Surah Al-Munafiqun
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا جَاۤءَكَ الْمُنٰفِقُوْنَ قَالُوْا نَشْهَدُ اِنَّكَ لَرَسُوْلُ اللّٰهِ ۘوَاللّٰهُ يَعْلَمُ اِنَّكَ لَرَسُوْلُهٗ ۗوَاللّٰهُ يَشْهَدُ اِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَكٰذِبُوْنَۚ١
Iżā jā'akal-munāfiqūna qālū nasyhadu innaka larasūlullāh(i), wallāhu ya‘lamu innaka larasūluh(ū), wallāhu yasyhadu innal-munāfiqīna lakāżibūn(a).
[1]
(Muhammad) manawa wong lamis padha sowan marang sira lan matur, "Kula sami nekseni panjenengan punika temen utusane Allah". Allah Nyekseni yen kandhane wong lamis mau satemene goroh. Allah nguningani yen sira temen utusane Allah.
اِتَّخَذُوْٓا اَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ۗاِنَّهُمْ سَاۤءَ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢
Ittakhażū aimānahum junnatan faṣaddū ‘an sabīlillāh(i), innahum sā'a mā kānū ya‘malūn(a).
[2]
Wong lamis mau wani sumpah dianggo ngaling - ngalingi (bandha lan nyawane). Tumuli dheweke ngalang - ngalangi (manungsa) ana ing dalaning ALlah (Islam) wong lamis mau ala temen kang padha dilakoni.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ اٰمَنُوْا ثُمَّ كَفَرُوْا فَطُبِعَ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُوْنَ٣
Żālika bi'annahum āmanū ṡumma kafarū faṭubi‘a ‘alā qulūbihim fahum lā yafqahūn(a).
[3]
Anggone hala mau marga padha percya ing Allah, nanging banjur padha balik dadi kafir, wusana atine dikancing ora bisa kalebon iman, dadi padha ora ngerti.
۞ وَاِذَا رَاَيْتَهُمْ تُعْجِبُكَ اَجْسَامُهُمْۗ وَاِنْ يَّقُوْلُوْا تَسْمَعْ لِقَوْلِهِمْۗ كَاَنَّهُمْ خُشُبٌ مُّسَنَّدَةٌ ۗيَحْسَبُوْنَ كُلَّ صَيْحَةٍ عَلَيْهِمْۗ هُمُ الْعَدُوُّ فَاحْذَرْهُمْۗ قَاتَلَهُمُ اللّٰهُ ۖاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَ٤
Wa iżā ra'aitahum tu‘jibuka ajsāmuhum, wa iy yaqūlū tasma‘ liqaulihim, ka'annahum khusyubum musannadah(tun), yaḥsabūna kulla ṣaiḥatin ‘alaihim, humul-‘aduwwu faḥżarhum, qātalahumullāh(u), annā yu'fakūn(a).
[4]
Manawa sira deleng wong lamis mau gumun dening awake becik - becik. Manawa krungun caturane gumun dening patitis tetembungane, prasasat balok sumendhe ing pager tembok. Wong lamis mau saking wedine, sadhenga suwara dikira bakal bebayani awake. Wong lamis mau sabenere asteru sira padha prayitna. Allah bakal nyirnakake wong lamis mau. Anggumunake nganti dheweke diplencengake (saka kebeneran)?
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ تَعَالَوْا يَسْتَغْفِرْ لَكُمْ رَسُوْلُ اللّٰهِ لَوَّوْا رُءُوْسَهُمْ وَرَاَيْتَهُمْ يَصُدُّوْنَ وَهُمْ مُّسْتَكْبِرُوْنَ٥
Wa iżā qīla lahum ta‘ālau yastagfir lakum rasūlullāhi lawwau ru'ūsahum wa ra'aitahum yaṣuddūna wa hum mustakbirūn(a).
[5]
Manawa wong lamis mau padha ditimbali, "Ayo padha mrenea (iman) suoaya Rosulullah bakal nyuwunake pangapuraning Allah marang kowe". Wong lamis mau padha gedhek wae, sira deleng padha malengos atine gumedhe.
سَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ اَسْتَغْفَرْتَ لَهُمْ اَمْ لَمْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْۗ لَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَهُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ٦
Sawā'un ‘alaihim astagfarta lahum am lam tastagfir lahum, lay yagfirallāhu lahum, innallāha lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[6]
Wong lamis mau sanadiyan sira suwunake pangapura utawa ora padha wae. Allah ora kersa ngapura marang dheweke. Satemene Allah ora kersa nuduhake dalan ener marang wong kafir.
هُمُ الَّذِيْنَ يَقُوْلُوْنَ لَا تُنْفِقُوْا عَلٰى مَنْ عِنْدَ رَسُوْلِ اللّٰهِ حَتّٰى يَنْفَضُّوْاۗ وَلِلّٰهِ خَزَاۤىِٕنُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۙ وَلٰكِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَا يَفْقَهُوْنَ٧
Humul-lażīna yaqūlūna lā tunfiqū ‘alā man ‘inda rasūlillāhi ḥattā yanfaḍḍū, wa lillāhi khazā'inus-samāwāti wal-arḍ(i), wa lākinnal-munāfiqīna lā yafqahūn(a).
[7]
Hiya iku wong kang padha ngucap (marang wong Anshor) mangkene, "Aja padha weweh marang wong kang dadi kancane Rosulullah (Muhajirin) kajaba yen wis pisah". Gudhang pasimpenan ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Nanging para wong lamis padha ora ngerti.
يَقُوْلُوْنَ لَىِٕنْ رَّجَعْنَآ اِلَى الْمَدِيْنَةِ لَيُخْرِجَنَّ الْاَعَزُّ مِنْهَا الْاَذَلَّ ۗوَلِلّٰهِ الْعِزَّةُ وَلِرَسُوْلِهٖ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَلٰكِنَّ الْمُنٰفِقِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٨
Yaqūlūna la'ir raja‘nā ilal-madīnati layukhrijannal-a‘azzu minhal-ażall(a), wa lillāhil-‘izzatu wa lirasūlihī wa lil-mu'minīna wa lākinnal-munāfiqīna lā ya‘lamūn(a).
[8]
Wong lamis mau pahdha uga kondha, "Manawa aku gelem bali marang Madinah, mesthi wong sing kuwat bakal ngusir wong sing ringkih". Weruha, kamulyan lan kemenangan iku kagungane Allah lan utusane apa dene wong Mukmin. Nanging mangkini iku wong lamis padha ora weruh.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُلْهِكُمْ اَمْوَالُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۚوَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tulhikum amwālukum wa lā aulādukum ‘an żikrillāh(i), wa may yaf‘al żālika fa ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[9]
Para mukmin! Anggonira ngopeni bandhanira utawa anakira aja nganthi ngalahake anggonira eling ing Allah, sing sapa nglakoni mangkono mau tetep wong kapitunan.
وَاَنْفِقُوْا مِنْ مَّا رَزَقْنٰكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ فَيَقُوْلَ رَبِّ لَوْلَآ اَخَّرْتَنِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۚ فَاَصَّدَّقَ وَاَكُنْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ١٠
Wa anfiqū mimmā razaqnākum min qabli ay ya'tiya aḥadakumul-mautu fa yaqūla rabbi lau lā akhkhartanī ilā ajalin qarīb(in), fa aṣṣaddaqa wa akum minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[10]
Lan padha wewehana barang kang wis Ingsun paringake marang sira mumpung durung mati. Yen nganti tekan mangsane mati sira mesthi munjuk, "Pangeran kula! Kula punika panjenengan srantosaken sakedhap kemawon kawula badhe mewehaken bondha kawula, saha badhe dados tiyang sahe".
وَلَنْ يُّؤَخِّرَ اللّٰهُ نَفْسًا اِذَا جَاۤءَ اَجَلُهَاۗ وَاللّٰهُ خَبِيْرٌۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ ࣖ١١
Wa lay yu'akhkhirallāhu nafsan iżā jā'a ajaluhā, wallāhu khabīrum bimā ta‘malūn(a).
[11]
Allah ora kersa nyarantekake wong kang wis tekan wawangene patine. Allah iku waspada marang samu barang kang sira lakoni.