Surah Al-Mursalat

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالْمُرْسَلٰتِ عُرْفًاۙ١
Wal-mursalāti ‘urfā(n).
[1] Dhemi para Malaikat kang diutus kelawan (anggawa) kabecikan.

فَالْعٰصِفٰتِ عَصْفًاۙ٢
Fal-‘āṣifāti ‘aṣfā(n).
[2] Lan (para Malaikat) mabur rikat banget.

وَّالنّٰشِرٰتِ نَشْرًاۙ٣
Wan-nāsyirāti nasyrā(n).
[3] Kang nyebar (rahmate Pangeran) kanthi sak ratane.

فَالْفٰرِقٰتِ فَرْقًاۙ٤
Fal-fāriqāti farqā(n).
[4] Kang ambedakake (kang bener lan luput) kanthi cetha.

فَالْمُلْقِيٰتِ ذِكْرًاۙ٥
Fal-mulqiyāti żikrā(n).
[5] Demi malaikat kang nurunake wahyu (marang para rasul).

عُذْرًا اَوْ نُذْرًاۙ٦
‘Użran au nużrā(n).
[6] Ngapura marang wong tobat, lan apepeling.

اِنَّمَا تُوْعَدُوْنَ لَوَاقِعٌۗ٧
Innamā tū‘adūna lawāqi‘(un).
[7] Sayekti siksa kang diancamake marang sira iku mesthi kelakon.

فَاِذَا النُّجُوْمُ طُمِسَتْۙ٨
Fa iżan-nujūmu ṭumisat.
[8] Besuk nalikane lintang padha ilang cahayane.

وَاِذَا السَّمَاۤءُ فُرِجَتْۙ٩
Wa iżas-samā'u furijat.
[9] Lan nalikane langit sigar.

وَاِذَا الْجِبَالُ نُسِفَتْۙ١٠
Wa iżal-jibālu nusifat.
[10] Lan nalikane gunung padha manculat.

وَاِذَا الرُّسُلُ اُقِّتَتْۗ١١
Wa iżar-rusulu uqqitat.
[11] Lan nalikane para Rosul padha dikelumpukake ing mangsa kang tinamtu.

لِاَيِّ يَوْمٍ اُجِّلَتْۗ١٢
Li'ayyi yaumin ujjilat.
[12] (Niscaya dipun dangu dateng para rosul mau) Dina apa anggone tinamtokake mau?

لِيَوْمِ الْفَصْلِۚ١٣
Liyaumil-faṣl(i).
[13] Marang dina putusan.

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا يَوْمُ الْفَصْلِۗ١٤
Wa mā adrāka mā yaumul-faṣl(i).
[14] Piye panemumu, dina pancasan iku apa?

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ١٥
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[15] Ing dina iku para wong kafir kang padha maido al-Quran cilaka banget.

اَلَمْ نُهْلِكِ الْاَوَّلِيْنَۗ١٦
Alam nuhlikil-awwalīn(a).
[16] Apa Ingsun durung numpes para wong kafir ing zaman kuna?

ثُمَّ نُتْبِعُهُمُ الْاٰخِرِيْنَ١٧
Ṡumma nutbi‘uhumul-ākhirīn(a).
[17] Wong kafir ing zaman wekasan uga bakal Ingsun balekake.

كَذٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِيْنَ١٨
Każālika naf‘alu bil-mujrimīn(a).
[18] Ing tembe sarupane wong kafir uga bakal Ingsun tindakake kaya mangkono.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ١٩
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[19] Ing dina qiyamat iku (wongkafir kang maido al-Quran) cilaka banget.

اَلَمْ نَخْلُقْكُّمْ مِّنْ مَّاۤءٍ مَّهِيْنٍۙ٢٠
Alam nakhluqkum mim mā'im mahīn(in).
[20] Apa sira iku ora Ingsun titahake saka banyu kang ina?

فَجَعَلْنٰهُ فِيْ قَرَارٍ مَّكِيْنٍ٢١
Fa ja‘alnāhu fī qarārim makīn(in).
[21] Banjur Ingsun papanake ing palerenan kang aman/kokoh (rahim).

اِلٰى قَدَرٍ مَّعْلُوْمٍۙ٢٢
Ilā qadarim ma‘lūm(in).
[22] Nganti tekan titi mangsa kang tinamtu (lahire jabang bayi).

فَقَدَرْنَاۖ فَنِعْمَ الْقٰدِرُوْنَ٢٣
Fa qadarnā, fani‘mal-qādirūn(a).
[23] Lan Ingsun nemtokake ukurane, saiba sampurnane anggon Ingsun namtokake ukuran samu barang.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٢٤
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[24] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang gorohake.

