Surah At-Tur
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالطُّوْرِۙ١
Waṭ-ṭūr(i).
[1]
Demi gunung Thur.
وَكِتٰبٍ مَّسْطُوْرٍۙ٢
Wa kitābim masṭūr(in).
[2]
Demi Kitab Qur'an kang tinulis.
فِيْ رَقٍّ مَّنْشُوْرٍۙ٣
Fī raqqim mansyūr(in).
[3]
Ana ing papan kang gumelar.
وَّالْبَيْتِ الْمَعْمُوْرِۙ٤
Wal-baitil-ma‘mūr(i).
[4]
Demi "Baitul Makmur" (Omah kang dimulyakake).
وَالسَّقْفِ الْمَرْفُوْعِۙ٥
Was-saqfil-marfū‘(i).
[5]
Demi payon kang dhuwur (langit).
وَالْبَحْرِ الْمَسْجُوْرِۙ٦
Wal-baḥril-masjūr(i).
[6]
Demi segara kang banyune agung.
اِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ لَوَاقِعٌۙ٧
Inna ‘ażāba rabbika lawāqi‘(un).
[7]
Siksaning Allah Pangeranira kelakon temenan.
مَّا لَهٗ مِنْ دَافِعٍۙ٨
Mā lahū min dāfi‘(in).
[8]
Siksa mau ora ana kang bisa nulak.
يَّوْمَ تَمُوْرُ السَّمَاۤءُ مَوْرًاۙ٩
Yauma tamūrus-samā'u maurā(n).
[9]
Kelakone besuk dina qiyamat nalika langit obah lan mubeng.
وَّتَسِيْرُ الْجِبَالُ سَيْرًاۗ١٠
Wa tasīrul-jibālu sairā(n).
[10]
Lan gunung - gunung padha mlaku.
فَوَيْلٌ يَّوْمَىِٕذٍ لِّلْمُكَذِّبِيْنَۙ١١
Fawailuy yauma'iżil lil-mukażżibīn(a).
[11]
Ing dina iku siksa kang abot dadi patrapane wong kang padha maido (Rasul).
الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ خَوْضٍ يَّلْعَبُوْنَۘ١٢
Allażīna hum fī khauḍiy yal‘abūn(a).
[12]
Kang padha ketungkul nglakoni barang kang luput.
يَوْمَ يُدَعُّوْنَ اِلٰى نَارِ جَهَنَّمَ دَعًّاۗ١٣
Yauma yuda‘‘ūna ilā nāri jahannama da‘‘ā(n).
[13]
Hiya iku nalikane wong kafir padha dijorokake marang neraka jahannam.
هٰذِهِ النَّارُ الَّتِيْ كُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُوْنَ١٤
Hāżihin-nārul-latī kuntum bihā tukażżibūn(a).
[14]
Sarta didhawuhi, iki neraka kang padha sira paido biyen.
اَفَسِحْرٌ هٰذَآ اَمْ اَنْتُمْ لَا تُبْصِرُوْنَ١٥
Afasiḥrun hāżā am antum lā tubṣirūn(a).
[15]
Apa iki sihir, apa pandelengira rusak dadi ora weruh?
اِصْلَوْهَا فَاصْبِرُوْٓا اَوْ لَا تَصْبِرُوْاۚ سَوَاۤءٌ عَلَيْكُمْۗ اِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٦
Iṣlauhā faṣbirū au lā taṣbirū, sawā'un ‘alaikum, innamā tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[16]
Padha rasakna piye rasane sira bantah panase utawa ora, iku padha wae, kang dipatrapi siksa neraka iku kaluputan kang wis sira lakoni biyen.
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّنَعِيْمٍۙ١٧
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa na‘īm(in).
[17]
Para wong kang padha bekti ing Allah padha ana suwarga panggonan kapenak.
فٰكِهِيْنَ بِمَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْۚ وَوَقٰىهُمْ رَبُّهُمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِ١٨
Fākihīna bimā ātāhum rabbuhum, wa waqāhum rabbuhum ‘ażābal-jaḥīm(i).
[18]
Padha enak - enak nampani ganjaran paringe Pangeran sarta direksa ora kecemplung neraka jahannam.
كُلُوْا وَاشْرَبُوْا هَنِيْۤـًٔا ۢبِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۙ١٩
Kulū wasyrabū hanī'am bimā kuntum ta‘malūn(a).
[19]
Padha tampa dhawuh padha mangana lan ngombea, kelawan enak ana suwarga ganjarane penggawe becik kang wis sira lakoni biyen.
مُتَّكِـِٕيْنَ عَلٰى سُرُرٍ مَّصْفُوْفَةٍۚ وَزَوَّجْنٰهُمْ بِحُوْرٍ عِيْنٍ٢٠
Muttaki'īna ‘alā sururim maṣfūfah(tin), wa zawwajnāhum biḥūrin ‘īn(in).
[20]
Wong ing suwarga padha linggih sendhen ing kursi kang ditata jejer - jejer, lan padha Ingsun dhawuhake widadari kang mripate blalak - blalak.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُمْ بِاِيْمَانٍ اَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَآ اَلَتْنٰهُمْ مِّنْ عَمَلِهِمْ مِّنْ شَيْءٍۗ كُلُّ امْرِئٍ ۢبِمَا كَسَبَ رَهِيْنٌ٢١
Wal-lażīna āmanū wattaba‘athum żurriyyatuhum bi'īmānin alḥaqnā bihim żurriyyatahum wa mā alatnāhum min ‘amalihim min syai'(in), kullumri'im bimā kasaba rahīn(un).
[21]
Wong - wong kang percaya ing Allah kang anake ngatur melu manut percaya anak mau Ingsun helokake bapakne, diganjar padha ganjarane Bapa tanpa disuda sethitik - sethitika. Saben manungsa iku gandhenge karo ngamal sing ditindakake.
وَاَمْدَدْنٰهُمْ بِفَاكِهَةٍ وَّلَحْمٍ مِّمَّا يَشْتَهُوْنَ٢٢
Wa amdadnāhum bifākihatiw wa laḥmim mimmā yasytahūn(a).
[22]
Wong ing suwarga padha Ingsun paringi tambahan woh - wohan lan daging kang dipingini.
يَتَنَازَعُوْنَ فِيْهَا كَأْسًا لَّا لَغْوٌ فِيْهَا وَلَا تَأْثِيْمٌ٢٣
Yatanāza‘ūna fīhā ka'sal lā lagwun fīhā wa lā ta'ṡīm(un).
[23]
Ana ing suwarga dheweke padha rebutan gelas kang isine tanpa agawe mendem lan ora dadi pasulayan apa dene anggone ngombe ora duraka.
۞ وَيَطُوْفُ عَلَيْهِمْ غِلْمَانٌ لَّهُمْ كَاَنَّهُمْ لُؤْلُؤٌ مَّكْنُوْنٌۚ٢٤
Wa yaṭūfu ‘alaihim gilmānul lahum ka'annahum lu'lu'um maknūn(un).
[24]
Lan padha ngubengi sacedhake dheweke punakawane kang rupane bagus - bagus kaya mutiara kang isih ana ing congkoke.
وَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٢٥
Wa aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[25]
Padha hadhep - hadhepan takon - tinakon karo kancane.
قَالُوْٓا اِنَّا كُنَّا قَبْلُ فِيْٓ اَهْلِنَا مُشْفِقِيْنَ٢٦
Qālū innā kunnā qablu fī ahlinā musyfiqīn(a).
[26]
Pangucape, "Kala rumiyen kula nalika wonten ing tengah - tengahing keluarga ajrih sanget dhateng siksaning Allah."
فَمَنَّ اللّٰهُ عَلَيْنَا وَوَقٰىنَا عَذَابَ السَّمُوْمِ٢٧
Fa mannallāhu ‘alainā wa waqānā ‘ażābas-samūm(i).
[27]
Allah lajeng paring pitulung dhateng kula, dipun reksa biten mlebet neraka.
اِنَّا كُنَّا مِنْ قَبْلُ نَدْعُوْهُۗ اِنَّهٗ هُوَ الْبَرُّ الرَّحِيْمُ ࣖ٢٨
Innā kunnā min qablu nad‘ūh(u), innahū huwal-barrur-raḥīm(u).
[28]
Sayektosipun rumiyen kula bektos ing Allah, sayektosipun Allah punika damel sahe tur Maha Asih.
فَذَكِّرْ فَمَآ اَنْتَ بِنِعْمَتِ رَبِّكَ بِكَاهِنٍ وَّلَا مَجْنُوْنٍۗ٢٩
Fa żakkir famā anta bini‘mati rabbika bikāhiniw wa lā majnūn(in).
[29]
Sira ditaberi nyurup - nyurupake (nerangake). Sira dudu guru pagorohan lan dudu wong edan, nanging diparingi kabungahan ing Pangeranira.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ شَاعِرٌ نَّتَرَبَّصُ بِهٖ رَيْبَ الْمَنُوْنِ٣٠
Am yaqūlūna syā‘irin natarabbaṣu bihī raibal-manūn(i).
[30]
Wong mangro tingal malah padha kondha, "(Muhammad) iku pinter nganggit tembang, Hiya tak entenane horeging jagad kang wecana".
قُلْ تَرَبَّصُوْا فَاِنِّيْ مَعَكُمْ مِّنَ الْمُتَرَبِّصِيْنَۗ٣١
Qul tarabbaṣū fa innī ma‘akum minal-mutarabbiṣīn(a).
[31]
Dhawuha, "Hiya padha ngentenana, aku uga ngenteni karo kowe".
اَمْ تَأْمُرُهُمْ اَحْلَامُهُمْ بِهٰذَآ اَمْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُوْنَۚ٣٢
Am ta'muruhum aḥlāmuhum bihāżā am hum qaumun ṭāgūn(a).
[32]
Wong mangro tingal anggone kondha mangkono mau, thukul saka akale kang nasar, utawa saka kebangeten anggone dhemen padu?
اَمْ يَقُوْلُوْنَ تَقَوَّلَهٗۚ بَلْ لَّا يُؤْمِنُوْنَۚ٣٣
Am yaqūlūna taqawwalah(ū), bal lā yu'minūn(a).
[33]
Dheweke (wong mangro tingal) malah padha kandha, "Dheweke (Muhammad) iku anggone gawe - gawe". Satemene wong mangro tingal mau ora padha iman.
فَلْيَأْتُوْا بِحَدِيْثٍ مِّثْلِهٖٓ اِنْ كَانُوْا صٰدِقِيْنَۗ٣٤
Falya'tū biḥadīṡim miṡlihī in kānū ṣādiqīn(a).
[34]
Manawa pangucape temen padha gawea Kitab kang madhani al-Quran (terange lan bergase).
اَمْ خُلِقُوْا مِنْ غَيْرِ شَيْءٍ اَمْ هُمُ الْخٰلِقُوْنَۗ٣٥
Am khuliqū min gairi syai'in am humul-khāliqūn(a).
[35]
Ana wong mangro tingal iku padha digawe nanging ora ana kang gawe, utawa dheweke iku gawe awake dhewe?
اَمْ خَلَقُوا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَۚ بَلْ لَّا يُوْقِنُوْنَۗ٣٦
Am khalaqus-samāwāti wal-arḍ(a), bal lā yūqinūn(a).
[36]
Utawa dheweke padha gawe bumi lan langit? Sejatine dheweke ora ngandel (kang kandhakake dhewe).
اَمْ عِنْدَهُمْ خَزَاۤىِٕنُ رَبِّكَ اَمْ هُمُ الْمُصَۣيْطِرُوْنَۗ٣٧
Am ‘indahum khazā'inu rabbika am humul-musaiṭirūn(a).
[37]
Utawa dheweke mau nyekel gedhong pasimpene Pangeranira utawa dheweke kang kuasa?
اَمْ لَهُمْ سُلَّمٌ يَّسْتَمِعُوْنَ فِيْهِۚ فَلْيَأْتِ مُسْتَمِعُهُمْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۗ٣٨
Am lahum sullamuy yastami‘ūna fīh(i), falya'ti mustami‘uhum bisulṭānim mubīn(in).
