Surah Nuh
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّآ اَرْسَلْنَا نُوْحًا اِلٰى قَوْمِهٖٓ اَنْ اَنْذِرْ قَوْمَكَ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَهُمْ عَذَابٌ اَلِيْمٌ١
Innā arsalnā nūḥan ilā qaumihī an anżir qaumaka min qabli ay ya'tiyahum ‘ażābun alīm(un).
[1]
Ingsun wis ngutus Nuh, nyurup - nyurupake marang ummate, "He Nuh, elingna para ummattira padha ngelakonono penggawe becik, mupung durung katekan siksaning Allah kang gelarani".
قَالَ يٰقَوْمِ اِنِّيْ لَكُمْ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۙ٢
Qāla yā qaumi innī lakum nażīrum mubīn(un).
[2]
Dhawuhe Nuh, "Para umatku, aku iki nyurupake lan ngelingake marang kowe".
اَنِ اعْبُدُوا اللّٰهَ وَاتَّقُوْهُ وَاَطِيْعُوْنِۙ٣
Ani‘budullāha wattaqūhu wa aṭī‘ūn(i).
[3]
Kowe padha ngabektia lan nyembaha Allah, apa dhene padha manut mituruta marang pituturku.
يَغْفِرْ لَكُمْ مِّنْ ذُنُوْبِكُمْ وَيُؤَخِّرْكُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اِنَّ اَجَلَ اللّٰهِ اِذَا جَاۤءَ لَا يُؤَخَّرُۘ لَوْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ٤
Yagfir lakum min żunūbikum wa yu'akhkhirkum ilā ajalim musammā(n), inna ajalallāhi iżā jā'a lā yu'akhkhar(u), lau kuntum ta‘lamūn(a).
[4]
Allah bakal ngapura sekabehe dosamu, lan bakal nyarentekake kowe nganti tekan wewangen kang wis tinamtokake yaiku tekan ing pati. Menawa kowe padha weruh wawangening Allah iku yen wis pundhat ora kena disrantekake maneh.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْ دَعَوْتُ قَوْمِيْ لَيْلًا وَّنَهَارًاۙ٥
Qāla rabbi innī da‘atu qaumī lailaw wa nahārā(n).
[5]
Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rinten dalu tansah ngajak - ajak para ummat kawula (supados pitados ing Paduka)".
فَلَمْ يَزِدْهُمْ دُعَاۤءِيْٓ اِلَّا فِرَارًا٦
Falam yazidhum du‘ā'ī illā firārā(n).
[6]
Nanging pangajak kawula punika namung mewahi girasipun para ummat kawula, sami boten purun manut.
وَاِنِّيْ كُلَّمَا دَعَوْتُهُمْ لِتَغْفِرَ لَهُمْ جَعَلُوْٓا اَصَابِعَهُمْ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَاسْتَغْشَوْا ثِيَابَهُمْ وَاَصَرُّوْا وَاسْتَكْبَرُوا اسْتِكْبَارًاۚ٧
Wa innī kullamā da‘autuhum litagfira lahum ja‘alū aṣābi‘ahum fī āżānihim wastagsyau ṡiyābahum wa aṣarrū wastakbarustikbārā(n).
[7]
Kawula punika saben ngajak - ajak pitados ing Paduka dhumateng para ummat kawula supados ngapura piyambakipun, lajeng sami nutupi kupinginpun mawi drijinipun, sarta sirahipun dipun krukup mawi sinjangipun. Parta gumedhe.
ثُمَّ اِنِّيْ دَعَوْتُهُمْ جِهَارًاۙ٨
Ṡumma innī da‘autuhum jihārā(n).
[8]
Sasampunipun makaten para ummat wau sami kawula pituturi kalayan sora (terang - terangan).
ثُمَّ اِنِّيْٓ اَعْلَنْتُ لَهُمْ وَاَسْرَرْتُ لَهُمْ اِسْرَارًاۙ٩
Ṡumma innī a‘lantu lahum wa asrartu lahum isrārā(n).
