Surah Qaf

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
قۤ ۗوَالْقُرْاٰنِ الْمَجِيْدِ ۖ١
Qāf, wal-qur'ānil-majīd(i).
[1] Qaaf (harane aksara Arab), Demi Al-Quran kang mulya (wong kafir iku ora percaya ing al-Quran).

بَلْ عَجِبُوْٓا اَنْ جَاۤءَهُمْ مُّنْذِرٌ مِّنْهُمْ فَقَالَ الْكٰفِرُوْنَ هٰذَا شَيْءٌ عَجِيْبٌ ۚ٢
Bal ‘ajibū an jā'ahum munżirum minhum faqālal-kāfirūna hāżā syai'un ‘ajīb(un).
[2] Malah pada gumun padha ketekan utusaning Allah saka kancane dhewe, wong kafir mau padha ngucap, "perkara iku ngeram - ngeramake (ajaib)".

ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا ۚ ذٰلِكَ رَجْعٌۢ بَعِيْدٌ٣
A'iżā mitnā wa kunnā turābā(n), żālika raj‘um ba‘īd(un).
[3] Besuk yen wis aku mati lan dadi lemah jare bakal diuruipake maneh, iku lak adoh banget.

قَدْ عَلِمْنَا مَا تَنْقُصُ الْاَرْضُ مِنْهُمْ ۚوَعِنْدَنَا كِتٰبٌ حَفِيْظٌ٤
Qad ‘alimnā mā tanquṣul-arḍu minhum, wa ‘indanā kitābun ḥafīẓ(un).
[4] Ingsun ngingani bumi anggone ngelongi cacahing wong kafir, sarta Ingsun kagungan Kitab kang nyathet.

بَلْ كَذَّبُوْا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاۤءَهُمْ فَهُمْ فِيْٓ اَمْرٍ مَّرِيْجٍ٥
Bal każżabū bil-ḥaqqi lammā jā'ahum fahum fī amrim marīj(in).
[5] Sabenere dheweke wis gorohake kebeneran nalika kebeneran mau teka marang dheweke. Mulane dheweke padha ora karuan.

اَفَلَمْ يَنْظُرُوْٓا اِلَى السَّمَاۤءِ فَوْقَهُمْ كَيْفَ بَنَيْنٰهَا وَزَيَّنّٰهَا وَمَا لَهَا مِنْ فُرُوْجٍ٦
Afalam yanẓurū ilas-samā'i fauqahum kaifa banaināhā wa zayyanāhā wa mā lahā min furūj(in).
[6] Apa dheweke lali ora deleng langit kang ana dhuwur, anggone Ingsun hadegake tanpa cagak lan direnggo (kelawan lintang warna - warna) apadene tanpa cacat utawa benthet sathithika.

وَالْاَرْضَ مَدَدْنٰهَا وَاَلْقَيْنَا فِيْهَا رَوَاسِيَ وَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍۢ بَهِيْجٍۙ٧
Wal-arḍa madadnāhā wa alqainā fīhā rawāsiya wa ambatnā fīhā min kulli zaujim bahīj(in).
[7] Lan ora dheleng bumi anggone Ingsun gelar Ingsun dokoki gunung gedhe pirang - pirang, thetukulan warna- warna kang bungahake.

تَبْصِرَةً وَّذِكْرٰى لِكُلِّ عَبْدٍ مُّنِيْبٍ٨
Tabṣirataw wa żikrā likulli ‘abdim munīb(in).
[8] Minangka tuladha lan pepeling tumrap kawula kang manut miturut.

وَنَزَّلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً مُّبٰرَكًا فَاَنْۢبَتْنَا بِهٖ جَنّٰتٍ وَّحَبَّ الْحَصِيْدِۙ٩
Wa nazzalnā minas-samā'i mā'am mubārakan fa'ambatnā bihī jannātiw wa ḥabbal-ḥaṣīd(i).
[9] Lan maneh Ingsun nurunake banyu udan kang mawa berkah saka langit, banjur dianggo nukulake thetukulan ing palemahan lan wit - wit kang kena diunduhi wohe.

وَالنَّخْلَ بٰسِقٰتٍ لَّهَا طَلْعٌ نَّضِيْدٌۙ١٠
Wan-nakhla bāsiqātil lahā ṭal‘un naḍīd(un).
[10] Lan nukulake wit kurma kang glugune dhuwur - dhuwur lan wangune sungsun akeh.

رِّزْقًا لِّلْعِبَادِۙ وَاَحْيَيْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًاۗ كَذٰلِكَ الْخُرُوْجُ١١
Rizqal lil-‘ibād(i), wa aḥyainā bihī baldatam maitā(n), każālikal-khurūj(u).
[11] Minangka pangane para kawula, lan maneh banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera. Dene metune wong kang wis padha mati saka kubure hiya kaya mangkono.

كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّاَصْحٰبُ الرَّسِّ وَثَمُوْدُ١٢
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wa aṣḥābur-rassi wa ṡamūd(u).
[12] Yen para ummate Nuh lan pendhudhuk Ros lan Tsamud.

وَعَادٌ وَّفِرْعَوْنُ وَاِخْوَانُ لُوْطٍۙ١٣
Wa ‘āduw wa fir‘aunu wa ikhwānu lūṭ(in).
[13] Lan maneh kaum 'Aad, kaum Fir'aun, lan kaum Luth.

وَّاَصْحٰبُ الْاَيْكَةِ وَقَوْمُ تُبَّعٍۗ كُلٌّ كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ وَعِيْدِ١٤
Wa aṣḥābul-aikati wa qaumu tubba‘(in), kullun każżabar-rusula faḥaqqa wa‘īd(i).
[14] Lan pendhudhuk Aikah sarta kaum Thubba' kabeh wis gorohake para utusan mulane wis benere kena pangancam ing siksa.

اَفَعَيِيْنَا بِالْخَلْقِ الْاَوَّلِۗ بَلْ هُمْ فِيْ لَبْسٍ مِّنْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ࣖ١٥
Afa ‘ayīna bil-khalqil-awwal(i), bal hum fī labsim min khalqin jadīd(in).
[15] Apa Ingsun iki sayah dening nitahake titah kang sakawit? Ananging dheweke padha dumunung ing semang - semang tumrap tumitahe titah kang anyar.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا الْاِنْسَانَ وَنَعْلَمُ مَا تُوَسْوِسُ بِهٖ نَفْسُهٗ ۖوَنَحْنُ اَقْرَبُ اِلَيْهِ مِنْ حَبْلِ الْوَرِيْدِ١٦
Wa laqad khalaqnal-insāna wa na‘lamu mā tuwaswisu bihī nafsuh(ū), wa naḥnu aqrabu ilaihi min ḥablil-warīd(i).
[16] Ingsun wis nitahake manungsa lan nguningani sakrenteking atine, dene Ingsun iki cedhak banget marang manungsa luwih cedhak tinimbang otot gulu-iring.

اِذْ يَتَلَقَّى الْمُتَلَقِّيٰنِ عَنِ الْيَمِيْنِ وَعَنِ الشِّمَالِ قَعِيْدٌ١٧
Iż yatalaqqal-mutalaqqiyāni ‘anil-yamīni wa ‘anisy-syimāli qa‘īd(un).
[17] Sira nyaritakna nalikane malaikat loro kang rumeksa manungsa padha sapetemon linggih ana ing kiwa tengene manungsa.

مَا يَلْفِظُ مِنْ قَوْلٍ اِلَّا لَدَيْهِ رَقِيْبٌ عَتِيْدٌ١٨
Mā yalfiẓu min qaulin illā ladaihi raqībun ‘atīd(un).
[18] Saben manungsa mau ngucap apa wae, mesthi ditulisi dening malaikat loro kang padha ana kita - tengene.

وَجَاۤءَتْ سَكْرَةُ الْمَوْتِ بِالْحَقِّ ۗذٰلِكَ مَا كُنْتَ مِنْهُ تَحِيْدُ١٩
Wa jā'at sakratul-mauti bil-ḥaqq(i), żālika mā kunta minhu taḥīd(u).
[19] Sakwise tekan ing wewangen, sekarate pati teka. Pati mau kang tansa sira singkiri.

وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِۗ ذٰلِكَ يَوْمُ الْوَعِيْدِ٢٠
Wa nufikha fiṣ-ṣūr(i), żālika yaumul-wa‘īd(i).
[20] Lan slomprete bakal diunekake, iku dina ancaman.

وَجَاۤءَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّعَهَا سَاۤىِٕقٌ وَّشَهِيْدٌ٢١
Wa jā'at kullu nafsim ma‘ahā sā'iquw wa syahīd(un).
[21] Lan sarupane jiwa bakal teka, kang anyartani iku tukang anggiring lan saksi.

لَقَدْ كُنْتَ فِيْ غَفْلَةٍ مِّنْ هٰذَا فَكَشَفْنَا عَنْكَ غِطَاۤءَكَ فَبَصَرُكَ الْيَوْمَ حَدِيْدٌ٢٢
Laqad kunta fī gaflatim min hāżā fakasyafnā ‘anka giṭā'aka fabaṣarukal-yauma ḥadīd(un).
[22] Nalika ana ing donya sira lali, ora mikir prakara iki, saiki kang lali mau Ingsun bukak. Pandeleng mau banjur padhang weruh kabeh barang kang sira paido biyen.

وَقَالَ قَرِيْنُهٗ هٰذَا مَا لَدَيَّ عَتِيْدٌۗ٢٣
Wa qāla qarīnuhū hāżā mā ladayya ‘atīd(un).
[23] Malaikat kang nyatheti dhawuh, "Kang kasebut ing buku iki lugune cathtan kang ana ing aku".

اَلْقِيَا فِيْ جَهَنَّمَ كُلَّ كَفَّارٍ عَنِيْدٍ٢٤
Alqiyā fī jahannama kulla kaffārin ‘anīd(in).
[24] (Nuli ana dhawuhing Allah marang Malaikat Malik kang jaga neraka) sarupane wong kafir kang nyulayani ing Allah padha cemplungna neraka jahannam.

مَنَّاعٍ لِّلْخَيْرِ مُعْتَدٍ مُّرِيْبٍۙ٢٥
Mannā‘il lil-khairi mu‘tadim murīb(in).
[25] Hiya iku wong kang padha nyegah penggawe becik, padha nganiaya lan mamang agamne Allah.

ۨالَّذِيْ جَعَلَ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَاَلْقِيٰهُ فِى الْعَذَابِ الشَّدِيْدِ٢٦
Allażī ja‘ala ma‘allāhi ilāhan ākhara fa'alqiyāhu fil-‘ażābisy-syadīd(i).
[26] Kang padha mangeran marang liyane Allah, padha sira cemplungake ing siksa kang abot.

۞ قَالَ قَرِيْنُهٗ رَبَّنَا مَآ اَطْغَيْتُهٗ وَلٰكِنْ كَانَ فِيْ ضَلٰلٍۢ بَعِيْدٍ٢٧
Qāla qarīnuhū rabbanā mā aṭgaituhū wa lākin kāna fī ḍalālim ba‘īd(in).
[27] Kancane kang bareng dheweke uga kondho, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka mboten pisan nasaraken nanging pun kafir piyambak ingkang narasaken".

قَالَ لَا تَخْتَصِمُوْا لَدَيَّ وَقَدْ قَدَّمْتُ اِلَيْكُمْ بِالْوَعِيْدِ٢٨
Qāla lā takhtaṣimū ladayya wa qad qaddamtu ilaikum bil-wa‘īd(i).
[28] Allah ngandika, "Aja padha padu (gojegan) ana ngarsaningsun biyen Ingsun wis ngundangake pangancam siksa marang sira".

مَا يُبَدَّلُ الْقَوْلُ لَدَيَّ وَمَآ اَنَا۠ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ࣖ٢٩
Mā yubaddalul-qaulu ladayya wa mā ana biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[29] Undang - undange al-Quran iku terang saka Ingsun, ora kena diowahi. Ingsun ora pisan nganiaa marang kawulaningsun.

يَوْمَ نَقُوْلُ لِجَهَنَّمَ هَلِ امْتَلَـْٔتِ وَتَقُوْلُ هَلْ مِنْ مَّزِيْدٍ٣٠
Yauma naqūlu lijahannama halimtala'ti wa taqūlu hal mim mazīd(in).
[30] Nalikane Ingsun dhwuh marang neraka jahannam, "Apa saiki wis kebak?" Dijawab, "Dereng, punapa taksih badhe katambahan malih?"

وَاُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِيْنَ غَيْرَ بَعِيْدٍ٣١
Wa uzlifatil-jannatu lil-muttaqīna gaira ba‘īd(in).
[31] Lan suwarga wis dicedhakake marang para wong kang taqwa marang panggonan kang ora pati adoh.

هٰذَا مَا تُوْعَدُوْنَ لِكُلِّ اَوَّابٍ حَفِيْظٍۚ٣٢
Hāżā mā tū‘adūna likulli awwābin ḥafīẓ(in).
[32] Suwarga iku ganjaran kang Ingsun prasetyakake biyen marang wong kang manut miturut marang Ingsun nyingkiri larang Ingsun.

مَنْ خَشِيَ الرَّحْمٰنَ بِالْغَيْبِ وَجَاۤءَ بِقَلْبٍ مُّنِيْبٍۙ٣٣
Man khasyiyar-raḥmāna bil-gaibi wa jā'a biqalbim munīb(in).
[33] Hiya iku wong kang bektu ing Allah kang Maha Murah, tur ora handeleng dzating Allah kelawan kasat mata. Lan seba ing Allah (sowan) kelawan ati madhep.

ۨادْخُلُوْهَا بِسَلٰمٍ ۗذٰلِكَ يَوْمُ الْخُلُوْدِ٣٤
Udkhulūhā bisalām(in), żālika yaumul-khulūd(i).
[34] (Kawulaningsun kang becik) Padha malebua suwarga ing suwarga kelawan tentrem, ing kono langgeng ora ana pati.

لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ فِيْهَا وَلَدَيْنَا مَزِيْدٌ٣٥
Lahum mā yasyā'ūna fīhā wa ladainā mazīd(un).
[35] Ana ing suwarga, wong mukmmin padha katekan samu barang kang dikarepake, lan ana maneh wuwuhing kabungahan ana ngarsaningsun.

وَكَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنْ قَرْنٍ هُمْ اَشَدُّ مِنْهُمْ بَطْشًا فَنَقَّبُوْا فِى الْبِلَادِۗ هَلْ مِنْ مَّحِيْصٍ٣٦
Wa kam ahlaknā qablahum min qarnin hum asyaddu minhum baṭsyan fanaqqabū fil-bilād(i), hal mim maḥīṣ(in).
[36] Lan pira - pira ummat biyen padha Ingsun tumpes tur gagah prakosane ngungkuli ummat mau. WOng kafir mau pdha mlayu ana sajerone negara, karepa ngungsi. Apa hiya oleh pangungsen?

اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَذِكْرٰى لِمَنْ كَانَ لَهٗ قَلْبٌ اَوْ اَلْقَى السَّمْعَ وَهُوَ شَهِيْدٌ٣٧
Inna fī żālika lażikrā liman kāna lahū qalbun au alqas-sam‘a wa huwa syahīd(un).
[37] Kang wis ksasebut mau mesthi dadi wewulang tumrap wong kang ana pikire. Utawa ngrungokake wewulang tur atine ngrasakake.

وَلَقَدْ خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍۖ وَّمَا مَسَّنَا مِنْ لُّغُوْبٍ٣٨
Wa laqad khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyām(in), wa mā massanā mil lugūb(in).
[38] Ingsun wis gawe bumi lan langit apa dene barang kang ana antarane. Suwene mung enem mangsa rampung, lan Ingsun tanpa sayah.

فَاصْبِرْ عَلٰى مَا يَقُوْلُوْنَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوْعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ الْغُرُوْبِ ۚ٣٩
Faṣbir ‘alā mā yaqūlūna wa sabbiḥ biḥamdi rabbika qabla ṭulū‘isy-syamsi wa qablal-gurūb(i).
[39] (Muhammad) Mulane sira shabara aja ngrasakake pangucape (Yahudi lan Nashara) mung nyebuta Maha Suci lan memuji ing Pangeran (shalat) sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surup (yaiku sholat dhuhur lan Ashar).

وَمِنَ الَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَاَدْبَارَ السُّجُوْدِ٤٠
Wa minal-laili fasabbiḥhu wa adbāras-sujūd(i).
[40] Lan memuji sira marang Pangeran ana ing wayah bengi lan sawise rampung sholat (fardhu).

وَاسْتَمِعْ يَوْمَ يُنَادِ الْمُنَادِ مِنْ مَّكَانٍ قَرِيْبٍ٤١
Wastami‘ yauma yunādil-munādi mim makānin qarīb(in).
[41] Padha ngungokna nalikane pangundang (malaikat) ngundang saka panggonan kang cedhak.

يَوْمَ يَسْمَعُوْنَ الصَّيْحَةَ بِالْحَقِّ ۗذٰلِكَ يَوْمُ الْخُرُوْجِ٤٢
Yauma yasma‘ūnaṣ-ṣaiḥata bil-ḥaqq(i), żālika yaumul-khurūj(i).
[42] Denen nalikane para makhluk padha krungu getakke (Malaikat) kang sabenere, nalikane (wong kang wis padha mati saka kubur).

اِنَّا نَحْنُ نُحْيٖ وَنُمِيْتُ وَاِلَيْنَا الْمَصِيْرُۙ٤٣
Innā naḥnu nuḥyī wa numītu wa ilainal-maṣīr(u).
[43] Ingsun iki kang gawe pati lan urip, samu barang iku wekasane padha bali marang Allah.

يَوْمَ تَشَقَّقُ الْاَرْضُ عَنْهُمْ سِرَاعًا ۗذٰلِكَ حَشْرٌ عَلَيْنَا يَسِيْرٌ٤٤
Yauma tasyaqqaqul-arḍu ‘anhum sirā‘ā(n), żālika ḥasyrun ‘alainā yasīr(un).
[44] Yaiku nalikane bumi pada bengkah (wong kang wis padha mati padha metu saka kono) nglumpuk rerikatan. Kekalkone mangkono mau tumrap Ingsun gampang.

نَحْنُ اَعْلَمُ بِمَا يَقُوْلُوْنَ وَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِجَبَّارٍۗ فَذَكِّرْ بِالْقُرْاٰنِ مَنْ يَّخَافُ وَعِيْدِ ࣖ٤٥
Naḥnu a‘lamu bimā yaqūlūna wa mā anta ‘alaihim bijabbār(in), fażakkir bil-qur'āni may yakhāfu wa‘īd(i).
[45] Ingsun luwih nguningani pangucape dheweke, sira ora bisa meksa wong kafir mau marang iman, mulane sing sapa wedi pangancam Ingsun siksa, manut mituruta wulangane al-Quran.