Surah Al-Lail
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالَّيْلِ اِذَا يَغْشٰىۙ١
Wal-laili iżā yagsyā.
[1]
Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge.
وَالنَّهَارِ اِذَا تَجَلّٰىۙ٢
Wan-nahāri iżā tajallā.
[2]
Lan awan nalikane lahir gumelar.
وَمَا خَلَقَ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىٓ ۙ٣
Wa mā khalaqaż-żakara wal-unṡā.
[3]
Sarta tumitahing lanang lan wadon.
اِنَّ سَعْيَكُمْ لَشَتّٰىۗ٤
Inna sa‘yakum lasyattā.
[4]
Satemene lakunira para manungsa, beda - beda.
فَاَمَّا مَنْ اَعْطٰى وَاتَّقٰىۙ٥
Fa ammā man a‘ṭā wattaqā.
[5]
Dene sapa wongkang we-wehsarta anjaga dirine (saka ala).
وَصَدَّقَ بِالْحُسْنٰىۙ٦
Wa ṣaddaqa bil-ḥusnā.
[6]
Lan benerake kang becik.
فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْيُسْرٰىۗ٧
Fa sanuyassiruhū lil-yusrā.
[7]
Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang gampang.
وَاَمَّا مَنْۢ بَخِلَ وَاسْتَغْنٰىۙ٨
Wa ammā man bakhila wastagnā.
[8]
Dene wong kang kumed (cethil) sarta rumangsa ora butuh (marang Allah).
وَكَذَّبَ بِالْحُسْنٰىۙ٩
Wa każżaba bil-ḥusnā.
[9]
Apa dene nampik barang kang becik.
فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْعُسْرٰىۗ١٠
Fa sanuyassiruhū lil-‘usrā.
[10]
Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang angel.
وَمَا يُغْنِيْ عَنْهُ مَالُهٗٓ اِذَا تَرَدّٰىٓۙ١١
Wa mā yugnī ‘anhu māluhū iżā taraddā.
[11]
Bandhane ora migunani apa - apa manawa dheweke wis sirna.
اِنَّ عَلَيْنَا لَلْهُدٰىۖ١٢
Inna ‘alainā lal-hudā.
[12]
Sayekti nuduhake dalan iku tanggungan Ingsun.
وَاِنَّ لَنَا لَلْاٰخِرَةَ وَالْاُوْلٰىۗ١٣
Wa inna lanā lal-ākhirata wal-ūlā.
[13]
Lan sayekti akherat sarta dunya iku Ingsun kang kagungan.
فَاَنْذَرْتُكُمْ نَارًا تَلَظّٰىۚ١٤
Fa anżartukum nāran talaẓẓā.
[14]
Mulane Ingsun ngelengake marang sira, geni kang mulad - mulad.
لَا يَصْلٰىهَآ اِلَّا الْاَشْقَىۙ١٥
Lā yaṣlāhā illal-asyqā.
[15]
Ora mlebu mrunu kejaba kang banget cilaka.
الَّذِيْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۗ١٦
Allażī każżaba wa tawallā.
[16]
Kang maido kasunyatan lan mlengos.
وَسَيُجَنَّبُهَا الْاَتْقَىۙ١٧
Wa sayujannabuhal-atqā.
[17]
Lan bakal diedohake saka wong kang banget anggone anjaga dhirine (saka ing ala).
الَّذِيْ يُؤْتِيْ مَالَهٗ يَتَزَكّٰىۚ١٨
Allażī yu'tī mālahū yatazakkā.
[18]
Kang mewehake bandhane, anuceni dirine.
وَمَا لِاَحَدٍ عِنْدَهٗ مِنْ نِّعْمَةٍ تُجْزٰىٓۙ١٩
Wa mā li'aḥadin ‘indahū min ni‘matin tujzā.
[19]
Ora ana wong siji kang oleh ganjaran kabungan ana ngarsane Allah.
اِلَّا ابْتِغَاۤءَ وَجْهِ رَبِّهِ الْاَعْلٰىۚ٢٠
Illabtigā'a wajhi rabbihil-a‘lā.
[20]
Kajaba yen anggone ngelakoni kabecikan, murih keparenge Pangeran kang Maha Luhur.
وَلَسَوْفَ يَرْضٰى ࣖ٢١
Wa lasaufa yarḍā.
[21]
Ing tembe bakal lega atine nampani ganjaran.