Surah Al-`Alaq

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِيْ خَلَقَۚ١
Iqra' bismi rabbikal-lażī khalaq(a).
[1] (Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake.

خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ عَلَقٍۚ٢
Khalaqal-insāna min ‘alaq(in).
[2] Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel.

اِقْرَأْ وَرَبُّكَ الْاَكْرَمُۙ٣
Iqra' wa rabbukal-akram(u).
[3] Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya.

الَّذِيْ عَلَّمَ بِالْقَلَمِۙ٤
Allażī ‘allama bil-qalam(i).
[4] Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam.

عَلَّمَ الْاِنْسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْۗ٥
‘Allamal-insāna mā lam ya‘lam.
[5] Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh.

كَلَّآ اِنَّ الْاِنْسَانَ لَيَطْغٰىٓ ۙ٦
Kallā innal-insāna layaṭgā.
[6] Nanging satemene manungsa iku kebangeten.

اَنْ رَّاٰهُ اسْتَغْنٰىۗ٧
Ar ra'āhustagnā.
[7] Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh).

اِنَّ اِلٰى رَبِّكَ الرُّجْعٰىۗ٨
Inna ilā rabbikar-ruj‘ā.
[8] Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah.

اَرَاَيْتَ الَّذِيْ يَنْهٰىۙ٩
Ara'aital-lażī yanhā.
[9] Kapriye penemunira wong kang menging?

عَبْدًا اِذَا صَلّٰىۗ١٠
‘Abdan iżā ṣallā.
[10] Sawijining abdi samongsa sholat.

اَرَاَيْتَ اِنْ كَانَ عَلَى الْهُدٰىٓۙ١١
Ara'aita in kāna ‘alal-hudā.
[11] Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener?

اَوْ اَمَرَ بِالتَّقْوٰىۗ١٢
Au amara bit-taqwā.
[12] Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala) ?

اَرَاَيْتَ اِنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۗ١٣
Ara'aita in każżaba wa tawallā.
[13] Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos.

اَلَمْ يَعْلَمْ بِاَنَّ اللّٰهَ يَرٰىۗ١٤
Alam ya‘lam bi'annallāha yarā.
[14] Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani?

كَلَّا لَىِٕنْ لَّمْ يَنْتَهِ ەۙ لَنَسْفَعًاۢ بِالنَّاصِيَةِۙ١٥
Kallā la'il lam yantah(i), lanasfa‘am bin-nāṣiyah(ti).
[15] Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke).

نَاصِيَةٍ كَاذِبَةٍ خَاطِئَةٍۚ١٦
Nāṣiyatin kāżibatin khāṭi'ah(tin).
[16] Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput.

فَلْيَدْعُ نَادِيَهٗۙ١٧
Falyad‘u nādiyah(ū).
[17] Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung.

سَنَدْعُ الزَّبَانِيَةَۙ١٨
Sanad‘uz-zabāniyah(ta).
[18] Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah.

كَلَّاۗ لَا تُطِعْهُ وَاسْجُدْ وَاقْتَرِبْ ۩ ࣖ١٩
Kallā, lā tuṭi‘hu wasjud waqtarib.
[19] Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud.