Surah Al-Waqi’ah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِذَا وَقَعَتِ الْوَاقِعَةُۙ١
Iżā waqa‘atil-wāqi‘ah(tu).
[1]
Besuk nalikane dina qiyamat kelakon.
لَيْسَ لِوَقْعَتِهَا كَاذِبَةٌ ۘ٢
Laisa liwaq‘atihā kāżibah(tun).
[2]
Kelakone dina qiyamat mau ora bakal goroh.
خَافِضَةٌ رَّافِعَةٌ٣
Khāfiḍatur rāfi‘ah(tun).
[3]
Ing dina iku kenyataan ngasorake (wong kafir) lan junjung (wong mukmin).
اِذَا رُجَّتِ الْاَرْضُ رَجًّاۙ٤
Iżā rujjatil-arḍu rajjā(n).
[4]
Ing dina iku ana lindhu gedhe, bumi gonjang - ganjing.
وَّبُسَّتِ الْجِبَالُ بَسًّاۙ٥
Wa bussatil-jibālu bassā(n).
[5]
Sakabehe gunung nganti padha ajur kabeh.
فَكَانَتْ هَبَاۤءً مُّنْۢبَثًّاۙ٦
Fa kānat habā'am mumbaṡṡā(n).
[6]
Nganti dadi bleduk kang mabul - mabul.
وَّكُنْتُمْ اَزْوَاجًا ثَلٰثَةً ۗ٧
Wa kuntum azwājan ṡalāṡah(tan).
[7]
Ing kono sira diperang dadi telung warna.
فَاَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْمَيْمَنَةِ ۗ٨
Fa aṣḥābul-maimanah(ti), mā aṣḥābul-maimanah(ti).
[8]
Kang sapisan golongan tengen, iku wong begja banget.
وَاَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْمَشْـَٔمَةِ ۗ٩
Wa aṣḥābul-masy'amah(ti), mā aṣḥābul-masy'amah(ti).
[9]
Kang kapindho golongan kiwa, iku wong cilaka banget.
وَالسّٰبِقُوْنَ السّٰبِقُوْنَۙ١٠
Was-sābiqūnas-sābiqūn(a).
[10]
Kaping telu wong kang dhisik dhewe anggone nglakone becik (para nabi).
اُولٰۤىِٕكَ الْمُقَرَّبُوْنَۚ١١
Ulā'ikal-muqarrabūn(a).
[11]
Yaiku wong kang kecedhak Allah.
فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِ١٢
Fī jannātin-na‘īm(i).
[12]
Bakal diganjar suwarga Na'im.
ثُلَّةٌ مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ١٣
Ṡullatum minal-awwalīn(a).
[13]
WOng mangkono mau kang akeh ummat kuna.
وَقَلِيْلٌ مِّنَ الْاٰخِرِيْنَۗ١٤
Wa qalīlum minal-ākhirīn(a).
[14]
Dene ummat zaman wekasan iki mung sethithik.
عَلٰى سُرُرٍ مَّوْضُوْنَةٍۙ١٥
‘Alā sururim mauḍūnah(tin).
[15]
Dheweke ana suwarga padha linggih ing kursi kang dipaesi emas lan berlian.
مُّتَّكِـِٕيْنَ عَلَيْهَا مُتَقٰبِلِيْنَ١٦
Muttaki'īna ‘alaihā mutaqābilīn(a).
[16]
Padha sendhen adhep - adhepan karo kancane.
يَطُوْفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُوْنَۙ١٧
Yaṭūfu ‘alaihim wildānum mukhalladūn(a).
[17]
Dheweke diladeni bocah enom kang ora bisa tua.
بِاَكْوَابٍ وَّاَبَارِيْقَۙ وَكَأْسٍ مِّنْ مَّعِيْنٍۙ١٨
Bi'akwābiw wa abārīq(a), wa ka'sim mim ma‘īn(in).
[18]
Padha ngladekake gelas, ceret lan pangomben kang dijupuk saka banyu kang mili.
