Surah Al-Insyiqaq
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا السَّمَاۤءُ انْشَقَّتْۙ١
Iżas-samā'unsyaqqat.
[1]
Nalikane langit iku pecah.
وَاَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْۙ٢
Wa ażinat lirabbihā wa ḥuqqat.
[2]
Ngestokake kersane Pangerane, wis benere kudu diestokake.
وَاِذَا الْاَرْضُ مُدَّتْۙ٣
Wa iẓal-arḍu muddat.
[3]
Lan nalikane bumi dirata.
وَاَلْقَتْ مَا فِيْهَا وَتَخَلَّتْۙ٤
Wa alqat mā fīhā wa takhallat.
[4]
Lan metokake isen - isene nganti resik kothong.
وَاَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْۗ٥
Wa ażinat lirabbihā wa ḥuqqat.
[5]
Saeta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake.
يٰٓاَيُّهَا الْاِنْسَانُ اِنَّكَ كَادِحٌ اِلٰى رَبِّكَ كَدْحًا فَمُلٰقِيْهِۚ٦
Yā ayyuhal-insānu innaka kādiḥun ilā rabbika kadḥan fa mulāqīh(i).
[6]
Hai manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngarsane Allah Pangeranira, ing mengko sira oleh piwalese lakunira kelawan becik.
فَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ بِيَمِيْنِهٖۙ٧
Fa ammā man ūtiya kitābahū biyamīnih(ī).
[7]
Sing sapa dipasrahi layang cathetan lelakone saka tengen (hiya iku para kang angestu).
فَسَوْفَ يُحَاسَبُ حِسَابًا يَّسِيْرًاۙ٨
Fa saufa yuḥāsabu ḥisābay yasīrā(n).
[8]
Bakal ditimbang kelawan entheng.
وَّيَنْقَلِبُ اِلٰٓى اَهْلِهٖ مَسْرُوْرًاۗ٩
Wa yanqalibu ilā ahlihī masrūrā(n).
[9]
Lan bali marang panggonaning kancane ana suwarga, kelawan suka bungah.
وَاَمَّا مَنْ اُوْتِيَ كِتٰبَهٗ وَرَاۤءَ ظَهْرِهٖۙ١٠
Wa ammā man ūtiya kitābahū warā'a ẓahrih(ī).
[10]
Dene sing sapa diparingi layang cathetaning lakune saka buri gegere (hiya iku wong kafir).
فَسَوْفَ يَدْعُوْا ثُبُوْرًاۙ١١
Fa saufa yad‘ū ṡubūrā(n).
[11]
Bakal dilakokake wong cilaka lan rusak.
وَّيَصْلٰى سَعِيْرًاۗ١٢
Wa yaṣlā sa‘īrā(n).
[12]
Banjur dicemplungake ing neraka Sa'ir.
اِنَّهٗ كَانَ فِيْٓ اَهْلِهٖ مَسْرُوْرًاۗ١٣
Innahū kāna fī ahlihī masrūrā(n).
[13]
Satemene dheweke biyen (ing dunya) padha bungah - bungah karo kancane (padha kafir).
اِنَّهٗ ظَنَّ اَنْ لَّنْ يَّحُوْرَ ۛ١٤
Innahū ẓanna allay yaḥūr(a).
[14]
Panyanane ora bakal bali, diseksekake ana ngarsane Allah.
بَلٰىۛ اِنَّ رَبَّهٗ كَانَ بِهٖ بَصِيْرًاۗ١٥
Balā, inna rabbahū kāna bihī baṣīrā(n).
[15]
Luput panyanane, Allah Pangerane, mirsani dheweke (kafir).
فَلَآ اُقْسِمُ بِالشَّفَقِۙ١٦
Falā uqsimu bisy-syafaq(i).
[16]
Ingsun supata, "Demi mega abang".
وَالَّيْلِ وَمَا وَسَقَۙ١٧
Wal-laili wa mā wasaq(a).
[17]
Demi wengi, lan barang kang leren ing wektu wengi.
وَالْقَمَرِ اِذَا اتَّسَقَۙ١٨
Wal-qamari iżattasaq(a).
[18]
Demi rembulan lan nalikane purnama.
لَتَرْكَبُنَّ طَبَقًا عَنْ طَبَقٍۗ١٩
Latarkabunna ṭabaqan ‘an ṭabaq(in).
[19]
Sira mesthi nglakoni tingkat kang solan - salin.
فَمَا لَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَۙ٢٠
Famā lahum lā yu'minūn(a).
[20]
Ya gene manungsa ora padha percaya (ing Allah).
وَاِذَا قُرِئَ عَلَيْهِمُ الْقُرْاٰنُ لَا يَسْجُدُوْنَ ۗ ۩٢١
Wa iżā quri'a ‘alaihimul-qur'ānu lā yasjudūn(a).
[21]
Nalika diwacakake Al-Quran padha ora gelem sujud.
بَلِ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُكَذِّبُوْنَۖ٢٢
Balil-lażīna kafarū yukażżibūn(a).
[22]
Wong kafir malah padha maido al-Qur'an.
وَاللّٰهُ اَعْلَمُ بِمَا يُوْعُوْنَۖ٢٣
Wallāhu a‘lamu bimā yū‘ūn(a).
[23]
Allah nguningani luguning atine anggone maido.
فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍۙ٢٤
Fa basysyirhum bi‘ażābin alīm(in).
[24]
Wong kafir mangkono iku, sira kandhanana bakal dipatrapi siksa kang nglarani.
اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍ ࣖ٢٥
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum ajrun gairu mamnūn(in).
[25]
Kajaba para wong angestu (Mukmin) kang padha nglakoni panggawe becik padha diganjar suwarga salawase tanpa pedhot.