اَلَمْ نَجْعَلِ الْاَرْضَ كِفَاتًاۙ٢٥
Alam naj‘alil-arḍa kifātā(n).
[25] Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah ?

اَحْيَاۤءً وَّاَمْوَاتًاۙ٢٦
Aḥyā'aw wa amwātā(n).
[26] Wadhahe wong urip lan wong mati?

وَّجَعَلْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ شٰمِخٰتٍ وَّاَسْقَيْنٰكُمْ مَّاۤءً فُرَاتًاۗ٢٧
Wa ja‘alnā fīhā rawāsiya syāmikhātiw wa asqainākum mā'an furātā(n).
[27] Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur - dhuwur, lan diparingi omben - omben banyu tawa.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٢٨
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[28] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake.

اِنْطَلِقُوْٓا اِلٰى مَا كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَۚ٢٩
Inṭaliqū ilā mā kuntum bihī tukażżibūn(a).
[29] Lungoa marang apa kang sira gorohake.

اِنْطَلِقُوْٓا اِلٰى ظِلٍّ ذِيْ ثَلٰثِ شُعَبٍ٣٠
Inṭaliqū ilā ẓillin żī ṡalāṡi syu‘ab(in).
[30] Lungoa marang aling - aling kang cawang telu.

لَا ظَلِيْلٍ وَّلَا يُغْنِيْ مِنَ اللَّهَبِۗ٣١
Lā ẓalīliw wa lā yugnī minal-lahab(i).
[31] Kukus mau ora pisan - pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda panase geni neraka.

اِنَّهَا تَرْمِيْ بِشَرَرٍ كَالْقَصْرِۚ٣٢
Innahā tarmī bisyararin kal-qaṣr(i).
[32] Urube geni neraka mau mulad - mulad dhuwure padha omah.

كَاَنَّهٗ جِمٰلَتٌ صُفْرٌۗ٣٣
Ka'annahū jimālatun ṣufr(un).
[33] Akehe lan warnane kaya dhadhung ing perahu, ireng semu kuning.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٣٤
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[34] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake.

هٰذَا يَوْمُ لَا يَنْطِقُوْنَۙ٣٥
Hāżā yaumu lā yanṭiqūn(a).
[35] Iki dina sing dheweke ora bakal guneman.

وَلَا يُؤْذَنُ لَهُمْ فَيَعْتَذِرُوْنَ٣٦
Wa lā yu'żanu lahum fa ya‘tażirūn(a).
[36] Ora ana kang diparengake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana kang ngaturake sababing kaluputan.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٣٧
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[37] Bilaiing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake.

هٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ جَمَعْنٰكُمْ وَالْاَوَّلِيْنَ٣٨
Hāżā yaumul-faṣli jama‘nākum wal-awwalīn(a).
[38] Iki dina pancasan. Ingsun angumpulake sira karo umat kang dhisik.

فَاِنْ كَانَ لَكُمْ كَيْدٌ فَكِيْدُوْنِ٣٩
Fa'in kāna lakum kaidun fakīdūn(i).
[39] Lan manawa sira duwe upaya, tamakna upayanira marang Ingsun.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ ࣖ٤٠
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[40] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ ظِلٰلٍ وَّعُيُوْنٍۙ٤١
Innal-muttaqīna fī ẓilāliw wa ‘uyūn(in).
[41] Sayekti para kang anjaga dirine (saka ala) bakal dumunung ing panggonan kang ayom lan akeh sumber - sumbere.

وَّفَوَاكِهَ مِمَّا يَشْتَهُوْنَۗ٤٢
Wa fawākiha mimmā yasytahūn(a).
[42] Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna, kang menginake lan enak.

كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٤٣
Kulū wasyrabū hanī'am bimā kuntum ta‘malūn(a).
[43] Mara padha mangana lan ngombea kang enak, minangka ganjarane pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٤٤
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[44] Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha ngelakoni pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٥
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[45] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake.

كُلُوْا وَتَمَتَّعُوْا قَلِيْلًا اِنَّكُمْ مُّجْرِمُوْنَ٤٦
Kulū wa tamatta‘ū qalīlan innakum mujrimūn(a).
[46] (hei para kafir!) Sira padha mangana lan bungah - bungah sadhela sayekti sira iku wong dosa.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٧
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[47] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake.

وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ ارْكَعُوْا لَا يَرْكَعُوْنَ٤٨
Wa iżā qīla lahumurka‘ū lā yarka‘ūn(a).
[48] Nalika didhawuhi, "Padha Shalata!" padha mopo ora gelem sholat.

وَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَ٤٩
Wailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[49] Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake.

فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَهٗ يُؤْمِنُوْنَ ࣖ ۔٥٠
Fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dahū yu'minūn(a).
[50] Lah sawise iki marang pawarta endi dheweke (wong kafir) bakal padha angestu.