لَّا يُصَدَّعُوْنَ عَنْهَا وَلَا يُنْزِفُوْنَۙ١٩
Lā yuṣadda‘ūna ‘anhā wa lā yunzifūn(a).
[19]
Anggone ngombe mung enak, tanpa mendem utawa ngelu.
وَفَاكِهَةٍ مِّمَّا يَتَخَيَّرُوْنَۙ٢٠
Wa fākihatim mimmā yatakhayyarūn(a).
[20]
Lan ngladekake wong - wohan akeh tur warna - warna bisa milih.
وَلَحْمِ طَيْرٍ مِّمَّا يَشْتَهُوْنَۗ٢١
Wa laḥmi ṭairim mimmā yasytahūn(a).
[21]
Lan uga ngladekake daging manuk kang bisa milih.
وَحُوْرٌ عِيْنٌۙ٢٢
Wa ḥūrun ‘īn(un).
[22]
Ana widadari kang paningale padha kocak.
كَاَمْثَالِ اللُّؤْلُؤِ الْمَكْنُوْنِۚ٢٣
Ka'amṡālil-lu'lu'il-maknūn(i).
[23]
Kaya dene mutiawa kang kasimpen becik.
جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٤
Jazā'am bimā kānū ya‘malūn(a).
[24]
Tumanjak ganjaraning kabecikan kang wis padha dilakoni.
لَا يَسْمَعُوْنَ فِيْهَا لَغْوًا وَّلَا تَأْثِيْمًاۙ٢٥
Lā yasma‘ūna fīhā lagwaw wa lā ta'ṡīmā(n).
[25]
Ana suwarga ora tau krungu celathu hala kang dadi dosa.
اِلَّا قِيْلًا سَلٰمًا سَلٰمًا٢٦
Illā qīlan salāman salāmā(n).
[26]
Mung krungu pangucap, "Wilujeng, wilujeng" kang ngresepake.
وَاَصْحٰبُ الْيَمِيْنِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الْيَمِيْنِۗ٢٧
Wa aṣḥābul-yamīn(i), mā aṣḥābul-yamīn(i).
[27]
Denen golongan tengen, begja banget golongan tengen.
فِيْ سِدْرٍ مَّخْضُوْدٍۙ٢٨
Fī sidrim makhḍūd(in).
[28]
Manggon ing suwarga kang ana wite Widora tanpa eri.
وَّطَلْحٍ مَّنْضُوْدٍۙ٢٩
Wa ṭalḥim manḍūd(in).
[29]
Lan ana wite gedhang kang susun - susun.
وَّظِلٍّ مَّمْدُوْدٍۙ٣٠
Wa ẓillim mamdūd(in).
[30]
Kang eyub salawase.
وَّمَاۤءٍ مَّسْكُوْبٍۙ٣١
Wa mā'im maskūb(in).
[31]
Lan ana banyu umbu anget salawase.
وَّفَاكِهَةٍ كَثِيْرَةٍۙ٣٢
Wa fākihatin kaṡīrah(tin).
[32]
Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna.
لَّا مَقْطُوْعَةٍ وَّلَا مَمْنُوْعَةٍۙ٣٣
Lā maqṭū‘atiw wa lā mamnū‘ah(tin).
[33]
Ora tau entek ora usah tuku (kena jupuk sak karepe).
وَّفُرُشٍ مَّرْفُوْعَةٍۗ٣٤
Wa furusyim marfū‘ah(tin).
[34]
Lan ana kasur kandel kang empuk.
اِنَّآ اَنْشَأْنٰهُنَّ اِنْشَاۤءًۙ٣٥
Innā ansya'nāhunna insyā'ā(n).
[35]
Allah gawe sarupaning widadari mau tanpa lahir dhisik (saka guwa garbaning ibu).
فَجَعَلْنٰهُنَّ اَبْكَارًاۙ٣٦
Faja‘alnāhunna abkārā(n).
[36]
Pada Ingsun dadhekake perawan selawase.
عُرُبًا اَتْرَابًاۙ٣٧
‘Uruban atrābā(n).
[37]
Padha sih tresna, kang nomerampak.
لِّاَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۗ٣٨
Li'aṣḥābil-yamīn(i).
[38]
Padha Ingsun paringake dadi jodhone golongan tengen.
ثُلَّةٌ مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ٣٩
Ṡullatum minal-awwalīn(a).
[39]
Ummate (nabi) zaman kuna.
وَثُلَّةٌ مِّنَ الْاٰخِرِيْنَۗ ࣖ٤٠
Wa ṡullatum minal-ākhirīn(a).
[40]
Lan para umat kang wekasan iki.
وَاَصْحٰبُ الشِّمَالِ ەۙ مَآ اَصْحٰبُ الشِّمَالِۗ٤١
Wa aṣḥābusy-syimāl(i), mā aṣḥābusy-syimāl(i).
[41]
Lan golongan kiwa, sapa ta golongan kiwa?
فِيْ سَمُوْمٍ وَّحَمِيْمٍۙ٤٢
Fī samūmiw wa ḥamīm(in).
[42]
Padha disiksa angin samun (kang panas banget) lan banyu kang umop.
وَّظِلٍّ مِّنْ يَّحْمُوْمٍۙ٤٣
Wa ẓillim miy yaḥmūm(in).
[43]
Lan anan pepeteng saka kukus kang ireng banget.
لَّا بَارِدٍ وَّلَا كَرِيْمٍ٤٤
Lā bāridiw wa lā karīm(in).
[44]
Ora pisan adhem lan ora nyenengake.
اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُتْرَفِيْنَۚ٤٥
Innahum kānū qabla żālika mutrafīn(a).
[45]
Nalika urip ana donya uripe padha leluwihan.
وَكَانُوْا يُصِرُّوْنَ عَلَى الْحِنْثِ الْعَظِيْمِۚ٤٦
Wa kānū yuṣirrūna ‘alal-ḥinṡil-‘aẓīm(i).
[46]
Lan dheweke terus - terusan anggone nindhakake dosa gedhe.
وَكَانُوْا يَقُوْلُوْنَ ەۙ اَىِٕذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَۙ٤٧
Wa kānū yaqūlūn(a), a'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[47]
Lan padha ngucap, "Apa nyata besuk yen aku wis mati sarta dadi lemah, lan dadi balung, jarene bakal diuripake maneh?"
اَوَاٰبَاۤؤُنَا الْاَوَّلُوْنَ٤٨
Awa'ābā'unal-awwalūn(a).
[48]
Apa dene bapak - bapakku zaman kuna, apa hiya diuripake maneh?
قُلْ اِنَّ الْاَوَّلِيْنَ وَالْاٰخِرِيْنَۙ٤٩
Qul innal-awwalīna wal-ākhirīn(a).
[49]
Sira dhawuha, "Para bapakmu ing zaman kuna, lan para turunanmu kang saiki durung ana".
لَمَجْمُوْعُوْنَۙ اِلٰى مِيْقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ٥٠
Lamajmū‘ūn(a), ilā mīqāti yaumim ma‘lūm(in).
[50]
Besuk dina Qiyamat kang wis tinamtokake dening Allah, bakal padha dikumpulake.
ثُمَّ اِنَّكُمْ اَيُّهَا الضَّاۤ لُّوْنَ الْمُكَذِّبُوْنَۙ٥١
Ṡumma innakum ayyuhaḍ-ḍāllūnal-mukażżibūn(a).
[51]
He wong kang padha kesaar maido pangandikaning Allah.
لَاٰكِلُوْنَ مِنْ شَجَرٍ مِّنْ زَقُّوْمٍۙ٥٢
La'ākilūna min syajarim min zaqqūm(in).
[52]
Sawise mangkono sira padha mangan wohe kayu zaqum.
فَمَالِـُٔوْنَ مِنْهَا الْبُطُوْنَۚ٥٣
Fa māli'ūna minhal-buṭūn(a).
[53]
Nganti padha kebak wetenge.
فَشٰرِبُوْنَ عَلَيْهِ مِنَ الْحَمِيْمِۚ٥٤
Fasyāribūna ‘alaihi minal-ḥamīm(i).
[54]
Nuli padha ngombe weang kang panas gegirisi.
فَشٰرِبُوْنَ شُرْبَ الْهِيْمِۗ٥٥
Fa syāribūna syurbal-hīm(i).
[55]
Anggone ngombe kaya onta kang ngelak banget.
هٰذَا نُزُلُهُمْ يَوْمَ الدِّيْنِۗ٥٦
Hāżā nuzuluhum yaumad-dīn(i).
[56]
Iki pangancame Allah marang para wong kafir, kelakone besuk dina qiyamat.
نَحْنُ خَلَقْنٰكُمْ فَلَوْلَا تُصَدِّقُوْنَ٥٧
Naḥnu khalaqnākum falau lā tuṣaddiqūn(a).
[57]
Ingsun (Allah) iki kang gawe awakira, yagene sira padha ora ngandel (dina qiyamat).
اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تُمْنُوْنَۗ٥٨
Afa ra'aitum mā tumnūn(a).
[58]
Kapriye panemunira bab nuthfah marang peranakane wong wadon? (banjur dadi bayi).
ءَاَنْتُمْ تَخْلُقُوْنَهٗٓ اَمْ نَحْنُ الْخٰلِقُوْنَ٥٩
A'antum takhluqūnahū am naḥnul-khāliqūn(a).
[59]
Kang gawe bayi mau sira apa Ingsun?
نَحْنُ قَدَّرْنَا بَيْنَكُمُ الْمَوْتَ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوْقِيْنَۙ٦٠
Naḥnu qaddarnā bainakumul-mauta wa mā naḥnu bimasbūqīn(a).
[60]
Ingsun nemtokake mati marang sira kabeh, Ingsun kuwasa, ora ana kang bisa murungake karsaningsun.
عَلٰٓى اَنْ نُّبَدِّلَ اَمْثَالَكُمْ وَنُنْشِئَكُمْ فِيْ مَا لَا تَعْلَمُوْنَ٦١
‘Alā an nubaddila amṡālakum wa nunsyi'akum fī mā lā ta‘lamūn(a).
[61]
Sanadyan Ingsun kersa gawe wong kang rupane ceples (padha) sarta disalini rupa sedhengah rupa kang sira ora weruh mesthi kaleksanan.
وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ النَّشْاَةَ الْاُوْلٰى فَلَوْلَا تَذَكَّرُوْنَ٦٢
Wa laqad ‘alimtumun-nasy'atal-ūlā falau lā tażakkarūn(a).
[62]
Sira wis weruh bakale manungsa kawitan (hiya iku lemah) yagene sira ora padha niti periksa (yengingsun iki kawasa).
اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تَحْرُثُوْنَۗ٦٣
Afara'aitum mā taḥruṡūn(a).
[63]
Kapriye panemumu bab angginmu tetanen?
ءَاَنْتُمْ تَزْرَعُوْنَهٗٓ اَمْ نَحْنُ الزّٰرِعُوْنَ٦٤
A'antum tazra‘ūnahū am naḥnuz-zāri‘ūn(a).
[64]
Kang nukulake wiji iku sira apa Ingsun?
لَوْ نَشَاۤءُ لَجَعَلْنٰهُ حُطَامًا فَظَلْتُمْ تَفَكَّهُوْنَۙ٦٥
Lau nasyā'u laja‘alnāhu ḥuṭāman fa ẓaltum tafakkahūn(a).
[65]
Umpama ana parenge karsa ningsun, metune woh mau Ingsun gawe gabug mesthi kelakon. sira banjur getun.
اِنَّا لَمُغْرَمُوْنَۙ٦٦
Innā lamugramūn(a).
[66]
Pangucapmu, "Aku iki kapitunan".
بَلْ نَحْنُ مَحْرُوْمُوْنَ٦٧
Bal naḥnu maḥrūmūn(a).
[67]
"Aku iki dipenet rizkiku".
اَفَرَءَيْتُمُ الْمَاۤءَ الَّذِيْ تَشْرَبُوْنَۗ٦٨
Afa ra'aitumul-mā'al-lażī tasyrabūn(a).
[68]
Kapriye panemumu bab banyu udan kang padha sira ombe?
ءَاَنْتُمْ اَنْزَلْتُمُوْهُ مِنَ الْمُزْنِ اَمْ نَحْنُ الْمُنْزِلُوْنَ٦٩
A'antum anzaltumūhu minal-muzni am naḥnul-munzilūn(a).
[69]
Kang nurunake banyu udan saka mega, sira apa Ingsun?
لَوْ نَشَاۤءُ جَعَلْنٰهُ اُجَاجًا فَلَوْلَا تَشْكُرُوْنَ٧٠
Lau nasyā'u ja‘alnāhu ujājan falau lā tasykurūn(a).
[70]
Upama ana parenge karsaningsun, banyu udan Ingsun dadekake asin mesthi kelakon. Yagene ora padha gedhe panuwunmu?
اَفَرَءَيْتُمُ النَّارَ الَّتِيْ تُوْرُوْنَۗ٧١
Afa ra'aitumun-nāral-latī tūrūn(a).
[71]
Kapriye panemumu, mungguh geni anggonira ngurubake?
ءَاَنْتُمْ اَنْشَأْتُمْ شَجَرَتَهَآ اَمْ نَحْنُ الْمُنْشِـُٔوْنَ٧٢
A'antum ansya'tum syajaratahā am naḥnul-munsyi'ūn(a).
[72]
Kang nganakake kayu sira apa Ingsun?
نَحْنُ جَعَلْنٰهَا تَذْكِرَةً وَّمَتَاعًا لِّلْمُقْوِيْنَۚ٧٣
Naḥnu ja‘alnāhā tażkirataw wa matā‘al lil-muqwīn(a).
[73]
Geni iku Ingsun anggo sasmitaning (geni nerika) lan dianggo kabungahaning wong kang padha melaku.
فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٧٤
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[74]
Mulane sira nyebutho Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung.
۞ فَلَآ اُقْسِمُ بِمَوٰقِعِ النُّجُوْمِ٧٥
Falā uqsimu bimawāqi‘in-nujūm(i).
[75]
Ingsun supata kelawan panggonan metune lan suruping lintang.
وَاِنَّهٗ لَقَسَمٌ لَّوْ تَعْلَمُوْنَ عَظِيْمٌۙ٧٦
Wa innahū laqasamul lau ta‘lamūna ‘aẓīm(un).
[76]
Manawa sira weruh, supata mau supata gedhe.
اِنَّهٗ لَقُرْاٰنٌ كَرِيْمٌۙ٧٧
Innahū laqur'ānun karīm(un).
[77]
Kang didhawuhake marang sira iku Quran kang mulya.
فِيْ كِتٰبٍ مَّكْنُوْنٍۙ٧٨
Fī kitābim maknūn(in).
[78]
Tinuli ana kitab kang rineksa (Lauhil Mahfudz).
لَّا يَمَسُّهٗٓ اِلَّا الْمُطَهَّرُوْنَۗ٧٩
Lā yamassuhū illal-muṭahharūn(a).
[79]
Ora bakal anggeplok Qur'an kajaba wong kang padha suci, (saka hadast cilik lan gedhe).
تَنْزِيْلٌ مِّنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨٠
Tanzīlum mir rabbil-‘ālamīn(a).
[80]
Diturunake saka Allah pangerane wong sajagad.
اَفَبِهٰذَا الْحَدِيْثِ اَنْتُمْ مُّدْهِنُوْنَۙ٨١
Afa biḥāżal-ḥadīṡi antum mudhinūn(a).
