Surah Az-Zariyat

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالذّٰرِيٰتِ ذَرْوًاۙ١
Waż-żāriyāti żarwā(n).
[1] Demi angin kang ngumbulake bledhuk kang mabul - mabul.

فَالْحٰمِلٰتِ وِقْرًاۙ٢
Fal-ḥāmilāti wiqrā(n).
[2] Demi mega kang gawa banyu udan.

فَالْجٰرِيٰتِ يُسْرًاۙ٣
Fal-jāriyāti yusrā(n).
[3] Demi perahu kang mlaku ana banyu kelawan gampang.

فَالْمُقَسِّمٰتِ اَمْرًاۙ٤
Fal-muqassimāti amrā(n).
[4] Demi Malaikat kang andum rizki lan udan.

اِنَّمَا تُوْعَدُوْنَ لَصَادِقٌۙ٥
Innamā tū‘adūna laṣādiq(un).
[5] Anggonira padha diprasetyani lan diancam dening Allah mesthi bakal kelakon.

وَّاِنَّ الدِّيْنَ لَوَاقِعٌۗ٦
Wa innad-dīna lawāqi‘(un).
[6] Pituwase laku hala lan becik mesthi bakal kelakon.

وَالسَّمَاۤءِ ذَاتِ الْحُبُكِۙ٧
Was-samā'i żātil-ḥubuk(i).
[7] Demi langit kang ana dalane kanggo mlaku lintang - lintang.

اِنَّكُمْ لَفِيْ قَوْلٍ مُّخْتَلِفٍۙ٨
Innakum lafī qaulim mukhtalif(in).
[8] Anggonira padha bedha - bedha panemu (bab Muhammad lan al-Quran)

يُّؤْفَكُ عَنْهُ مَنْ اُفِكَۗ٩
Yu'faku ‘anhu man ufik(a).
[9] Wongkang kena digorohi, hiya sida didohake (saka al-Quran lan Nabi Muhammad).

قُتِلَ الْخَرَّاصُوْنَۙ١٠
Qutilal-kharrāṣūn(a).
[10] Wongkang padha goroh mau didohake saka rahmate Allah.

الَّذِيْنَ هُمْ فِيْ غَمْرَةٍ سَاهُوْنَۙ١١
Allażīna hum fī gamratin sāhūn(a).
[11] Wongkang padha kesilep bodho padha lali.

يَسْـَٔلُوْنَ اَيَّانَ يَوْمُ الدِّيْنِۗ١٢
Yas'alūna ayyāna yaumud-dīn(i).
[12] Padha takon, "benjing punapa kalampahanipun Kiamat?"

يَوْمَ هُمْ عَلَى النَّارِ يُفْتَنُوْنَ١٣
Yauma hum ‘alan-nāri yuftanūn(a).
[13] Hiya iku dina nalikane (wong kafir) padha disiksa ing neraka.

ذُوْقُوْا فِتْنَتَكُمْۗ هٰذَا الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تَسْتَعْجِلُوْنَ١٤
Żūqū fitnatakum, hāżal-lażī kuntum bihī tasta‘jilūn(a).
[14] (Lan padha dawuh) iki siksa kang padha sira kesusokake biyen, padha rasakna.

اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ١٥
Innal-muttaqīna fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[15] Sarupane wongkang bekti ing Allah ana suwarga kang ana bengawane mili.

اٰخِذِيْنَ مَآ اٰتٰىهُمْ رَبُّهُمْ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَبْلَ ذٰلِكَ مُحْسِنِيْنَۗ١٦
Ākhiżīna mā ātāhum rabbuhum, innahum kānū qabla żālika muḥsinīn(a).
[16] Padha nampani ganjaran paringe Pangeran, dheweke mau sadurunge mlebu suwarga padha nglakoni penggawe becik.

كَانُوْا قَلِيْلًا مِّنَ الَّيْلِ مَا يَهْجَعُوْنَ١٧
Kānū qalīlam minal-laili mā yahja‘ūn(a).
[17] Wong Mukmin mau yen bengi anggone turu mung sethithik.