[9]
Lajeng sami kawula pituturi kalayan sora saha lirih.
فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهٗ كَانَ غَفَّارًاۙ١٠
Faqultustagfirū rabbakum innahū kāna gaffārā(n).
[10]
Dhawuh kawula mekaten, "Para ummatku padha nyuwuna pangapura ing Allah Pangeranmu, awit Allah iku kepareng ngapura".
يُّرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًاۙ١١
Yursilis-samā'a ‘alaikum midrārā(n).
[11]
(Yen wis kepareng ngapura) banjur nurunake banyu udan deres saka langit.
وَّيُمْدِدْكُمْ بِاَمْوَالٍ وَّبَنِيْنَ وَيَجْعَلْ لَّكُمْ جَنّٰتٍ وَّيَجْعَلْ لَّكُمْ اَنْهٰرًاۗ١٢
Wa yumdidkum bi'amwāliw wa banīna wa yaj‘al lakum jannātiw wa yaj‘al lakum anhārā(n).
[12]
Apa dene paring wuwuh bandha lan anak, lan maringi palemahan sarta kali kanggo ngoncori palemahan mau.
مَا لَكُمْ لَا تَرْجُوْنَ لِلّٰهِ وَقَارًاۚ١٣
Mā lakum lā tarjūna lillāhi waqārā(n).
[13]
Ya gena kowe padha ora pracaya kaagungane Allah?
وَقَدْ خَلَقَكُمْ اَطْوَارًا١٤
Wa qad khalaqakum aṭwārā(n).
[14]
Allah wis dadekake awakmu pirang - pirang rambahan kang tumaruntun.
اَلَمْ تَرَوْا كَيْفَ خَلَقَ اللّٰهُ سَبْعَ سَمٰوٰتٍ طِبَاقًاۙ١٥
Alam tara kaifa khalaqallāhu sab‘a samāwātin ṭibāqā(n).
[15]
Apa ora padha handeleng anggone Allah gawe langit pitu kang sap - sapan.
وَّجَعَلَ الْقَمَرَ فِيْهِنَّ نُوْرًا وَّجَعَلَ الشَّمْسَ سِرَاجًا١٦
Wa ja‘alal-qamara fīhinna nūraw wa ja‘alasy-syamsa sirājā(n).
[16]
Lan andadekake rambulan madhangi langit kabeh, lan dadekake srengenge minangka damar?
وَاللّٰهُ اَنْۢبَتَكُمْ مِّنَ الْاَرْضِ نَبَاتًاۙ١٧
Wallāhu ambatakum minal-arḍi nabātā(n).
[17]
Lan maneh Allah gawe awakmu asal saka lemah.
ثُمَّ يُعِيْدُكُمْ فِيْهَا وَيُخْرِجُكُمْ اِخْرَاجًا١٨
Ṡumma yu‘īdukum fīhā wa yukhrijukum ikhrājā(n).
[18]
Sawise dadi manungsa, Allah banjur balekake awakmu menyang lemah maneh, sawise dadi lemah Allah nguripake kowe lan diwetokake saka kubur.
وَاللّٰهُ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ بِسَاطًاۙ١٩
Wallāhu ja‘ala lakumul-arḍa bisāṭā(n).
[19]
Apadene Allah dadekake bumi iki warna - warna mugunani marang kowe.
لِّتَسْلُكُوْا مِنْهَا سُبُلًا فِجَاجًا ࣖ٢٠
Litaslukū minhā subulan fijājā(n).
[20]
Supaya kowe padha bisa mlaku ana dalan kang jembar.
قَالَ نُوْحٌ رَّبِّ اِنَّهُمْ عَصَوْنِيْ وَاتَّبَعُوْا مَنْ لَّمْ يَزِدْهُ مَالُهٗ وَوَلَدُهٗٓ اِلَّا خَسَارًاۚ٢١
Qāla nūḥur rabbi innahum ‘aṣaunī wattaba‘ū mal lam yazidhu māluhū wa waladuhū illā khasārā(n).