[81]
Apa sira padha ngremehake utawa maido Qur'an iki?
وَتَجْعَلُوْنَ رِزْقَكُمْ اَنَّكُمْ تُكَذِّبُوْنَ٨٢
Wa taj‘alūna rizqakum annakum tukażżibūn(a).
[82]
Sira ganthi rizki (kang diparingake Allah) kanti gorohake (Allah).
فَلَوْلَآ اِذَا بَلَغَتِ الْحُلْقُوْمَۙ٨٣
Falau lā iżā balagatil-ḥulqūm(a).
[83]
Ya gene nalika nywane mayit lagi tekan gurung?
وَاَنْتُمْ حِيْنَىِٕذٍ تَنْظُرُوْنَۙ٨٤
Wa antum ḥīna'iżin tanẓurūn(a).
[84]
Ing kono sira mung padha ngedeleng marang mayit.
وَنَحْنُ اَقْرَبُ اِلَيْهِ مِنْكُمْ وَلٰكِنْ لَّا تُبْصِرُوْنَ٨٥
Wa naḥnu aqrabu ilaihi minkum wa lākil lā tubṣirūn(a).
[85]
Ingsun luwih cedhak marang wong lelaku mau tinimbang sira, ewodene sira padha ora weruh.
فَلَوْلَآ اِنْ كُنْتُمْ غَيْرَ مَدِيْنِيْنَۙ٨٦
Falau lā in kuntum gaira madīnīn(a).
[86]
Ya gene yen sira ngaku ora kawengku wasesaning Allah.
تَرْجِعُوْنَهَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٨٧
Tarji‘ūnahā in kuntum ṣādiqīn(a).
[87]
Teka ora bisa balekake nyawa marang wadhage, yen pengakuira temen, mara sira balekna nyawa mau.
فَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنَ الْمُقَرَّبِيْنَۙ٨٨
Fa ammā in kāna minal-muqarrabīn(a).
[88]
Manawa mayit mau ewone wong kachedak ing Allah.
فَرَوْحٌ وَّرَيْحَانٌ ەۙ وَّجَنَّتُ نَعِيْمٍ٨٩
Fa rauḥuw wa raiḥān(un), wa jannatu na‘īm(in).
[89]
Matine mesthi kepenak kanthi bungah lan oleh ganjaran suwarga kanikmatan.
وَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنْ اَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۙ٩٠
Wa ammā in kāna min aṣḥābil-yamīn(i).
[90]
Dene yen kalebu golongan tengen.
فَسَلٰمٌ لَّكَ مِنْ اَصْحٰبِ الْيَمِيْنِۗ٩١
Fa salāmul laka min aṣḥābil-yamīn(i).
[91]
Wong mau mesthi selamet amarga sira klebu golongan tengen.
وَاَمَّآ اِنْ كَانَ مِنَ الْمُكَذِّبِيْنَ الضَّاۤلِّيْنَۙ٩٢
Wa ammā in kāna minal-mukażżibīnaḍ-ḍāllīn(a).
[92]
Dene yen hewone wong maido pangandikanging Allah kang padha kesasar.
فَنُزُلٌ مِّنْ حَمِيْمٍۙ٩٣
Fa nuzulum min ḥamīm(in).
[93]
Mesthi kecemplung wedang kang umop (panas banget).
وَّتَصْلِيَةُ جَحِيْمٍ٩٤
Wa taṣliyatu jaḥīm(in).
[94]
Lan diobong ana neraka.
اِنَّ هٰذَا لَهُوَ حَقُّ الْيَقِيْنِۚ٩٥
Inna hāżā lahuwal-ḥaqqul-yaqīn(i).
[95]
(Kang kasebut iki) satemene keyakinan kang bener.
فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيْمِ ࣖ٩٦
Fa sabbiḥ bismi rabbikal-‘aẓīm(i).
[96]
Mulane sira nyebuto Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung.