Surah Al-Qiyamah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
لَآ اُقْسِمُ بِيَوْمِ الْقِيٰمَةِۙ١
Lā uqsimu biyaumil-qiyāmah(ti).
[1]
Ingsun supata, "Dhemi dina qiyamat".
وَلَآ اُقْسِمُ بِالنَّفْسِ اللَّوَّامَةِ٢
Wa lā uqsimu bin nafsil-lawwāmah(ti).
[2]
Lan uga supata, "Demi Nafsu Lawwamah (Jiwa sing gela)".
اَيَحْسَبُ الْاِنْسَانُ اَلَّنْ نَّجْمَعَ عِظَامَهٗ ۗ٣
Ayaḥsabul-insānu allan najma‘a ‘iẓāmah(ū).
[3]
Apa manungsa ngira, yen Ingsun ora bisa nglumpukake balunge kang wis pisah - pisah?
بَلٰى قٰدِرِيْنَ عَلٰٓى اَنْ نُّسَوِّيَ بَنَانَهٗ٤
Balā qādirīna ‘alā an nusawwiya banānah(ū).
[4]
Luput panyanane, Ingsun kawasa mulihake kabeh drijine kaya mahu - mahune.
بَلْ يُرِيْدُ الْاِنْسَانُ لِيَفْجُرَ اَمَامَهٗۚ٥
Bal yurīdul-insānu liyafjura amāmah(ū).
[5]
Nanging manungsa karepe arep gorohake barang kang ana ngarepe.
يَسْـَٔلُ اَيَّانَ يَوْمُ الْقِيٰمَةِۗ٦
Yas'alu ayyāna yaumul-qiyāmah(ti).
[6]
Dheweke takon, "Kapan ta dina Qiyamat iku?"
فَاِذَا بَرِقَ الْبَصَرُۙ٧
Fa iżā bariqal-baṣar(u).
[7]
Nanging bareng pandelenge wus blawur.
وَخَسَفَ الْقَمَرُۙ٨
Wa khasafal-qamar(u).
[8]
Lan rembulan ilang pencoronge.
وَجُمِعَ الشَّمْسُ وَالْقَمَرُۙ٩
Wa jumi‘asy-syamsu wal-qamar(u).
[9]
Apa dene srengenge lan rembulan padha metu saka kulon.
يَقُوْلُ الْاِنْسَانُ يَوْمَىِٕذٍ اَيْنَ الْمَفَرُّۚ١٠
Yaqūlul-insānu yauma'iżin ainal-mafarr(u).
[10]
Ing dina iku manungsa padha celathu, "Aku ngungsi mlayu menyang ngendhi?"
كَلَّا لَا وَزَرَۗ١١
Kallā lā wazar(a).
[11]
Mangsa oleha pangungsen ing dina iku ora ana pangungsen.
اِلٰى رَبِّكَ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْمُسْتَقَرُّۗ١٢
Ilā rabbika yauma'iżinil-mustaqarr(u).
[12]
Ing dina iku bakal mung marang Pangeranira dununging palerenan.
يُنَبَّؤُا الْاِنْسَانُ يَوْمَىِٕذٍۢ بِمَا قَدَّمَ وَاَخَّرَۗ١٣
Yunabba'ul-insānu yauma'iżim bimā qaddama wa akhkhar(a).
[13]
Ing dina iku manungsa bakal diwartani sabarang panggawene kang didhisikake lan (sabarang) kang dikerekake.
بَلِ الْاِنْسَانُ عَلٰى نَفْسِهٖ بَصِيْرَةٌۙ١٤
Balil-insānu ‘alā nafsihī baṣīrah(tun).
[14]
Siji - sijining manungsa padha weruh lakone dhewe - dhewe.
وَّلَوْ اَلْقٰى مَعَاذِيْرَهٗۗ١٥
Wa lau alqā ma‘āżīrah(ū).
[15]
Sanadyan ta ngandhakake alangane.
لَا تُحَرِّكْ بِهٖ لِسَانَكَ لِتَعْجَلَ بِهٖۗ١٦
Lā tuḥarrik bihī lisānaka lita‘jala bih(ī).
[16]
Lisanira aja kumecap (ngunekake al-Quran)sadurunge rampung pamacane (Malaikat Jibril murih gelis - gelis apal al-Quran mau).
اِنَّ عَلَيْنَا جَمْعَهٗ وَقُرْاٰنَهٗ ۚ١٧
Inna ‘alainā jam‘ahū wa qur'ānah(ū).
[17]
Marga Ingsun kang bakal ngalumpukake al-Quran mau ana ing atinira dalah sawacane pisan.
فَاِذَا قَرَأْنٰهُ فَاتَّبِعْ قُرْاٰنَهٗ ۚ١٨
Fa iżā qara'nāhu fattabi‘ qur'ānah(ū).
[18]
Nalikane Ingsun wis rampung macakake al-Quran marang sira, nuli sira macaa (aja sira barengi).
ثُمَّ اِنَّ عَلَيْنَا بَيَانَهٗ ۗ١٩
Ṡumma inna ‘alainā bayānah(ū).
[19]
Sawise mangkono, Ingsun kang mesthi paring mangerti surasaning al-Quran marang sira.
كَلَّا بَلْ تُحِبُّوْنَ الْعَاجِلَةَۙ٢٠
Kallā bal tuḥibbūnal-‘ājilah(ta).
[20]
Sira iku padha anesrani (aja kesusu) ananging sira seneng panguripan dunya.
وَتَذَرُوْنَ الْاٰخِرَةَۗ٢١
Wa tażarūnal-‘ākhirah(ta).
[21]
Lan nglirwakake akehrat.
وُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍ نَّاضِرَةٌۙ٢٢
Wujūhuy yauma'iżin nāḍirah(tun).
[22]
Ing dina iku akeh wong kang rahine bagus lan manis.
اِلٰى رَبِّهَا نَاظِرَةٌ ۚ٢٣
Ilā rabbihā nāẓirah(tun).
[23]
Padha andeleng Allah Pangerane.
وَوُجُوْهٌ يَّوْمَىِٕذٍۢ بَاسِرَةٌۙ٢٤
Wa wujūhuy yauma'iżim bāsirah(tun).
[24]
Lan uga akeh rahi ala tur suntrut.
تَظُنُّ اَنْ يُّفْعَلَ بِهَا فَاقِرَةٌ ۗ٢٥
Taẓunnu ay yuf‘ala bihā fāqirah(tun).
[25]
Padha weruh yen siksa gedhe bakal dipatrapi marang dheweke.
كَلَّآ اِذَا بَلَغَتِ التَّرَاقِيَۙ٢٦
Kallā iżā balagatit-tarāqiy(a).
[26]
Temen nalika ruh tinarik tekan gurung.
وَقِيْلَ مَنْ ۜرَاقٍۙ٢٧
Wa qīla man…rāq(in).
[27]
Sarta dicelathoni, "Sapa tukange nambani".
وَّظَنَّ اَنَّهُ الْفِرَاقُۙ٢٨
Wa ẓanna annahul-firāq(u).
[28]
Sarta dheweke yakin, yen iki (wayahe) pisah.
وَالْتَفَّتِ السَّاقُ بِالسَّاقِۙ٢٩
Waltaffatis-sāqu bis-sāq(i).
[29]
Sikile kang siji dhempet karo sikil sijine.
اِلٰى رَبِّكَ يَوْمَىِٕذِ ِۨالْمَسَاقُ ۗ ࣖ٣٠
Ilā rabbika yauma'iżinil-masāq(u).
[30]
Ing dina iku wayahe dituntun marang ngarsane Pangeranira.
فَلَا صَدَّقَ وَلَا صَلّٰىۙ٣١
Falā ṣaddaqa wa lā ṣallā.
[31]
Wis ira bisa pracaya (Rosul lan Al-Quran) lan ora bisa shalat kang migunani.
وَلٰكِنْ كَذَّبَ وَتَوَلّٰىۙ٣٢
Wa lākin każżaba wa tawallā.
[32]
Nanging maido (al-Quran) lan mlengos saka dalan bener.
ثُمَّ ذَهَبَ اِلٰٓى اَهْلِهٖ يَتَمَطّٰىۗ٣٣
Ṡumma żahaba ilā ahlihī yatamaṭṭā.
[33]
Banjur menyang ngomahe sanake, lakune gumedhe.
اَوْلٰى لَكَ فَاَوْلٰىۙ٣٤
Aulā laka fa'aulā.
[34]
Cilako kanggomu (wong kafir) tur rambah - rambah.
ثُمَّ اَوْلٰى لَكَ فَاَوْلٰىۗ٣٥
Ṡumma aulā laka fa'aulā.
[35]
Nuli cilaka tur rambah - rambah (tumrap sira wong kafir).
اَيَحْسَبُ الْاِنْسَانُ اَنْ يُّتْرَكَ سُدًىۗ٣٦
Ayaḥsabul-insānu ay yutraka sudā(n).
[36]
Apa manungsa ngira yen bakal ditokake wae.
اَلَمْ يَكُ نُطْفَةً مِّنْ مَّنِيٍّ يُّمْنٰى٣٧
Alam yaku nuṭfatam mim maniyyiy yumnā.
[37]
Apa dheweke iku maune dudu nutfah wijining urip kang tinetesake (ing rahim).
ثُمَّ كَانَ عَلَقَةً فَخَلَقَ فَسَوّٰىۙ٣٨
Ṡumma kāna ‘alaqatan fa khalaqa fa sawwā.
[38]
Banjur dadi getih kenthel, tumuli Panjenengane anitahake (dheweke) sarta dadekake sampurna.
فَجَعَلَ مِنْهُ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْاُنْثٰىۗ٣٩
Fa ja‘ala minhuz-zaujainiż-żakara wal-unṡā.
[39]
Banjur Panjenengane dadekake saka iku mau dadi rong jenis, jenis lanang lan jenis wadon.
اَلَيْسَ ذٰلِكَ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يُّحْيِ َۧ الْمَوْتٰى ࣖ٤٠
Alaisa żālika biqādirin ‘alā ay yuḥyiyal-mautā.
[40]
Apa Panjenengane ora bisa nguripake wong kang wis padha mati? (Kawasa banget).