Surah Ad-Duha

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالضُّحٰىۙ١
Waḍ-ḍuḥā.
[1] Dhemi wayah esuk.

وَالَّيْلِ اِذَا سَجٰىۙ٢
Wal-laili iżā sajā.
[2] Lan wengi nalikane peteng.

مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلٰىۗ٣
Mā wadda‘aka rabbuka wa mā qalā.
[3] Pangeranira ora ninggal sira lan ora duka marang sira.

وَلَلْاٰخِرَةُ خَيْرٌ لَّكَ مِنَ الْاُوْلٰىۗ٤
Wa lal-ākhiratu khairul laka minal-ūlā.
[4] Tumraping sira akherat iku luwih becik tinimbang donya.

وَلَسَوْفَ يُعْطِيْكَ رَبُّكَ فَتَرْضٰىۗ٥
Wa lasaufa yu‘ṭīka rabbuka fa tarḍā.
[5] Lan Pangeranira bakal enggal apaparing marang sira, supaya sira rena (lega).

اَلَمْ يَجِدْكَ يَتِيْمًا فَاٰوٰىۖ٦
Alam yajidka yatīman fa āwā.
[6] Apa Alah ora uninga yen sira iku bocah yatim, banjur aparing pangayoman.

وَوَجَدَكَ ضَاۤلًّا فَهَدٰىۖ٧
Wa wajadaka ḍāllan fa hadā.
[7] Allah nguningani yen sira iku bingung nuli dituduhake dalan (pituduh).

وَوَجَدَكَ عَاۤىِٕلًا فَاَغْنٰىۗ٨
Wa wajadaka ‘ā'ilan fa agnā.
[8] Allah nguningani yen sira iku ora duwe nuli disugihake.

فَاَمَّا الْيَتِيْمَ فَلَا تَقْهَرْۗ٩
Fa ammal-yatīma falā taqhar.
[9] Dene bocah yatim iku aja sira kanihaya.

وَاَمَّا السَّاۤىِٕلَ فَلَا تَنْهَرْ١٠
Wa ammas-sā'ila falā tanhar.
[10] Lan yen ana wong jejaluk, aja sira nulak.

وَاَمَّا بِنِعْمَةِ رَبِّكَ فَحَدِّثْ ࣖ١١
Wa ammā bini‘mati rabbika fa ḥaddiṡ.
[11] Peparinge Pangeranira kabungahan sira handhak-kandhakna.