Surah Al-Fath
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اِنَّا فَتَحْنَا لَكَ فَتْحًا مُّبِيْنًاۙ١
Innā fataḥnā laka fatḥam mubīnā(n).
[1]
(Muhammad) Satemene Ingsun wis maringin kemenangan marang sira kanthi menang kang nyata (bedhahe Mekkah).
لِّيَغْفِرَ لَكَ اللّٰهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْۢبِكَ وَمَا تَاَخَّرَ وَيُتِمَّ نِعْمَتَهٗ عَلَيْكَ وَيَهْدِيَكَ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۙ٢
Liyagfira lakallāhu mā taqaddama min żambika wa mā ta'akhkhara wa yutimma ni‘matahū ‘alaika wa yahdiyaka ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[2]
Supaya Allah anggone kersa ngapura dosanira kang wis kelakon lan durung kelakon lan supaya sempurna paparinge kabungahan marang sira, apadene kersa paring pituduh dalan bener.
وَّيَنْصُرَكَ اللّٰهُ نَصْرًا عَزِيْزًا٣
Wa yanṣurakallāhu naṣran ‘azīzā(n).
[3]
Lan kersa paring pitulung kelawan pitulung kang mulya.
هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ فِيْ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ لِيَزْدَادُوْٓا اِيْمَانًا مَّعَ اِيْمَانِهِمْ ۗوَلِلّٰهِ جُنُوْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۙ٤
Huwal-lażī anzalas-sakīnata fī qulūbil-mu'minīna liyazdādū īmānam ma‘a īmānihim, wa lillāhi junūdus-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘alīman ḥakīmā(n).
[4]
Allah iku kang paring tentrem ana ing atine para mukmin supaya imane tambah numpangi imane kang wis dhisik. Allah iku kagungan wadia bala ing langit lan bumi, lan Allah iku Maha Nguningani lan Maha Wicaksana.
لِّيُدْخِلَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَيُكَفِّرَ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عِنْدَ اللّٰهِ فَوْزًا عَظِيْمًاۙ٥
Liyudkhilal-mu'minīna wal-mu'mināti jannātin tajrī min taḥtihal-anhāru khālidīna fīhā wa yukaffira ‘anhum sayyi'ātihim, wa kāna żālika ‘indallāhi fauzan ‘aẓīmā(n).
[5]
Allah kersa arep ganjar mukmin lanang lan wadon kelawan suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon ana kono padha langgeng. Lan Allah kersa ngapura kaluputane, kang mangkono iku diarani kebegjan gedhe ana ngarsane Allah.
وَّيُعَذِّبَ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْمُشْرِكٰتِ الظَّاۤنِّيْنَ بِاللّٰهِ ظَنَّ السَّوْءِۗ عَلَيْهِمْ دَاۤىِٕرَةُ السَّوْءِۚ وَغَضِبَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ وَلَعَنَهُمْ وَاَعَدَّ لَهُمْ جَهَنَّمَۗ وَسَاۤءَتْ مَصِيْرًا٦
Wa yu‘ażżibal-munāfiqīna wal-munāfiqāti wal-musyrikīna wal-musyrikātiẓ-ẓānnīna billāhi ẓannas-sau'(i), ‘alaihim dā'iratus-sau'(i), wa gaḍiballāhu ‘alaihim wa la‘anahum wa a‘adda lahum jahannam(a), wa sā'at maṣīrā(n).
[6]
Allah bakal nyiksa para wong lamis lanang utawa wadon apadene wong mangro tingal lanang lan wadon kang padha nyana hala marang Allah. Kanggo dheweke digilir ing barang hala, Allah ngancam siksa neraka jahannam lan hala kadadeyane.
وَلِلّٰهِ جُنُوْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا٧
Wa lillāhi junūdus-samāwāti wal-arḍ(i), wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[7]
Isining langit lan bumi kabeh wadyabalane ALlah kang Maha Mulya tur wicaksana.
اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ شَاهِدًا وَّمُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۙ٨
Innā arsalnāka syāhidaw wa mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[8]
(Muhammad) Ingsun ngutus sira perlu nekseni hala becika ummatira, lan bebungah wong ngabekti bakal diganjar, lan ngancam wong duroko.
لِّتُؤْمِنُوْا بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتُعَزِّرُوْهُ وَتُوَقِّرُوْهُۗ وَتُسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٩
Litu'minū billāhi wa rasūlihī wa tu‘azzirūhu wa tuwaqqirūh(u), wa tusabbiḥūhu bukrataw wa aṣīlā(n).
[9]
(Dhawuh Ingsun mau supaya) padha percaya Allah lan utusane, apadene ngajeni marang Rasul (utusan) lan supaya nyebut Maha suci ing Allah wayah esuk, lan sore.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُبَايِعُوْنَكَ اِنَّمَا يُبَايِعُوْنَ اللّٰهَ ۗيَدُ اللّٰهِ فَوْقَ اَيْدِيْهِمْ ۚ فَمَنْ نَّكَثَ فَاِنَّمَا يَنْكُثُ عَلٰى نَفْسِهٖۚ وَمَنْ اَوْفٰى بِمَا عٰهَدَ عَلَيْهُ اللّٰهَ فَسَيُؤْتِيْهِ اَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ١٠
Innal-lażīna yubāyi‘ūnaka innamā yubāyi‘ūnallāh(a), yadullāhi fauqa aidīhim, faman nakaṡa fa'innamā yankuṡu ‘alā nafsih(ī), wa man aufā bimā ‘āhada ‘alaihullāha fa sayu'tīhi ajran ‘aẓīmā(n).
[10]
Sarupane wong kang padha medharake prasetyane marang sira, sejatine hiya prasetya marang Allah. Astane Allah ana sakduwure tangane wong kang padha prasetya mau. Mulane sing sapa cidra saka kesaguhane, iku sejatine cidra marang awake dhewe. Dene sapa wong setya tuhu netepi prasetyane ing Allah bakal diparingi ganjaran gedhe.
سَيَقُوْلُ لَكَ الْمُخَلَّفُوْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ شَغَلَتْنَآ اَمْوَالُنَا وَاَهْلُوْنَا فَاسْتَغْفِرْ لَنَا ۚيَقُوْلُوْنَ بِاَلْسِنَتِهِمْ مَّا لَيْسَ فِيْ قُلُوْبِهِمْۗ قُلْ فَمَنْ يَّمْلِكُ لَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا اِنْ اَرَادَ بِكُمْ ضَرًّا اَوْ اَرَادَ بِكُمْ نَفْعًا ۗبَلْ كَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًا١١
Sayaqūlu lakal-mukhallafūna minal-a‘rābi syagalatnā amwālunā wa ahlūnā fastagfir lanā, yaqūlūna bi'alsinatihim mā laisa fī qulūbihim, qul famay yamliku lakum minallāhi syai'an in arāda bikum ḍarran au arāda bikum naf‘ā(n), bal kānallāhu bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[11]
Wong pedesan (ing Madinah kang ora melu perang) bakal padha matur, "Kula boten dherek jalaran ngareksa bandha sak anak bojo kula, mula mugi panjenengan Suwunaken pangapuraning Allah". Anggone matur mengkono mau mung ana lambe wae ora terus ing atine. (Muhammad) Dhawuha, "Sanadyan kowe ana ing ngomah wae, menawa Allah ngersakake bilahi marang kowe sapa kang kaconggah nolak? Utawa manawa Allah paring slamet sapa kang bisa murungake? Allah iku waspada marang kang bok lakoni".
بَلْ ظَنَنْتُمْ اَنْ لَّنْ يَّنْقَلِبَ الرَّسُوْلُ وَالْمُؤْمِنُوْنَ اِلٰٓى اَهْلِيْهِمْ اَبَدًا وَّزُيِّنَ ذٰلِكَ فِيْ قُلُوْبِكُمْ وَظَنَنْتُمْ ظَنَّ السَّوْءِۚ وَكُنْتُمْ قَوْمًاۢ بُوْرًا١٢
Bal ẓanantum allay yanqalibar-rasūlu wal-mu'minūna ilā ahlīhim abadaw wa zuyyina żālika fī qulūbikum wa ẓanantum ẓannas-sau'(i), wa kuntum qaumam būrā(n).
[12]
Malah kowe padha nyana yen Rasul lan para mukmin salawase ora bakal ketemu sanak sadulure, sira kena godha dhemen panemu kang mangkono yaiku panyanamu elek, kowe bakal karusakan.
وَمَنْ لَّمْ يُؤْمِنْۢ بِاللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ فَاِنَّآ اَعْتَدْنَا لِلْكٰفِرِيْنَ سَعِيْرًا١٣
Wa mal lam yu'mim billāhi wa rasūlihī fa'innā a‘tadnā lil-kāfirīna sa‘īrā(n).
[13]
Sing sapa ora percaya ing Allah lan marang utusane iku wong kafir. Ingsun ancam siksa neraka Sa'ir.
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ يَغْفِرُ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا١٤
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), yagfiru limay yasyā'u wa yu‘ażżibu may yasyā'(u), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[14]
Kraton bumi lan langit kagungane Allah, Allah ngapura wong kang dadi keparengen kersane lan nyiksa wong kang dadi keparenge kersane. Allah iku kepareng ngapura dosa tur Maha Asih.
سَيَقُوْلُ الْمُخَلَّفُوْنَ اِذَا انْطَلَقْتُمْ اِلٰى مَغَانِمَ لِتَأْخُذُوْهَا ذَرُوْنَا نَتَّبِعْكُمْ ۚ يُرِيْدُوْنَ اَنْ يُّبَدِّلُوْا كَلٰمَ اللّٰهِ ۗ قُلْ لَّنْ تَتَّبِعُوْنَا كَذٰلِكُمْ قَالَ اللّٰهُ مِنْ قَبْلُ ۖفَسَيَقُوْلُوْنَ بَلْ تَحْسُدُوْنَنَا ۗ بَلْ كَانُوْا لَا يَفْقَهُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا١٥
Sayaqūlul-mukhallafūna iżanṭalaqtum ilā magānima lita'khużūhā żarūnā nattabi‘kum, yurīdūna ay yubaddilū kalāmallāh(i), qul lan tattabi‘ūnā każālikum qālallāhu min qabl(u), fasayaqūlūna bal taḥsudūnanā, bal kānū lā yafqahūna illā qalīlā(n).
[15]
(Wong kang padha keri ora maju perang) bakal ngucap, "Menawa kowe lunga arep jupuki jarahan perang (Khaibar) aku aja kok larang melu jupuki" Anggone kondha mau karepe kudu ngawaki pangandikane Allah. Sira dhawuha, "Kowe ora kena melu aku. Wis terang pangandikane Allah sakdurunge kelakon perang". Dheweke bakal mangsuli, "Anggonmu ora aweh iku amarga drengki (gething)". Wong mau kang weruh (benere agama Islam) mau sethithik.
قُلْ لِّلْمُخَلَّفِيْنَ مِنَ الْاَعْرَابِ سَتُدْعَوْنَ اِلٰى قَوْمٍ اُولِيْ بَأْسٍ شَدِيْدٍ تُقَاتِلُوْنَهُمْ اَوْ يُسْلِمُوْنَ ۚ فَاِنْ تُطِيْعُوْا يُؤْتِكُمُ اللّٰهُ اَجْرًا حَسَنًا ۚ وَاِنْ تَتَوَلَّوْا كَمَا تَوَلَّيْتُمْ مِّنْ قَبْلُ يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا١٦
Qul lil-mukhallafīna minal-a‘rābi satud‘auna ilā qaumin ulī ba'sin syadīdin tuqātilūnahum au yuslimūn(a), fa'in tuṭī‘ū yu'tikumullāhu ajran ḥasanā(n), wa in tatawallau kamā tawallaitum min qablu yu‘ażżibkum ‘ażāban alīmā(n).
[16]
(Muhammad) Dhawuha marang wong padesan kang padha keri (ora melu perang mau) ing buri kowe bakal padha didhawuhi mapagake perang mungsuh kang prakosa tur miranti gegamane. Kowe padha didhawuhi nyirnakake mungsuh mau utawa nelukake dadi wong Islam. Manawa kowe nurut, Allah bakal maringi ganjaran becik, dene yen kowe mogok kaya kang dhisik Allah bakal matrapi siksa kang nglarani.
لَيْسَ عَلَى الْاَعْمٰى حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْاَعْرَجِ حَرَجٌ وَّلَا عَلَى الْمَرِيْضِ حَرَجٌ ۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ يُدْخِلْهُ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۚ وَمَنْ يَّتَوَلَّ يُعَذِّبْهُ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ١٧
Laisa ‘alal-a‘mā ḥarajuw wa lā ‘alal-a‘raji ḥarajuw wa lā ‘alal-marīḍi ḥaraj(uw), wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū yudkhilhu jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa may yatawalla yu‘ażżibhu ‘ażāban alīmā(n).
