Surah Al-Infitar
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا السَّمَاۤءُ انْفَطَرَتْۙ١
Iżas-samā'unfaṭarat.
[1]
Samongsa langit wis belah.
وَاِذَا الْكَوَاكِبُ انْتَثَرَتْۙ٢
Wa iżal-kawākibuntaṡarat.
[2]
Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar.
وَاِذَا الْبِحَارُ فُجِّرَتْۙ٣
Wa iżal-biḥāru fujjirat.
[3]
Lan samongsa segara - segara padha dibludagake.
وَاِذَا الْقُبُوْرُ بُعْثِرَتْۙ٤
Wa iżal-qubūru bu‘ṡirat.
[4]
Lan samangsa kubur - kubur padha binukak.
عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ وَاَخَّرَتْۗ٥
‘Alimat nafsum mā qaddamat wa akhkharat.
[5]
Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake.
يٰٓاَيُّهَا الْاِنْسَانُ مَا غَرَّكَ بِرَبِّكَ الْكَرِيْمِۙ٦
Yā ayyuhal-insānu mā garraka birabbikal-karīm(i).
[6]
O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya.
الَّذِيْ خَلَقَكَ فَسَوّٰىكَ فَعَدَلَكَۙ٧
Allażī khalaqaka fa sawwāka fa ‘adalak(a).
[7]
Kang wis gawe awakira genep waras lan patut.
فِيْٓ اَيِّ صُوْرَةٍ مَّا شَاۤءَ رَكَّبَكَۗ٨
Fī ayyi ṣūratim mā syā'a rakkabak(a).
[8]
Allah namtokake rupanira miturut sakersane.
كَلَّا بَلْ تُكَذِّبُوْنَ بِالدِّيْنِۙ٩
Kallā bal tukażżibūna bid-dīn(i).
[9]
O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese.
وَاِنَّ عَلَيْكُمْ لَحٰفِظِيْنَۙ١٠
Wa inna ‘alaikum laḥāfiẓīn(a).
[10]
Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira.
كِرَامًا كٰتِبِيْنَۙ١١
Kirāman kātibīn(a).
[11]
Para juru nulisi minulya.
يَعْلَمُوْنَ مَا تَفْعَلُوْنَ١٢
Ya‘lamūna mā taf‘alūn(a).
[12]
Padha meruhi apa kang padha sira lakoni.
اِنَّ الْاَبْرَارَ لَفِيْ نَعِيْمٍۙ١٣
Innal-abrāra lafī na‘īm(in).
[13]
Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha.
وَّاِنَّ الْفُجَّارَ لَفِيْ جَحِيْمٍ١٤
Wa innal-fujjāra lafī jaḥīm(in).
[14]
Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub.
يَصْلَوْنَهَا يَوْمَ الدِّيْنِ١٥
Yaṣlaunahā yaumad-dīn(i).
[15]
Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan.
وَمَا هُمْ عَنْهَا بِغَاۤىِٕبِيْنَۗ١٦
Wa mā hum ‘anhā bigā'ibīn(a).
[16]
Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الدِّيْنِۙ١٧
Wa mā adrāka mā yaumud-dīn(i).
[17]
Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa?
ثُمَّ مَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الدِّيْنِۗ١٨
Ṡumma mā adrāka mā yaumud-dīn(i).
[18]
Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa?
يَوْمَ لَا تَمْلِكُ نَفْسٌ لِّنَفْسٍ شَيْـًٔا ۗوَالْاَمْرُ يَوْمَىِٕذٍ لِّلّٰهِ ࣖ١٩
Yauma lā tamliku nafsul linafsin syai'ā(n), wal-amru yauma'iżil lillāh(i).
[19]
Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah.