Surah Ar-Rahman

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلرَّحْمٰنُۙ١
Ar-raḥmān(u).
[1] Pangeran kang Maha Murah.

عَلَّمَ الْقُرْاٰنَۗ٢
‘Allamal-qur'ān(a).
[2] Iku mulang Qur'an.

خَلَقَ الْاِنْسَانَۙ٣
Khalaqal-insān(a).
[3] Agawe manungsa.

عَلَّمَهُ الْبَيَانَ٤
‘Allamahul-bayān(a).
[4] Mulang manungsa supaya pinter guneman.

اَلشَّمْسُ وَالْقَمَرُ بِحُسْبَانٍۙ٥
Asy-syamsu wal-qamaru biḥusbān(in).
[5] Srengenge lan rembulan iku padha mlaku ajeg ana ing cakrawalane dhewe - dhewe cocok pitungane.

وَّالنَّجْمُ وَالشَّجَرُ يَسْجُدَانِ٦
Wan-najmu wasy-syajaru yasjudān(i).
[6] Thetukulan lan kekayon padha sujud ing Allah.

وَالسَّمَاۤءَ رَفَعَهَا وَوَضَعَ الْمِيْزَانَۙ٧
Was-samā'a rafa‘ahā wa waḍa‘al-mīzān(a).
[7] Allah iku dhuwurake langit lan dhawuhake jejeg yen nimbang (adil).

اَلَّا تَطْغَوْا فِى الْمِيْزَانِ٨
Allā taṭgau fil-mīzān(i).
[8] Supaya sira aja nakal anggonmu nimbang.

وَاَقِيْمُوا الْوَزْنَ بِالْقِسْطِ وَلَا تُخْسِرُوا الْمِيْزَانَ٩
Wa aqīmul-wazna bil-qisṭi wa lā tukhsirul-mīzān(a).
[9] Lan jejega anggonmu padha nimbang kelawan bener, aja padha ngurangi bobot.

وَالْاَرْضَ وَضَعَهَا لِلْاَنَامِۙ١٠
Wal-arḍa waḍa‘ahā lil-anām(i).
[10] Allah ngrata bumi kanggo panggonane titahe (manungsa).

فِيْهَا فَاكِهَةٌ وَّالنَّخْلُ ذَاتُ الْاَكْمَامِۖ١١
Fīhā fākihatuw wan-nakhlu żātul-akmām(i).
[11] Isi woh - wohan warna - warna lan wit kurma kang duweni mancung.

وَالْحَبُّ ذُو الْعَصْفِ وَالرَّيْحَانُۚ١٢
Wal-ḥabbu żul-‘aṣfi war-raiḥān(u).
[12] Lan isi wiji kang ana kulite lan kembang - kembang kang arum ambune.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[13] Endi peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido?

خَلَقَ الْاِنْسَانَ مِنْ صَلْصَالٍ كَالْفَخَّارِ١٤
Khalaqal-insāna min ṣalṣālin kal-fakhkhār(i).
[14] Allah gawe manungsa saka lemah garing, memper lemah kang wis diobong.

وَخَلَقَ الْجَاۤنَّ مِنْ مَّارِجٍ مِّنْ نَّارٍۚ١٥
Wa khalaqal-jānna mim mārijim min nār(in).
[15] Lan gawe jin saka urubing geni.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٦
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[16] Endi ta peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido?

رَبُّ الْمَشْرِقَيْنِ وَرَبُّ الْمَغْرِبَيْنِۚ١٧
Rabbul-masyriqaini wa rabbul-magribain(i).
[17] Allah iku pangeraning rong panggonan metune srengenge lan pangeraning rong panggonan surupe srengenge.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ١٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[18] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido?

مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ يَلْتَقِيٰنِۙ١٩
Marajal-baḥraini yaltaqiyān(i).
[19] Allah nitahake segara loro (tawa lan asin) dinengake wae padha mili banjur padha ketemu.

بَيْنَهُمَا بَرْزَخٌ لَّا يَبْغِيٰنِۚ٢٠
Bainahumā barzakhul lā yabgiyān(i).
[20] Antarane segara loro mau ana watese kang ora kasat mata.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[21] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido?

يَخْرُجُ مِنْهُمَا اللُّؤْلُؤُ وَالْمَرْجَانُۚ٢٢
Yakhruju minhumal-lu'lu'u wal-marjān(u).
[22] Segara loro mau padha metu mutiara lan marjan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[23] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido?

وَلَهُ الْجَوَارِ الْمُنْشَاٰتُ فِى الْبَحْرِ كَالْاَعْلَامِۚ٢٤
Wa lahul-jawāril-munsya'ātu fil-baḥri kal-a‘lām(i).
[24] Allah iku kagungan prahu pirang - pirang (gaweane manungsa) kumambang ana segara gedhene kaya gunung.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ ࣖ٢٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[25] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

كُلُّ مَنْ عَلَيْهَا فَانٍۖ٢٦
Kullu man ‘alaihā fān(in).
[26] Samu barang kang gumelar ana bumi wekasane rusak.

وَّيَبْقٰى وَجْهُ رَبِّكَ ذُو الْجَلٰلِ وَالْاِكْرَامِۚ٢٧
Wa yabqā wajhu rabbika żul-jalāli wal-ikrām(i).
[27] Nanging sarirane Pangeranira Allah kang Agung kersa ngajeni (wong mukmin) langgeng tanpa rusak.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٢٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[28] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paidho?

يَسْـَٔلُهٗ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ كُلَّ يَوْمٍ هُوَ فِيْ شَأْنٍۚ٢٩
Yas'aluhū man fis-samāwāti wal-arḍ(i), kulla yaumin huwa fī sya'n(in).
[29] Saisining langit lan bumi kabeh padha nyenyuwun ing Allah saben Allah nindhakake lestarine samu barang kang wis pinanthi ing zaman azali.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٠
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[30] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido.

سَنَفْرُغُ لَكُمْ اَيُّهَ الثَّقَلٰنِۚ٣١
Sanafrugu lakum ayyuhaṡ-ṡaqalān(i).
[31] Ing tembe sira padha Ingsun timbang ala lan becikira.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٢
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[32] Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido?

يٰمَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ اِنِ اسْتَطَعْتُمْ اَنْ تَنْفُذُوْا مِنْ اَقْطَارِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ فَانْفُذُوْاۗ لَا تَنْفُذُوْنَ اِلَّا بِسُلْطٰنٍۚ٣٣
Yā ma‘syaral-jinni wal-insi inistaṭa‘tum an tanfużū min aqṭāris-samāwāti wal-arḍi fanfużū, lā tanfużūna illā bisulṭān(in).
[33] He Jin lan Manungsa kang padha ora nrima pepesthen Ingsun, menawa sira bisa lunga saka telatahe bumi lan langit mara padha lungaha. Nanging mangsa bisa lunga. Kejaba yen sira kuasa.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٤
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[34] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

يُرْسَلُ عَلَيْكُمَا شُوَاظٌ مِّنْ نَّارٍۙ وَّنُحَاسٌ فَلَا تَنْتَصِرَانِۚ٣٥
Yursalu ‘alaikumā syuwāẓum min nār(in), wa nuḥāsun falā tantaṣirān(i).
[35] He Jin lan Manungsa (nalikane padha metu saka kubure) pada tinempuh urubing geni lan tembaga, sira ora bisa ngundurake.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٦
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[36] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

فَاِذَا انْشَقَّتِ السَّمَاۤءُ فَكَانَتْ وَرْدَةً كَالدِّهَانِۚ٣٧
Fa iżansyaqqatis-samā'u fa kānat wardatan kad-dihān(i).
[37] Nalikane langit sigar warnane jambon kaya mawar tua kaya lenga zaitun.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٣٨
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[38] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

فَيَوْمَئِذٍ لَّا يُسْـَٔلُ عَنْ ذَنْۢبِهٖٓ اِنْسٌ وَّلَا جَاۤنٌّۚ٣٩
Fa yauma'iżil lā yus'alu ‘an żambihī insuw wa lā jānn(un).
[39] Ing dina iku jin lan manungsa durung padha diperiksa dosane.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٠
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[40] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

يُعْرَفُ الْمُجْرِمُوْنَ بِسِيْمٰهُمْ فَيُؤْخَذُ بِالنَّوَاصِيْ وَالْاَقْدَامِۚ٤١
Yu‘raful-mujrimūna bisīmāhum fa yu'khażu bin-nawāṣī wal-aqdām(i).
[41] Pawa wong kafir padha ketitik kelawan tegengere banjur padha dijambak kuncunge lan sikile.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٢
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[42] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

هٰذِهٖ جَهَنَّمُ الَّتِيْ يُكَذِّبُ بِهَا الْمُجْرِمُوْنَۘ٤٣
Hāżihī jahannamul-latī yukażżibu bihal-mujrimūn(a).
[43] (Dhawuhing Malaikat) Iki neraka jahannam kang dipaido dening wong kang padha dosa biyen.

يَطُوْفُوْنَ بَيْنَهَا وَبَيْنَ حَمِيْمٍ اٰنٍۚ٤٤
Yaṭūfūna bainahā wa baina ḥamīmin ān(in).
[44] Wong kafir padha mlaku pating bilulung ana antarane neraka geni lan wedang panas.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ ࣖ٤٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[45] Endi peparinge kabungahan pangeranira kang padha sira paido?

وَلِمَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهٖ جَنَّتٰنِۚ٤٦
Wa liman khāfa maqāma rabbihī jannatān(i).
[46] Dene wong kang pada wedi nalika arep sowan marang Pangerane padha diparingi ganjarang suwarga loro (suwargane jin lan manungsa).

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۙ٤٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[47] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

ذَوَاتَآ اَفْنَانٍۚ٤٨
Żawātā afnān(in).
[48] Suwarga luru mau ana kekayone (wit - witan) woh - wohan.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٤٩
Fabi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[49] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

فِيْهِمَا عَيْنٰنِ تَجْرِيٰنِۚ٥٠
Fīhimā ‘aināni tajriyān(i).
[50] Suwarga loro mau ana bengawane mili.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[51] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

فِيْهِمَا مِنْ كُلِّ فَاكِهَةٍ زَوْجٰنِۚ٥٢
Fīhimā min kulli fākihatin zaujān(i).
[52] Suwarga loro mau isi sarupane woh - wohan warna loro garing lan teles.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٥٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[53] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى فُرُشٍۢ بَطَاۤىِٕنُهَا مِنْ اِسْتَبْرَقٍۗ وَجَنَا الْجَنَّتَيْنِ دَانٍۚ٥٤
Muttaki'īna ‘alā furusyim baṭā'inuhā min istabraq(in), wa janal-jannataini dān(in).
[54] Wong kang bekti mau padha sendhen ana palungguhan kang lemeke babut sutra, dene woh - wohane cedhek bisa dipethik ana ing suwarga loro.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[55] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

فِيْهِنَّ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِۙ لَمْ يَطْمِثْهُنَّ اِنْسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَاۤنٌّۚ٥٦
Fīhinna qāṣirātuṭ-ṭarf(i), lam yaṭmiṡhunna insun qablahum wa lā jānn(un).
[56] Suwarga loro mau isine widadari kang endah - endah rupane sadurunge diwengku ing suwarga mau durung tau winasesa ing resmi (kumpul) dening jin utawa manungsa.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٥٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[57] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

كَاَنَّهُنَّ الْيَاقُوْتُ وَالْمَرْجَانُۚ٥٨
Ka'annahunnal-yāqūtu wal-marjān(u).
[58] Para widadari mau hendah - hendah kaya inten lan mutiara.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٥٩
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[59] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

هَلْ جَزَاۤءُ الْاِحْسَانِ اِلَّا الْاِحْسَانُۚ٦٠
Hal jazā'ul-iḥsāni illal-iḥsān(u).
[60] Pituasing laku becik ora liya holeh becik.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٦١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[61] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

وَمِنْ دُوْنِهِمَا جَنَّتٰنِۚ٦٢
Wa min dūnihimā jannatān(i).
[62] Kajaba suwarga loro mau, ana rong suwarga maneh.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۙ٦٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[63] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

مُدْهَاۤمَّتٰنِۚ٦٤
Mudhāmmatān(i).
[64] Suwarga loro mau kekayone ijo banget warnane.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِ٦٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[65] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

فِيْهِمَا عَيْنٰنِ نَضَّاخَتٰنِۚ٦٦
Fīhimā ‘aināni naḍḍākhatān(i).
[66] Sajerone suwarga loro mau ana bengawane loro, padha mili ajeg tanpa suda banyune.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٦٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[67] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

فِيْهِمَا فَاكِهَةٌ وَّنَخْلٌ وَّرُمَّانٌۚ٦٨
Fīhimā fākihatuw wa nakhluw wa rummān(un).
[68] Sajerone suwarga loro mau ana woh - wohan kabeh ana wite kurma lan delima.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٦٩
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[69] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

فِيْهِنَّ خَيْرٰتٌ حِسَانٌۚ٧٠
Fīhinna khairātun ḥisān(un).
[70] Suwarga loro mau dalah isen - isene kabeh sarwa becik.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧١
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[71] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

حُوْرٌ مَّقْصُوْرٰتٌ فِى الْخِيَامِۚ٧٢
Ḥūrum maqṣūrātun fil-khiyām(i).
[72] Para widadari mau padha endah warnane, padha siningkit ana sajeroning gedhong kang gginawe saka mutiara.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٣
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[73] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

لَمْ يَطْمِثْهُنَّ اِنْسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَاۤنٌّۚ٧٤
Lam yaṭmiṡhunna insun qablahum wa lā jānn(un).
[74] Para widadari mau sadurunge diwengku wong ing suwarga durung tau winasesa ing rasmi (kumpul) dening jin lan manungsa.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٥
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[75] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى رَفْرَفٍ خُضْرٍ وَّعَبْقَرِيٍّ حِسَانٍۚ٧٦
Muttaki'īna ‘alā rafrafin khuḍriw wa ‘abqariyyin ḥisān(in).
[76] Wong ing suwarga padha sendhen ing bantal sutra ijo kang endah warnane.

فَبِاَيِّ اٰلَاۤءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبٰنِۚ٧٧
Fa bi'ayyi ālā'i rabbikumā tukażżibān(i).
[77] Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido?

تَبٰرَكَ اسْمُ رَبِّكَ ذِى الْجَلٰلِ وَالْاِكْرَامِ ࣖ٧٨
Tabārakasmu rabbika żil-jalāli wal-ikrām(i).
[78] Maha luruh asmane pangeranira, Allah kang Kagungan SIfat Agung sarta Kerja Ngajeni para mukmin.