Surah Al-Jasiyah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa Miim.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[2]
Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulya tur Wicaksana.
اِنَّ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ لَاٰيٰتٍ لِّلْمُؤْمِنِيْنَۗ٣
Inna fis-samāwāti wal-arḍi la'āyātil lil-mu'minīn(a).
[3]
Kabeh barang ing bumi lan langit mesthi dadi tondha yekti gedhe kanggo para kang angesthu.
وَفِيْ خَلْقِكُمْ وَمَا يَبُثُّ مِنْ دَاۤبَّةٍ اٰيٰتٌ لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَۙ٤
Wa fī khalqikum wa mā yabuṡṡu min dābbatin āyātul liqaumiy yūqinūn(a).
[4]
Anggonira dumadi lan sarupaning hewan kang gumelar, gumremet ana bumi tumrap wong kang padha ngandel bakal kelakone qiyamat uga dadi tondho yekti.
وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ مِنَ السَّمَاۤءِ مِنْ رِّزْقٍ فَاَحْيَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَتَصْرِيْفِ الرِّيٰحِ اٰيٰتٌ لِّقَوْمٍ يَّعْقِلُوْنَ٥
Wakhtilāfil-laili wan-nahāri wa mā anzalallāhu minas-samā'i mir rizqin fa aḥyā bihil-arḍa ba‘da mautihā wa taṣrīfir-riyāḥi āyātul liqaumiy ya‘qilūn(a).
[5]
Dene beda - bedana rina lan wengi lan anane udan kang nuwuhake rizki kang diturunake dening Allah saka langit banjur dianggo nguripake bumi kang wis bera apa dene lakune angin uga dadi tandha yekti tumrap wong kang ana pikire.
تِلْكَ اٰيٰتُ اللّٰهِ نَتْلُوْهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّۚ فَبِاَيِّ حَدِيْثٍۢ بَعْدَ اللّٰهِ وَاٰيٰتِهٖ يُؤْمِنُوْنَ٦
Tilka āyātullāhi natlūhā ‘alaika bil-ḥaqq(i), fa bi'ayyi ḥadīṡim ba‘dallāhi wa āyātihī yu'minūn(a).
[6]
Ayat kang wis kasebut mau tandha yektining Allah, Ingsun gelarake kelawan nyata marang sira. Yen meksa padha maido banjur arep ngandel apa, liyane dhawuh lan tandha yektine Allah?
وَيْلٌ لِّكُلِّ اَفَّاكٍ اَثِيْمٍۙ٧
Wailul likulli affākin aṡīm(in).
[7]
Cilaka temen sarupane tukang maido tur akeh dosane.
يَّسْمَعُ اٰيٰتِ اللّٰهِ تُتْلٰى عَلَيْهِ ثُمَّ يُصِرُّ مُسْتَكْبِرًا كَاَنْ لَّمْ يَسْمَعْهَاۚ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٨
Yasma‘u āyātillāhi tutlā ‘alaihi ṡumma yuṣirru mustakbiran ka'allam yasma‘hā, fa basysyirhu bi‘ażābin alīm(in).
[8]
Diwacakake sarta krungu al-Quran ayating Allah, nanging banjur puguh gumedhe wegah ngestokake padha wae ora krungu. Wong mankono mau terangna bakal dipatrapi siksa kang nglarani.
وَاِذَا عَلِمَ مِنْ اٰيٰتِنَا شَيْـًٔا ۨاتَّخَذَهَا هُزُوًاۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌۗ٩
Wa iżā ‘alima min āyātinā syai'anittakhażahā huzuwā(n), ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[9]
Dene menawa weruh sathithik ayat - ayatingsun banjur dianggo geguyon wong mangkono iku mesthi dipatrapi siksa kang ngremehake.
مِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ جَهَنَّمُ ۚوَلَا يُغْنِيْ عَنْهُمْ مَّا كَسَبُوْا شَيْـًٔا وَّلَا مَا اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اَوْلِيَاۤءَۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌۗ١٠
Miw warā'ihim jahannam(u), wa lā yugnī ‘anhum mā kasabū syai'aw wa lā mattakhażū min dūnillāhi auliyā'(a), wa lahum ‘ażābun ‘aẓīm(un).
[10]
Wong kafir ana donya prasasat wis ngarepake neraka jahannam. Samu barang kang dilakoni apa dene anggone mangeran marang liyane Allah (Brahala) ora bisa murungake siksa, mesthi dipatrapi siksa gedhe.
هٰذَا هُدًىۚ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ رَبِّهِمْ لَهُمْ عَذَابٌ مِّنْ رِّجْزٍ اَلِيْمٌ ࣖ١١
Hāżā hudā(n), wal-lażīna kafarū bi'āyāti rabbihim lahum ‘ażābum mir rijzin alīm(un).
[11]
al-Quran iku pituduh bener, dene sarupane wong kafir kang maido ayating Pangeran bakal diptrapi siksa kang nglarani.
۞ اَللّٰهُ الَّذِيْ سَخَّرَ لَكُمُ الْبَحْرَ لِتَجْرِيَ الْفُلْكُ فِيْهِ بِاَمْرِهٖ وَلِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَۚ١٢
Allāhul-lażī sakhkhara lakumul-baḥra litajriyal-fulku fīhi bi'amrihī wa litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[12]
Allah iku kang nelukake segara mulane perahu bisa mlaku ana segara kelawan parentahe Allah, lan sira bisa ngupaya sih kanugrahaning Allah rizki sarana dagang pelayaran supaya bisa syukur.
وَسَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا مِّنْهُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ١٣
Wa sakhkhara lakum mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi jamī‘am minh(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[13]
Lan maneh Allah nelukake isen - isene bumi lan langit kabeh marang sira.Kang mangkono iku tumrap wong kang gelem nganggo pikire dadi tondho yekti gedhe.
قُلْ لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا يَغْفِرُوْا لِلَّذِيْنَ لَا يَرْجُوْنَ اَيَّامَ اللّٰهِ لِيَجْزِيَ قَوْمًا ۢبِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ١٤
Qul lil-lażīna āmanū yagfirū lil-lażīna lā yarjūna ayyāmallāhi liyajziya qaumam bimā kānū yaksibūn(a).
[14]
Dhawuha marang para mukmin padha apuranen para kafir kang padha ora wedi dinane Allah. Yaiku dina horeg - horegan. Karsane Allah arep ganjar para mukmin (anggone padha shabar) kang wis ditindakake.
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ اَسَاۤءَ فَعَلَيْهَا ۖ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ تُرْجَعُوْنَ١٥
Man ‘amila ṣāliḥan fa linafsih(ī), wa man asā'a fa ‘alaihā, ṡumma ilā rabbikum turja‘ūn(a).
[15]
Sing sapa nglakoni penggawe becik ganjarane bakal dimpani awake dhewe, sing sapa wonge nglakone pihala patrapane hiya disangga dhewe, tumuli sira kabeh bakal sowan marang ngarsane Pangeran.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْكِتٰبَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ وَفَضَّلْنٰهُمْ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ۚ١٦
Wa laqad ātainā banī isrā'īlal-kitāba wal-ḥukma wan-nubuwwata wa razaqnāhum minaṭ-ṭayyibāti wa faḍḍalnāhum ‘alal-‘ālamīn(a).
[16]
Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang para turuning Israil lan diwenangake ngukumi pasulayane manungsa diparingi pangkat nabi (Musa lan Harun), diparingi rizki kang ngresepake sarta digawe punjul ngungkuli wong sajagad.
وَاٰتَيْنٰهُمْ بَيِّنٰتٍ مِّنَ الْاَمْرِۚ فَمَا اخْتَلَفُوْٓا اِلَّا مِنْۢ بَعْدِ مَا جَاۤءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًاۢ بَيْنَهُمْ ۗاِنَّ رَبَّكَ يَقْضِيْ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ١٧
Wa ātaināhum bayyinātim minal-amr(i), fa makhtalafū illā mim ba‘di mā jā'ahumul-‘ilmu bagyam bainahum, inna rabbaka yaqḍī bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[17]
Wong Bani Israil mau diparingi keterangan akeh bab agama mula dheweke ora pasulayan kajaba sawise katekan kaweruh nanging atine balela drengki, Ing besuk dina qiyamat Allah Pangeranira ngadili anggone pasulayan.
