Surah `Abasa

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
عَبَسَ وَتَوَلّٰىٓۙ١
‘Abasa wa tawallā.
[1] Dheweke (Muhammad) mrengut lan mlengos.

اَنْ جَاۤءَهُ الْاَعْمٰىۗ٢
An jā'ahul-a‘mā.
[2] Amarga katekan wong kang wuta (asma Abdullah bin Ummi Maktum).

وَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّهٗ يَزَّكّٰىٓۙ٣
Wa mā yudrīka la‘allahū yazzakkā.
[3] Saka apa sira weruh karepa si wuta mau, bok menawa bakal suci atine.

اَوْ يَذَّكَّرُ فَتَنْفَعَهُ الذِّكْرٰىۗ٤
Au yażżakkaru fatanfa‘ahuż-żikrā.
[4] Utawa nganggep wewulang mau migunani.

اَمَّا مَنِ اسْتَغْنٰىۙ٥
Ammā manistagnā.
[5] Dene wong kang sugih bandha.

فَاَنْتَ لَهٗ تَصَدّٰىۗ٦
Fa anta lahū taṣaddā.
[6] Sira resep marang wong mau.

وَمَا عَلَيْكَ اَلَّا يَزَّكّٰىۗ٧
Wa mā ‘alaika allā yazzakkā.
[7] Wong kang sugih banda mau anggone ora bisa resik atine ora mekewuhi sira.

وَاَمَّا مَنْ جَاۤءَكَ يَسْعٰىۙ٨
Wa ammā man jā'aka yas‘ā.
[8] Dene wong wuta kang gagancangan sowan.

وَهُوَ يَخْشٰىۙ٩
Wa huwa yakhsyā.
[9] Iku wong sing taat (tunduk).

فَاَنْتَ عَنْهُ تَلَهّٰىۚ١٠
Fa anta ‘anhu talahhā.
[10] Sira klewa - klewa marang wong wuta mau.

كَلَّآ اِنَّهَا تَذْكِرَةٌ ۚ١١
Kallā innahā tażkirah(tun).
[11] Aja mangkono, iku weweulang, marang prakara dumadi.

فَمَنْ شَاۤءَ ذَكَرَهٗ ۘ١٢
Faman syā'a żakarah(ū).
[12] Sing sapa gelem ngistokake.

فِيْ صُحُفٍ مُّكَرَّمَةٍۙ١٣
Fī ṣuḥufim mukarrmah(tin).
[13] Kasebut sajeroning Kitab kang mulya (al-Qur'an).

مَّرْفُوْعَةٍ مُّطَهَّرَةٍ ۢ ۙ١٤
Marfū‘atim muṭahharah(tin).
[14] Linuhurake, sinucekake.

بِاَيْدِيْ سَفَرَةٍۙ١٥
Bi'aidī safarah(tin).
[15] Ing tangen juru tulis.

كِرَامٍۢ بَرَرَةٍۗ١٦
Kirāmim bararah(tin).
[16] Minulya, tulus.

قُتِلَ الْاِنْسَانُ مَآ اَكْفَرَهٗۗ١٧
Qutilal-insānu mā akfarah(ū).
[17] Binendon manungsa iku! saiba olehe ora weruh panarima.

مِنْ اَيِّ شَيْءٍ خَلَقَهٗۗ١٨
Min ayyi syai'in khalaqah(ū).
[18] Saka barang apa ta kadadeyane?

مِنْ نُّطْفَةٍۗ خَلَقَهٗ فَقَدَّرَهٗۗ١٩
Min nuṭfah(tin), khalaqahū fa qaddarah(ū).
[19] Saka nutfah, Panjenengane kang dadekake lan aparing kekuatan marang dheweke.

ثُمَّ السَّبِيْلَ يَسَّرَهٗۙ٢٠
Ṡummas-sabīla yassarah(ū).
[20] Dene (prakara) dalan, Panjenengane anggampangake tumrap dheweke (dalan lahire bayi).

ثُمَّ اَمَاتَهٗ فَاَقْبَرَهٗۙ٢١
Ṡumma amātahū fa aqbarah(ū).
[21] Sawise dadi manungsa Allah banjur mateni nuli dipendhem.

ثُمَّ اِذَا شَاۤءَ اَنْشَرَهٗۗ٢٢
Ṡumma iżā syā'a ansyarah(ū).
[22] Ing tembe manawa Allah ngersakake banjur nguripake wong sing wis mati mau.

كَلَّا لَمَّا يَقْضِ مَآ اَمَرَهٗۗ٢٣
Kallā lammā yaqḍi mā amarah(ū).
[23] Temen dheweke iku ora ngestokake parentahe Allah.

فَلْيَنْظُرِ الْاِنْسَانُ اِلٰى طَعَامِهٖٓ ۙ٢٤
Falyanẓuril-insānu ilā ṭa‘āmih(ī).
[24] Manungsa padha delenga pangane kang padha dipangan.

اَنَّا صَبَبْنَا الْمَاۤءَ صَبًّاۙ٢٥
Annā ṣababnal-mā'a ṣabbā(n).
[25] Ingsun ngesokake banyu udan saka mega.

ثُمَّ شَقَقْنَا الْاَرْضَ شَقًّاۙ٢٦
Ṡumma syaqaqnal-arḍa syaqqā(n).
[26] Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pecah metu thetukulane.

فَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا حَبًّاۙ٢٧
Fa'ambatnā fīhā ḥabbā(n).
[27] Ingsun banjur nukulake wiji ana bumi.

وَّعِنَبًا وَّقَضْبًاۙ٢٨
Wa ‘inabaw wa qaḍbā(n).
[28] Lan anggur sarta woh kang migunani.

وَّزَيْتُوْنًا وَّنَخْلًاۙ٢٩
Wa zaitūnaw wa nakhlā(n).
[29] Lan wit zaitun, apa dene wit kurma.

وَّحَدَاۤىِٕقَ غُلْبًا٣٠
Wa ḥadā'iqa gulbā(n).
[30] Lan palemahan kang ana kayone gadhe.

وَفَاكِهَةً وَّاَبًّا٣١
Wa fākihataw wa abbā(n).
[31] Lan warna - warna woh - wohan, lan suket panganing raja kaya.

مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِاَنْعَامِكُمْۗ٣٢
Matā‘al lakum wa li'an‘āmikum.
[32] Kabeh dadi bebungah, panganira lan raja kayanira.

فَاِذَا جَاۤءَتِ الصَّاۤخَّةُ ۖ٣٣
Fa iżā jā'atiṣ-ṣākhkhah(tu).
[33] Ing besuk nalika teka peteking dina qiyamat.

يَوْمَ يَفِرُّ الْمَرْءُ مِنْ اَخِيْهِۙ٣٤
Yauma yafirrul-mar'u min akhīh(i).
[34] Dinane wong aninggal lumayu sadulure.

وَاُمِّهٖ وَاَبِيْهِۙ٣٥
Wa ummihī wa abīh(i).
[35] Lan ngedohi bapa - biyunge.

وَصَاحِبَتِهٖ وَبَنِيْهِۗ٣٦
Wa ṣāḥibatihī wa banīh(i).
[36] Lan ngedohi bojone apadene anak - putune.

لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ يَوْمَىِٕذٍ شَأْنٌ يُّغْنِيْهِۗ٣٧
Likullimri'im minhum yauma'iżin sya'nuy yugnīh(i).
[37] Ing dina iku siji-sijining wong padha golek selamete awake dhewe - dhewe, ora mikir liyane.

وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ مُّسْفِرَةٌۙ٣٨
Wujūhuy yauma'iżim musfirah(tun).
[38] Akeh rahi kang mencorong cahyane.

ضَاحِكَةٌ مُّسْتَبْشِرَةٌ ۚ٣٩
Ḍāḥikatum mustabsyirah(tun).
[39] Gumuyu tur katon bungah (hiya iku para mukmin).

وَوُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ عَلَيْهَا غَبَرَةٌۙ٤٠
Wa wujūhuy yauma'iżin ‘alaihā gabarah(tun).
[40] Ing dina iku uga akeh rahi kang kaya geluprut lemah.

تَرْهَقُهَا قَتَرَةٌ ۗ٤١
Tarhaquhā qatarah(tun).
[41] Saking dening ireng lan petening hulate.

اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْكَفَرَةُ الْفَجَرَةُ ࣖ٤٢
Ulā'ika humul-kafaratul-fajarah(tu).
[42] Hiya iku wong kang padha kafir lan anglakoni panggawe ala.