وَبِالْاَسْحَارِ هُمْ يَسْتَغْفِرُوْنَ١٨
Wa bil-asḥāri hum yastagfirūn(a).
[18] Lan yen wayah sahur (seprapating wengi kang wekasan) padha nyuwun pangapuraning Allah.

وَفِيْٓ اَمْوَالِهِمْ حَقٌّ لِّلسَّاۤىِٕلِ وَالْمَحْرُوْمِ١٩
Wa fī amwālihim ḥaqqul lis-sā'ili wal-maḥrūm(i).
[19] Bandhane disediakake dadi duweke wong miskin kang jejaluk lan wong melarat.

وَفِى الْاَرْضِ اٰيٰتٌ لِّلْمُوْقِنِيْنَۙ٢٠
Wa fil-arḍi āyātul lil-mūqinīn(a).
[20] Bumi iku panggonan gumelare tondha yekti tumrap wong kang terang susurupane kang mratandani kuasaning Allah.

وَفِيْٓ اَنْفُسِكُمْ ۗ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَ٢١
Wa fī anfusikum, afalā tubṣirūn(a).
[21] Apa sira ora tau deleng kang ana ing awakira?

وَفِى السَّمَاۤءِ رِزْقُكُمْ وَمَا تُوْعَدُوْنَ٢٢
Wa fis-samā'i rizqukum wa mā tū‘adūn(a).
[22] Rizkimu lan pituwasing laku kang disediakake marang sira padha ana ing langit.

فَوَرَبِّ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ اِنَّهٗ لَحَقٌّ مِّثْلَ مَآ اَنَّكُمْ تَنْطِقُوْنَ ࣖ٢٣
Fa wa rabbis-samā'i wal-arḍi innahū laḥaqqum miṡla mā annakum tanṭiqūn(a).
[23] Demi Pangerane bumi lan langit, sabarang kang diprasetiakake marang sira , mesthi, kelakon nyata kaya anggonmu bisa kandha wis tanpa mamang.

هَلْ اَتٰىكَ حَدِيْثُ ضَيْفِ اِبْرٰهِيْمَ الْمُكْرَمِيْنَۘ٢٤
Hal atāka ḥadīṡu ḍaifi ibrāhīmal-mukramīn(a).
[24] (Muhammad) Apa wis weruh cerita dayohe Ibrahim yaiku (malaikat - malaikat) kang dimuliakake?

اِذْ دَخَلُوْا عَلَيْهِ فَقَالُوْا سَلٰمًا ۗقَالَ سَلٰمٌۚ قَوْمٌ مُّنْكَرُوْنَ٢٥
Iż dakhalū ‘alaihi fa qālū salāmā(n), qāla salām(un), qaumum munkarūn(a).
[25] Nalika padha mlebu ing omahe Ibrahim padha ngucap "Salamun", Ibrahim uga mangsuli "Salamun" sarta takon, "sampiyan sinten kula dereng sumerep?"

فَرَاغَ اِلٰٓى اَهْلِهٖ فَجَاۤءَ بِعِجْلٍ سَمِيْنٍۙ٢٦
Farāga ilā ahlihī fa jā'a bi‘ijlin samīn(in).
[26] Ibrahim nuli noleh marang rabine, kang nuli ngeladekake pedhet lemu kang wis diolah mateng.

فَقَرَّبَهٗٓ اِلَيْهِمْۚ قَالَ اَلَا تَأْكُلُوْنَ٢٧
Fa qarrabahū ilaihim, qāla alā ta'kulūn(a).
[27] Nuli disuguhake marang dayohe, diaturi dhahar (nanging ora kersa).

فَاَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيْفَةً ۗقَالُوْا لَا تَخَفْۗ وَبَشَّرُوْهُ بِغُلٰمٍ عَلِيْمٍ٢٨
Fa aujasa minhum khīfah(tan), qālū lā takhaf, wa basysyarūhu bigulāmin ‘alīm(in).
[28] Ibrahim banjur wedi marang dayohe. Dayohe banjur matur, "Panjenengan sampun ajrih". Dayohe banjur bebungah diwenehi kabar bakal duwe anak lanang akeh kaweruhe.

فَاَقْبَلَتِ امْرَاَتُهٗ فِيْ صَرَّةٍ فَصَكَّتْ وَجْهَهَا وَقَالَتْ عَجُوْزٌ عَقِيْمٌ٢٩
Fa aqbalatimra'atuhū fī ṣarratin fa ṣakkat wajhahā wa qālat ‘ajūzun ‘aqīm(un).
[29] Rabine (aran Sarah) kaget nuli maju lan gumun metek rahine. Pangucape, "Kula sampun pikun (90 tahun) laki kula inggih gabuk (umu 120 tahun) punapa yekto kula sambut manak?"

قَالُوْا كَذٰلِكِۙ قَالَ رَبُّكِ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ ۔٣٠
Qālū każālik(i), qāla rabbuk(i), innahū huwal-ḥakīmul-‘alīm(u).
[30] Para dhayohe padha mangsuli, "Sampun mekaten pangandikanipun Pangeran panjenengan (sampun mesthi kelampahan) Allah punika Maha Wicaksana tur Nguningani samu kawis".

۞ قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ اَيُّهَا الْمُرْسَلُوْنَۚ٣١
Qāla famā khaṭbukum ayyuhal-mursalūn(a).
[31] Ibrahim takon, "Kawaji punika panjenengan dipun utus punapa?"

قَالُوْآ اِنَّآ اُرْسِلْنَآ اِلٰى قَوْمٍ مُّجْرِمِيْنَۙ٣٢
Qālū innā ursilnā ilā qaumim mujrimīn(a).
[32] Para Malaikat padha mangsuli, "Kula diutus numpes para kafir ummatipun Luth".

لِنُرْسِلَ عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّنْ طِيْنٍۙ٣٣
Linursila ‘alaihim ḥijāratam min ṭīn(in).
[33] Kula kakersakaken jawahi sela utawi banon dhateng tiyang kafir wau.

مُّسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُسْرِفِيْنَ٣٤
Musawwamatan ‘inda rabbika lil-musrifīn(a).
[34] Sela wau sampun dipun cireni dening Pangeran panjenengan kangge (nyirnakaken) para tiyang tumindak kesangetan. (Selanipun sampun dipun paringi nami - nami ingkang badhe kataman sela wau).

فَاَخْرَجْنَا مَنْ كَانَ فِيْهَا مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَۚ٣٥
Fa akhrajnā man kāna fīhā minal-mu'minīn(a).
[35] Sapunika kula perlu nyingkiraken para mukmin ingkang sami wonten ngriku.

فَمَا وَجَدْنَا فِيْهَا غَيْرَ بَيْتٍ مِّنَ الْمُسْلِمِيْنَۚ٣٦
Famā wajadnā fīhā gaira baitim minal-muslimīn(a).
[36] Salebethipun kitha mriku kula boten manggih kajawi namung satunggal griyanipun tiyang ingkang sampun sumarah (Islam).

وَتَرَكْنَا فِيْهَآ اٰيَةً لِّلَّذِيْنَ يَخَافُوْنَ الْعَذَابَ الْاَلِيْمَۗ٣٧
Wa taraknā fīhā āyatal lil-lażīna yakhāfūnal-‘ażābal-alīm(a).
[37] Kula lajeng nilar tetilas wonten ngriku supados dados ayat tandha yektosipun (anggen kula numpes ummatipun Luth) dadosa penget dhateng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti.

وَفِيْ مُوْسٰىٓ اِذْ اَرْسَلْنٰهُ اِلٰى فِرْعَوْنَ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍ٣٨
Wa fī mūsā iż arsalnāhu ilā fir‘auna bisulṭānim mubīn(in).
[38] Dene cerita lakone Musa uga dadi tandha yekti maneh yaiku anggone Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir'aun kanthi tandha yekti kang cetha.

فَتَوَلّٰى بِرُكْنِهٖ وَقَالَ سٰحِرٌ اَوْ مَجْنُوْنٌ٣٩
Fa tawallā biruknihī wa qāla sāḥirun au majnūn(un).
[39] Fir'aun sabalane padha maido, pangucape, "Musa iku yen dudu juru sihir ya wong edan".

فَاَخَذْنٰهُ وَجُنُوْدَهٗ فَنَبَذْنٰهُمْ فِى الْيَمِّ وَهُوَ مُلِيْمٌۗ٤٠
Fa akhażnāhu wa junūdahū fanabażnāhum fil-yammi wa huwa mulīm(un).
[40] Fir'aun lan sabalane padha ingsun tumpes sarana disilepake ana segara, sebab dheweke nindakake gaweyan kang hina.

وَفِيْ عَادٍ اِذْ اَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الرِّيْحَ الْعَقِيْمَۚ٤١
Wa fī ‘ādin iż arsalnā ‘alaihimur-rīḥal-‘aqīm(a).
[41] Lan maneh lelakone wong 'Aad uga dadi tandha yekti nalika Ingsun ditekani angin kang ngrusakake.

مَا تَذَرُ مِنْ شَيْءٍ اَتَتْ عَلَيْهِ اِلَّا جَعَلَتْهُ كَالرَّمِيْمِۗ٤٢
Mā tażaru min syai'in atat ‘alaihi illā ja‘alathu kar-ramīm(i).
[42] Angin mau manwa nerjang wong 'Aad utawa darbeke, endi kang katrajang mesthi katiwasan.

وَفِيْ ثَمُوْدَ اِذْ قِيْلَ لَهُمْ تَمَتَّعُوْا حَتّٰى حِيْنٍ٤٣
Wa fī ṡamūda iż qīla lahum tamatta‘ū ḥattā ḥīn(in).
[43] Cerita tumpese wong Tsamud (ya dadi tandha yekti sawise belih ontaning Allah) banjur didhawuhi padha bungah - bungaha nganti tekan mangsane.

فَعَتَوْا عَنْ اَمْرِ رَبِّهِمْ فَاَخَذَتْهُمُ الصّٰعِقَةُ وَهُمْ يَنْظُرُوْنَ٤٤
Fa‘atau ‘an amri rabbihim fa akhażathumuṣ-ṣā‘iqatu wa hum yanẓurūn(a).
[44] Wong Tsamud mau wis kebacut gumedhe, nglakoni dhawuhe Pangerane, mulane banjur tumpes dening bledheg kabeh padha deleng dheweke.

فَمَا اسْتَطَاعُوْا مِنْ قِيَامٍ وَّمَا كَانُوْا مُنْتَصِرِيْنَۙ٤٥
Famastaṭā‘ū min qiyāmiw wa mā kānū muntaṣirīn(a).
[45] Sawise katekan siksa (wong Tsamud) ora bisa ngadek lan mlaku ora ana kang katulungan.

وَقَوْمَ نُوْحٍ مِّنْ قَبْلُ ۗ اِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ ࣖ٤٦
Wa qauma nūḥim min qabl(u), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[46] Sadurunge Ingsun numpes ummate Nuh, awit padha duraka kafir.

وَالسَّمَاۤءَ بَنَيْنٰهَا بِاَيْىدٍ وَّاِنَّا لَمُوْسِعُوْنَ٤٧
Was-samā'a banaināhā bi'aidiw wa innā lamūsi‘ūn(a).
[47] Langit Ingsun tekake kelawan kuasaningsun, Ingsun iki kuasa kang sabenere.

وَالْاَرْضَ فَرَشْنٰهَا فَنِعْمَ الْمٰهِدُوْنَ٤٨
Wal-arḍa farasynāhā fa ni‘mal-māhidūn(a).
[48] Dene bumi iku Ingsun gawe gelar, Ingsun iki becik - becike kang hanggelar.

