Surah As-Saff
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
سَبَّحَ لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِۚ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ١
Sabbaḥa lillāhi mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[1]
Isine langit lan bumi padha nyebut maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لِمَ تَقُوْلُوْنَ مَا لَا تَفْعَلُوْنَ٢
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lima taqūlūna mā lā taf‘alūn(a).
[2]
Para mukmin! Ya gene sira padha kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni?
كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللّٰهِ اَنْ تَقُوْلُوْا مَا لَا تَفْعَلُوْنَ٣
Kabura maqtan ‘indallāhi an taqūlū mā lā taf‘alūn(a).
[3]
Gedhe-gedhening siksa ana ngarsaning allah iku manawa sira kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni.
اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الَّذِيْنَ يُقَاتِلُوْنَ فِيْ سَبِيْلِهٖ صَفًّا كَاَنَّهُمْ بُنْيَانٌ مَّرْصُوْصٌ٤
Innallāha yuḥibbul-lażīna yuqātilūna fī sabīlihī ṣaffan ka'annahum bun-yānum marṣūṣ(un).
[4]
Satemene Allah remen marang wong Islam kang padha mangsah perang nglakoni dhalaning Allah, tataning barisan sapsapan kaya pager bata kang santosa.
وَاِذْ قَالَ مُوْسٰى لِقَوْمِهٖ يٰقَوْمِ لِمَ تُؤْذُوْنَنِيْ وَقَدْ تَّعْلَمُوْنَ اَنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْۗ فَلَمَّا زَاغُوْٓا اَزَاغَ اللّٰهُ قُلُوْبَهُمْۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفٰسِقِيْنَ٥
Wa iż qāla mūsā liqaumihī yā qaumi lima tu'żūnanī wa qad ta‘lamūna annī rasūlullāhi ilaikum, falammā zāgū azāgallāhu qulūbahum, wallāhu lā yahdil-qaumal-fāsiqīn(a).
[5]
(Muhammad), nyeritakna nalikane Musa pitutur marang ummate, "Para ummatku, ya gene kowe padha nglarakake atiku gene kowe padha nglarakake atiku ing mangka kowe wis padha weruh yen aku iki utusane Allah marang kowe?" Bareng para ummat mau padha puguh nyimpang saka ing bener, Allah ora kersa nuduhake wong kang padha duraka.
وَاِذْ قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْ مُّصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَمُبَشِّرًاۢ بِرَسُوْلٍ يَّأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِى اسْمُهٗٓ اَحْمَدُۗ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ٦
Wa iż qāla ‘īsabnu maryama yā banī isrā'īla innī rasūlullāhi ilaikum muṣaddiqal limā baina yadayya minat-taurāti wa mubasysyiram birasūliy ya'tī mim ba‘dismuhū aḥmad(u), falammā jā'ahum bil-bayyināti qālū hāżā siḥrum mubīn(un).
[6]
Lan nyaritakna nalika Isa anake Maryam biyen mituturi mangkene, "Para turune Israil, Aku iki utusane Allah marang kowe netepake yen Kitab Taurat kang ana ngarepku lan kitabe para nabi kang kuna - kuna iku temen kabeh bener. Sarta aku memeca ing tembe bakal ana utusane Allah kang jumeneng sapungkurku kang namane Ahmad (Muhammad)". Bareng jumeneng kanthi tandha yekti pirang - pirang, wong Bani Israil padha kondha, "Tandha yekti iki cetha sihir".
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرٰى عَلَى اللّٰهِ الْكَذِبَ وَهُوَ يُدْعٰىٓ اِلَى الْاِسْلَامِۗ وَاللّٰهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ٧
Wa man aẓlamu mimmaniftarā ‘alallāhil-każiba wa huwa yud‘ā ilal-islām(i), wallāhu lā yahdil-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[7]
Ora ana wong kang nganiaya marang awake dhewe tinimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh ngarani marang Allah kang ora patut, kang mangka wong mau wis tampa dhawuh, dipurih ngelakoni Agama Islam, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir.
يُرِيْدُوْنَ لِيُطْفِـُٔوْا نُوْرَ اللّٰهِ بِاَفْوَاهِهِمْۗ وَاللّٰهُ مُتِمُّ نُوْرِهٖ وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ٨
Yurīdūna liyuṭfi'ū nūrallāhi bi'afwāhihim, wallāhu mutimmu nūrihī wa lau karihal-kāfirūn(a).
