Surah Al-A’la

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبِّحِ اسْمَ رَبِّكَ الْاَعْلَىۙ١
Sabbiḥisma rabbikal-a‘lā.
[1] Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur.

الَّذِيْ خَلَقَ فَسَوّٰىۖ٢
Allażī khalaqa fasawwā.
[2] Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga.

وَالَّذِيْ قَدَّرَ فَهَدٰىۖ٣
Wal-lażī qaddara fahadā.
[3] Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik.

وَالَّذِيْٓ اَخْرَجَ الْمَرْعٰىۖ٤
Wal-lażī akhrajal-mar‘ā.
[4] Lan kang angetokake thethukulan.

فَجَعَلَهٗ غُثَاۤءً اَحْوٰىۖ٥
Fa ja‘alahū guṡā'an aḥwā.
[5] Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning.

سَنُقْرِئُكَ فَلَا تَنْسٰىٓ ۖ٦
Sanuqri'uka falā tansā.
[6] Ingsun bakal mulang Qur'an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali.

اِلَّا مَا شَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ يَعْلَمُ الْجَهْرَ وَمَا يَخْفٰىۗ٧
Illā mā syā'allāh(u), innahū ya‘lamul-jahra wa mā yakhfā.
[7] Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar.

وَنُيَسِّرُكَ لِلْيُسْرٰىۖ٨
Wa nuyassiruka lil-yusrā.
[8] Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang.

فَذَكِّرْ اِنْ نَّفَعَتِ الذِّكْرٰىۗ٩
Fa żakkir in nafa‘atiż-żikrā.
[9] Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani.

سَيَذَّكَّرُ مَنْ يَّخْشٰىۙ١٠
Sayażżakkaru may yakhsyā.
[10] Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling.

وَيَتَجَنَّبُهَا الْاَشْقَىۙ١١
Wa yatajannabuhal-asyqā.
[11] Dene wong kang cilaka bakal angedohi.

الَّذِيْ يَصْلَى النَّارَ الْكُبْرٰىۚ١٢
Allażī yaṣlan-nāral-kubrā.
[12] Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe.

ثُمَّ لَا يَمُوْتُ فِيْهَا وَلَا يَحْيٰىۗ١٣
Ṡumma lā yamūtu fīhā wa lā yaḥyā.
[13] Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip.

قَدْ اَفْلَحَ مَنْ تَزَكّٰىۙ١٤
Qad aflaḥa man tazakkā.
[14] Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine.

وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهٖ فَصَلّٰىۗ١٥
Wa żakarasma rabbihī fa ṣallā.
[15] WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat.

بَلْ تُؤْثِرُوْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَاۖ١٦
Bal tu'ṡirūnal-ḥayātad-dun-yā.
[16] Nanging sira padha milih kauripan dunya.

وَالْاٰخِرَةُ خَيْرٌ وَّاَبْقٰىۗ١٧
Wal-ākhiratu khairuw wa abqā.
[17] Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya).

اِنَّ هٰذَا لَفِى الصُّحُفِ الْاُوْلٰىۙ١٨
Inna hāżā lafiṣ-ṣuḥufil-ūlā.
[18] Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna.

صُحُفِ اِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى ࣖ١٩
Ṣuḥufi ibrāhīma wa mūsā.
[19] Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa.