Surah Al-Muddassir
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الْمُدَّثِّرُۙ١
Yā ayyuhal-muddaṡṡir(u).
[1]
He wong kang mujung (Muhammad).
قُمْ فَاَنْذِرْۖ٢
Qum fa'anżir.
[2]
Sira ngadeka lan elingna.
وَرَبَّكَ فَكَبِّرْۖ٣
Wa rabbaka fakabbir.
[3]
Lan nyebuta Maha Agung ing Allah Pangeranira.
وَثِيَابَكَ فَطَهِّرْۖ٤
Wa ṡiyābaka faṭahhir.
[4]
Tuwin angresikna sasandanganira.
وَالرُّجْزَ فَاهْجُرْۖ٥
War-rujza fahjur.
[5]
Apa dene angedohna jejember.
وَلَا تَمْنُنْ تَسْتَكْثِرُۖ٦
Wa lā tamnun tastakṡir(u).
[6]
Lan aja weweh murih wewales kang luwih akeh.
وَلِرَبِّكَ فَاصْبِرْۗ٧
Wa lirabbika faṣbir.
[7]
Lan sabara karana ngelakoni parentahe Pangeranira.
فَاِذَا نُقِرَ فِى النَّاقُوْرِۙ٨
Fa iżā nuqira fin-nāqūr(i).
[8]
Amarga samangsa slompret tiniyub.
فَذٰلِكَ يَوْمَىِٕذٍ يَّوْمٌ عَسِيْرٌۙ٩
Fa żālika yauma'iżiy yaumun ‘asīr(un).
[9]
Ing dina iku kena diarani dina rekasa.
عَلَى الْكٰفِرِيْنَ غَيْرُ يَسِيْرٍ١٠
‘Alal-kāfirīna gairu yasīr(in).
[10]
TUmrap engatase para wong kafir ora pisan gampang.
ذَرْنِيْ وَمَنْ خَلَقْتُ وَحِيْدًاۙ١١
Żarnī wa man khalaqtu waḥīdā(n).
[11]
Tona wae Ingsun dheweke karo wong kang wus Ingsun titahake.
وَّجَعَلْتُ لَهٗ مَالًا مَّمْدُوْدًاۙ١٢
Wa ja‘altu lahū mālam mamdūdā(n).
[12]
Lan wis Ingsun paringi bandha kang omber.
وَّبَنِيْنَ شُهُوْدًاۙ١٣
Wa banīna syuhūdā(n).
[13]
Uga Ingsun paringin anak lanang akeh padha nglumpuk.
وَّمَهَّدْتُّ لَهٗ تَمْهِيْدًاۙ١٤
Wa mahhattu lahū tamhīdā(n).
[14]
Tuwin perkarane Ingsun tata sarwa tumata.
ثُمَّ يَطْمَعُ اَنْ اَزِيْدَۙ١٥
Ṡumma yaṭma‘u an azīd(a).
[15]
Ewa dene dheweke isih angajab Ingsun wuwuhana.
كَلَّاۗ اِنَّهٗ كَانَ لِاٰيٰتِنَا عَنِيْدًاۗ١٦
Kallā, innahū kāna li'āyātinā ‘anīdā(n).
[16]
Ora pisan - pisan! Sayekti dheweke amilawani timbalan - timbalan Ingsun.
سَاُرْهِقُهٗ صَعُوْدًاۗ١٧
Sa'urhiquhū ṣa‘ūdā(n).
[17]
Ingsun bakal anibakake siksa kang nyusahake marang dheweke.
اِنَّهٗ فَكَّرَ وَقَدَّرَۙ١٨
Innahū fakkara wa qaddar(a).
[18]
Sayekti, dheweke mikir - mikir sarta anetepake.
فَقُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَۙ١٩
Faqutila kaifa qaddar(a).
[19]
Ananging marga siniku, kapriye anggone netepake.
ثُمَّ قُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَۙ٢٠
Ṡumma qutila kaifa qaddar(a).
[20]
Maneh, muga siniku kapriye anggone netepake.
ثُمَّ نَظَرَۙ٢١
Ṡumma naẓar(a).
[21]
Banjur angawasake.
ثُمَّ عَبَسَ وَبَسَرَۙ٢٢
Ṡumma ‘abasa wa basar(a).
[22]
Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit.
ثُمَّ اَدْبَرَ وَاسْتَكْبَرَۙ٢٣
Ṡumma adbara wastakbar(a).
[23]
Banjur mungkur sarta gumedhe.
فَقَالَ اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ يُّؤْثَرُۙ٢٤
Faqāla in hāżā illā siḥruy yu'ṡar(u).
[24]
Banjur celathu, "Al-Quran iki ora liya kajaba sihir kang disinau (saka wong - wong biyen)".
