Surah Al-Bayyinah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَمْ يَكُنِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ مُنْفَكِّيْنَ حَتّٰى تَأْتِيَهُمُ الْبَيِّنَةُۙ١
Lam yakunil-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wal-musyrikīna munfakkīna ḥattā ta'tiyahumul-bayyinah(tu).
[1]
Sarupane wong kafir kang padha duwe wewatun Kitab, lan wong kang padha nyembah brahala ora gelem mareni kafir ngati katekan tandha yekti.
رَسُوْلٌ مِّنَ اللّٰهِ يَتْلُوْا صُحُفًا مُّطَهَّرَةًۙ٢
Rasūlum minallāhi yatlū ṣuḥufam muṭahharah(tan).
[2]
(Muhammad) iku utusaning Allah ngundhangake Quran kang suci.
فِيْهَا كُتُبٌ قَيِّمَةٌ ۗ٣
Fīhā kutubun qayyimah(tun).
[3]
Ing jerone mratelakake hukum kang bener.
وَمَا تَفَرَّقَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَتْهُمُ الْبَيِّنَةُ ۗ٤
Wa mā tafarraqal-lażīna ūtul-kitāba illā mim ba‘di mā jā'athumul-bayyinah(tu).
[4]
Lan para kang wis kaparingan kitab mau anggone padha pasulayan (bab pangandel marang Muhammad) sawuse katekan tandha yekti.
وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۙ حُنَفَاۤءَ وَيُقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوا الزَّكٰوةَ وَذٰلِكَ دِيْنُ الْقَيِّمَةِۗ٥
Wa mā umirū illā liya‘budullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), ḥunafā'a wa yuqīmuṣ-ṣalāta wa yu'tuz-zakāta wa żālika dīnul-qayyimah(ti).
[5]
Lan dheweke iku ora diparentahi apa - apa kajaba laladi ing Allah jejeg anggone nglakoni agamane, lan nglakoni sholat, bayar zakat, hiya iku agama kang bener.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ وَالْمُشْرِكِيْنَ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمْ شَرُّ الْبَرِيَّةِۗ٦
Innal-lażīna kafarū min ahlil-kitābi wal-musyrikīna fī nāri jahannama khālidīna fīhā, ulā'ika hum syarrul-bariyyah(ti).
[6]
Sarupane wong kafir kang nduwe wewaton kitab lan wong kang nyembah brahala, ing tembe disiksa ing neraka Jahanam langgeng salawase awit dheweke titahe Allah kang hala dhewe.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ اُولٰۤىِٕكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِۗ٧
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti ulā'ika hum khairul-bariyyah(ti).
[7]
Dene sarupane wong kang angestu lan nindakake panggawe becik yaiku becik-beciking manungsa.
جَزَاۤؤُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتُ عَدْنٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًا ۗرَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ ۗ ذٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ رَبَّهٗ ࣖ٨
Jazā'uhum ‘inda rabbihim jannātu ‘adnin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā abadā(n), raḍiyallāhu ‘anhum wa raḍū ‘anh(u), żālika liman khasyiya rabbah(ū).
[8]
Ana ngarsaning Pangeran bakal padha diganjar suwarga 'Adn kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon ing kono langgeng salawase Allah rena marang dheweke lan dheweke rena marang Panjenengane. Mangkono uku tumrap sapa ing wedi marang Pangerane.