Surah Al-Qamar

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِقْتَرَبَتِ السَّاعَةُ وَانْشَقَّ الْقَمَرُ١
Iqtarabatis-sā‘atu wansyaqqal-qamar(u).
[1] Saiki dina qiyamat wis cedhak lan rembulan sigar dadi loro.

وَاِنْ يَّرَوْا اٰيَةً يُّعْرِضُوْا وَيَقُوْلُوْا سِحْرٌ مُّسْتَمِرٌّ٢
Wa iy yarau āyatay yu‘riḍū wa yaqūlū siḥrum mustamirr(un).
[2] Lan menawa dheweke (wong - wong musyrikin) deleng ayat kehelokan (mu'jizat) padha mlengos. Pangucape, "Iki sihir linuwih".

وَكَذَّبُوْا وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ وَكُلُّ اَمْرٍ مُّسْتَقِرٌّ٣
Wa każżabū wattaba‘ū ahwā'ahum wa kullu amrim mustaqirr(un).
[3] Lan dheweke maido (Nabi) lan gugu karepe dhewe. Samu barang prakara wis ana kepesten kang tetep.

وَلَقَدْ جَاۤءَهُمْ مِّنَ الْاَنْۢبَاۤءِ مَا فِيْهِ مُزْدَجَرٌۙ٤
Wa laqad jā'ahum minal-ambā'i mā fīhi muzdajar(un).
[4] Lan satemene wis teka marang dheweke pirang - pirang cerita isi pitutur pamenging (nyegah kafir).

حِكْمَةٌ ۢ بَالِغَةٌ فَمَا تُغْنِ النُّذُرُۙ٥
Ḥikmatum bāligatun famā tugnin-nużur(u).
[5] Ayat mahu kawicaksanan kang bener banget, mula pepiling mau ora piguna (kanggo dheweke si kafir).

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ ۘ يَوْمَ يَدْعُ الدَّاعِ اِلٰى شَيْءٍ نُّكُرٍۙ٦
Fa tawalla ‘anhum, yauma yad‘ud-dā‘i ilā syai'in nukur(in).
[6] Mulane sira mlengosa marang wong kafir mau. Besuk qiyamat nalika malaikat damu sempronge sarta ngundang - ngundang marang barang kang dipaido dening wong akeh.

خُشَّعًا اَبْصَارُهُمْ يَخْرُجُوْنَ مِنَ الْاَجْدَاثِ كَاَنَّهُمْ جَرَادٌ مُّنْتَشِرٌۙ٧
Khusysya‘an abṣāruhum yakhrujūna minal-ajdāṡi ka'annahum jarādum muntasyir(un).
[7] Pandelenge padha konjem, dene manungsa padha metu saka kubure memper walang kang bingung.

مُّهْطِعِيْنَ اِلَى الدَّاعِۗ يَقُوْلُ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا يَوْمٌ عَسِرٌ٨
Muhṭi‘īna ilad-dā‘(i), yaqūlul-kāfirūna hāżā yaumun ‘asir(un).
[8] Padha rebut dhujang (rikat) marani pangundang mau. Wong - wong kafir padha ngucap, "iki dina kang rekasa".

۞ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ فَكَذَّبُوْا عَبْدَنَا وَقَالُوْا مَجْنُوْنٌ وَّازْدُجِرَ٩
Każżabat qablahum qaumu nūḥin fakażżabū ‘abdanā wa qālū majnūnuw wazdujir(a).
[9] Sadurunge dheweke, para umate Nuh biyen hiya padha maido marang kawulaningsun Nuh. Pangucape, "Nuh iku wong edan", lan padha nganiaya.

فَدَعَا رَبَّهٗٓ اَنِّيْ مَغْلُوْبٌ فَانْتَصِرْ١٠
Fa da‘ā rabbahū annī maglūbun fantaṣir.
[10] Bareng wis lawas Nuh banjur nyenyuwun ing Pangerane, "Kawula kawon kaliyan ummat kawula, mila mugi Paduka paring pitulung".

فَفَتَحْنَآ اَبْوَابَ السَّمَاۤءِ بِمَاۤءٍ مُّنْهَمِرٍۖ١١
Fa fataḥnā abwābas-samā'i bimā'im munhamir(in).
[11] Ingsun (Allah) banjur bukak lawanging langit nuli metu banyu kang sok - sokan.

وَّفَجَّرْنَا الْاَرْضَ عُيُوْنًا فَالْتَقَى الْمَاۤءُ عَلٰٓى اَمْرٍ قَدْ قُدِرَ ۚ١٢
Wa fajjarnal-arḍa ‘uyūnan faltaqal-mā'u ‘alā amrin qad qudir(a).
[12] Apadene bumi Ingsun kersakake ngetokake tuk banyu tanpa wilangan banjur tempuk banyu saka dhuwur lan banyu saka ngisor netepi perintah kang pinasthi.

وَحَمَلْنٰهُ عَلٰى ذَاتِ اَلْوَاحٍ وَّدُسُرٍۙ١٣
Wa ḥamalnāhu ‘alā żāti alwāḥiw wa dusur(in).
[13] Nuh sakancane Ingsun tunggangake perahu kang ginawe saka blabag nganggo dipaku.

تَجْرِيْ بِاَعْيُنِنَاۚ جَزَاۤءً لِّمَنْ كَانَ كُفِرَ١٤
Tajrī bi'a‘yuninā, jazā'al liman kāna kufir(a).
[14] Mlaku ana ing ngarsaningsun, ganjarane Allah pitulung marang Nuh kang dipaido umate.

وَلَقَدْ تَّرَكْنٰهَآ اٰيَةً فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ١٥
Wa laqat taraknāhā āyatan fahal mim muddakir(in).
[15] Perahu mau dilestarekake nganti lawas minangka tandha yekti, mulane wong kang keri padha elinga lelakon mau.

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ١٦
Fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[16] Mulane kepiye kahanane wewaden lan siksaningsun.

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ١٧
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[17] Saiki Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane, mulane padha nyinaua.

كَذَّبَتْ عَادٌ فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ١٨
Każżabat ‘ādun fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[18] Biyen kaum 'Aad padha maido ing Rosule. Kapriye kahanane wewaden lan siksaningsun marang wong 'Aad?

اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا صَرْصَرًا فِيْ يَوْمِ نَحْسٍ مُّسْتَمِرٍّۙ١٩
Innā arsalnā ‘alaihim rīḥan ṣarṣaran fī yaumi naḥsim mustamirr(in).
[19] Allah nglakokake angin lesus kang banter nemppuh marang wong 'Aad mau ing dina Sangar kang lestari terus - terusan.

تَنْزِعُ النَّاسَۙ كَاَنَّهُمْ اَعْجَازُ نَخْلٍ مُّنْقَعِرٍ٢٠
Tanzi‘un-nās(a), ka'annahum a‘jāzu nakhlim munqa‘ir(in).
[20] Angin mau numpes kabeh nganti glasah kaya wit kurma padha ambruk.

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ٢١
Fa kaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[21] Kapriye ta hanane wewaden lan siksaningsun.

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ ࣖ٢٢
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[22] Satemene Ingsun Allah wis gelarake al-Quran gampang diweruhi surasane mulane padha ngestokna.

كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ بِالنُّذُرِ٢٣
Każżabat ṡamūdu bin-nużur(i).
[23] Biyen wong Tsamud uga padha maido (wulangane Sholih).

فَقَالُوْٓا اَبَشَرًا مِّنَّا وَاحِدًا نَّتَّبِعُهٗٓ ۙاِنَّآ اِذًا لَّفِيْ ضَلٰلٍ وَّسُعُرٍ٢٤
Fa qālū abasyaram minnā wāḥidan nattabi‘uh(ū), innā iżal lafī ḍalāliw wa su‘ur(in).
[24] Pangucape, "Ya gene aku manut marang wong siji tunggalku. yen mangkono aku rak klebu ing penasaran lan diarani wong edan."

ءَاُلْقِيَ الذِّكْرُ عَلَيْهِ مِنْۢ بَيْنِنَا بَلْ هُوَ كَذَّابٌ اَشِرٌ٢٥
A'ulqiyaż-żikru ‘alaihi mim baininā bal huwa każżābun asyir(un).
[25] Apa dhawuhing Allah mung didhawuake marang wong siji (Sholih wae) liyane ora diparingi dhawuh? Tetela Sholih iku tukang goroh lan gumedhe.

سَيَعْلَمُوْنَ غَدًا مَّنِ الْكَذَّابُ الْاَشِرُ٢٦
Saya‘lamūna gadam manil-każżābul-asyir(u).
[26] Besuk ing akherat bakal weruh nyatane sapa kang gumedhe lan tukang goroh.

اِنَّا مُرْسِلُوا النَّاقَةِ فِتْنَةً لَّهُمْ فَارْتَقِبْهُمْ وَاصْطَبِرْۖ٢٧
Innā mursilun-nāqati fitnatal lahum fartaqibhum waṣṭabir.
[27] Sejatine Ingsun bakal ngirimake onta wadon minangka tandha yekti lan panyoba, kanggo wong Tsamud. Saiki (Shalih) narimoha wae titenana piye.

