Surah Al-Balad
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَآ اُقْسِمُ بِهٰذَا الْبَلَدِۙ١
Lā uqsimu bihāżal-balad(i).
[1]
Ingsun supata, demi negara Mekkah iki.
وَاَنْتَ حِلٌّۢ بِهٰذَا الْبَلَدِۙ٢
Wa anta ḥillum bihāżal-balad(i).
[2]
Sira (Muhammad) manggon ing negara Mekkah iki.
وَوَالِدٍ وَّمَا وَلَدَۙ٣
Wa wālidiw wa mā walad(a).
[3]
Demi Bapa (Adam) lan turunane (anake).
لَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ فِيْ كَبَدٍۗ٤
Laqad khalaqnal-insāna fī kabad(in).
[4]
Ingsun temen wis gawe manungsa tansah nglakoni rekasa.
اَيَحْسَبُ اَنْ لَّنْ يَّقْدِرَ عَلَيْهِ اَحَدٌ ۘ٥
Ayaḥsabu allay yaqdira ‘alaihi aḥad(un).
[5]
Yagene manungsa rumangsa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguasani marang awake ?
يَقُوْلُ اَهْلَكْتُ مَالًا لُّبَدًاۗ٦
Yaqūlu ahlaktu mālal lubadā(n).
[6]
Kawetu pangucape, "Aku wes metokake bandha pirang - pirang".
اَيَحْسَبُ اَنْ لَّمْ يَرَهٗٓ اَحَدٌۗ٧
Ayaḥsabu allam yarahū aḥad(un).
[7]
Yogene manungsa rumangsa yen ora ana kang weruh bandhane kang diwerokake, Allah ora kasamaran.
اَلَمْ نَجْعَلْ لَّهٗ عَيْنَيْنِۙ٨
Alam naj‘al lahū ‘ainain(i).
[8]
Apa Ingsun ora wis maringi mata loro?
وَلِسَانًا وَّشَفَتَيْنِۙ٩
Wa lisānaw wa syafatain(i).
[9]
Lan ilat, apa dene lambe loro?
وَهَدَيْنٰهُ النَّجْدَيْنِۙ١٠
Wa hadaināhun-najdain(i).
[10]
Lan Ingsun nuduhake dalan loro (becik lan hala) marang dheweke.
فَلَا اقْتَحَمَ الْعَقَبَةَ ۖ١١
Falaqtaḥamal-‘aqabah(ta).
[11]
Ya gene padha ora ngelakoni dalan bener klawan temen?
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الْعَقَبَةُ ۗ١٢
Wa mā adrāka mal-‘aqabah(tu).
[12]
Sapa kang meruhake sira nglakone dalan bener?
فَكُّ رَقَبَةٍۙ١٣
Fakku raqabah(tin).
[13]
Yaiku (kayata) merdikaake kawula.
اَوْ اِطْعَامٌ فِيْ يَوْمٍ ذِيْ مَسْغَبَةٍۙ١٤
Au iṭ‘āmun fī yaumin żī masgabah(tin).
[14]
Utawa nalikane angel pangan (pahilan) aweh pangan.
يَّتِيْمًا ذَا مَقْرَبَةٍۙ١٥
Yatīman żā maqrabah(tin).
[15]
Marang bcah yatim kang ish kelebu sanak.
اَوْ مِسْكِيْنًا ذَا مَتْرَبَةٍۗ١٦
Au miskīnan żā matrabah(tin).
[16]
Utawa marang wong miskin kang prasasat ing lemah.
ثُمَّ كَانَ مِنَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ وَتَوَاصَوْا بِالْمَرْحَمَةِۗ١٧
Ṡumma kāna minal-lażīna āmanū wa tawāṣau biṣ-ṣabri wa tawāṣau bil-marḥamah(ti).
[17]
Kajaba iku wong mau kudu kalebu wong kang angestu sarta weling - wineling narima lan sih-sinasihan.
اُولٰۤىِٕكَ اَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِۗ١٨
Ulā'ika aṣḥābul-maimanah(ti).
[18]
Wong mangkono mau, layang cathetaning lakune padha dielungake saka tengen.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِنَا هُمْ اَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِۗ١٩
Wal-lażīna kafarū bi'āyātinā hum aṣḥābul-masy'amah(ti).
[19]
Dene wong kang maido marang timbalan - timbalaningsun iku layang cathetaning lakune padha dielungake saka kiwa.
عَلَيْهِمْ نَارٌ مُّؤْصَدَةٌ ࣖ٢٠
‘Alaihim nārum mu'ṣadah(tun).
[20]
Padha disiksa ana ing neraka kang dikunci.