Surah Al-Insan

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
هَلْ اَتٰى عَلَى الْاِنْسَانِ حِيْنٌ مِّنَ الدَّهْرِ لَمْ يَكُنْ شَيْـًٔا مَّذْكُوْرًا١
Hal atāka ‘alal-insāni ḥīnum minad-dahri lam yakun syai'am mażkūrā(n).
[1] Temen wus tumeka marang manungsa sawijining waktu, nalikane dheweke dudu barang kang kocap.

اِنَّا خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ مِنْ نُّطْفَةٍ اَمْشَاجٍۖ نَّبْتَلِيْهِ فَجَعَلْنٰهُ سَمِيْعًاۢ بَصِيْرًا٢
Innā khalaqnal-insāna min nuṭfatin amsyājin nabtalīhi fa ja‘alnāhu samī‘am baṣīrā(n).
[2] Sayekti Ingsun nitahake manungsa saka nutfah kang campur, dheweke bakal Ingsun coba, mulane Ingsun dadekake bisa ngrungu, bisa deleng.

اِنَّا هَدَيْنٰهُ السَّبِيْلَ اِمَّا شَاكِرًا وَّاِمَّا كَفُوْرًا٣
Innā hadaināhus-sabīla immā syākiraw wa immā kafūrā(n).
[3] Sayekti Ingsun anuduhake dalane, apa dheweke arep sukur apa arep maido (kufur).

اِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ سَلٰسِلَا۟ وَاَغْلٰلًا وَّسَعِيْرًا٤
Innā a‘tadnā lil-kāfirīna salāsila wa aglālaw wa sa‘īrā(n).
[4] Ingsun nyadhiani rante lan belenggu marang para wong kafir apa dene Ingsun sadiyani neraka Sa'ir.

اِنَّ الْاَبْرَارَ يَشْرَبُوْنَ مِنْ كَأْسٍ كَانَ مِزَاجُهَا كَافُوْرًاۚ٥
Innal-abrāra yasyrabūna min ka'sin kāna mizājuhā kāfūrā(n).
[5] Sarupaning wong kang padha ngestokake dhawuhing Allah, iku ana ing suwarga padha ngombe saka pinggan kang campurane toya kafuur (jenenge sumber banyu ing suwarga).

عَيْنًا يَّشْرَبُ بِهَا عِبَادُ اللّٰهِ يُفَجِّرُوْنَهَا تَفْجِيْرًا٦
‘Ainay yasyrabu bihā ‘ibādullāhi yufajjirūnahā tafjīrā(n).
[6] Para kekasihe Allah padha ngombe banyu sumber kang diilekake kelawan gampang.

يُوْفُوْنَ بِالنَّذْرِ وَيَخَافُوْنَ يَوْمًا كَانَ شَرُّهٗ مُسْتَطِيْرًا٧
Yūfūna bin-nażri wa yakhāfūna yauman kāna syarruhū mustaṭīrā(n).
[7] Mulane tampa ganjaran samono, awit para kekasih mau padha netepi kuwajibane ngabekti ing Allah (ngelaksanaaken nadzar) lan padha wedi dina Qiyamat kang wartane dadi horege bumi (mratani bumi).

وَيُطْعِمُوْنَ الطَّعَامَ عَلٰى حُبِّهٖ مِسْكِيْنًا وَّيَتِيْمًا وَّاَسِيْرًا٨
Wa yuṭ‘imūnaṭ-ṭa‘āma ‘alā ḥubbihī miskīnaw wa yatīmaw wa asīrā(n).
[8] Sarta aweh pangan, amarga saka tresnane ing Panjenengane, marang wong miskin sarta bocah yatim apa dene wong tawanan (kinunjara).

اِنَّمَا نُطْعِمُكُمْ لِوَجْهِ اللّٰهِ لَا نُرِيْدُ مِنْكُمْ جَزَاۤءً وَّلَا شُكُوْرًا٩
Innamā nuṭ‘imukum liwajhillāhi lā nurīdu minkum jazā'aw wa lā syukūrā(n).
[9] Anggonku aweh panganan marang kowe iku mung murih ganjaraning Allah, ora pisan ngarep - arep wewales utawa panarima saka kowe.

اِنَّا نَخَافُ مِنْ رَّبِّنَا يَوْمًا عَبُوْسًا قَمْطَرِيْرًا١٠
Innā nakhāfu mir rabbinā yauman ‘abūsan qamṭarīrā(n).
[10] Aku wedi ing Allah Pangeranku besuk ing dina Qiyamat.