[17]
Wong wuta lan wong pinacang, wong loro ora dadi apa manawa keri ora melu perang dene sapa wonge ngestokake dhawuhe Rasul bakal diganjar suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon dene sapa wonge bangkang dhawuhe Allah lan rasul bakal kasiksa kang nglarani.
۞ لَقَدْ رَضِيَ اللّٰهُ عَنِ الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ يُبَايِعُوْنَكَ تَحْتَ الشَّجَرَةِ فَعَلِمَ مَا فِيْ قُلُوْبِهِمْ فَاَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ عَلَيْهِمْ وَاَثَابَهُمْ فَتْحًا قَرِيْبًاۙ١٨
Laqad raḍiyallāhu ‘anil-mu'minīna iż yubāyi‘ūnaka taḥtasy-syajarati fa‘alima mā fī qulūbihim fa'anzalas-sakīnata ‘alaihim wa aṡābahum fatḥan qarībā(n).
[18]
Allah wis nerangake anggone padha sahabat padha pasetya marang sira (Muhammad) ana sangisore kekayon (sanggem ora bakal mlayu saka perang) Allah nguningani lugune atine para sahabat mau. Dhasar padha setya tuhu, mulane Allah banjur maringi tentrem atine, lan uga diparingi kemenangan kang cedhak (wektune).
وَّمَغَانِمَ كَثِيْرَةً يَّأْخُذُوْنَهَا ۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَزِيْزًا حَكِيْمًا١٩
Wa magānima kaṡīratay ya'khużūnahā, wa kānallāhu ‘azīzan ḥakīmā(n).
[19]
Allah maringi jarahan pirang - pirang kang padha dijupuk (ing khaibar) Allah Maha Mulya tur Maha Wicaksana.
وَعَدَكُمُ اللّٰهُ مَغَانِمَ كَثِيْرَةً تَأْخُذُوْنَهَا فَعَجَّلَ لَكُمْ هٰذِهٖ وَكَفَّ اَيْدِيَ النَّاسِ عَنْكُمْۚ وَلِتَكُوْنَ اٰيَةً لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَيَهْدِيَكُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيْمًاۙ٢٠
Wa‘adakumullāhu magānima kaṡīratan ta'khużūnahā fa‘ajjala lakum hāżihī wa kaffa aidiyan-nāsi ‘ankum, wa litakūna āyatal lil-mu'minīna wa yahdiyakum ṣirāṭam mustaqīmā(n).
[20]
Allah wis dhawuhake marang sira bakal oleh rampasan (jarahan) akeh, sira jupuki (saka Khaibar) nuli gelisake kelakone saiki, sarta Allah nyegah tangane manungsa kang arep ngrusuhi. Mengko iku supaya dadi tondho yekti kuasaning Allah marang Mukmin lan nuduhake dalan bener marang sira kabeh.
وَّاُخْرٰى لَمْ تَقْدِرُوْا عَلَيْهَا قَدْ اَحَاطَ اللّٰهُ بِهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرًا٢١
Wa ukhrā lam taqdirū ‘alaihā qad aḥāṭallāhu bihā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'in qadīrā(n).
[21]
Lan sira bakal diparingi kemenangan liyane kang saiki durung sira kuasani (yaiku negara - negara liya) Allah iku nguasani samu barang.
وَلَوْ قَاتَلَكُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوَلَّوُا الْاَدْبَارَ ثُمَّ لَا يَجِدُوْنَ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا٢٢
Wa lau qātalakumul-lażīna kafarū lawallawul-adbāra ṡumma lā yajidūna waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[22]
Upama wong kafir padha mapakake perang mesthi padha mlayu menyang buri ora ana kang bisa nulungi lan ora duwe andel - andel kang nulungi awake.
سُنَّةَ اللّٰهِ الَّتِيْ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلُ ۖوَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا٢٣
Sunnatallāhil-latī qad khalat min qabl(u), wa lan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n).
[23]
Allah nindakake mangkono mau, ora beda kang wis ditindakake tumrap para ummat kuna sadurunge (wong Mekkah), samu barang kang wis ditindakake Allah ora ana kang bisa ngowahi.
