Surah At-Takwir

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا الشَّمْسُ كُوِّرَتْۖ١
Iżasy-syamsu kuwwirat.
[1] (Ing besuk dina Qiyamat) nalikane srengenge dilempit.

وَاِذَا النُّجُوْمُ انْكَدَرَتْۖ٢
Wa iżan-nujūmunkadarat.
[2] Lan nalikane lintang padha coplok runtuh ing bumi.

وَاِذَا الْجِبَالُ سُيِّرَتْۖ٣
Wa iżal-jibālu suyyirat.
[3] Lan nalikane gunung padha mawut dadi endhek - endhek amun - amun.

وَاِذَا الْعِشَارُ عُطِّلَتْۖ٤
Wa iżal-‘isyāru ‘uṭṭilat.
[4] Lan nalikane onta meteng padha ditinggal tanpa diengon.

وَاِذَا الْوُحُوْشُ حُشِرَتْۖ٥
Wa iżal-wuḥūsy ḥusyirat.
[5] Lan nalikane hewan daratan padha diklumpukake.

وَاِذَا الْبِحَارُ سُجِّرَتْۖ٦
Wa iżal-biḥāru sujjirat.
[6] Lan nalikane segara digeneni banjur dadi geni.

وَاِذَا النُّفُوْسُ زُوِّجَتْۖ٧
Wa iżan-nufūsu zuwwijat.
[7] Lan nalikane nyawa dibalekake marang wadhake.

وَاِذَا الْمَوْءٗدَةُ سُىِٕلَتْۖ٨
Wa iżal-mau'ūdatu su'ilat.
[8] Lan nalikane wong wadon kang dipendhem urip - urip padha didangu.

بِاَيِّ ذَنْۢبٍ قُتِلَتْۚ٩
Bi'ayyi żambin qutilat.
[9] Dosa apa anggone padha dipateni mau.

وَاِذَا الصُّحُفُ نُشِرَتْۖ١٠
Wa iżaṣ-ṣuḥufu nusyirat.
[10] Lan nalikane buku cathetan lelakoni siji - sijine wong digelar.

وَاِذَا السَّمَاۤءُ كُشِطَتْۖ١١
Wa iżas-samā'u kusyiṭat.
[11] Lan nalikane langit disingkerake.

وَاِذَا الْجَحِيْمُ سُعِّرَتْۖ١٢
Wa iżal-jaḥīmu su‘‘irat.
[12] Lan nalikane neraka jahim diurubake.

وَاِذَا الْجَنَّةُ اُزْلِفَتْۖ١٣
Wa iżal-jannatu uzlifat.
[13] Lan nalikane suwarga dicepakake.

عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّآ اَحْضَرَتْۗ١٤
‘Alimat nafsum mā aḥḍarat.
[14] Ing kono siji - sijining wong padha weruh kang wis padha dilakoni.

فَلَآ اُقْسِمُ بِالْخُنَّسِۙ١٥
Falā uqsimu bil-khunnas(i).
[15] Ingsun supata, dhemi lintang - lintang.

الْجَوَارِ الْكُنَّسِۙ١٦
Al-jawāril-kunnas(i).
[16] Kang lumaku turut dalane banjur surup.

وَالَّيْلِ اِذَا عَسْعَسَۙ١٧
Wal-laili iżā ‘as‘as(a).
[17] Dhemi wengi nalikane ngarepake peteng.

وَالصُّبْحِ اِذَا تَنَفَّسَۙ١٨
Waṣ-ṣubḥi iżā tanaffas(a).
[18] Dhemi wayah bangun nalika tumaruntung padhange.

اِنَّهٗ لَقَوْلُ رَسُوْلٍ كَرِيْمٍۙ١٩
Innahū laqaulu rasūlin karīm(in).
[19] Sayekti al-Quran iku pengucape Rosul kang mulya (Jibril).

ذِيْ قُوَّةٍ عِنْدَ ذِى الْعَرْشِ مَكِيْنٍۙ٢٠
Żī quwwatin ‘inda żil-‘arsyi makīn(in).
[20] Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan singgasana pinaring pangkat luhur.

مُّطَاعٍ ثَمَّ اَمِيْنٍۗ٢١
Muṭā‘in ṡamma amīn(in).
[21] Kang kudu dienut (ing alam Malaikat) tur pinarcaya.

وَمَا صَاحِبُكُمْ بِمَجْنُوْنٍۚ٢٢
Wa mā ṣāḥibukum bimajnūn(in).
[22] Lan ora pisan kanca mitranira iku (Muhammad), wong owah.

وَلَقَدْ رَاٰهُ بِالْاُفُقِ الْمُبِيْنِۚ٢٣
Wa laqad ra'āhu bil-ufuqil-mubīn(i).
[23] Muhammad andeleng rupane Jibril kang sayekti ana sikiling langit kang wetan.

وَمَا هُوَ عَلَى الْغَيْبِ بِضَنِيْنٍۚ٢٤
Wa mā huwa ‘alal-gaibi biḍanīn(in).
[24] Lan ora pisan panjenengane iku ngumpetake barang ghoib.

وَمَا هُوَ بِقَوْلِ شَيْطٰنٍ رَّجِيْمٍۚ٢٥
Wa mā huwa biqauli syaiṭānir rajīm(in).
[25] Al-Quran iku dudu pangucape syetan kang patut dibalangi.

فَاَيْنَ تَذْهَبُوْنَۗ٢٦
Fa aina tażhabūn(a).
[26] Lah menyang ngendi anggonira arep padha melayu?

اِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعٰلَمِيْنَۙ٢٧
In huwa illā żikrul lil-‘ālamīn(a).
[27] Iku ora liya kajaba pepeling tumrap sakehing bangsa.

لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّسْتَقِيْمَۗ٢٨
Liman syā'a minkum ay yastaqīm(a).
[28] Tumrap sapa antaranira kang kepengin alaku bener.

وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٢٩
Wa mā tasyā'ūna illā ay yasyā'allāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[29] Lan ora bakal sira padhakepengin kajaba yen Allah Pangeraning alam kabeh angarsakake.