Surah Muhammad
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ اَضَلَّ اَعْمَالَهُمْ١
Allażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi aḍalla a‘mālahum.
[1]
Sarupane wong kafir menging pracaya ing Allah, nyirnakake ganjarane anggone nglakoni kabecikan.
وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَاٰمَنُوْا بِمَا نُزِّلَ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَّهُوَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۚ كَفَّرَ عَنْهُمْ سَيِّاٰتِهِمْ وَاَصْلَحَ بَالَهُمْ٢
Wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa āmanū bimā nuzzila ‘alā muḥammadiw wa huwal-ḥaqqu mir rabbihim, kaffara ‘anhum sayyi'ātihim wa aṣlaḥa bālahum.
[2]
Dene Sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik sarta ngistokake dhawuhing (al-Quran) kang tinuturake marang Muhammad hiya iku agama kang bener terang dhawuhing Allah Pangerane. Allah ngapura dosane lan becikake lakune.
ذٰلِكَ بِاَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوا اتَّبَعُوا الْبَاطِلَ وَاَنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّبَعُوا الْحَقَّ مِنْ رَّبِّهِمْ ۗ كَذٰلِكَ يَضْرِبُ اللّٰهُ لِلنَّاسِ اَمْثَالَهُمْ٣
Żālika bi'annal-lażīna kafaruttaba‘ul-bāṭila wa annal-lażīna āmanuttaba‘ul-ḥaqqa mir rabbihim, każālika yaḍribullāhu lin-nāsi amṡālahum.
[3]
Mulane mangkono hamarga para wong kafir mau padha manut panggodhaning setan (dalan sing luput) dene para mukmin manut dalan bener saka Pangerane. Mangkono mau Allah anggone nerang-nerangake marang manungsa pirang-pirang conto.
فَاِذَا لَقِيْتُمُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَضَرْبَ الرِّقَابِۗ حَتّٰٓى اِذَآ اَثْخَنْتُمُوْهُمْ فَشُدُّوا الْوَثَاقَۖ فَاِمَّا مَنًّاۢ بَعْدُ وَاِمَّا فِدَاۤءً حَتّٰى تَضَعَ الْحَرْبُ اَوْزَارَهَا ەۛ ذٰلِكَ ۛ وَلَوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ لَانْتَصَرَ مِنْهُمْ وَلٰكِنْ لِّيَبْلُوَا۟ بَعْضَكُمْ بِبَعْضٍۗ وَالَّذِيْنَ قُتِلُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِ فَلَنْ يُّضِلَّ اَعْمَالَهُمْ٤
Fa iżā laqītumul-lażīna kafarū faḍarbar-riqāb(i), ḥattā iżā aṡkhantumūhum fa syuddul-waṡāq(a), fa'immā mannam ba‘du wa immā fidā'an ḥattā taḍa‘al-ḥarbu auzārahā - żālika - wa lau yasyā'ullāhu lantaṣara minhum wa lākil liyabluwa ba‘ḍakum biba‘ḍ(in), wal-lażīna qutilū fī sabīlillāhi falay yuḍilla a‘mālahum.
[4]
Mulane manawa sira katemu mungsuh wong kafir (ana peperangan) banjur padha sira kethok gulune. Dene yen wis akeh kang mathi padha dadekna tawanan wae. Kena uga banjur sira hapura (huculake) utawa ditebus. Mangkono iku tindakna nganti tekan rampunge perang. Upama ana keparenging ALlah wong kafir padha ditumpes mesthi kelakon. Nanging ora mangkono, anggone dhawuh perang kanggo handadar para mukmin kang setia tuhu. Dene kang mati perang ana dhalaning Allah ora bakal hanjugarake anggone padha nglakoni panggawe becik.
سَيَهْدِيْهِمْ وَيُصْلِحُ بَالَهُمْۚ٥
Sayahdīhim wa yuṣliḥu bālahum.
[5]
Allah mesthi paring pituduh bener an becikake lakune.
وَيُدْخِلُهُمُ الْجَنَّةَ عَرَّفَهَا لَهُمْ٦
Wa yudkhiluhumul-jannata ‘arrafahā lahum.
[6]
Apadene ngunggahake ing suwarga lan mratakake panggonane.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَنْصُرُوا اللّٰهَ يَنْصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ اَقْدَامَكُمْ٧
Yā ayyuhal-lażīna āmanū in tanṣurullāha yanṣurkum wa yuṡabbit aqdāmakum.
[7]
Para wong kang percaya, menawa sira bantu utusaning Allah (anggone gelarake agama Islam) Allah mesthi paring pituduh marang sira lan netepake delmakanira (keyakinanmu).
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَتَعْسًا لَّهُمْ وَاَضَلَّ اَعْمَالَهُمْ٨
Wal-lażīna kafarū fata‘sal lahum wa aḍalla a‘mālahum.
[8]
Dene para kang pada kafir padha kapitunan, Allah bakal nglarutake ganjarane anggone padha nglakone penggawe becik.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَرِهُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ فَاَحْبَطَ اَعْمَالَهُمْ٩
Żālika bi'annahum karihū mā anzalallāhu fa aḥbaṭa a‘mālahum.
[9]
Anggone mangkono marga anggone sengit marang al-Quran kang didhawuhake Allah, mulane Allah nyirnakake ganjarane.
۞ اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ دَمَّرَ اللّٰهُ عَلَيْهِمْ ۖوَلِلْكٰفِرِيْنَ اَمْثَالُهَا١٠
Afalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, dammarallāhu ‘alaihim, wa lil-kāfirīna amṡāluhā.
[10]
Yaene padha ora deleng kahanan ing bumi (nyelidhiki) delok kahanane ummat kuna biyen kang ditumpes marga anggone kafir kapriye kadadeyane kaya mangkono uga.
ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ مَوْلَى الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَاَنَّ الْكٰفِرِيْنَ لَا مَوْلٰى لَهُمْ ࣖ١١
Żālika bi'annallāha maulal-lażīna āmanū wa annal-kāfirīna lā maulā lahum.
[11]
Mulane mangkono, amarga Allah iku pangayome wong mukmin kang paring pitulung, dene wong kafir ora duwe pangayom.
اِنَّ اللّٰهَ يُدْخِلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ جَنّٰتٍ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ۗوَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا يَتَمَتَّعُوْنَ وَيَأْكُلُوْنَ كَمَا تَأْكُلُ الْاَنْعَامُ وَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْ١٢
Innallāha yudkhilul-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti jannātin tajrī min taḥtihal-anhār(u), wal-lażīna kafarū yatamatta‘ūna wa ya'kulūna kamā ta'kulul-an‘āmu wan-nāru maṡwal lahum.
[12]
Allah iku ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik padha diunggahake suwarga kang ana bengawane mili kana sangisore kekayon. Dene si kafir padha bungah - bungah (ing donya) lan padha mangan, anggone mangan kaya kebo sapi. Besuk ana akherat panggonane ana neraka.
وَكَاَيِّنْ مِّنْ قَرْيَةٍ هِيَ اَشَدُّ قُوَّةً مِّنْ قَرْيَتِكَ الَّتِيْٓ اَخْرَجَتْكَۚ اَهْلَكْنٰهُمْ فَلَا نَاصِرَ لَهُمْ١٣
Wa ka'ayyim min qaryatin hiya asyaddu quwwatam min qaryatikal-latī akhrajatk(a), ahlaknāhum falā nāṣira lahum.
[13]
Pira wae akehe wong padesan kang gagah prakosane ngungkuli kuate (saka penduduk) pedesanmu (Makkah) kang wis padha nudhung sira (saka Mekkah) padha Ingsun tumpes lan ora ana kang bisa nulungi dheweke.
اَفَمَنْ كَانَ عَلٰى بَيِّنَةٍ مِّنْ رَّبِّهٖ كَمَنْ زُيِّنَ لَهٗ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ١٤
Afaman kāna ‘alā bayyinatim mir rabbihī kaman zuyyina lahū sū'u ‘amalihī wattaba‘ū ahwā'ahum.
[14]
Wong kang padha nyungkemi tandha yekti saka Pangerane (al-Quran) apa padha wae karo wong kang dhemen nglakoni penggawe hala pangrasane becik lan nuruti sakarep - karepe? (mesthi bedha banget).
مَثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِيْ وُعِدَ الْمُتَّقُوْنَ ۗفِيْهَآ اَنْهٰرٌ مِّنْ مَّاۤءٍ غَيْرِ اٰسِنٍۚ وَاَنْهٰرٌ مِّنْ لَّبَنٍ لَّمْ يَتَغَيَّرْ طَعْمُهٗ ۚوَاَنْهٰرٌ مِّنْ خَمْرٍ لَّذَّةٍ لِّلشّٰرِبِيْنَ ەۚ وَاَنْهٰرٌ مِّنْ عَسَلٍ مُّصَفًّى ۗوَلَهُمْ فِيْهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرٰتِ وَمَغْفِرَةٌ مِّنْ رَّبِّهِمْ ۗ كَمَنْ هُوَ خَالِدٌ فِى النَّارِ وَسُقُوْا مَاۤءً حَمِيْمًا فَقَطَّعَ اَمْعَاۤءَهُمْ١٥
Maṡalul-jannatil-latī wu‘idal-muttaqūn(a), fīhā anhārum mim mā'in gairi āsin(in), wa anhārum mil labanil lam yatagayyar ṭa‘muh(ū), wa anhārum min khamril lażżatil lisy-syāribīn(a), wa anhārum min ‘asalim muṣaffā(n), wa lahum fīhā min kulliṡ-ṡamarāti wa magfiratum mir rabbihim, kaman huwa khālidun fin-nāri wa suqū mā'an ḥamīman faqaṭṭa‘a am‘ā'ahum.
[15]
Saumpamane suwarga kang dijanjekake dening Allah bakal diganjarake marang para wong kang bekti, ana bengawan kang mili banyu kang ora owah, lan ana bengawane mili pohan kang ora bisa owah rasane, apadene ana bengawan mili saceng ang enak rasane tumrap wong kang padha ngombe. Lan anabengawane mili madu kang bening. Wong mukmin ana suwarga padha duwe woh - wohan akeh tur warna - warna lan oleh pangapura saka Pangerane padha karo wong kang ana neraka iku tetimbangane langgeng. Dicangar nganggo wedang panas mulane ususe padha ajur.
وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّسْتَمِعُ اِلَيْكَۚ حَتّٰىٓ اِذَا خَرَجُوْا مِنْ عِنْدِكَ قَالُوْا لِلَّذِيْنَ اُوْتُوا الْعِلْمَ مَاذَا قَالَ اٰنِفًا ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ طَبَعَ اللّٰهُ عَلٰى قُلُوْبِهِمْ وَاتَّبَعُوْٓا اَهْوَاۤءَهُمْ١٦
Wa minhum may yastami‘u ilaiīk(a), ḥattā iżā kharajū min ‘indika qālū lil-ażīna ūtul-ilma māżā qāla ānifā(n), ulā'ikal-ażīna ṭaba‘allāhu ‘alā qulūbihim wattaba‘ū ahwā'ahum.
[16]
Sawenehe wongkafir ana kang padha ngrungokake gunemme (wulangane Muhammad), bareng wis mundur saka ngarepira banjur padha geguyu. Kandhane marang wong kang kadunungan kaweruh (para shahabat), "Apa kang dikandhakake mau?" Wong kang mangkono mau atine wis dikunci dening Allah. Banjur nglakoni sakarep - karepe dhewe.
وَالَّذِيْنَ اهْتَدَوْا زَادَهُمْ هُدًى وَّاٰتٰىهُمْ تَقْوٰىهُمْ١٧
Wal-ażīnahtadau zādahum hudaw wa ātāhum taqwāhum.
[17]
Dene wong kang padha oleh pituduh diparingi tambah pituduh maneh sarta diparingi ati bekti ing Allah.
فَهَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا السَّاعَةَ اَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً ۚ فَقَدْ جَاۤءَ اَشْرَاطُهَا ۚ فَاَنّٰى لَهُمْ اِذَا جَاۤءَتْهُمْ ذِكْرٰىهُمْ١٨
Fahal yanẓurūna illas-ā‘ata an ta'tiyahum bagtah(tan), faqad jā'a asyrāṭuhā, fa'annā lahum iżā jā'athum żikrāhum.
[18]
Wong kafir ngenteni apa? ora liya ngenteni dina qiyamat kang tekane ngegetake, kang mangka saiki satemene tandha - tandhane wis ana. Menawa wis teka piye anggone arep padha eling taubat (ing Allah)
فَاعْلَمْ اَنَّهٗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنْۢبِكَ وَلِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۚ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مُتَقَلَّبَكُمْ وَمَثْوٰىكُمْ ࣖ١٩
Fa‘lam annahū lā ilāha illallāhu wastagfir liżambika wa lil-u'minīna wal-u'mināt(i), wallāhu ya‘lamu mutaqallabakum wa maṡwākum.