وَهُوَ الَّذِيْ كَفَّ اَيْدِيَهُمْ عَنْكُمْ وَاَيْدِيَكُمْ عَنْهُمْ بِبَطْنِ مَكَّةَ مِنْۢ بَعْدِ اَنْ اَظْفَرَكُمْ عَلَيْهِمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرًا٢٤
Wa huwal-lażī kaffa aidiyahum ‘ankum wa aidiyakum ‘anhum bibaṭni makkata mim ba‘di an aẓfarakum ‘alaihim, wa kānallāh bimā ta‘malūna baṣīrā(n).
[24]
Allah iku kang nyegah tangane wong kafir anggone arep nglarani sira uga nyegah tanganira naggone arep nglarani wong kafir sejeroni kutha Mekkah sawise sira menang ngalahake dheweke. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni.
هُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَالْهَدْيَ مَعْكُوْفًا اَنْ يَّبْلُغَ مَحِلَّهٗ ۚوَلَوْلَا رِجَالٌ مُّؤْمِنُوْنَ وَنِسَاۤءٌ مُّؤْمِنٰتٌ لَّمْ تَعْلَمُوْهُمْ اَنْ تَطَـُٔوْهُمْ فَتُصِيْبَكُمْ مِّنْهُمْ مَّعَرَّةٌ ۢبِغَيْرِ عِلْمٍ ۚ لِيُدْخِلَ اللّٰهُ فِيْ رَحْمَتِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُۚ لَوْ تَزَيَّلُوْا لَعَذَّبْنَا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْهُمْ عَذَابًا اَلِيْمًا٢٥
Humul-lażīna kafarū wa ṣaddūkum ‘anil-masjidil-ḥarāmi wal-hadya ma‘kūfan ay yabluga maḥillah(ū), wa lau lā rijālum mu'minūna wa nisā'um mu'minātul lam ta‘lamūhum an taṭa'ūhum fa tuṣībakum minhum ma‘arratum bigairi ‘ilm(in), liyudkhilallāhu fī raḥmatihī may yasyā'(u), lau tazayyalū la‘ażżabnal-lażīna kafarū minhum ‘ażāban alīmā(n).
[25]
Wong kafir padha nyegati wnggonira mlebu ing Masjidil Haram lan nyegah hewan kurban ora oleh dibeleh ana ing panggonan kang tinemtokake kaya kang wis kelakon. Upama ora ana wong mukmin lanang lan wadhon awor wong kafir mesthi sira ora weruh sapa kang mukmin bakal kesasar mateni dheweke. Dhadi sira bakal nandang dosa kang ora weruh urusane. Kersane Allah nglebokake wong mukmin ana rahmate. Upama wong Islam wis pisah karo wong kafir, mesthi Ingsun siksa wong kafir mau kanthi siksa kang nglarani.
اِذْ جَعَلَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فِيْ قُلُوْبِهِمُ الْحَمِيَّةَ حَمِيَّةَ الْجَاهِلِيَّةِ فَاَنْزَلَ اللّٰهُ سَكِيْنَتَهٗ عَلٰى رَسُوْلِهٖ وَعَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَاَلْزَمَهُمْ كَلِمَةَ التَّقْوٰى وَكَانُوْٓا اَحَقَّ بِهَا وَاَهْلَهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا ࣖ٢٦
Iż ja‘alal-lażīna kafarū fī qulūbihimul-ḥamiyyata ḥamiyyatal-jāhiliyyati fa anzalallāhu sakīnatahū ‘alā rasūlihī wa ‘alal-mu'minīna wa alzamahum kalimatat-taqwā wa kānū aḥaqqa bihā wa ahlahā, wa kānallāhu bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[26]
Marga wong kafir mau atine padha gumedhe, yaiku gumedhene wong bodho, mulane Allah banjur nurunake katentreman marang Rasul lan mukmin. Kabeh padha dikersakake mantep anggone nyungkemi kalimah takwa lan wong mukmin wis dibenerake kalimat takwa mau, Allah nguningani samu barang.
