Surah Al-Jinn

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قُلْ اُوْحِيَ اِلَيَّ اَنَّهُ اسْتَمَعَ نَفَرٌ مِّنَ الْجِنِّ فَقَالُوْٓا اِنَّا سَمِعْنَا قُرْاٰنًا عَجَبًاۙ١
Qul ūḥiya ilayya annahustama‘a nafarum minal-jinni fa qālū innā sami‘nā qur'ānan ‘ajabā(n).
[1] Dhawuha, "Aku tampa dhawuhe Allah paring pirsa ana sagolongan jin padha ngrungokake anggonku dhawuhake al-Quran, Jin mau ngeram - ngeramake al-Quran marang para kancane celathune, 'Aku krungu anggone Muhammad dhawuhake al-Quran kang helok' ".

يَّهْدِيْٓ اِلَى الرُّشْدِ فَاٰمَنَّا بِهٖۗ وَلَنْ نُّشْرِكَ بِرَبِّنَآ اَحَدًاۖ٢
Yahdī ilar-rusydi fa'āmannā bih(ī), wa lan nusyrika birabbinā aḥadā(n).
[2] "al-Quran nuduhake dalan bener, aku banjur pracaya ora pisan mangro tingal marang Allah Pangeranku lan ora menyang sapa - sapa".

وَّاَنَّهٗ تَعٰلٰى جَدُّ رَبِّنَا مَا اتَّخَذَ صَاحِبَةً وَّلَا وَلَدًاۖ٣
Wa annahū ta‘ālā jaddu rabbinā mattakhaża ṣāḥibataw wa lā waladā(n).
[3] Satemene Allah Pangeranku kang Maha Luhur lan Agung tanpa garwa lan ora kagungan putra.

وَّاَنَّهٗ كَانَ يَقُوْلُ سَفِيْهُنَا عَلَى اللّٰهِ شَطَطًاۖ٤
Wa annahū kāna yaqūlu safīhunā ‘alallāhi syaṭaṭā(n).
[4] Satemene kancaku kang bodho ngucap kang ora patut marang Allah, ngarani kagungan putra lan garwa.

وَّاَنَّا ظَنَنَّآ اَنْ لَّنْ تَقُوْلَ الْاِنْسُ وَالْجِنُّ عَلَى اللّٰهِ كَذِبًاۙ٥
Wa annā ẓanannā allan taqūlal-insu wal-jinnu ‘alallāhi każibā(n).
[5] Mahune penyanaku ora ana Jin lan manungsa celathu goroh tumrap marang Allah.

وَّاَنَّهٗ كَانَ رِجَالٌ مِّنَ الْاِنْسِ يَعُوْذُوْنَ بِرِجَالٍ مِّنَ الْجِنِّ فَزَادُوْهُمْ رَهَقًاۖ٦
Wa annahū kāna rijālum minal insi ya‘ūżūna birijālim minal-jinni fa zādūhum rahaqā(n).
[6] Sarta dene saka wong - wong saka antaraning manungsa jaluk pitulungan marang para Jin lanang, kang mangkono mau muwuhi kesasar tumrap dheweke.

وَّاَنَّهُمْ ظَنُّوْا كَمَا ظَنَنْتُمْ اَنْ لَّنْ يَّبْعَثَ اللّٰهُ اَحَدًاۖ٧
Wa annahum ẓannū kamā ẓanantum allay yab‘aṡallāhu aḥadā(n).
[7] Sateme dheweke (Jin) uga padha nyana kaya panyanamu, ing tembe Allah ora bakal nguripake wong siji kang wis mati.

وَّاَنَّا لَمَسْنَا السَّمَاۤءَ فَوَجَدْنٰهَا مُلِئَتْ حَرَسًا شَدِيْدًا وَّشُهُبًاۖ٨
Wa annā lamasnas-samā'a fa wajadnāhā muli'at ḥarasan syadīdaw wa syuhubā(n).
[8] Jin celathu, "Aku neja munggah marang langit, ngrungokake guneme kang padha ana kono, bareng meh tekan ing kono kebak malaekat kang jaga padha gagah prakoso lan panah - panah geni".

وَّاَنَّا كُنَّا نَقْعُدُ مِنْهَا مَقَاعِدَ لِلسَّمْعِۗ فَمَنْ يَّسْتَمِعِ الْاٰنَ يَجِدْ لَهٗ شِهَابًا رَّصَدًاۖ٩
Wa annā kunnā naq‘udu minhā maqā‘ida lis-sam‘(i), famay yastami‘il-āna yajid lahū syihābar raṣadā(n).
[9] Sarta, dene adat sabene aku padha lungguh ing palungguhan, supaya bisa amrungu, ananing saiki sapa sing ngrungokake bakal kapethukake urub (ing geni) kang ngadhang dheweke.

وَّاَنَّا لَا نَدْرِيْٓ اَشَرٌّ اُرِيْدَ بِمَنْ فِى الْاَرْضِ اَمْ اَرَادَ بِهِمْ رَبُّهُمْ رَشَدًاۙ١٠
Wa annā lā nadrī asyarrun urīda biman fil-arḍi am arāda bihim rabbuhum rasyadā(n).
[10] Aku ora weruh sebabe ora pareng ngrungokake guneme para malaekat mau, tumrape wong kang manggon ana bumi becik apa ala.

وَّاَنَّا مِنَّا الصّٰلِحُوْنَ وَمِنَّا دُوْنَ ذٰلِكَۗ كُنَّا طَرَاۤىِٕقَ قِدَدًاۙ١١
Wa annā minnaṣ-ṣāliḥūna wa minnā dūna żālik(a), kunnā ṭarā'iqa qidadā(n).
[11] Sawenehe golonganku padha wong tulus lan sawenehe ora mangkono, aku iki pepanthan kang padha seje - seje dalane.

وَّاَنَّا ظَنَنَّآ اَنْ لَّنْ نُّعْجِزَ اللّٰهَ فِى الْاَرْضِ وَلَنْ نُّعْجِزَهٗ هَرَبًاۖ١٢
Wa annā ẓanannā allan nu‘jizallāha fil-arḍi wa lan nu‘jizahū harabā(n).
[12] Panemuku, ora bisa ngoncati siksaning Allah ing bumi sarta ora bisa ngoncati Panjenengane sarana mlayu.

وَّاَنَّا لَمَّا سَمِعْنَا الْهُدٰىٓ اٰمَنَّا بِهٖۗ فَمَنْ يُّؤْمِنْۢ بِرَبِّهٖ فَلَا يَخَافُ بَخْسًا وَّلَا رَهَقًاۖ١٣
Wa annā lammā sami‘nal-hudā āmannā bih(ī), famay yu'mim birabbihī falā yakhāfu bakhsaw wa lā rahaqā(n).
[13] Aku bareng krungu pituduhe al-Quran banjur ngandel marang Allah lan al-Quran. Sing sapa pracaya marang Allah Pangerane mesthi ora kuatir suda kabecikane lan tambah halane.

وَّاَنَّا مِنَّا الْمُسْلِمُوْنَ وَمِنَّا الْقٰسِطُوْنَۗ فَمَنْ اَسْلَمَ فَاُولٰۤىِٕكَ تَحَرَّوْا رَشَدًا١٤
Wa annā minnal-muslimūna wa minnal-qāsiṭūn(a), faman aslama fa ulā'ika taḥarrau rasyadā(n).
[14] Satemen sawenehing golonganku ana wong kang sumarah, lan sawenehing nyimpang. Sapa wonge sing sumarah iku nuju marang dalan kang bener.

وَاَمَّا الْقٰسِطُوْنَ فَكَانُوْا لِجَهَنَّمَ حَطَبًاۙ١٥
Wa ammal-qāsiṭūna fa kānū lijahannama ḥaṭabā(n).
[15] Wondene wong kang padha nyimpang padha dadi urub - urubing neraka jahannam.

وَّاَنْ لَّوِ اسْتَقَامُوْا عَلَى الطَّرِيْقَةِ لَاَسْقَيْنٰهُمْ مَّاۤءً غَدَقًاۙ١٦
Wa allawistaqāmū ‘alaṭ-ṭarīqati la'asqaināhum mā'an gadaqā(n).
[16] Dene menawa dheweke padha tetep ngambah dalan (bener) mesthi bakal Ingsun turunake banyu udan kang deres (rizki kang akeh).

لِّنَفْتِنَهُمْ فِيْهِۗ وَمَنْ يُّعْرِضْ عَنْ ذِكْرِ رَبِّهٖ يَسْلُكْهُ عَذَابًا صَعَدًاۙ١٧
Linaftinahum fīh(i), wa may yu‘riḍ ‘an żikri rabbihī yasluk-hu ‘ażāban ṣa‘adā(n).
[17] Ingsun anggo nyoba marang dheweke ing dalem prakara iku lan sapa sing malengos saka eling marang Pangerane bakal dilebokake siksa kang nusahake banget.

وَّاَنَّ الْمَسٰجِدَ لِلّٰهِ فَلَا تَدْعُوْا مَعَ اللّٰهِ اَحَدًاۖ١٨
Wa annal-masājida lillāhi falā tad‘ū ma‘allāhi aḥadā(n).
[18] Lan satemene sarupaning masjid kabeh kagungane Allah, mulane anggonmu padha nyembah Allah aja dicampuri nyembah liyane.

وَّاَنَّهٗ لَمَّا قَامَ عَبْدُ اللّٰهِ يَدْعُوْهُ كَادُوْا يَكُوْنُوْنَ عَلَيْهِ لِبَدًاۗ ࣖ١٩
Wa annahū lammā qāma ‘abdullāhi yad‘ūhu kādū yakūnūna ‘alaihi libadā(n).
[19] Lan satemene bareng kawulaning Allah (Muhammad) ngadek nyembah Allah para Jin padha rebut dujung tunggang - tinunggang nyedhak (kudo ngurokake al-Quran).

قُلْ اِنَّمَآ اَدْعُوْا رَبِّيْ وَلَآ اُشْرِكُ بِهٖٓ اَحَدًا٢٠
Qul innamā ad‘ū rabbī wa lā usyriku bihī aḥadā(n).
[20] Dhawuhe (Muhammad), "Satemene aku mung nyembah ing Allah Pangeranku ora pisan tak wori nyembah liyane".

قُلْ اِنِّيْ لَآ اَمْلِكُ لَكُمْ ضَرًّا وَّلَا رَشَدًا٢١
Qul innī lā amliku lakum ḍarraw wa lā rasyadā(n).
[21] Dhawuha (Muhammad), "Aku iki ora nguasani marang kowe dadi kesasar utawa begja (iku atas kersaning Allah)".

قُلْ اِنِّيْ لَنْ يُّجِيْرَنِيْ مِنَ اللّٰهِ اَحَدٌ ەۙ وَّلَنْ اَجِدَ مِنْ دُوْنِهٖ مُلْتَحَدًا ۙ٢٢
Qul innī lay yujīranī minallāhi aḥad(un), wa lan ajida min dūnihī multaḥadā(n).
[22] Dhawuha, "(Menawa aku duraka ing Allah) ora ana wong sawiji kang bisa nulak siksaning Allah, lan aku ora oleh pangungsen liyane ngungsi marang Allah".

اِلَّا بَلٰغًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِسٰلٰتِهٖۗ وَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَاِنَّ لَهٗ نَارَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۗ٢٣
Illā balāgam minallāhi wa risālātih(ī), wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū fa inna lahū nāra jahannama khālidīna fīhā abadā(n).
[23] Kuwasaku mung mratakake dhawuhe Allah marang kowe kabeh (timbalan sarta ayahane) lan sapa wonge nglirwakake Allah lan utusane sayekti bakal oleh geni neraka langgeng salawase.

حَتّٰىٓ اِذَا رَاَوْا مَا يُوْعَدُوْنَ فَسَيَعْلَمُوْنَ مَنْ اَضْعَفُ نَاصِرًا وَّاَقَلُّ عَدَدًاۗ٢٤
Ḥattā iżā ra'au mā yū‘adūna fasaya‘lamūna man aḍ‘afu nāṣiraw wa aqallu ‘adadā(n).
[24] Nganti padha deleng siksa kang diancamake marang dheweke, banjur bakal padha weruh sapa sing panulunge luwih apes sarta luwih sethithik cacahe.

قُلْ اِنْ اَدْرِيْٓ اَقَرِيْبٌ مَّا تُوْعَدُوْنَ اَمْ يَجْعَلُ لَهٗ رَبِّيْٓ اَمَدًا٢٥
Qul in adrī aqarībum mā tū‘adūna am yaj‘alu lahū rabbī amadā(n).
[25] Dhawuha, "Aku ora weruh siksa kang diancamake marang kowe apa wis cedhak utawa isih lawas kelakone".

عٰلِمُ الْغَيْبِ فَلَا يُظْهِرُ عَلٰى غَيْبِهٖٓ اَحَدًاۙ٢٦
‘Ālimul-gaibi falā yuẓhiru ‘alā gaibihī aḥadā(n).
[26] Allah iku nguningani barang kang samar kang ora diweruhi manungsa, lan ora kersa medharake barang kang samar mau marang sawijining wong.

اِلَّا مَنِ ارْتَضٰى مِنْ رَّسُوْلٍ فَاِنَّهٗ يَسْلُكُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهٖ رَصَدًاۙ٢٧
Illā manirtaḍā mir rasūlin fa innahū yasluku mim baini yadaihi wa min khalfihī raṣadā(n).
[27] Kajaba rasul kang wis diparengake nyumurupi, rasul dijaga (para Malaikat) ana ing ngarep buri lan kiwa tengene.

لِّيَعْلَمَ اَنْ قَدْ اَبْلَغُوْا رِسٰلٰتِ رَبِّهِمْ وَاَحَاطَ بِمَا لَدَيْهِمْ وَاَحْصٰى كُلَّ شَيْءٍ عَدَدًا ࣖ٢٨
Liya‘lama an qad ablagū risālāti rabbihim wa aḥāṭa bimā ladaihim wa aḥṣā kulla syai'in ‘adadā(n).
[28] Supaya Allah nguningani kelawan gumelar yen para Rosul mau temen wis ngundangake dhawuhing Allah Pangerane, kaweruhhing Allah ngalimputi para Rosul kabeh lan bisa nacahake samu barang.