Surah At-Tariq
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالسَّمَاۤءِ وَالطَّارِقِۙ١
Was-samā'i waṭ-ṭāriq(i).
[1]
Demi langit lan kang teka ing wajah wengi.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا الطَّارِقُۙ٢
Wa mā adrāka maṭ-ṭāriq(u).
[2]
Sapa kang meruhake sira, apa kang teka ing wajah wengi iku.
النَّجْمُ الثَّاقِبُۙ٣
An-najmuṡ-ṡāqib(u).
[3]
Yaiku lintang kang padange nembus peteng.
اِنْ كُلُّ نَفْسٍ لَّمَّا عَلَيْهَا حَافِظٌۗ٤
In kullu nafsil lammā ‘alaihā ḥāfiẓ(un).
[4]
Siji - sijine pengawal awak iku ora ana kang tanpa pengawal.
فَلْيَنْظُرِ الْاِنْسَانُ مِمَّ خُلِقَ٥
Falyanẓuril-insānu mimma khuliq(a).
[5]
Mulane, Manungsa amaspadakna, awake iku apa sing digawe?
خُلِقَ مِنْ مَّاۤءٍ دَافِقٍۙ٦
Khuliqa mim mā'in dāfiq(in).
[6]
Sing digawe saka banyu sing mancrut.
يَّخْرُجُ مِنْۢ بَيْنِ الصُّلْبِ وَالتَّرَاۤىِٕبِۗ٧
Yakhruju mim bainiṣ-ṣulbi wat-tarā'ib(i).
[7]
Metu saka ing antarane geger lan iga.
اِنَّهٗ عَلٰى رَجْعِهٖ لَقَادِرٌۗ٨
Innahū ‘alā raj‘ihī laqādir(un).
[8]
Allah kuwasa nguripake manungsa sawuse mati.
يَوْمَ تُبْلَى السَّرَاۤىِٕرُۙ٩
Yauma tublas-sarā'ir(u).
[9]
Hiya iku besuk dina qiyamat nalika wadi padha kawiyak.
فَمَا لَهٗ مِنْ قُوَّةٍ وَّلَا نَاصِرٍۗ١٠
Famā lahū min quwwatiw wa lā nāṣir(in).
[10]
Ora bakal dheweke duwe kekuatan nulak siksa lan ora ana kang bisa nulungi.
وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الرَّجْعِۙ١١
Was-samā'i żātir-raj‘(i).
[11]
Demi langit kang ana udane.
وَالْاَرْضِ ذَاتِ الصَّدْعِۙ١٢
Wal-arḍi żātiṣ-ṣad‘(i).
[12]
Demi bumi kang bledhag metu thetukulane.
اِنَّهٗ لَقَوْلٌ فَصْلٌۙ١٣
Innahū laqaulun faṣl(un).
[13]
Temen Al-Quran iku pangandikaning Allah kang bedakake bener lan luput.
وَّمَا هُوَ بِالْهَزْلِۗ١٤
Wa mā huwa bil-hazl(i).
[14]
Dudu sembranan lan jelomprongan.
اِنَّهُمْ يَكِيْدُوْنَ كَيْدًاۙ١٥
Innahum yakīdūna kaidā(n).
[15]
Wong kafir padha nandukake pahekan kang elek banget.
وَّاَكِيْدُ كَيْدًاۖ١٦
Wa akīdu kaidā(n).
[16]
Ingsun uga males pahekane si kafir.
فَمَهِّلِ الْكٰفِرِيْنَ اَمْهِلْهُمْ رُوَيْدًا ࣖ١٧
Fa mahhilil-kāfirīna amhilhum ruwaidā(n).
[17]
(Muhammad) Mulane para kafir srantekna, Ingsun uga nyerantekke sawatara rusake si kafir mau.