[21]
Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, para ummat kawula punika sami boten manut miturut dhumateng parintah kawula, sami manut dhateng tiyang ingkang asor budinipun, kasugihan arta sarta anakipun, namung badhe andadosaken kapitunanipun".
وَمَكَرُوْا مَكْرًا كُبَّارًاۚ٢٢
Wa makarū makran kubbārā(n).
[22]
Para ummat wahu sami damel pakewet ageng.
وَقَالُوْا لَا تَذَرُنَّ اٰلِهَتَكُمْ وَلَا تَذَرُنَّ وَدًّا وَّلَا سُوَاعًا ەۙ وَّلَا يَغُوْثَ وَيَعُوْقَ وَنَسْرًاۚ٢٣
Wa qālū lā tażarunna ālihatakum wa lā tażarunna waddaw wa lā suwā‘ā(n), wa lā yagūṡa wa ya‘ūqa wa nasrā(n).
[23]
Pangucapipun (tiyang ingkang asor budinipun), "Aja padha tingal nyembah sesemabahan mu brahala, lan aja padha tinggal (nyembah) Wadd lan Suwaa', Yaghuts, Ya'uq lan nasr" (nami - nami brahala).
وَقَدْ اَضَلُّوْا كَثِيْرًا ەۚ وَلَا تَزِدِ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا ضَلٰلًا٢٤
Wa qad aḍallū kaṡīrā(n), wa lā tazidiẓ-ẓālimīna illā ḍalālā(n).
[24]
Sejatosipun tiyang asor ing budi wau sami nasaraken tiyang kathah mila panyuwun kula tiyang kafir wahu mugi paduka boten nambahi kajawi siksa awon.
مِمَّا خَطِيْۤـٰٔتِهِمْ اُغْرِقُوْا فَاُدْخِلُوْا نَارًا ەۙ فَلَمْ يَجِدُوْا لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَنْصَارًا٢٥
Mimmā khaṭī'ātihim ugriqū fa'udkhilū nārā(n), falam yajidū lahum min dūnillāhi anṣārā(n).
[25]
Sarehning gedhe kaluputane mulane padha dikelem banjir topan, ana sajeroning banyu di obong geni. Liyane Allah ora ana kang bisa nulungi.
وَقَالَ نُوْحٌ رَّبِّ لَا تَذَرْ عَلَى الْاَرْضِ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ دَيَّارًا٢٦
Wa qāla nūḥur rabbi lā tażar ‘alal-arḍi minal-kāfirīna dayyārā(n).
[26]
Nuh munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, tiyang kafir wahu mugi Paduka telasaken sampun wonten ingkang kantun gesang ing bumi manggen ing griya".
اِنَّكَ اِنْ تَذَرْهُمْ يُضِلُّوْا عِبَادَكَ وَلَا يَلِدُوْٓا اِلَّا فَاجِرًا كَفَّارًا٢٧
Innaka in tażarhum yuḍillū ‘ibādaka wa lā yalidū illā fājiran kaffārā(n).
[27]
Manawi Paduka kendelaken kemawon, tamtu badhe nasaraken para kawula Paduka, manawi ing tembe medal anakipun, anak wahu tamtu dados tiyang awon utawi kafir.
رَبِّ اغْفِرْ لِيْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِمَنْ دَخَلَ بَيْتِيَ مُؤْمِنًا وَّلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۗ وَلَا تَزِدِ الظّٰلِمِيْنَ اِلَّا تَبَارًا ࣖ٢٨
Rabbigfir lī wa liwālidayya wa liman dakhala baitiya mu'minaw wa lil-mu'minīna wal-mu'mināt(i), wa lā tazidiẓ-ẓālimīna illā tabārā(n).
[28]
"Pangeran kawula, Paduka mugi ngapuraha kalepatan kawula saha kalepatanipun tiyang sepuh kawula kekalih, saha dhumateng tiyang ingkang malebet griya kawula utawi, dhateng tiyang mukmin jaler estri, para tiyang kafir punika mugi Paduka tumpes kemawon".