Surah Al-Muzzammil

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا الْمُزَّمِّلُۙ١
Yā ayyuhal-muzzammil(u).
[1] He wong kang kemulan (Muhammad).

قُمِ الَّيْلَ اِلَّا قَلِيْلًاۙ٢
Qumil-laila illā qalīlā(n).
[2] Sira tangiya sholat ing wayah wengi mung kena leren sedhela (kanggo turu).

نِّصْفَهٗٓ اَوِ انْقُصْ مِنْهُ قَلِيْلًاۙ٣
Niṣfahū awinquṣ minhu qalīlā(n).
[3] Sholata setengah wengi utawa suda sethithik (dadi mung saprotelone wengi).

اَوْ زِدْ عَلَيْهِ وَرَتِّلِ الْقُرْاٰنَ تَرْتِيْلًاۗ٤
Au zid ‘alaihi wa rattilil-qur'āna tartīlā(n).
[4] Utawa tambahan (dari rong protelon wengi) sarta macaa al-Quran kang patitis wacanira.

اِنَّا سَنُلْقِيْ عَلَيْكَ قَوْلًا ثَقِيْلًا٥
Innā sanulqī ‘alaika qaulan ṡaqīlā(n).
[5] Ingsun bakal dhawuhake al-Quran kang abot marang sira.

اِنَّ نَاشِئَةَ الَّيْلِ هِيَ اَشَدُّ وَطْـًٔا وَّاَقْوَمُ قِيْلًاۗ٦
Inna nāsyi'atal-laili hiya asyaddu waṭ'aw wa aqwamu qīlā(n).
[6] Satemen sholat ing wektu wengi (sawuse turu) empaning ponco driya condhong banget lan ati, kanggo benerake pengucap.

اِنَّ لَكَ فِى النَّهَارِ سَبْحًا طَوِيْلًاۗ٧
Inna laka fin-nahāri sabḥan ṭawīlā(n).
[7] Satemene sira ing wayah awan wis nyambut gawe suwe.

وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ وَتَبَتَّلْ اِلَيْهِ تَبْتِيْلًاۗ٨
Ważkurisma rabbika wa tabattal ilaihi tabtīlā(n).
[8] Sira nyebuta asmaning Allah Pangeranira sarta melenga ngabekti.

رَبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ فَاتَّخِذْهُ وَكِيْلًا٩
Rabbul-masyriqi wal-magribi lā ilāha illā huwa fattakhiżhu wakīlā(n).
[9] Allah iku Pangeraning jagad sisih wetan lan sisih kulon, ora ana sesembahan kelawan bener kejaba Allah, sira nyumanggakna samu barang prakara marang Allah.

وَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَاهْجُرْهُمْ هَجْرًا جَمِيْلًا١٠
Waṣbir ‘alā mā yaqūlūna wahjurhum hajran jamīlā(n).
[10] Sabara marang pangucape (wong kafir) kang nglarakake ati tokna kelawan becik.

وَذَرْنِيْ وَالْمُكَذِّبِيْنَ اُولِى النَّعْمَةِ وَمَهِّلْهُمْ قَلِيْلًا١١
Wa żarnī wal-mukażżibīna ulin-na‘mati wa mahhilhum qalīlā(n).
[11] Lan Ingsun togna wae, mangkana uga wongkang anggorohake kang sarwa mubra - mubru (kecukupan) togna wae sedhela.

اِنَّ لَدَيْنَآ اَنْكَالًا وَّجَحِيْمًاۙ١٢
Inna ladainā ankālaw wa jaḥīmā(n).
[12] Satemene Ingsun kagungan dhadhung kang santosa lan kagungan neraka jahanam.

وَّطَعَامًا ذَا غُصَّةٍ وَّعَذَابًا اَلِيْمًا١٣
Wa ṭa‘āman żā guṣṣatiw wa ‘ażāban alīmā(n).
[13] Sarta kagungan pepanganan kang nglalekake lan siksa kang nglarani.

يَوْمَ تَرْجُفُ الْاَرْضُ وَالْجِبَالُ وَكَانَتِ الْجِبَالُ كَثِيْبًا مَّهِيْلًا١٤
Yauma tarjuful-arḍu wal-jibālu wa kānatil-jibālu kaṡībam mahīlā(n).
[14] Kelakone kang mangkono mau ing dinane bumi lan gunung - gunung gonjang - ganjing, gunung - gunung padha dadi wedhi kang mawur - mawur.

اِنَّآ اَرْسَلْنَآ اِلَيْكُمْ رَسُوْلًا ەۙ شَاهِدًا عَلَيْكُمْ كَمَآ اَرْسَلْنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ رَسُوْلًا ۗ١٥
Innā arsalnā ilaikum rasūlā(n), syāhidan ‘alaikum kamā arsalnā ilā fir‘auna rasūlā(n).
[15] Ingsun wis ngutus rasul nerangkae marang sira bakal anggoningsun ngutus rasul marang Fir'aun.

فَعَصٰى فِرْعَوْنُ الرَّسُوْلَ فَاَخَذْنٰهُ اَخْذًا وَّبِيْلًاۚ١٦
Fa ‘aṣā fir‘aunar-rasūla fa akhażnāhu akhżaw wabīlā(n).
[16] Nanging Fir'aun ambangkang marang parenthe rosul (Musa) mulane banjur dipatrapi siksa abot.