[38]
Apa dheweke duwe ondho (nyang langit) kanggo ngrungokake guneme malaikat ana ing andha mau. Yen mangkono, iya wong kang ngrungokake mau nganakna tandha yekti kang cetha.
اَمْ لَهُ الْبَنٰتُ وَلَكُمُ الْبَنُوْنَۗ٣٩
Am lahul-banātu wa lakumul-banūn(a).
[39]
Apa nyata Allah peputra putri, lan kowe (kang mangro tingal) padha manak lanang?
اَمْ تَسْـَٔلُهُمْ اَجْرًا فَهُمْ مِّنْ مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُوْنَۗ٤٠
Am tas'aluhum ajran fahum mim magramim muṡqalūn(a).
[40]
Apa anggonira ngondhangake perintah Ku, kango jaluk pituwas marang dheweke, nganti dheweke padha abot anggone nganakake pituwas.
اَمْ عِنْدَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُوْنَۗ٤١
Am ‘indahumul-gaibu fahum yaktubūn(a).
[41]
Apa dheweke padha kadunungan kaweruh ghoib, weruh samu barang kang samar banjur padha ditulisi (kena dianggo madoni Muhammad).
اَمْ يُرِيْدُوْنَ كَيْدًاۗ فَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا هُمُ الْمَكِيْدُوْنَۗ٤٢
Am yurīdūna kaidā(n), fal-lażīna kafarū humul-makīdūn(a).
[42]
Apa dheweke neja maheka marang Sira, pahekane malah bakal balik marang si kafir kabeh.
اَمْ لَهُمْ اِلٰهٌ غَيْرُ اللّٰهِ ۗسُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٤٣
Am lahum ilāhun gairullāh(i), subḥānallāhi ‘ammā yusyrikūn(a).
[43]
Apa dheweke mau ngaku duwe Pangeran liyane Allah. Allah iku maha suci , adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal.
وَاِنْ يَّرَوْا كِسْفًا مِّنَ السَّمَاۤءِ سَاقِطًا يَّقُوْلُوْا سَحَابٌ مَّرْكُوْمٌ٤٤
Wa iy yarau kisfam minas-samā'i sāqiṭay yaqūlū saḥābum markūm(un).
[44]
Manawa wong kafir mau padha deleng gempalaning langit runtuh, padha ngucap, "iki mega kang tumpuk - tumpuk".
فَذَرْهُمْ حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ فِيْهِ يُصْعَقُوْنَۙ٤٥
Fażarhum ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī fīhi yuṣ‘aqūn(a).
[45]
Padha tokna wae nganti tekan dina anggone padha mati.
يَوْمَ لَا يُغْنِيْ عَنْهُمْ كَيْدُهُمْ شَيْـًٔا وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَۗ٤٦
Yauma lā yugnī ‘anhum kaiduhum syai'aw wa lā hum yunṣarūn(a).
[46]
Yaiku dina kang ora ana gunane pahekane si kafir marang awake sethithik - thithika lan ora ana kang bisa nulungi marang dheweke.
وَاِنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا عَذَابًا دُوْنَ ذٰلِكَ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٤٧
Wa inna lil-lażīna ẓalamū ‘ażāban dūna żālika wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[47]
Lan satemene kanggo wong kang nganiaya ana siksa sak durunge mati. Ananging kang akeh ora padha weruh.
وَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ فَاِنَّكَ بِاَعْيُنِنَا وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ حِيْنَ تَقُوْمُۙ٤٨
Waṣbir liḥukmi rabbika fa innaka bi'a‘yuninā wa sabbiḥ biḥamdi rabbika ḥīna taqūm(u).
[48]
Lan padha sabara narima pranataning Pangeranira awit sira tansah Ingsun huningani lan sira nyebuta, "Maha suci" lan memuji ing Pangeranira nalikane sira ngadeg (arep sholat).
وَمِنَ الَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَاِدْبَارَ النُّجُوْمِ ࣖ٤٩
Wa minal-laili fa sabbiḥhu wa idbāran-nujūm(i).
[49]
Lan ing wayah wengi apadene ing wayah surupe lintang (waktu fajar) sira hiya nyebuta "Maha Suci" ing Allah.