[19]
Sira weruha satemene ora ana sesembahan kelawan bener mung Allah piyambak, lan nyuwuna pangapurane dosanira lan dosane wong mukmin lanang lan wadon. Allah nguningani mlah - malihe panggawemu.
وَيَقُوْلُ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَوْلَا نُزِّلَتْ سُوْرَةٌ ۚفَاِذَآ اُنْزِلَتْ سُوْرَةٌ مُّحْكَمَةٌ وَّذُكِرَ فِيْهَا الْقِتَالُ ۙرَاَيْتَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ يَّنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ نَظَرَ الْمَغْشِيِّ عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِۗ فَاَوْلٰى لَهُمْۚ٢٠
Wa yaqūlul-ażīna āmanū lau lā nuzzilat sūrah(tun), fa iżā unzilat sūratum muḥkamatuw wa żukira fīhal-itāl(u), ra'aital-ażīna fī qulūbihim maraḍuy yanẓurūna ilaika naẓaral-magsyiyyi ‘alaihi minal-maut(i), fa'aulā lahum.
[20]
Wong mukmin padha kandha, "Ya gene ora ana dhawuh (perang)?" Barang ana dhawuhing perang, sira deleng wong kang atine lamis iku padha deleng marang sira arupa wong kang wedi mati.
طَاعَةٌ وَّقَوْلٌ مَّعْرُوْفٌۗ فَاِذَا عَزَمَ الْاَمْرُۗ فَلَوْ صَدَقُوا اللّٰهَ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْۚ٢١
Ṭā‘atuw wa qaulum ma‘rūf(un), fa'iżā ‘azamal-amr(u), falau ṣadaqullāha lakāna khairal lahum.
[21]
Wajibe mung sendika sarta mangsuli nganggo tembung becik. Bareng tekane gawe perang wong lamis padha nyidrani kasaguhane, umpamane padha ngandel prasetyaning ALlah luwih becik tumrap awake.
فَهَلْ عَسَيْتُمْ اِنْ تَوَلَّيْتُمْ اَنْ تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ وَتُقَطِّعُوْٓا اَرْحَامَكُمْ٢٢
Fahal ‘asaitum in tawallaitum an tufsidū fil-arḍi wa tuqaṭṭi‘ū arḥāmakum.
[22]
Bok menawa kowe nyekel kuasa apa banjur bali gawe rusak ana bumi lan padha medhot paseduluran.
اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فَاَصَمَّهُمْ وَاَعْمٰٓى اَبْصَارَهُمْ٢٣
Ulā'ikal-lażīna la‘anahumullāhu fa aṣammahum wa a‘mā abṣārahum.
[23]
Wong kang mangkono mau padha dibendoni Allah mulane Allah banjur budhegake lan micakake pandelenge wong mau.
اَفَلَا يَتَدَبَّرُوْنَ الْقُرْاٰنَ اَمْ عَلٰى قُلُوْبٍ اَقْفَالُهَا٢٤
Afalā yatadabbarūnal-qur'āna am ‘alā qulūbin aqfāluhā.
[24]
Ya gene (wong lamis mau) pra padha gagas (mikir - mikir) surasane al-Quran atine malah padha dikunci.
اِنَّ الَّذِيْنَ ارْتَدُّوْا عَلٰٓى اَدْبَارِهِمْ مِّنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدَى الشَّيْطٰنُ سَوَّلَ لَهُمْۗ وَاَمْلٰى لَهُمْ٢٥
Innal-lażīnartaddū ‘alā adbārihim mim ba‘di mā tabayyana lahumul-hudasy-syaiṭānu sawwala lahum, wa amlā lahum.
[25]
Sarupane wong kang wis terang marang pituduh bener nanging banjur balik dadi kafir lan lamis. Setan banjur godha wong mau (gampang gawe dosa) lan dawakake angen - angene.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ قَالُوْا لِلَّذِيْنَ كَرِهُوْا مَا نَزَّلَ اللّٰهُ سَنُطِيْعُكُمْ فِيْ بَعْضِ الْاَمْرِۚ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ اِسْرَارَهُمْ٢٦
Żālika bi'annahum qālū lil-lażīna karihū mā nazzalallāhu sanuṭī‘ukum fī ba‘ḍil-amr(i), wallāhu ya‘lamu isrārahum.
