Surah Al-Insyirah

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَمْ نَشْرَحْ لَكَ صَدْرَكَۙ١
Alam nasyraḥ laka ṣadrak(a).
[1] (Muhammad) apa Ingsun ora wus madhangake atinira?

وَوَضَعْنَا عَنْكَ وِزْرَكَۙ٢
Wa waḍa‘nā ‘anka wizrak(a).
[2] Lan wus ngenthengake gendhonganira kang abot, anggonira dadi utusan.

الَّذِيْٓ اَنْقَضَ ظَهْرَكَۙ٣
Allażī anqaḍa ẓahrak(a).
[3] Kang ngebot - ngeboti gegerira.

وَرَفَعْنَا لَكَ ذِكْرَكَۗ٤
Wa rafa‘nā laka żikrak(a).
[4] Lan wus junjung sira bab kasebute jenengira (samongsa asmaningsun disebut, jeneng ira uga disebut).

فَاِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۙ٥
Fa'inna ma‘al-‘usri yusrā(n).
[5] Temen sawuse nglakoni rekasa bakal nemu gampang.

اِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًاۗ٦
Inna ma‘al-‘usri yusrā(n).
[6] Nyata sawuse ngelakoni reaka mesthi nemu gampang.

فَاِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْۙ٧
Fa iżā faragta fanṣab.
[7] Samongsa wis rampung (saka salah sijine urusan) banjur nyerempenga urusan liyane.

وَاِلٰى رَبِّكَ فَارْغَبْ ࣖ٨
Wa ilā rabbika fargab.
[8] Lan marang Pangeranira iku mligi dadia tujuanira.