فَكَيْفَ تَتَّقُوْنَ اِنْ كَفَرْتُمْ يَوْمًا يَّجْعَلُ الْوِلْدَانَ شِيْبًاۖ١٧
Fakaifa tattaqūna in kafartum yaumay yaj‘alul-wildāna syībā(n).
[17] Kapriye olehmu bakal anjaga awakmu, manawa padha maido, ing dinane kang para bocah adha didadekake kaki (tuwa uwanen?)

ۨالسَّمَاۤءُ مُنْفَطِرٌۢ بِهٖۗ كَانَ وَعْدُهٗ مَفْعُوْلًا١٨
As-samā'u munfaṭirum bih(ī), kāna wa‘duhū maf‘ūlā(n).
[18] Ing dina iku sanadyan langit hiya sigar, kang wis ditemtokake dening Allah, mesthi kaleksanan.

اِنَّ هٰذِهٖ تَذْكِرَةٌ ۚ فَمَنْ شَاۤءَ اتَّخَذَ اِلٰى رَبِّهٖ سَبِيْلًا ࣖ١٩
Inna hāżihī tażkirah(tun), faman syā'attakhaża ilā rabbihī sabīlā(n).
[19] Satemene ayat (tanda) iki dadi wewulang sing sapa kepengen selamet ngestokna ayat mau, minangka dalan marang ngarsaning Allah Pangerane.

۞ اِنَّ رَبَّكَ يَعْلَمُ اَنَّكَ تَقُوْمُ اَدْنٰى مِنْ ثُلُثَيِ الَّيْلِ وَنِصْفَهٗ وَثُلُثَهٗ وَطَاۤىِٕفَةٌ مِّنَ الَّذِيْنَ مَعَكَۗ وَاللّٰهُ يُقَدِّرُ الَّيْلَ وَالنَّهَارَۗ عَلِمَ اَنْ لَّنْ تُحْصُوْهُ فَتَابَ عَلَيْكُمْ فَاقْرَءُوْا مَا تَيَسَّرَ مِنَ الْقُرْاٰنِۗ عَلِمَ اَنْ سَيَكُوْنُ مِنْكُمْ مَّرْضٰىۙ وَاٰخَرُوْنَ يَضْرِبُوْنَ فِى الْاَرْضِ يَبْتَغُوْنَ مِنْ فَضْلِ اللّٰهِ ۙوَاٰخَرُوْنَ يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۖفَاقْرَءُوْا مَا تَيَسَّرَ مِنْهُۙ وَاَقِيْمُوا الصَّلٰوةَ وَاٰتُوا الزَّكٰوةَ وَاَقْرِضُوا اللّٰهَ قَرْضًا حَسَنًاۗ وَمَا تُقَدِّمُوْا لِاَنْفُسِكُمْ مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوْهُ عِنْدَ اللّٰهِ ۙهُوَ خَيْرًا وَّاَعْظَمَ اَجْرًاۗ وَاسْتَغْفِرُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ ࣖ٢٠
Inna rabbaka ya‘lamu annaka taqūmu adnā min ṡuluṡayil-laili wa niṣfahū wa ṡuluṡahū wa ṭā'ifatum minal-lażīna ma‘ak(a), wallāhu yuqaddirul-laila wan-nahār(a), ‘alima allan tuḥṣūhu fa tāba ‘alaikum faqra'ū mā tayassara minal-qur'ān(i), ‘alima an sayakūnu minkum marḍā, wa ākharūna yaḍribūna fil-arḍi yabtagūna min faḍlillāh(i), wa ākharūna yuqātilūna fī sabīlillāh(i), faqra'ū mā tayassara minh(u), wa aqīmuṣ-ṣalāta wa ātuz-zakāta wa aqriḍullāha qarḍan ḥasanā(n), wa mā tuqaddimū li'anfusikum min khairin tajidūhu ‘indallāh(i), huwa khairaw wa a‘ẓama ajrā(n), wastagfirullāh(a), innallāha gafūrur raḥīm(un).
[20] Satemene Allah Pangeranira nguningane yen sira nindakake sholat kira - kira 2/3 wengi, lan setengah wengi lan (kala - kala) 1/3 wengi. Lan shabatira sagolongan hiya padha mangkono. Allah nemtokake dawa cendhake rina lan wengi, nguningani yen sira padha ora kelar sholat samono suwene mau kajaba kelawan rekasa, mulane Allah muwung marang sira. Sarehne mangkono sira macaa al-Quran sakuwasanira ana sajerone sholat. Allah nguningani yen sira iku bakal ana kang nandhang lara banjur rekasa sholat ing wayah wengi lan ana uga kang padha mlaku lelungan ing bumi ngupaya jiwa golek rizki kanugrahaning Allah lan ana uga kang padha perang ing dalaning Allah, mulane sira padhaa maca al-Quran sakuwasanira lan ngakonana sholat, bayar zakat, padha motangna becik marang Allah. Samu barang kabecikan kang padha sira lakoni bakal nemu ganjran becik ana ngarsaning Allah ngungkuli kabecikan kang sira lakoni ing buri. Lan nyuwuna pangapuraning Allah, satemene Allah iku karsa ngapura tur maha asih.