[26]
Tetelaning panggodha, wong lamis mau padha bebisik marang wong kang padha sengit marang alQuran (wong kafir), "Aku bakal biyantu sawatara marang kowe". Allah nguningani wadine wong lamis mau.
فَكَيْفَ اِذَا تَوَفَّتْهُمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ يَضْرِبُوْنَ وُجُوْهَهُمْ وَاَدْبَارَهُمْ٢٧
Fa kaifa iżā tawaffathumul-malā'ikatu yaḍribūna wujūhahum wa adbārahum.
[27]
Kepriye polahe wong lamis mau besuk yen wis dipateni malaikat kanthi gebugi wong lamis mau saka ngarep lan buri.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمُ اتَّبَعُوْا مَآ اَسْخَطَ اللّٰهَ وَكَرِهُوْا رِضْوَانَهٗ فَاَحْبَطَ اَعْمَالَهُمْ ࣖ٢٨
Żālika bi'annahumuttaba‘ū mā askhaṭallāha wa karihū riḍwānahū fa aḥbaṭa a‘mālahum.
[28]
Mangkono mau amarga para wong lamis padha nglakoni barang kang dadekake dukane Allah, lan sengit barang kang dadi kersane Allah. Mulane Allah nyirnakake lakune becik wong lamis mau.
اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ اَنْ لَّنْ يُّخْرِجَ اللّٰهُ اَضْغَانَهُمْ٢٩
Am ḥasibal-lażīna fī qulūbihim maraḍun allay yukhrijallāhu aḍgānahum.
[29]
Wong kang atine ana lelarane (lamis) apa padha ngira yen Allah ora bakal bukak wadine anggone gething marang wong mukmin?
وَلَوْ نَشَاۤءُ لَاَرَيْنٰكَهُمْ فَلَعَرَفْتَهُمْ بِسِيْمٰهُمْ ۗوَلَتَعْرِفَنَّهُمْ فِيْ لَحْنِ الْقَوْلِۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ اَعْمَالَكُمْ٣٠
Wa lau nasyā'u la'arainākahum fala‘araftahum bisīmāhum, wa lata‘rifannahum fī laḥnil-qaul(i), wallāhu ya‘lamu a‘mālakum.
[30]
Menawa ana parenge karsane Allah, kena uga sira Ingsun weruhake kahanane para wong lamis, sira bakal weruh tengere anggone lamis, lan bakal weruh kandhane kang ora prasaja. Allah nguningane lakune para kawulane kabeh (hala becik).
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ حَتّٰى نَعْلَمَ الْمُجٰهِدِيْنَ مِنْكُمْ وَالصّٰبِرِيْنَۙ وَنَبْلُوَا۟ اَخْبَارَكُمْ٣١
Wa lanabluwannakum ḥattā na‘lamal-mujāhidīna minkum waṣ-ṣābirīn(a), wa nabluwa akhbārakum.
[31]
(Para mukmin) Ingsun nyoba diprentah perang supaya wuninga kelawan gumelar sapa kang setia tuhu lan tega atine lan Ingsun bukak wadinira ing kono bakal cetho.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ وَشَاۤقُّوا الرَّسُوْلَ مِنْۢ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدٰى لَنْ يَّضُرُّوا اللّٰهَ شَيْـًٔاۗ وَسَيُحْبِطُ اَعْمَالَهُمْ٣٢
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi wa syāqqur-rasūla mim ba‘di mā tabayyana lahumul-hudā lay yaḍurrullāha syai'ā(n), wa sayuḥbiṭu a‘mālahum.
[32]
Sarupane wong kafir lan kang ngalang - ngalangi sumebare agama Islam, apadene nyulayani Rasul, tur wis padha terang weruh pituduh bener ora pisan - pisan mlarati marang ALlah, ing tembe Allah jugarake ganjarane kabecikane.
۞ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَطِيْعُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوا الرَّسُوْلَ وَلَا تُبْطِلُوْٓا اَعْمَالَكُمْ٣٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū aṭī‘ullāha wa aṭī‘ur-rasūla wa lā tubṭilū a‘mālakum.
[33]
Para mukmin kabeh padha manut - mituruta parintahing Allah lan rasul lan aja padha jugarake (bubrah) ganjaraning kabecikan.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا وَصَدُّوْا عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ ثُمَّ مَاتُوْا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَنْ يَّغْفِرَ اللّٰهُ لَهُمْ٣٤
Innal-lażīna kafarū wa ṣaddū ‘an sabīlillāhi ṡumma mātū wa hum kuffārun falay yagfirallāhu lahum.
[34]
Sarupane wong kafir lan ngalang - ngalangi sumebare agama Islam mangka banjur mati isih kafir Allah ora bakal ngapura dosane wong mau.
فَلَا تَهِنُوْا وَتَدْعُوْٓا اِلَى السَّلْمِۖ وَاَنْتُمُ الْاَعْلَوْنَۗ وَاللّٰهُ مَعَكُمْ وَلَنْ يَّتِرَكُمْ اَعْمَالَكُمْ٣٥
Falā tahinū wa tad‘ū ilas-salm(i), wa antumul-a‘laun(a), wallāhu ma‘akum wa lay yatirakum a‘mālakum.
[35]
(Para mukmin kabeh) sira aja cilik atime lan ngajak rukun. Sira iku luhur ngungkuli wong kafir, lan ALlah nyertani sira kabeh, lan Allah ora bakal nyuda ganjaranira anggonmu padha ngelakoni panggawe becik.
اِنَّمَا الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَّلَهْوٌ ۗوَاِنْ تُؤْمِنُوْا وَتَتَّقُوْا يُؤْتِكُمْ اُجُوْرَكُمْ وَلَا يَسْـَٔلْكُمْ اَمْوَالَكُمْ٣٦
Innamal-ḥayātud-dun-yā la‘ibuw wa lahw(un), wa in tu'minū wa tattaqū yu'tikum ujūrakum wa lā yas'alkum amwālakum.
[36]
Kabungahan ing donya iku mung dolanan kang ora lawas (nuli rusak) nanging manawa sira percaya sarta bekti ing Allah bakal diparingi ganjaran lan ora bakal dangu bandhanira.
اِنْ يَّسْـَٔلْكُمُوْهَا فَيُحْفِكُمْ تَبْخَلُوْا وَيُخْرِجْ اَضْغَانَكُمْ٣٧
Iy yas'alkumūhā fa yuḥfikum tabkhalū wa yukhrij aḍgānakum.
[37]
Upama Allah dangu zakate bandhanira kelawan dhawuh kenceng sira dikersakake ngentekake bandha mau (kanggo zakat utawa ragad perang) mesthi eman eman. Allah banjur melehake anggonmu sengit.
هٰٓاَنْتُمْ هٰٓؤُلَاۤءِ تُدْعَوْنَ لِتُنْفِقُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِۚ فَمِنْكُمْ مَّنْ يَّبْخَلُ ۚوَمَنْ يَّبْخَلْ فَاِنَّمَا يَبْخَلُ عَنْ نَّفْسِهٖ ۗوَاللّٰهُ الْغَنِيُّ وَاَنْتُمُ الْفُقَرَاۤءُ ۗوَاِنْ تَتَوَلَّوْا يَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْۙ ثُمَّ لَا يَكُوْنُوْٓا اَمْثَالَكُمْ ࣖ٣٨
Hā antum hā'ulā'i tud‘auna litunfiqū fī sabīlillāh(i), fa minkum may yabkhal(u), wa may yabkhal fa innamā yabkhalu ‘an nafsih(ī), wallāhul-ganiyyu wa antumul-fuqarā'(u), wa in tatawallau yastabdil qauman gairakum, ṡumma lā yakūnū amṡālakum.
[38]
(Para kawula kabeh) SIra padha perintaha ngetokake bondho kanggo ragad sabilillah nangin ana kang abot (lan ana uga kang entheng). Dene sing sapa komed medhit tumanjane marang awake dhewe. Lan Allah iku Maha sugih nanging sira kang benget butuhe (marang Allah). Manawa sira mlengos ngestokake dhawuhe Allah, Pangeran bakal ganti sira marang ummat liya kang dheweke ora kaya sira mangono (bangkang).