لَقَدْ صَدَقَ اللّٰهُ رَسُوْلَهُ الرُّءْيَا بِالْحَقِّ ۚ لَتَدْخُلُنَّ الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ اٰمِنِيْنَۙ مُحَلِّقِيْنَ رُءُوْسَكُمْ وَمُقَصِّرِيْنَۙ لَا تَخَافُوْنَ ۗفَعَلِمَ مَا لَمْ تَعْلَمُوْا فَجَعَلَ مِنْ دُوْنِ ذٰلِكَ فَتْحًا قَرِيْبًا٢٧
Laqad ṣadaqallāhu rasūlahur-ru'yā bil-ḥaqq(i), latadkhulunnal-masjidal-ḥarāma in syā'allāhu āminīn(a), muḥalliqīna ru'ūsakum wa muqaṣṣirīn(a), lā takhāfūn(a), fa‘alima mā lam ta‘lamū faja‘ala min dūni żālika fatḥan qarībā(n).
[27]
Satemene Allah arep nyatakake yen impene Rasul mau temen sawantahe yaiku satemene sira mesthi bakal mlebu ing Masjidil Haram kelawan slamet lan tentrem sarta padha cukur rambut sirah lan guntingi (rambute) tanpa kuatir salawase. Dadi genah mawan ALlah pirsa kang kowe padha ora weruh. (Makkah direbut tahun buri, saiki lagi Khaibar disik) lan ALlah maringi unggul perang kang cedhak wektune.
هُوَ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا٢٨
Huwal-lażī arsala rasūlahū bil-hudā wa dīnil-ḥaqqi liyuẓhirahū ‘alad-dīni kullih(ī), wa kafā billāhi syahīdā(n).
[28]
Allah iku ngutus Rasule dikersakake gelar pituduh (agama Islam kang bener) supaya gumelare mau nyirnakek agama liyane. Kang mangkono iku cukup disekseni dening Allah piyambak.
مُحَمَّدٌ رَّسُوْلُ اللّٰهِ ۗوَالَّذِيْنَ مَعَهٗٓ اَشِدَّاۤءُ عَلَى الْكُفَّارِ رُحَمَاۤءُ بَيْنَهُمْ تَرٰىهُمْ رُكَّعًا سُجَّدًا يَّبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا ۖ سِيْمَاهُمْ فِيْ وُجُوْهِهِمْ مِّنْ اَثَرِ السُّجُوْدِ ۗذٰلِكَ مَثَلُهُمْ فِى التَّوْرٰىةِ ۖوَمَثَلُهُمْ فِى الْاِنْجِيْلِۚ كَزَرْعٍ اَخْرَجَ شَطْـَٔهٗ فَاٰزَرَهٗ فَاسْتَغْلَظَ فَاسْتَوٰى عَلٰى سُوْقِهٖ يُعْجِبُ الزُّرَّاعَ لِيَغِيْظَ بِهِمُ الْكُفَّارَ ۗوَعَدَ اللّٰهُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ مِنْهُمْ مَّغْفِرَةً وَّاَجْرًا عَظِيْمًا ࣖ٢٩
Muḥammadur rasūlullāh(i), wal-lażīna ma‘ahū asyiddā'u ‘alal-kuffāri ruḥamā'u bainahum tarāhum rukka‘an sujjaday yabtagūna faḍlam minallāhi wa riḍwānā(n), sīmāhum fī wujūhihim min aṡaris-sujūd(i), żālika maṡaluhum fit-taurāh(ti), wa maṡaluhum fil-injīl(i), kazar‘in akhraja syaṭ'ahū fa āzarahū fastaglaẓa fastawā ‘alā sūqihī yu‘jibuz-zurrā‘a liyagīẓa bihimul-kuffār(a), wa‘adallāhul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti minhum magfirataw wa ajran ‘aẓīmā(n).
[29]
Muhammad iku utusane ALlah, dene kang padha dherek panjenengane padha gagah prakosa lan kendel ngalahake para wong kafir. Apa dene padha asih karo kancane (wong mukmin) kaya sira deleng padha ruku' an sujud, amngkono maneh. padha ngarep - arep kanugrahan lan paringe kersane Allah. Dene labet anggone padha sujud mau bakal katon tengere. Rahine mancorong sanepane kasebut ing kitab Taurat lan Injil. Para sahabat mau kaya tanduran gandum kang metu anake kang banjur gedhe madani uwit kang dhisik, dadekake gumune wong kang padha nandur. Awit saka iku Allah dukani sarupane wong kafir. Allah prasetya maringi ganjaran lan pangapura gedhe marang wong mukmin kang padha nglakoni penggawe becik.