وَمِنْ كُلِّ شَيْءٍ خَلَقْنَا زَوْجَيْنِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ٤٩
Wa min kulli syai'in khalaqnā zaujaini la‘allakum tażakkarūn(a).
[49] Samu barang kang dumadi iku akeh kang Ingsun gawe jodhon (lanang - wadon) supaya sira padha mikir.

فَفِرُّوْٓا اِلَى اللّٰهِ ۗاِنِّيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌۚ٥٠
Fa firrū ilallāh(i), innī lakum minhu nażīrum mubīn(un).
[50] Mulane padha gelis (age - age) ngistokake dhwuhing Allah Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah.

وَلَا تَجْعَلُوْا مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَۗ اِنِّيْ لَكُمْ مِّنْهُ نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ٥١
Wa lā taj‘alū ma‘allāhi ilāhan ākhar(a), innī lakum minhu nażīrum mubīn(un).
[51] Lan aja padha mangro tingal mangeran liyane Allah, Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah.

كَذٰلِكَ مَآ اَتَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا قَالُوْا سَاحِرٌ اَوْ مَجْنُوْنٌ٥٢
Każālika mā atal-lażīna min qablihim mir rasūlin illā qālū sāḥirun au majnūn(un).
[52] Mangkono uga wong kuna saben katekan Rasul mesthi padha ngucap, "Kang ngaku Rasul iku yen ora juru sihir hiya wong edan".

اَتَوَاصَوْا بِهٖۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُوْنَۚ٥٣
Atawāṣau bih(ī), bal hum qaumun ṭāgūn(a).
[53] Apa dheweke padha mekas marang liyane padha dikon ngucap hala marang Rasul? Wong kang ngucap mangkono iku tetep wong padha kesasar.

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ فَمَآ اَنْتَ بِمَلُوْمٍ٥٤
Fa tawalla ‘anhum famā anta bimalūm(in).
[54] Mulane padha malengosa marang wong mangkono mau sira wis ora kahinan awit wis mratakake dhawuh.

وَذَكِّرْ فَاِنَّ الذِّكْرٰى تَنْفَعُ الْمُؤْمِنِيْنَ٥٥
Wa żakkir fa innaż-żikra tanfa‘ul-mu'minīn(a).
[55] Lan sira tetap ngelingake awit pepiling iku migunani marang wong mukmin.

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ اِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ٥٦
Wa mā khalaqtul-jinna wal-insa illā liya‘budūn(i).
[56] Anggoningsun gawe jin lan manungsa karsaningsun supaya padha bektia marang Ingsun.

مَآ اُرِيْدُ مِنْهُمْ مِّنْ رِّزْقٍ وَّمَآ اُرِيْدُ اَنْ يُّطْعِمُوْنِ٥٧
Mā urīdu minhum mir rizqiw wa mā urīdu ay yuṭ‘imūn(i).
[57] Titah mau ora Ingsun kersakkae golek rizki konjuk ing Ingsun, lan Ingsun oran ngersakake kanggo ngingoni aku.

اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الرَّزَّاقُ ذُو الْقُوَّةِ الْمَتِيْنُ٥٨
Innallāha huwar-razzāqu żul-quwwatil-matīn(u).
[58] Satemene Allah iku paring rizki tur prakosa banget.

فَاِنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا ذَنُوْبًا مِّثْلَ ذَنُوْبِ اَصْحٰبِهِمْ فَلَا يَسْتَعْجِلُوْنِ٥٩
Fa inna lil-lażīna ẓalamū żanūbam miṡla żanūbi aṣḥābihim falā yasta‘jilūn(i).
[59] Sarupane wong kang nganiaya awake dhewe iku duwe bagian siksa kaya bageyan kancane wong kafir kuna (kang wis padha tumpes) dadi wis ora anggege siksa.

فَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ يَّوْمِهِمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَ ࣖ٦٠
Fa wailul lil-lażīna kafarū miy yaumihimul-lażī yū‘adūn(a).
[60] Siksa kang abot patrapane para wong kafir besuk qiyamat kang wis ditemokake dening Allah.