêbu ewone wong kang gawe rusak.

فَالْيَوْمَ نُنَجِّيْكَ بِبَدَنِكَ لِتَكُوْنَ لِمَنْ خَلْفَكَ اٰيَةً ۗوَاِنَّ كَثِيْرًا مِّنَ النَّاسِ عَنْ اٰيٰتِنَا لَغٰفِلُوْنَ ࣖ٩٢
Fal yauma nunajjīka bibadanika litakūna liman khalfaka āyah(tan), wa inna kaṡīram minan-nāsi ‘an āyātinā lagāfilūn(a).
[92] Ing dina iki uga bangkemu tak êntasake marang dharatan, supaya kawêruhan ing akèh, lan supaya dadia têpatuladha tumrap para wong sapungkurmu. Pangandikaning Allah: Manungsa iku kang akèh padha lali marang ayat ingsun. Ingsun wis ngênggonake para wong Bani Srail ana ing panggonan kang mulya (tanah Sam lan Mêsir), sarta padha ingsun paringi rijêki kang ngrêsêpake. Ing kono wong Bani Srail ora ana kang pasulayan prakara agamane, (kabèh padha golong pracaya marang Nabi Mukhammad, kang wus kocap ana ing kitab Torèt bakal mungkasi para Rasul) nganti tumêka Nabi Mukhammad kakarsakake dadi Rasul, anggêlarake Kuran. Ing kono Wong Bani Srail banjur padha sulaya, (ana kang pracaya marang Nabi Mukhammad lan ana kang maido), ing besuk dina kiyamat, Pangeranira mêsthi mancasi prakarane wong Bani Israil ênggone padha pasulayan.

وَلَقَدْ بَوَّأْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مُبَوَّاَ صِدْقٍ وَّرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ ۚفَمَا اخْتَلَفُوْا حَتّٰى جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ ۗاِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٩٣
Wa laqad bawwa'nā banī isrā'īla mubawwa'a ṣidqiw wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāt(i), famākhtalafū ḥattā jā'ahumul-‘ilm(u), inna rabbaka yaqḍī bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[93] Mênawa sira sêmang marang prakara kang wis ingsun dhawuhake marang sira iki, mara sira takona wong kang padha maca kitab kuna sadurunge sira (mêsthi mratelakake jênêngira lan kaananira, kabèh wis kasêbut ana ing kitab Torèt) sira wis diparingi kanyataan saka Pangeranira kang dadi tăndha yêkti yèn sira iku utusan ingsun, mulane sira aja nganggo sumêlang.

فَاِنْ كُنْتَ فِيْ شَكٍّ مِّمَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ فَسْـَٔلِ الَّذِيْنَ يَقْرَءُوْنَ الْكِتٰبَ مِنْ قَبْلِكَ ۚ لَقَدْ جَاۤءَكَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ فَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِيْنَۙ٩٤
Fa in kunta fī syakkim mimmā anzalnā ilaika fas'alil-lażīna yaqra'ūnal-kitāba min qablik(a), laqad jā'akal-ḥaqqu mir rabbika falā takūnanna minal-mumtarīn(a).
[94] Lan manèh sira aja dadi ewone wong kang padha maido tăndha yêkti saka ing Allah, yèn [yè...n] sira maido, mêsthi dadi ewone wong kang cilaka. (Dhawuhing Allah rong ayat iki, laire tumrap marang Kangjêng Rasul, nanging satêmêne tumrap marang para umate. Khazin, Jamal).

وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ فَتَكُوْنَ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٩٥
Wa lā takūnanna minal-lażīna każżabū bi'āyātillāhi fa takūna minal-khāsirīn(a).
[95]

اِنَّ الَّذِيْنَ حَقَّتْ عَلَيْهِمْ كَلِمَةُ رَبِّكَ لَا يُؤْمِنُوْنَ٩٦
Innal-lażīna ḥaqqat ‘alaihim kalimatu rabbika lā yu'minūn(a).
[96] Sarupane wong kang wis tinamtokake dening pangandikaning Pangeranira, pinasthi ora iman, iku mêsthi ora gêlêm pracaya ing Allah.

وَلَوْ جَاۤءَتْهُمْ كُلُّ اٰيَةٍ حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ٩٧
Wa lau jā'athum kullu āyatin ḥattā yarawul-‘ażābal-alīm(a).
[97] Sanadyan wong mau digêlari sarupaning tăndha yêkti, iya mêksa ora gêlêm pracaya, nganti andêlêng siksa kang nglarani, iku lagi pracaya.

فَلَوْلَا كَانَتْ قَرْيَةٌ اٰمَنَتْ فَنَفَعَهَآ اِيْمَانُهَآ اِلَّا قَوْمَ يُوْنُسَۗ لَمَّآ اٰمَنُوْا كَشَفْنَا عَنْهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَمَتَّعْنٰهُمْ اِلٰى حِيْنٍ٩٨
Falau lā kānat qaryatun āmanat fa nafa‘ahā īmānuhā illā qauma yūnus(a), lammā āmanū kasyafnā ‘anhum ‘ażābal-khizyi fil-ḥayātid-dun-yā wa matta‘nāhum ilā ḥīn(in).
[98] Wong padesan ing êndi bae mênawa ênggone pracaya marang Rasul, sawise andêlêng siksa, mêsthi ora tinarima pracayane, kajaba para umate Nabi Yunus, barêng andêlêng siksa banjur padha pracaya marang Nabi Yunus, kalawan gumolonging ati ing kono Ingsun banjur murungake siksa kang arêp nêmpuh marang para umate Nabi Yunus ana ing dunya, sarta padha Ingsun paringi kabungahan, nganti têkan wayahe ênggone mati.

وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ لَاٰمَنَ مَنْ فِى الْاَرْضِ كُلُّهُمْ جَمِيْعًاۗ اَفَاَنْتَ تُكْرِهُ النَّاسَ حَتّٰى يَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَ٩٩
Wa lau syā'a rabbuka la'āmana man fil-arḍi kulluhum jamī‘ā(n), afa anta tukrihun-nāsa ḥattā yakūnū mu'minīn(a).
[99] Upama ana kaparênge Pangeranira, mêsthi kalêksanan wong salumahing bumi iki kabèh pracaya marang sira. (Nanging karsaning Allah ora mangkono). Apa sira sêdhih ênggone manungsa padha ora pracaya, apa sira anjiyat wong sajagad iki padha dadia wong mukmin kabèh. (iku ora mêsthi kêlakon, awit iku pangawasaning Allah).

وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ اَنْ تُؤْمِنَ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗوَيَجْعَلُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِيْنَ لَا يَعْقِلُوْنَ١٠٠
Wa mā kāna linafsin an tu'mina illā bi'iżnillāh(i), wa yaj‘alur-rijsa ‘alal-lażīna lā ya‘qilūn(a).
[100] Siji-sijining awak ora pracaya ing Allah kajaba kalawan diparêngake dening Allah. Allah angancam siksa marang sarupane wong kang akale ora migunani kanggo mikir ayating Allah.

قُلِ انْظُرُوْا مَاذَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗوَمَا تُغْنِى الْاٰيٰتُ وَالنُّذُرُ عَنْ قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُوْنَ١٠١
Qulinẓurū māżā fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa mā tugnil-āyātu wan-nużuru ‘an qaumil lā yu'minūn(a).
[101] (He Mukhammad), sira dhawuha marang wong musrik kang padha takon tăndha yêkti: Kowe padha andêlênga lan ngrasak-ngrasakna samubarang isèn-isèning bumi lan langit, kabèh iku dadi tăndha yêkti ananing Allah. Ewadene tăndha yêkti mau, apadene wêwulanging para Rasul kang mawa amêmêdèni, iku ora migunani apa-apa tumrap wong kang wis pinêsthi ora duwe iman.

فَهَلْ يَنْتَظِرُوْنَ اِلَّا مِثْلَ اَيَّامِ الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِهِمْۗ قُلْ فَانْتَظِرُوْٓا اِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُنْتَظِرِيْنَ١٠٢
Fahal yantaẓirūna illā miṡla ayyāmil-lażīna khalau min qablihim, qul fantaẓirū innī ma‘akum minal-muntaẓirīn(a).
[102] Para wong musrik ing Mêkah iku tansah maido ing sira Mukhammad, Enggone arêp mari maido ngêntèni dina apa, ora liwat mung ngêntèni yèn wis padha andêlêng siksa, kaya ênggon ingsun niksa marang para umat kuna sadurunge si musrik mau. (He Mukhammad), sira dhawuha: Lah iya padha ngêntènana, aku uga milu ngêntèni lan nitèni.

ثُمَّ نُنَجِّيْ رُسُلَنَا وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كَذٰلِكَ ۚحَقًّا عَلَيْنَا نُنْجِ الْمُؤْمِنِيْنَ ࣖ١٠٣
Ṡumma nunajjī rusulanā wal-lażīna āmanū każālik(a), ḥaqqan ‘alainā nunjil-mu'minīn(a).
[103] Ingsun banjur paring slamêt marang para utusan ingsun lan sarupane wong mukmin, kalis saka ing siksa [si..ksa] mau. Mangkono uga Ingsun iya mêsthi paring slamêt marang sira Mukhammad, lan sakancanira para wong mukmin. 104. (He Mukhammad), sira dhawuha: He para manungsa, mênawa kowe padha mamang marang agama kang tak dhawuhake iki (isih kudu nglêstarèkake ênggonmu padha nyêmbah brahala), iku wêruha yèn aku ora pisan gêlêm nyêmbah marang sêsêmbahanamu liyane Allah, nanging aku mêsthi nêmbah ing Allah, kang kuwasa matèni kowe sakancamu kabèh, ingandikakake dadi wong mukmin.

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنْ كُنْتُمْ فِيْ شَكٍّ مِّنْ دِيْنِيْ فَلَآ اَعْبُدُ الَّذِيْنَ تَعْبُدُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلٰكِنْ اَعْبُدُ اللّٰهَ الَّذِيْ يَتَوَفّٰىكُمْ ۖ وَاُمِرْتُ اَنْ اَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَۙ١٠٤
Qul yā ayyuhan nāsu in kuntum fī syakkim min dīnī falā a‘budul-lażīna ta‘budūna min dūnillāhi wa lākin a‘budullāhal-lażī yatawaffākum, wa umirtu an akūna minal-mu'minīn(a).
[104]

وَاَنْ اَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ حَنِيْفًاۚ وَلَا تَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ١٠٥
Wa an aqim wajhaka lid-dīni ḥanīfā(n), wa lā takūnanna minal-musyrikīn(a).
[105] Lan manèh dhawuhing Allah: Awakira jêjêga nglakoni agama Islam, kalawan gumolonging ati, lair batin, lan sira aja dadi wong musrik.

وَلَا تَدْعُ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ مَا لَا يَنْفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَ ۚفَاِنْ فَعَلْتَ فَاِنَّكَ اِذًا مِّنَ الظّٰلِمِيْنَ١٠٦
Wa lā tad‘u min dūnillāhi mā lā yanfa‘uka wa lā yaḍurruk(a), fa in fa‘alta fa innaka iżam minaẓ-ẓālimīn(a).
[106] Lan aja nyêmbah barang liyane Allah kang ora bisa makolèhi utawa mlarati marang sira, mênawa sira nglakoni mangkono, dadi sira kalêbu ewone wong kang nganiaya marang awakira dhewe.

وَاِنْ يَّمْسَسْكَ اللّٰهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهٗ ٓاِلَّا هُوَ ۚوَاِنْ يُّرِدْكَ بِخَيْرٍ فَلَا رَاۤدَّ لِفَضْلِهٖۗ يُصِيْبُ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ ۗوَهُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ١٠٧
Wa iy yamsaskallāhu biḍurrin falā kāsyifa lahū illā huw(a), wa iy yuridka bikhairin falā rādda lifaḍlih(ī), yuṣību bihī may yasyā'u min ‘ibādih(ī), wa huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[107] Mênawa sira dikarsakake dening Allah kasandhung ing pakewuh utawa nandhang sangsara, mêsthi ora ana kang bisa nyingkirake pakewuh utawa sangsara mau kajaba mung Allah, dene yèn sira dikarsakake nêmu kanugrahan, utawa olèh kabêgjan, iya ora [o...ra] ana kang bisa ngalang-alangi tumibaning kabêgjan utawa kanugrahaning Allah mau. Allah anandukake ala utawa bêcik mau marang para kawulane, êndi kang dadi parênging karsane. Allah iku sipat ngapura tur Maha-asih.

قُلْ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاۤءَكُمُ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكُمْ ۚفَمَنِ اهْتَدٰى فَاِنَّمَا يَهْتَدِيْ لِنَفْسِهٖ ۚوَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۚوَمَآ اَنَا۠ عَلَيْكُمْ بِوَكِيْلٍۗ١٠٨
Qul yā ayyuhan-nāsu qad jā'akumul-ḥaqqu mir rabbikum, fa manihtadā fa innamā yahtadī linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa mā ana ‘alaikum biwakīl(in).
[108] (He Mukhammad), sira dhawuha: He para manungsa, kowe wis padha diundhangi barang kang têmên bênêr (iya iku Kuran lan agama Islam) saka Pangeranira. Ing kono sing sapa nêtêpi utawa ngèstokake pituduhing Kuran, pituduh mau mêsthi makolèhi marang awake dhewe. Dene sing sapa kêsasar nampik pituduh bênêr, iku bakal amlarati marang awake dhewe (prakara bêgja lan cilaka mung gumantung ing lakumu dhewe), aku ora wajib nanggung lakumu.

وَاتَّبِعْ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ وَاصْبِرْ حَتّٰى يَحْكُمَ اللّٰهُ ۚوَهُوَ خَيْرُ الْحٰكِمِيْنَ ࣖ١٠٩
Wattabi‘ mā yūḥā ilaika waṣbir ḥattā yaḥkumallāh(u), wa huwa khairul-ḥākimīn(a).
[109] (He Mukhammad), sira ngèstokna samubarang kang wis didhawuhake marang sira. Lan sabara ênggonira dipaido marang para umatira, ngêntènana yèn Allah wis nibakake khukume nulungi ing sira. Allah iku ênggone nibakake khukum luwih dening bêcik, ngungkuli liya-liyane.