فَوَقٰىهُمُ اللّٰهُ شَرَّ ذٰلِكَ الْيَوْمِ وَلَقّٰىهُمْ نَضْرَةً وَّسُرُوْرًاۚ١١
Fa waqāhumullāhu syarra żālikal-yaumi wa laqqāhum naḍrataw wa surūrā(n).
[11] Mulane Allah ngersakake para kekasihe mau didohake saka sarupane hala lan padha diparingi rupa bagus lan ulat bingar ati bungah.

وَجَزٰىهُمْ بِمَا صَبَرُوْا جَنَّةً وَّحَرِيْرًاۙ١٢
Wa jazāhum bimā ṣabarū jannataw wa ḥarīrā(n).
[12] Allah ganjar suwarga lan panganggo sutra marang para kekasihe amarga anggone padha sabar.

مُّتَّكِـِٕيْنَ فِيْهَا عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِۚ لَا يَرَوْنَ فِيْهَا شَمْسًا وَّلَا زَمْهَرِيْرًاۚ١٣
Muttaki'īna fīhā ‘alal-arā'ik(i), lā yarauna fīhā syamsaw wa lā zamharīrā(n).
[13] Ana ing kono padha linggih ana dipan ora kroso panas lan adhem padhang tanpa srengenge lan rembulan.

وَدَانِيَةً عَلَيْهِمْ ظِلٰلُهَا وَذُلِّلَتْ قُطُوْفُهَا تَذْلِيْلًا١٤
Wa dāniyatan ‘alaihim ẓilāluhā wa żullilat quṭūfuhā tażlīlā(n).
[14] Kekayoning suwarga kang cedhek wohe gampang banget dipethik.

وَيُطَافُ عَلَيْهِمْ بِاٰنِيَةٍ مِّنْ فِضَّةٍ وَّاَكْوَابٍ كَانَتْ قَوَارِيْرَا۠١٥
Wa yuṭāfu ‘alaihim bi'āniyatim min fiḍḍatiw wa akwābin kānat qawārīrā.
[15] Padha diladeni nganggo wadhah selaka tuwin pinggan kang bening kaya kaca.

قَوَارِيْرَا۟ مِنْ فِضَّةٍ قَدَّرُوْهَا تَقْدِيْرًا١٦
Qawārīra min fiḍḍatin qaddarūhā taqdīrā(n).
[16] (Bening) kaya kaca - kaca (kang digawe) saka perak sing diukir dheweke sak apik - apike.

وَيُسْقَوْنَ فِيْهَا كَأْسًا كَانَ مِزَاجُهَا زَنْجَبِيْلًاۚ١٧
Wa yusqauna fīhā ka'san kāna mizājuhā zanjabīlā(n).
[17] Ing suwarga mau dheweke diladeni unukkan kang campurane jahe.

عَيْنًا فِيْهَا تُسَمّٰى سَلْسَبِيْلًا١٨
‘Ainan fīhā tusammā salsabīlā(n).
[18] Saka sumber banyu sajeroning suwarga arane Salsabil.

۞ وَيَطُوْفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُوْنَۚ اِذَا رَاَيْتَهُمْ حَسِبْتَهُمْ لُؤْلُؤًا مَّنْثُوْرًا١٩
Wa yaṭūfu ‘alaihim wildānum mukhalladūn(a), iżā ra'aitahum ḥasibtahum lu'lu'am manṡūrā(n).
[19] Padha diladeni para peladen nom - noman kang tetep enome pandelengira marang dheweke mau saking dening baguse prasasat mutiara durung dironce.

وَاِذَا رَاَيْتَ ثَمَّ رَاَيْتَ نَعِيْمًا وَّمُلْكًا كَبِيْرًا٢٠
Wa iżā ra'aita ṡamma ra'aita na‘īmaw wa mulkan kabīrā(n).
[20] Manawa sira deleng suwarga kaya sarupangin kabungahan lan kraton gedhe.

عٰلِيَهُمْ ثِيَابُ سُنْدُسٍ خُضْرٌ وَّاِسْتَبْرَقٌۖ وَّحُلُّوْٓا اَسَاوِرَ مِنْ فِضَّةٍۚ وَسَقٰىهُمْ رَبُّهُمْ شَرَابًا طَهُوْرًا٢١
‘Āliyahum ṡiyābu sundusin khuḍruw wa istabraq(un), wa ḥullū asāwira min fiḍḍah(tin), wa saqāhum rabbuhum syarāban ṭahūrā(n).
[21] Dheweke dienggon - enggoni sandhangan sutra alus ijo sarta sutra kandel sinulam benang emas apa dene bakal rinengga gelang salaka, lan Pangerane aparing ngombe dheweke omben - omben kang suci.

اِنَّ هٰذَا كَانَ لَكُمْ جَزَاۤءً وَّكَانَ سَعْيُكُمْ مَّشْكُوْرًا ࣖ٢٢
Inna hāżā kāna lakum jazā'aw wa kāna sa‘yukum masykūrā(n).
[22] Sayekti iku pituwas marang sira lan budi dayamu bakal winales.

اِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْاٰنَ تَنْزِيْلًاۚ٢٣
Innā naḥnu nazzalnā ‘alaikal-qur'āna tanzīlā(n).
[23] Sayekti Ingsun andhawuhake al-Quran marang sira kalawan dhumawuh (saka sathithik).

فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تُطِعْ مِنْهُمْ اٰثِمًا اَوْ كَفُوْرًاۚ٢٤
Faṣbir liḥukmi rabbika wa lā tuṭi‘ minhum āṡiman au kafūrā(n).
[24] Mulane sira narimaa hukume Pangeranira lan aja manut wong duraka utawa wong kafir.

وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًاۚ٢٥
Ważkurisma rabbika bukrataw wa aṣīlā(n).
[25] Lan nyebuta asmaning Pangeranira (ana sajeroning sholat) wayah isuk lan sore.

وَمِنَ الَّيْلِ فَاسْجُدْ لَهٗ وَسَبِّحْهُ لَيْلًا طَوِيْلًا٢٦
Wa minal-laili fasjud lahū wa sabbiḥhu lailan ṭawīlā(n).
[26] Lan ing wayah wengi shalata lan sujuda ing Allah, apadene nyebuta Maha Suci ing Allah ing wayah wengi, kang dawa.

اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ يُحِبُّوْنَ الْعَاجِلَةَ وَيَذَرُوْنَ وَرَاۤءَهُمْ يَوْمًا ثَقِيْلًا٢٧
Inna hā'ulā'i yuḥibbūnal-‘ājilata wa yażarūna warā'ahum yauman ṡaqīlā(n)
[27] Awit satemene wong kafir iku padha dhemen oleh kabungahan kencengan lan ora perduli dina Qiyamat, kang bakal kelakon ing buri, kacarita akeh pakewuh kang abot.

نَحْنُ خَلَقْنٰهُمْ وَشَدَدْنَآ اَسْرَهُمْۚ وَاِذَا شِئْنَا بَدَّلْنَآ اَمْثَالَهُمْ تَبْدِيْلًا٢٨
Naḥnu khalaqnāhum wa syadadnā asrahum, wa iżā syi'nā baddalnā amṡālahum tabdīlā(n).
[28] Ingsun wis gawe wong kafir mau sarta awake Ingsun gawe gagah prakosa, nanging manawa ana parenge kersaningsun wong kafir mau Ingsun gawekake tandhing kang dadi mungsuhe, kang timbang gagah prakosane bakal numpes dheweke.

اِنَّ هٰذِهٖ تَذْكِرَةٌ ۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا٢٩
Inna hāżihī tażkirah(tun), faman syā'attakhaża ilā rabbihī sabīlā(n).
[29] (Surat/ayat iku) dadi wewulang sing sapa dhemen wewulang mau dienggo wewaton ngabekti ing Allah Pangerane.

وَمَا تَشَاۤءُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۖ٣٠
Wa mā tasyā'ūna illā ay yasyā'allāh(u), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[30] Lan ora bakal sira gelem kajaba yen Allah ngarsakake. Sayekti Allah iku ngudaneni tur wicaksana.

يُّدْخِلُ مَنْ يَّشَاۤءُ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ وَالظّٰلِمِيْنَ اَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ٣١
Yudkhilu may yasyā'u fī raḥmatih(ī), waẓ-ẓālimīna a‘adda lahum ‘ażāban alīmā(n).
[31] Panjenengane ganjar wong kang dadi parenge kersane, dilebokake ing suwarga rahmate Allah, lan ngancam siksa nglarani tumrap para nganiaya.