Surah At-Tahrim

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ لِمَ تُحَرِّمُ مَآ اَحَلَّ اللّٰهُ لَكَۚ تَبْتَغِيْ مَرْضَاتَ اَزْوَاجِكَۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ١
Yā ayyuhan-nabiyyu lima tuḥarrimu mā aḥallallāhu lak(a), tabtagī marḍāta azwājik(a), wallāhu gafūrur raḥīm(un).
[1] O, Nabi! yagene sira anglarangi barang kang wis diwenangke dening Allah marang sira mung murih leganing atine para rabinira wae, Allah iku kepareng ngapura tur maha asih.

قَدْ فَرَضَ اللّٰهُ لَكُمْ تَحِلَّةَ اَيْمَانِكُمْۚ وَاللّٰهُ مَوْلٰىكُمْۚ وَهُوَ الْعَلِيْمُ الْحَكِيْمُ٢
Qad faraḍallāhu lakum taḥillata aimānikum, wallāhu maulākum, wa huwal-‘alīmul-ḥakīm(u).
[2] Allah wis nindakake udare supatanira (sumpah nglarang ngombe madu kanggo nyenengake garwa - garwane nabi sarana bayar kaffarah yaiku merdekakake kawula) Allah iku Pangayomira, Allah iku nguningani tur wicaksana.

وَاِذْ اَسَرَّ النَّبِيُّ اِلٰى بَعْضِ اَزْوَاجِهٖ حَدِيْثًاۚ فَلَمَّا نَبَّاَتْ بِهٖ وَاَظْهَرَهُ اللّٰهُ عَلَيْهِ عَرَّفَ بَعْضَهٗ وَاَعْرَضَ عَنْۢ بَعْضٍۚ فَلَمَّا نَبَّاَهَا بِهٖ قَالَتْ مَنْ اَنْۢبَاَكَ هٰذَاۗ قَالَ نَبَّاَنِيَ الْعَلِيْمُ الْخَبِيْرُ٣
Wa iż asarran-nabiyyu ilā ba‘ḍi azwājihī ḥadīṡā(n), falammā nabba'at bihī wa aẓharahullāhu ‘alaihi ‘arrafa ba‘ḍahū wa a‘raḍa ‘am baḍ(in), falammā nabba'ahā bihī qālat man amba'aka hāżā, qāla nabba'aniyal-‘alīmul-khabīr(u).
[3] Lan nalika Nabi kelawan sideman aweh warta marang saweneh garwane (Hafsah) ananging bareng (Hafsah) amartakake kadadeyan mau (marang aisyah) sarta Allah paring weruh perkara iku marang panjenengane (nabi Muhammad) panjenengane paring weruh prakara mau (antarane Hafsah lan Aisyah) dheweke (Hafsah) matur, "Sinten ingkang amartosaken prakawis punika dhateng panjenengan?" Pangandikane (Nabi), "Ingkang Maha Wikan Ingkang Waspada kang martani aku".

اِنْ تَتُوْبَآ اِلَى اللّٰهِ فَقَدْ صَغَتْ قُلُوْبُكُمَاۚ وَاِنْ تَظٰهَرَا عَلَيْهِ فَاِنَّ اللّٰهَ هُوَ مَوْلٰىهُ وَجِبْرِيْلُ وَصَالِحُ الْمُؤْمِنِيْنَۚ وَالْمَلٰۤىِٕكَةُ بَعْدَ ذٰلِكَ ظَهِيْرٌ٤
In tatūbā ilallāhi faqad ṣagat qulūbukumā, wa in taẓāharā ‘alaihi fa innallāha huwa maulāhu wa jibrīlu wa ṣāliḥul-mu'minīn(a), wal-malā'ikatu ba‘da żālika ẓahīr(un).
[4] Manawa sira sakaro (Hafsah lan Aisyah) padha taubat marang Allah, lan sayekti atinira wis tumiyung (mrono) lan manawa sira sakaro saiyeg bantu binantu lumawan panjenengane (Muhammad) sayekti Allah iku Pangayome, awit Allah lan Jibril apadenen para Mukmin kang becik padha nulungi Rasulullah sawise iku, para Malaikat uga padha nulungi.

عَسٰى رَبُّهٗٓ اِنْ طَلَّقَكُنَّ اَنْ يُّبْدِلَهٗٓ اَزْوَاجًا خَيْرًا مِّنْكُنَّ مُسْلِمٰتٍ مُّؤْمِنٰتٍ قٰنِتٰتٍ تٰۤىِٕبٰتٍ عٰبِدٰتٍ سٰۤىِٕحٰتٍ ثَيِّبٰتٍ وَّاَبْكَارًا٥
‘Asā rabbuhū in ṭallaqakunna ay yubdilahū azwājan khairam minkunna muslimātim mu'minātin qānitātin tā'ibātin ‘ābidātin sā'iḥātin ṡayyibātiw wa abkārā(n).
[5] Upama kelakon panjenengane (Muhammad) megat ing sira kabeh, bakal aparing leliru garwa kang luwih becik ngungkuli sira (yaiku) wong wadon Islam, percaya ing Allah, sumungkem/mituhu, ahli mratobat, bekti, dhemen poso, rondho tuwin prawan.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا قُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَاَهْلِيْكُمْ نَارًا وَّقُوْدُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلٰۤىِٕكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَّا يَعْصُوْنَ اللّٰهَ مَآ اَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُوْنَ مَا يُؤْمَرُوْنَ٦
Yā ayyuhal-lażīna āmanū qū anfusakum wa ahlīkum nāraw waqūduhan-nāsu wal-ḥijāratu ‘alaihā malā'ikatun gilāẓun syidādul lā ya‘ṣūnallāha mā amarahum wa yaf‘alūna mā yu'marūn(a).
[6] Para mukmin! sira jagaa awakira lan para warganira aja nganti kecemplung ing neraka, kang urub - urube manungsa lan watu, kang jaga para Malaikat gedhe dhuwur gagah prakosa, ora tau nglirwakake parentahe Allah padha ngelakoni sabarang dhawuhing Allah.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَعْتَذِرُوا الْيَوْمَۗ اِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ࣖ٧
Yā ayyuhal-lażīna kafarū lā ta‘tażīrul-yaum(a), innamā tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[7] Para kafir: Ing dina qiyamat iku sira aja nganggo madoni mratelakake sebab - sebab anggonira padha ngelakoni duraka, anane sira disiksa, mung wewalese pihala kang wis padha sira lakoni.

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا تُوْبُوْٓا اِلَى اللّٰهِ تَوْبَةً نَّصُوْحًاۗ عَسٰى رَبُّكُمْ اَنْ يُّكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُۙ يَوْمَ لَا يُخْزِى اللّٰهُ النَّبِيَّ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗۚ نُوْرُهُمْ يَسْعٰى بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَبِاَيْمَانِهِمْ يَقُوْلُوْنَ رَبَّنَآ اَتْمِمْ لَنَا نُوْرَنَا وَاغْفِرْ لَنَاۚ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٨
Yā ayyuhal-lażīna āmanū tūbū ilallāhi taubatan naṣūḥā(n), ‘asā rabbukum ay yukaffira ‘ankum sayyi'ātikum wa yudkhilakum jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), yauma lā yukhzillāhun-nabiyya wal-lażīna āmanū ma‘ah(ū), nūruhum yas‘ā baina aidīhim wa bi'aimānihim yaqūlūna rabbanā atmim lanā nūranā wagfir lanā, innaka ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[8] Para mukmin! Padha tobata ing Allah kang temen. Allah muga ngapuraha lan muwunga halanira, muga nglebokna sira ing suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon, (kelakone kang mangkono mahu besuk dina Qiyamat) ing kono Allah ora ngasoorake Nabi (Muhammad) lan para kancane kang mukmin cahyane padha mencorong madhangi ing ngarepe lan ing kono tangane padha munjuk ing Allah. Dhuh Pangeran! Paduka mugi nyampurnakna cahya kawula lan mugi ngapura dhumateng kawula, Paduka punika nguwasani samu kawis.

يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْۗ وَمَأْوٰىهُمْ جَهَنَّمُۗ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ٩
Yā ayyuhan-nabiyyu jāhidil-kuffāra wal-munāfiqīna wagluẓ ‘alaihim, wa ma'wāhum jahannam(u), wa bi'sal-maṣīr(u).
[9] He nabi, sira peranga nglawan para wong kafir lan para wong lamis. Kabeh padha sira sentosanana. Besuk ana akherat wong kafir mau padha ana neraka Jahannam. Hala temen kawusanan kang mangkono iku.

ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوا امْرَاَتَ نُوْحٍ وَّامْرَاَتَ لُوْطٍۗ كَانَتَا تَحْتَ عَبْدَيْنِ مِنْ عِبَادِنَا صَالِحَيْنِ فَخَانَتٰهُمَا فَلَمْ يُغْنِيَا عَنْهُمَا مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا وَّقِيْلَ ادْخُلَا النَّارَ مَعَ الدّٰخِلِيْنَ١٠
Ḍaraballāhu maṡalal lil-lażīna kafarumra'ata nūḥiw wamra'ata lūṭ(in), kānatā taḥta ‘abdaini min ‘ibādinā ṣāliḥaini fa khānatāhumā falam yugniyā ‘anhumā minallāhi syai'aw wa qīladkhulan-nāra ma‘ad-dākhilīn(a).
[10] Allah anggelar upama tumrap wong kang padha kafir kang dianggo upama rabine Nuh lan Luth. Wong wadon loro mau padha dadi rabine kawulaningsun wong loro, padha wong becik. Nanging wong wadon loro mau padha cidra marang lakine. Nuh lan Luth padha ora bisa ngayomi sethithika marang rabine, nyuwunake wurung siksaning Allah. Wong wadon loro mau padha tampa dhawuh, "Sira padha mlebua ing neraka, awor wong kang padha malebu ing neraka".

وَضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوا امْرَاَتَ فِرْعَوْنَۘ اِذْ قَالَتْ رَبِّ ابْنِ لِيْ عِنْدَكَ بَيْتًا فِى الْجَنَّةِ وَنَجِّنِيْ مِنْ فِرْعَوْنَ وَعَمَلِهٖ وَنَجِّنِيْ مِنَ الْقَوْمِ الظّٰلِمِيْنَۙ١١
Wa ḍaraballāhu maṡalal lil-lażīna āmanumra'ata fir‘aun(a), iż qālat rabbibni lī ‘indaka baitan fil jannati wa najjinī min fir‘auna wa ‘amalihī wa najjinī minal qaumiẓ-ẓālimīn(a).
[11] Lan maneh Allah anggelar upama, tumrap wong kang padha percaya ing Allah. Kang dianggo upama rabine Fir'aun nalika dipilara munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula! Paduka mugi andamelan griya kawula wonten suwarga, kawula mugi panjenengan paringi wilujeng, kalis saking Fir'aun saha pihawonipun. Saha mugi Paduka paringi wilujeng saking pihawonipun para tiyang ingkang nganiaya".

وَمَرْيَمَ ابْنَتَ عِمْرٰنَ الَّتِيْٓ اَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيْهِ مِنْ رُّوْحِنَا وَصَدَّقَتْ بِكَلِمٰتِ رَبِّهَا وَكُتُبِهٖ وَكَانَتْ مِنَ الْقٰنِتِيْنَ ࣖ ۔١٢
Wa maryamabnata ‘imrānal-latī aḥṣanat farjahā fa nafakhnā fīhi mir rūḥinā wa ṣaddaqat bikalimāti rabbihā wa kutubihī wa kānat minal-qānitīn(a).
[12] Lan kang dianggo upama maneh Maryam anake Imron kang temen - temen rumeksa aksuciane mulane Ingsun aniyup dheweke kelawan ruh Ingsun sarta dheweke ambenerake marang sabdane Pangerane lan kitab - kitabe, tuwin dheweke dadi golongane para kang padha mituhu.