[8]
Karepe wong kafir mau kudu mateni cahyaning Allah sarana pangucape, nanging Allah nyampurnakake cahyane, sanadyan wong kafir padha gething.
هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖۙ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ࣖ٩
Wa huwal-lażī arsala rasūlahū bil-hudā wa dīnil-ḥaqqi liyuẓhirahū ‘alad-dīni kullih(ī), wa lau karihal-musyrikūn(a).
[9]
Allah iku ngutus Rasule nyiarake pituduh bener (agama Islam) dikersakake ngundhangake, supaya ngalahake agama liyane kabeh, sanadiyan wong mangro tingal padha ora dhemen.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلٰى تِجَارَةٍ تُنْجِيْكُمْ مِّنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ١٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanū hal adullukum ‘alā tijāratin tunjīkum min ‘ażābin alīm(in).
[10]
Para mukmin! Apa sira (gelem) Ingsun tuduhake dagangan kang nyelametake ing sira saka siksa kang ngelarani.
تُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتُجَاهِدُوْنَ فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِاَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْۗ ذٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَۙ١١
Tu'minūna billāhi wa rasūlihī wa tujāhidūna fī sabīlillāhi bi'amwālikum wa anfusikum, żālikum khairul lakum in kuntum ta‘lamūn(a).
[11]
Hiya iku sira kudu padha percaya ing Allah lan utusane, lan kudu mangsah perang ing dalane Allah kelawan wadol bandha lan nyawa. Weruha kang mangkono iku becik banget tumrap ing sira menawa dilakoni.
يَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَيُدْخِلْكُمْ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ وَمَسٰكِنَ طَيِّبَةً فِيْ جَنّٰتِ عَدْنٍۗ ذٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۙ١٢
Yagfir lakum żunūbakum wa yudkhilkum jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru wa masākina ṭayyibatan fī jannāti ‘adn(in), żālikal-fauzul-‘aẓīm(u).
[12]
Allah ngapura sakabehe kaluputanira, lan nglebokake sira ana ing suwarga kang ana bengawane mili ana ing sangisare kekayon, lan ana omah kang luwih dening indhah rerenggane dhumunung ana sajeroning suwarga 'Adn kang mangkono aran kebegjan gedhe.
وَاُخْرٰى تُحِبُّوْنَهَاۗ نَصْرٌ مِّنَ اللّٰهِ وَفَتْحٌ قَرِيْبٌۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ١٣
Wa ukhrā tuḥibbūnahā, naṣrum minallāhi wa fatḥun qarīb(un), wa basysyiril-mu'minīn(a).
[13]
Lan ana maneh bakal paparinge Allah kang sira dhemeni, hiya iku pitulunge Allah lan kemenangan kang cedhak (wektune). Iku sira wartakna anggawa bebungah marang para mukmin.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُوْنُوْٓا اَنْصَارَ اللّٰهِ كَمَا قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ لِلْحَوَارِيّٖنَ مَنْ اَنْصَارِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۗقَالَ الْحَوَارِيُّوْنَ نَحْنُ اَنْصَارُ اللّٰهِ فَاٰمَنَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْۢ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ وَكَفَرَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ ۚفَاَيَّدْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا عَلٰى عَدُوِّهِمْ فَاَصْبَحُوْا ظٰهِرِيْنَ ࣖ١٤
Yā ayyuhal-lażīna āmanū kūnū anṣārallāhi kamā qāla ‘īsabnu maryama lil-ḥawāriyyīna man anṣārī ilallāh(i), qālal-ḥawāriyyūna naḥnu anṣārullāhi fa'āmanaṭ-ṭā'ifatum mim banī isrā'īla wa kafaraṭ-ṭā'ifah(tun), fa'ayyadnal-lażīna āmanū ‘alā ‘aduwwihim fa'aṣbaḥū ẓāhirīn(a).
[14]
Para mukmin! sira padha dadiya wong biyantu marang agamane Allah. Kayadene Isa putra Maryam dhawuh marang sahabate kang setiya, "Sapa kang keduga biyantu marang aku (kanggo) ngedekake agama Allah?" Para pendherek kang setiya (sahabat Hawariyun) padha matur, "Kula tamtu sami biyantu dhateng agamaning Allah". Ing kono sagolongan Bani Israil ana kang percaya lan ana kang maido. Dene wong sing percaya padha Ingsun sentosakake wusana menang perange ngalahake saterune.