Surah Al-Qadr

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ١
Innā anzalnāhu fī lailatil-qadr(i).
[1] Sayekti, anggon Ingsun nurunake (Al-Qur'an) ana ing wengi kang mulya.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ٢
Wa mā adrāka mā lailatul-qadr(i).
[2] Sapa kang meruhake sira, wengi kang mulya iku apa?

لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ٣
Lailatul-qadri khairum min alfi syahr(in).
[3] Wengi kang mulya iku luwih becik tinimbang 1000 sasi.

تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ٤
Tanazzalul-malā'ikatu war rūḥu fīhā bi'iżni rabbihim min kulli amr(in).
[4] Ing kono para Malaikat sarta ruh padha turun (ing donya) ngestokake parentahing Allah Pangerane tumrap sarupaning prakara.

سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ ࣖ٥
Salāmun hiya ḥattā maṭla‘il-fajr(i).
[5] Wengi iku (kebak) kasentosan hingga metune fajar.