Surah Al-Fatihah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ١
Bismillāhir-raḥmānir-raḥīm(i).
[1]
Sakèhing pêpuji iku konjuk ing Allah kang Mangerani ngalam kabèh.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَۙ٢
Al-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[2]
Kang Mahamurah tur kang Maha-asih.
الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِۙ٣
Ar-raḥmānir-raḥīm(i).
[3]
Kang ngratoni ing dina agama. (Dina agama, têgêse dina wêwalês, iya iku dina kiyamat, awit ing dina iku Allah nindakake wêwalês, angganjar wong mukmin sarta niksa wong kaphir. Jamal.).
مٰلِكِ يَوْمِ الدِّيْنِۗ٤
Māliki yaumid-dīn(i).
[4]
Kawula nêmbah ing Tuwan, saha kawula nyuwun pitulung ing Tuwan.
اِيَّاكَ نَعْبُدُ وَاِيَّاكَ نَسْتَعِيْنُۗ٥
Iyyāka na‘budu wa iyyāka nasta‘īn(u),
[5]
Tuwan mugi nêdahna wot lêrês (Uwot lêrês, têgêse dalan kang bênêr, iya iku saraking agama Islam. Jamal.) dhumatêng kawula.
اِهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۙ٦
Ihdinaṣ-ṣirāṭal-mustaqīm(a).
[6]
Uwotipun para tiyang ingkang sami Tuwan paringi nikmat. (Nikmat, têgêse sadhengah kang makolèhi marang manungsa, nanging tumrape ana ing akherat, kang makolèhi mau mung iman, iya iku pangandêl marang Allah. Jamal.).
صِرَاطَ الَّذِيْنَ اَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ ەۙ غَيْرِ الْمَغْضُوْبِ عَلَيْهِمْ وَلَا الضَّاۤلِّيْنَ ࣖ٧
Ṣirāṭal-lażīna an‘amta ‘alaihim, gairil-magḍūbi ‘alaihim wa laḍ-ḍāllīn(a).
[7]
Dede tiyang ingkang sami kenging bêbêndu, lan dede tiyang ingkang sami kêsasar.