Surah Asy-Syams

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالشَّمْسِ وَضُحٰىهَاۖ١
Wasy-syamsi wa ḍuḥāhā.
[1] Dhemi srengenge lan sorote.

وَالْقَمَرِ اِذَا تَلٰىهَاۖ٢
Wal-qamari iżā talāhā.
[2] Dhemi rembulan nalikane mencorong.

وَالنَّهَارِ اِذَا جَلّٰىهَاۖ٣
Wan-nahāri iżā jallāhā.
[3] Dhemi awan nalikane ngatonake srengenge kelawan padhange.

وَالَّيْلِ اِذَا يَغْشٰىهَاۖ٤
Wal-laili iżā yagsyāhā.
[4] Dhemi wengi nalikane nutupi srengenge kelawan petenge.

وَالسَّمَاۤءِ وَمَا بَنٰىهَاۖ٥
Was-samā'i wa mā banāhā.
[5] Lan langit sarta yasane.

وَالْاَرْضِ وَمَا طَحٰىهَاۖ٦
Wal-arḍi wa mā ṭaḥāhā.
[6] Sarta bumi tuwin gumelare.

وَنَفْسٍ وَّمَا سَوّٰىهَاۖ٧
Wa nafsiw wa mā sawwāhā.
[7] Apa dene jiwa tuwin sampurnane.

فَاَلْهَمَهَا فُجُوْرَهَا وَتَقْوٰىهَاۖ٨
Fa alhamahā fujūrahā wa taqwāhā.
[8] Banjur Panjenengane paring weruh kelawan ilham lakuune ala lan becik marang awak mau.

قَدْ اَفْلَحَ مَنْ زَكّٰىهَاۖ٩
Qad aflaḥa man zakkāhā.
[9] Wong kang ngersikake awake saka dosa tetep wong begja.

وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسّٰىهَاۗ١٠
Wa qad khāba man dassāhā.
[10] Lan temen kapitunan sapa - sapa sing angregedi jiwane.

كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ بِطَغْوٰىهَآ ۖ١١
Każżabat ṡamūdu biṭagwāhā.
[11] Bongsa Tsamud gorohake kasunyatan kelawan kesasare.

اِذِ انْۢبَعَثَ اَشْقٰىهَاۖ١٢
Iżimba‘aṡa asyqāhā.
[12] Nalika wong kang cilaka dhewe tangi (jemedhul).

فَقَالَ لَهُمْ رَسُوْلُ اللّٰهِ نَاقَةَ اللّٰهِ وَسُقْيٰهَاۗ١٣
Fa qāla lahum rasūlullāhi nāqatallāhi wa suqyāhā.
[13] Utusaning Allah (Sholeh) nuli mituturi marang dheweke (Tsamud), "Aja padha natoni untaning Allah, aja ngarubiru pangombene".

فَكَذَّبُوْهُ فَعَقَرُوْهَاۖ فَدَمْدَمَ عَلَيْهِمْ رَبُّهُمْ بِذَنْۢبِهِمْ فَسَوّٰىهَاۖ١٤
Fa każżabūhu fa ‘aqarūhā fa damdama ‘alaihim rabbuhum biżambihim fa sawwāhā.
[14] Wong Tsamud padha maido (Nabi Sholeh) nuli padha natoni (mbelih) ontane Allah. Pangeran, nuli numpes dheweke marga dosane tumuli sirna kabeh.

وَلَا يَخَافُ عُقْبٰهَا ࣖ١٥
Wa lā yakhāfu ‘uqbāhā.
[15] Pangeran ora kuwatir wekasane (akibate).