اِنْ هٰذَآ اِلَّا قَوْلُ الْبَشَرِۗ٢٥
In hāżā illā qaulul-basyar(i).
[25]
(Al-Quran) iki ora liya mung pangucaping manungsa wae.
سَاُصْلِيْهِ سَقَرَ٢٦
Sa'uṣlīhi saqar(a).
[26]
Dheweke bakal Ingsun cemplungake neraka saqar.
وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا سَقَرُۗ٢٧
Wa mā adrāka mā saqar(a).
[27]
Kapriye panemunira, apa kang aran neraka saqar?
لَا تُبْقِيْ وَلَا تَذَرُۚ٢٨
Lā tubqī wa lā tażar(u).
[28]
Neraka saqar mau ora ngawetake, sadhengah kang kacemplung ing kono mesthi rusak.
لَوَّاحَةٌ لِّلْبَشَرِۚ٢٩
Lawwāḥatul lil-basyar(i).
[29]
Tur gosongake kulit.
عَلَيْهَا تِسْعَةَ عَشَرَۗ٣٠
‘Alaihā tis‘ata ‘asyar(a).
[30]
Ing kono ana 19 (Malaikat) kang anjaga.
وَمَا جَعَلْنَآ اَصْحٰبَ النَّارِ اِلَّا مَلٰۤىِٕكَةً ۖوَّمَا جَعَلْنَا عِدَّتَهُمْ اِلَّا فِتْنَةً لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْاۙ لِيَسْتَيْقِنَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَيَزْدَادَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِيْمَانًا وَّلَا يَرْتَابَ الَّذِيْنَ اُوْتُوا الْكِتٰبَ وَالْمُؤْمِنُوْنَۙ وَلِيَقُوْلَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْكٰفِرُوْنَ مَاذَآ اَرَادَ اللّٰهُ بِهٰذَا مَثَلًاۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَمَا يَعْلَمُ جُنُوْدَ رَبِّكَ اِلَّا هُوَۗ وَمَا هِيَ اِلَّا ذِكْرٰى لِلْبَشَرِ ࣖ٣١
Wa mā ja‘alnā aṣḥāban-nāri illā malā'ikah(tan), wa mā ja‘alnā ‘iddatahum illā fitnatal lil-lażīna kafarū, liyastaiqinal-lażīna ūtul-kitāba wa yazdādal-lażīna āmanū īmānaw wa lā yartābal-lażīna ūtul-kitāba wal-mu'minūn(a), wa liyaqūlal-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-kāfirūna māżā arādallāhu bihāżā maṡalā(n), każālika yuḍillullāhu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), wa mā ya‘lamu junūda rabbika illā huw(a), wa mā hiya illā żikrā lil-basyar(i).
[31]
Lan ora liya kajaba Malaikat kang Ingsun dadekake panjaganing geni, sarta wilangane iku ora liya kajaba mung Ingsun dadekake coba tumrap wong kang padha kafir, supaya para kang kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman pada wuwuh imane, apa dene (supaya) ora padha semang - semang para kang kaparingan kitab lan para mukminin, sarta supaya para kang sajeroning atine ana lelarane sarta para kafir padha elathir: apa ta kersaning Allah andamel sanepa iki? Iya kaya mangkono iku anggone Allah andadekake sasare sapa kang dadi karsane, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi kersane, lan ora ana kang weruh wedyabalane Pangeranira kajaba mung Panjenengane, lan iki ora liya kajaba pepeling tumrap para manungsa.
كَلَّا وَالْقَمَرِۙ٣٢
Kallā wal-qamar(i).
[32]
Demi rembulan, wong kafir ora pisan ngistokake wewulanging al-Quran.
وَالَّيْلِ اِذْ اَدْبَرَۙ٣٣
Wal-laili iż adbar(a).
[33]
Demi wengi nalikane mungkur.
وَالصُّبْحِ اِذَآ اَسْفَرَۙ٣٤
Waṣ-ṣubḥi iżā asfar(a).
[34]
Demi wajah Shubuh nalikane padhang.
اِنَّهَا لَاِحْدَى الْكُبَرِۙ٣٥
Innahā la'iḥdal-kubar(i).
[35]
Temen neraka Saqar iku ewone bebaya kang gedhe.
نَذِيْرًا لِّلْبَشَرِۙ٣٦
Nażīral lil-basyar(i).
[36]
Kanggo medheni marang manungsa.
لِمَنْ شَاۤءَ مِنْكُمْ اَنْ يَّتَقَدَّمَ اَوْ يَتَاَخَّرَۗ٣٧
Liman syā'a minkum ay yataqaddama au yata'akhkhar(a).
[37]
Tumrap wong kancanira kang arep maju pracaya (al-Quran) utawa mundur ora pracaya.
كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ رَهِيْنَةٌۙ٣٨
Kullu nafsim bimā kasabat rahīnah(tun).
[38]
Sarupaning awak iku kaiket (tanggung jawab) karo sabarang panggawene.
اِلَّآ اَصْحٰبَ الْيَمِيْنِ ۛ٣٩
Illā aṣḥābal-yamīn(i).
[39]
Kajaba para kang ana ing tangan tengen.
فِيْ جَنّٰتٍ ۛ يَتَسَاۤءَلُوْنَۙ٤٠
Fī jannātin - yatasā'alūn(a).
[40]
Ana sajeroning patamanan bakal padha takon - takon.
عَنِ الْمُجْرِمِيْنَۙ٤١
‘Anil-mujrimīn(a).
[41]
Prakara wong kang padha dosa.
مَا سَلَكَكُمْ فِيْ سَقَرَ٤٢
Mā salakakum fī saqar(a).
[42]
Punapa marganipun sampeyan wonten ing salebeting neraka?
قَالُوْا لَمْ نَكُ مِنَ الْمُصَلِّيْنَۙ٤٣
Qālū lam naku minal-muṣallīn(a).
[43]
Bakal padha mangsuli, "Kula punika sanes golonganipun tiyang ingkang sami sholat".
وَلَمْ نَكُ نُطْعِمُ الْمِسْكِيْنَۙ٤٤
Wa lam naku nuṭ‘imul-miskīn(a).
[44]
Lan kula boten nate nyukani tedha tiyang miskin.
وَكُنَّا نَخُوْضُ مَعَ الْخَاۤىِٕضِيْنَۙ٤٥
Wa kunnā nakhūḍu ma‘al-khā'iḍīn(a).
[45]
Sarta damel kula omong lelahanan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lelahanan.
وَكُنَّا نُكَذِّبُ بِيَوْمِ الدِّيْنِۙ٤٦
Wa kunnā nukażżibu biyaumid-dīn(i).
[46]
Sarta kula punika mahiben badhe kalampahipun dinten piwale.
حَتّٰىٓ اَتٰىنَا الْيَقِيْنُۗ٤٧
Ḥattā atānal-yaqīn(u).
[47]
Ngantos datengipun pejah kula.
فَمَا تَنْفَعُهُمْ شَفَاعَةُ الشّٰفِعِيْنَۗ٤٨
Famā tanfa‘uhum syafā‘atusy-syāfi‘īn(a).
[48]
(Pangendikaning Allah) Mulane syafa'ate para juru syafaat ora bakal migunani marang dheweke.
فَمَا لَهُمْ عَنِ التَّذْكِرَةِ مُعْرِضِيْنَۙ٤٩
Famā lahum ‘anit-tażkirati mu‘riḍīn(a).
[49]
Lan apa ta pakolehe anggone wong mau padha lumuh nistakake saka pepeling (al-Quran).
كَاَنَّهُمْ حُمُرٌ مُّسْتَنْفِرَةٌۙ٥٠
Ka'annahum ḥumurum mustanfirah(tun).
[50]
Kaya dene kuldi (keledai liar) kang kaget.
فَرَّتْ مِنْ قَسْوَرَةٍۗ٥١
Farrat min qaswarah(tin).
[51]
Kan anggeblas ngoncati: singo barong?
بَلْ يُرِيْدُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ اَنْ يُّؤْتٰى صُحُفًا مُّنَشَّرَةًۙ٥٢
Bal yurīdu kullumri'im minhum ay yu'tā ṣuḥufam munasysyarah(tan).
[52]
Balik dheweke, siji - sijine padha angajab diparingana dhewe - dhewe lembaran kang ginelar.
كَلَّاۗ بَلْ لَّا يَخَافُوْنَ الْاٰخِرَةَۗ٥٣
Kallā, bal lā yakhāfūnal-ākhirah(ta).
[53]
Ora bakal (dipituruti panjaluke) balik dheweke padha ora wedi marang akherat.
كَلَّآ اِنَّهٗ تَذْكِرَةٌ ۚ٥٤
Kallā innahū tażkirah(tun).
[54]
Temen iku sawijining pepeling.
فَمَنْ شَاۤءَ ذَكَرَهٗۗ٥٥
Faman syā'a żakarah(ū).
[55]
Lah sapa sing gelem, angelangana iku.
وَمَا يَذْكُرُوْنَ اِلَّآ اَنْ يَّشَاۤءَ اللّٰهُ ۗهُوَ اَهْلُ التَّقْوٰى وَاَهْلُ الْمَغْفِرَةِ ࣖ٥٦
Wa mā yażkurūna illā ay yasyā'allāh(u), huwa ahlut-taqwā wa ahlul-magfirah(ti).
[56]
Lan ora bakal padha angelingi, kejaba sing dadi kaparenging Allah. Panjenengane iku panthes diestokake dhawuhe lan pantes aparing pangapura.