وَنَبِّئْهُمْ اَنَّ الْمَاۤءَ قِسْمَةٌ ۢ بَيْنَهُمْۚ كُلُّ شِرْبٍ مُّحْتَضَرٌ٢٨
Wa nabbi'hum annal-mā'a qismatum bainahum, kullu syirbim muḥtaḍar(un).
[28] Wong Tsamud padha dhawuhana anane banyu iku didumake marang onta lan dheweke, Kabeh padha kena gilirane. (sakdine kanggo wong Tsamud lan sedina maneh ontane).

فَنَادَوْا صَاحِبَهُمْ فَتَعَاطٰى فَعَقَرَ٢٩
Fa nādau ṣāḥibahum fa ta‘āṭā fa ‘aqar(a).
[29] Dheweke wong Tsamud banjur ngundang kancane nedya mateni. Onta mau banjur dicekel banjur dipateni.

فَكَيْفَ كَانَ عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٠
Fakaifa kāna ‘ażābī wa nużur(i).
[30] Kepriye ta kahanane wewaden lan siksaningsun?

اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَكَانُوْا كَهَشِيْمِ الْمُحْتَظِرِ٣١
Innā arsalnā ‘alaihim ṣaiḥataw wāḥidatan fa kānū kahasyīmil-muḥtaẓir(i).
[31] Allah banjur ngutus Jibril kanthi suwara banter, wong Tsamud banjur tumpes sanalika ambruk kaya kayu garing wis mopol.

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ٣٢
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[32] Satemene Allah wis gampangake al-Quran kanggo diweruhi surasane mulane padha ngestokna.

كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوْطٍ ۢبِالنُّذُرِ٣٣
Każżabat qaumu lūṭim bin-nużur(i).
[33] Biyen umate Luth uga padha maido wulangane.

اِنَّآ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ حَاصِبًا اِلَّآ اٰلَ لُوْطٍ ۗنَجَّيْنٰهُمْ بِسَحَرٍۙ٣٤
Innā arsalnā ‘alaihim ḥāṣiban illā āla lūṭ(in), najjaināhum bisaḥar(in).
[34] Para umate Luth padha diudani watu tumpes kabeh kajaba mung Luth sakancane padha diparingi slamet ing wayah esuk.

نِّعْمَةً مِّنْ عِنْدِنَاۗ كَذٰلِكَ نَجْزِيْ مَنْ شَكَرَ٣٥
Ni‘matam min ‘indinā, każālika najzī man syakar(a).
[35] Peparinge Allah kabungahan kaya mangkono walese marang wong syukur.

وَلَقَدْ اَنْذَرَهُمْ بَطْشَتَنَا فَتَمَارَوْا بِالنُّذُرِ٣٦
Wa laqad anżarahum baṭsyatanā fa tamārau bin-nużur(i).
[36] Lan satemene Luth wis ngelingake dheweke para ummate siksa ancamane Allah. Nanging padha maido ancaman mau.

وَلَقَدْ رَاوَدُوْهُ عَنْ ضَيْفِهٖ فَطَمَسْنَآ اَعْيُنَهُمْ فَذُوْقُوْا عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٧
Wa laqad rāwadūhu ‘an ḍaifihī fa ṭamasnā a‘yunahum fa żūqū ‘ażābī wa nużur(i).
[37] Lan para ummate Luth padha bujuk (supaya masrahake) dhayohe. Mulane banjur Ingsun picakake mripate. Padha ngrasakna siksa lan ancaman Ku.

وَلَقَدْ صَبَّحَهُمْ بُكْرَةً عَذَابٌ مُّسْتَقِرٌّۚ٣٨
Wa laqad ṣabbaḥahum bukratan ‘ażābum mustaqirr(un).
[38] Lan satemene ing wayah esuke dheweke tinempuh ing siksa kang lestari.

فَذُوْقُوْا عَذَابِيْ وَنُذُرِ٣٩
Fa żūqū ‘ażābī wa nużur(i).
[39] Padha ngrasakna siksaningsun lan ancaman - ancamanKu.

وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْاٰنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ ࣖ٤٠
Wa laqad yassarnal-qur'āna liż-żikri fahal mim muddakir(in).
[40] Lan satemene Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane mulane padha ngestokna.

وَلَقَدْ جَاۤءَ اٰلَ فِرْعَوْنَ النُّذُرُۚ٤١
Wa laqad jā'a āla fir‘aunan-nużur(u).
[41] Lan satemene para Rasul wis padha reka nerangake ancaman - ancaman marang Fir'aun.

كَذَّبُوْا بِاٰيٰتِنَا كُلِّهَا فَاَخَذْنٰهُمْ اَخْذَ عَزِيْزٍ مُّقْتَدِرٍ٤٢
Każżabū bi'āyātinā kullihā fa'akhażnāhum akhża ‘azīzim muqtadir(in).
[42] Nanging dheweke gorohake kabeh tandha yekti kahelokaningsun, mulane padha ditumpes kelawan siksaning Allah kang Maha Mulya tur Maha Kuasa.

اَكُفَّارُكُمْ خَيْرٌ مِّنْ اُولٰۤىِٕكُمْ اَمْ لَكُمْ بَرَاۤءَةٌ فِى الزُّبُرِۚ٤٣
Akuffārukum khairum min ulā'ikum am lakum barā'atun fiz-zubur(i).
[43] He wong kafir, apa kancamu luwih becik karo Firaun sabalane, utawa apa sira wis kasebut ana kitab kang kuna - kuna bakal luput saka siksa?

اَمْ يَقُوْلُوْنَ نَحْنُ جَمِيْعٌ مُّنْتَصِرٌ٤٤
Am yaqūlūna naḥnu jamī‘um muntaṣir(un).
[44] Utawa dheweke (wong kafir) padha kondo, "Aku iku kumpulan kang ditulungi Allah".

سَيُهْزَمُ الْجَمْعُ وَيُوَلُّوْنَ الدُّبُرَ٤٥
Sayuhzamul-jam‘u wa yuwallūnad-dubur(a).
[45] Ing tembe pakumpulane (wong Mekkah) keplayu, wonge padha lumayu sasaran (mundhur).

بَلِ السَّاعَةُ مَوْعِدُهُمْ وَالسَّاعَةُ اَدْهٰى وَاَمَرُّ٤٦
Balis-sā‘atu mau‘iduhum was-sā‘atu adhā wa amarr(u).
[46] Besuk Qiyamat bakal kelakone pangancam marang wong kafir siksane bebayani banget.

اِنَّ الْمُجْرِمِيْنَ فِيْ ضَلٰلٍ وَّسُعُرٍۘ٤٧
Innal-mujrimīna fī ḍalāliw wa su‘ur(in).
[47] Satemene wong sing padha dosa ana donya nandhang siksa lan bakal dicemplungake neraka.

يَوْمَ يُسْحَبُوْنَ فِى النَّارِ عَلٰى وُجُوْهِهِمْۗ ذُوْقُوْا مَسَّ سَقَرَ٤٨
Yauma yusḥabūna fin-nāri ‘alā wujūhihim, żūqū massa saqar(a).
[48] Yaiku nalikane dheweke digeret nyang neraka marang rahi - rahine. Pangandikane Allah, "Padha ngrasakna tumindake siksa neraka Saqor".

اِنَّا كُلَّ شَيْءٍ خَلَقْنٰهُ بِقَدَرٍ٤٩
Innā kulla syai'in khalaqnāhu biqadar(in).
[49] Sateme samu barang kang dumadi iku digawe kanthi papesthen.

وَمَآ اَمْرُنَآ اِلَّا وَاحِدَةٌ كَلَمْحٍ ۢبِالْبَصَرِ٥٠
Wa mā amrunā illā wāḥidatun kalamḥim bil-baṣar(i).
[50] Lan dhawuhe Allah mung sapisan wae suwene mung sak kedheping mripat.

وَلَقَدْ اَهْلَكْنَآ اَشْيَاعَكُمْ فَهَلْ مِنْ مُّدَّكِرٍ٥١
Wa laqad ahlaknā asy-yā‘akum fahal mim muddakir(in).
[51] Lan satemene biyen Ingsun wis numpes para wong kafir kaya kowe, mulane kowe padha elinga ngestokna perintah.

وَكُلُّ شَيْءٍ فَعَلُوْهُ فِى الزُّبُرِ٥٢
Wa kullu syai'in fa‘alūhu fiz-zubur(i).
[52] Kabeh kang wis dilakoni padha dicathet ana buku - buku cathetan.

وَكُلُّ صَغِيْرٍ وَّكَبِيْرٍ مُّسْتَطَرٌ٥٣
Wa kullu ṣagīriw wa kabīrim mustaṭar(un).
[53] Lan kabeh perkra gedhe utawa cilik kabeh mesthi ditulis.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّنَهَرٍۙ٥٤
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa nahar(in).
[54] Sarupane wong kang bekti ing Allah padha ana suwarga kang ana bengawane.

فِيْ مَقْعَدِ صِدْقٍ عِنْدَ مَلِيْكٍ مُّقْتَدِرٍ ࣖ٥٥
Fī maq‘adi ṣidqin ‘inda malīkim muqtadir(in).
[55] Ana ing palungguhan kang nyata indah ana ngarsane Allah kang Kuasa.