Surah An-Naba’

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
عَمَّ يَتَسَاۤءَلُوْنَۚ١
‘Amma yatasā'alūn(a).
[1] Padha takon - tinakon perkara apa dheweke (si kafir)?

عَنِ النَّبَاِ الْعَظِيْمِۙ٢
‘Anin naba'il-‘aẓīm(i).
[2] Padha takon bab pawarto gedhe.

الَّذِيْ هُمْ فِيْهِ مُخْتَلِفُوْنَۗ٣
Allażī hum fīhi mukhtalifūn(a).
[3] Panemune bab pawarta mau beda - beda.

كَلَّا سَيَعْلَمُوْنَۙ٤
Kallā saya‘lamūn(a).
[4] Besuk wong mau bakal padha weruh nyatane.

ثُمَّ كَلَّا سَيَعْلَمُوْنَ٥
Ṡumma kallā saya‘lamūn(a).
[5] Sayekti wong mau bakal padha weruh nyatane.

اَلَمْ نَجْعَلِ الْاَرْضَ مِهٰدًاۙ٦
Alam naj‘alil-arḍa mihādā(n).
[6] Ingsun apa ora wis gawe bumi dadi panggonan?

وَّالْجِبَالَ اَوْتَادًاۖ٧
Wal-jibāla autādā(n).
[7] Sarta gunung - gung minangka gegeneng.

وَّخَلَقْنٰكُمْ اَزْوَاجًاۙ٨
Wa khalaqnākum azwājā(n).
[8] Lan Ingsun gawe awakira jodhon - jodhon.

وَّجَعَلْنَا نَوْمَكُمْ سُبَاتًاۙ٩
Wa ja‘alnā naumakum subātā(n).
[9] Lan Ingsun dadekake anggonira turu kapenak (kanggo ngaso).

وَّجَعَلْنَا الَّيْلَ لِبَاسًاۙ١٠
Wa ja‘alnal-laila libāsā(n).
[10] Lan Ingsun dadekake wengi minangka tutup (pakaian).

وَّجَعَلْنَا النَّهَارَ مَعَاشًاۚ١١
Wa ja‘alnan-nahāra ma‘āsyā(n).
[11] Lan Ingsun dadekake awan mingonko pangupa jiwa.

وَبَنَيْنَا فَوْقَكُمْ سَبْعًا شِدَادًاۙ١٢
Wa banainā fauqakum sab‘an syidādā(n).
[12] Lan Ingsun dadekake langit pitu luwih dening santosa ing duwurira.

وَّجَعَلْنَا سِرَاجًا وَّهَّاجًاۖ١٣
Wa ja‘alnā sirājaw wahhājā(n).
[13] Lan Ingsun dadekake cahya madangi lan panas hiya iku srengenge.

وَّاَنْزَلْنَا مِنَ الْمُعْصِرٰتِ مَاۤءً ثَجَّاجًاۙ١٤
Wa anzalnā minal-mu‘ṣirāti mā'an ṡajjājā(n).
[14] Lan Ingsun nurunake banyu udan kang deres saka mendhung.

لِّنُخْرِجَ بِهٖ حَبًّا وَّنَبَاتًاۙ١٥
Linukhrija bihī ḥabbaw wa nabātā(n).
[15] Ingsun anggo nulake tethukulan sarta nganakake woh lan wiji.

وَّجَنّٰتٍ اَلْفَافًاۗ١٦
Wa jannātin alfāfā(n).
[16] Apa dene palemahan kang kebak tetanduran.

اِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ كَانَ مِيْقَاتًاۙ١٧
Inna yaumal-faṣli kāna mīqātā(n).
[17] Dina pancasaning prakara iku wayahe maringi ganjaran lan mratapi siksa.

يَّوْمَ يُنْفَخُ فِى الصُّوْرِ فَتَأْتُوْنَ اَفْوَاجًاۙ١٨
Yauma yunfakhu fiṣ-ṣūri fa ta'tūna afwājā(n).
[18] Dinane malaikat niyup slompret banjur sira padha teka panthan - panthan.

وَّفُتِحَتِ السَّمَاۤءُ فَكَانَتْ اَبْوَابًاۙ١٩
Wa futiḥatis-samā'u fa kānat abwābā(n).
[19] Langit padha sigar banjur dadi lawang pirang - pirang.

وَّسُيِّرَتِ الْجِبَالُ فَكَانَتْ سَرَابًاۗ٢٠
Wa suyyiratil-jibālu fa kānat sarābā(n).
[20] Sarupane gunung padha mlaku entheng - entheng kaya andhek - andhek hamun - hamun (fatamorgana).

اِنَّ جَهَنَّمَ كَانَتْ مِرْصَادًاۙ٢١
Inna jahannama kānat mirṣādā(n).
[21] Sayekti neraka jahanam wis sumadiya.

لِّلطّٰغِيْنَ مَاٰبًاۙ٢٢
Liṭ-ṭāgīna ma'ābā(n).
[22] Dadi panggonan tetep tumrap para wong kafir.

لّٰبِثِيْنَ فِيْهَآ اَحْقَابًاۚ٢٣
Lābiṡīna fīhā aḥqābā(n).
[23] Padha manggon tetahunan tanpa wekasan.

لَا يَذُوْقُوْنَ فِيْهَا بَرْدًا وَّلَا شَرَابًاۙ٢٤
Lā yażūqūna fīhā bardaw wa lā syarābā(n).
[24] Ana kono ora bakal weruh rasane adhem utawa omben - omben.

اِلَّا حَمِيْمًا وَّغَسَّاقًاۙ٢٥
Illā ḥamīmaw wa gassāqā(n).
[25] Kejaba ngombe wedang kang panas banget lan banyu adhem jekut banget.

جَزَاۤءً وِّفَاقًاۗ٢٦
Jazā'aw wifāqā(n).
[26] Iku patrapan kang wurwat (karo kaluputhe).

اِنَّهُمْ كَانُوْا لَا يَرْجُوْنَ حِسَابًاۙ٢٧
Innahum kānū lā yarjūna ḥisābā(n).
[27] Amarga padha maido lan ora wedi bakal ditimbang ala-becike.

وَّكَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا كِذَّابًاۗ٢٨
Wa każżabū bi'āyātinā kiżżābā(n).
[28] Pada maido al-Quran ayatingsun.

وَكُلَّ شَيْءٍ اَحْصَيْنٰهُ كِتٰبًاۙ٢٩
Wa kulla syai'in aḥṣaināhu kitābā(n).
[29] Samu barang lelakone manungsa, Ingsun cacahake ganep tinulis (ana ing kitab).

فَذُوْقُوْا فَلَنْ نَّزِيْدَكُمْ اِلَّا عَذَابًا ࣖ٣٠
Fa żūqū falan nazīdakum illā ‘ażābā(n)
[30] Mulane padha ngrasakna siksa! amarga Ingsun ora amuwuhi apa - apa marang sira kajaba siksa.

اِنَّ لِلْمُتَّقِيْنَ مَفَازًاۙ٣١
Inna lil-muttaqīna mafāzā(n).
[31] Sayekti para kang jaga dirine (saka ing ala) padha oleh pangginan kabegjan.

حَدَاۤىِٕقَ وَاَعْنَابًاۙ٣٢
Ḥadā'iqa wa a‘nābā(n).
[32] Patamanan lan kebon anggur pirang - pirang.

وَّكَوَاعِبَ اَتْرَابًاۙ٣٣
Wa kawā‘iba atrābā(n).
[33] Lan widadari pirang - pirang kang padha tedhenge birahi (seyuswa/seumuran).

وَّكَأْسًا دِهَاقًاۗ٣٤
Wa ka'san dihāqā(n).
[34] Lan gelas - gelas kang kebak (isi ombenan) / Lan pinggan kang suci*.

لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا وَّلَا كِذّٰبًا٣٥
Lā yasma‘ūna fīhā lagwaw wa lā kiżżābā(n).
[35] Ora tau krungu pangucap ala lan pamaido.

جَزَاۤءً مِّنْ رَّبِّكَ عَطَاۤءً حِسَابًاۙ٣٦
Jazā'am mir rabbika ‘aṭā'an ḥisābā(n).
[36] Ganjaran saka Pangeranira murwat karo pangabektinira.

رَّبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الرَّحْمٰنِ لَا يَمْلِكُوْنَ مِنْهُ خِطَابًاۚ٣٧
Rabbis-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumar-raḥmāni lā yamlikūna minhu khiṭābā(n).
[37] Pangeranira iku Pangerane langit lan bumi lan kang ana antarane kang Maha Murah, ora ono kang wenang munjuk ong Allah yen ora dadi parenging kersane.

يَوْمَ يَقُوْمُ الرُّوْحُ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ صَفًّاۙ لَّا يَتَكَلَّمُوْنَ اِلَّا مَنْ اَذِنَ لَهُ الرَّحْمٰنُ وَقَالَ صَوَابًا٣٨
Yauma yaqūmur-rūḥu wal-malā'ikatu ṣaffā(n), lā yatakallamūna illā man ażina lahur-raḥmānu wa qāla ṣawābā(n).
[38] Dinane ruh lan para malaekat padha ngadek aba barisan, ora wani munjuk ing Allah kajaba kang diparengake dening Pangeran kang Maha Murah lan kunjuke bener.

ذٰلِكَ الْيَوْمُ الْحَقُّۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ مَاٰبًا٣٩
Żālikal-yaumul-ḥaqq(u), faman syā'attakhaża ilā rabbihī ma'ābā(n).
[39] Hiya iku dina kang mesthi bener kelakone, sing sapa gelem ngabekti ing Allah Pangerane.

اِنَّآ اَنْذَرْنٰكُمْ عَذَابًا قَرِيْبًا ەۙ يَّوْمَ يَنْظُرُ الْمَرْءُ مَا قَدَّمَتْ يَدَاهُ وَيَقُوْلُ الْكٰفِرُ يٰلَيْتَنِيْ كُنْتُ تُرٰبًا ࣖ٤٠
Innā anżarnākum ‘ażāban qarībā(n), yauma yanẓurul-mar'u mā qaddamat yadāhu wa yaqūlul-kāfiru yā laitanī kuntu turābā(n).
[40] Sayekti Ingsun paring pepeling marang sira siksa kang cepak, dinane manungsa deleng panggawening tangan lorone kang dhisik - dhisik, sarta (kang ing kono) para kafir bakal padha ngucap, "Dhuh!, bok iya aku iki dadiya lemah wae".