ثُمَّ جَعَلْنٰكَ عَلٰى شَرِيْعَةٍ مِّنَ الْاَمْرِ فَاتَّبِعْهَا وَلَا تَتَّبِعْ اَهْوَاۤءَ الَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ١٨
Ṡumma ja‘alnāka ‘alā syarī‘atim minal-amri fattabi‘hā wa lā tattabi‘ ahwā'al-lażīna lā ya‘lamūn(a).
[18]
(Muhammad) Sira banjur Ingsun kersakake mengki syare'at (agama) dhewe bab urusan laku - lakuning agama (Islam) mau, sira manuta aja manut karepe wong kang ora weruh.
اِنَّهُمْ لَنْ يُّغْنُوْا عَنْكَ مِنَ اللّٰهِ شَيْـًٔا ۗوَاِنَّ الظّٰلِمِيْنَ بَعْضُهُمْ اَوْلِيَاۤءُ بَعْضٍۚ وَاللّٰهُ وَلِيُّ الْمُتَّقِيْنَ١٩
Innahum lay yugnū ‘anka minallāhi syai'ā(n), wa innaẓ-ẓālimīna ba‘ḍuhum auliyā'u ba‘ḍ(in), wallāhu waliyyul-muttaqīn(a).
[19]
Wong kafir mau ora bisa nulak siksane Allah marang sira sethithik wae, sarupane wong kafir memitran karo kancane. Dene Allah iku paring pitulung marang para wong Mukmin.
هٰذَا بَصَاۤىِٕرُ لِلنَّاسِ وَهُدًى وَّرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ٢٠
Hāżā baṣā'iru lin-nāsi wa hudaw wa raḥmatul liqaumiy yūqinūn(a).
[20]
Al-Quran iki isi kaweruh lan pituduh marang manungsa lan dadi rahmat marang wong kang padha ngandhel.
اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ اجْتَرَحُوا السَّيِّاٰتِ اَنْ نَّجْعَلَهُمْ كَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ سَوَاۤءً مَّحْيَاهُمْ وَمَمَاتُهُمْ ۗسَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ ࣖࣖ٢١
Am ḥasibal-lażīnajtaraḥus -sayyi'āti an naj‘alahum kal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti sawā'am maḥyāhum wa mamātuhum, sā'a mā yaḥkumūn(a).
[21]
Wong kang nglakoni pihala duwe pangira yen bakal Ingsun gawe padha karo wong kang percaya lan nglakoni panggawe becik. Uripa ana donya iki dikira padha wae karu besuk yen wis mati. Hala temen panemune wong kafir mau.
وَخَلَقَ اللّٰهُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّ وَلِتُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٢٢
Wa khalaqallāhus-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqqi wa litujzā kullu nafsim bimā kasabat wa hum lā yuẓlamūn(a).
[22]
Allah gawe bumi lan langit kanthi tujuan kang bener, lan supaya tumanduking wewales marang siji - sijining awak menurut lakune (hala utawa becik) lan ing kono ora ana wong kena ing penganiaya.
اَفَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُ وَاَضَلَّهُ اللّٰهُ عَلٰى عِلْمٍ وَّخَتَمَ عَلٰى سَمْعِهٖ وَقَلْبِهٖ وَجَعَلَ عَلٰى بَصَرِهٖ غِشٰوَةًۗ فَمَنْ يَّهْدِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ اللّٰهِ ۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ٢٣
Afa ra'aita manittakhaża ilāhahū hawāhu wa aḍallahullāhu ‘alā ‘ilmiw wa khatama ‘alā sam‘ihī wa qalbihī wa ja‘ala ‘alā baṣarihī gisyāwah(tan), famay yahdīhi mim ba‘dillāh(i), afalā tażakkarūn(a).
[23]
Kapriye panemunira, mungguh wong kang mangeran marang karepe dhewe sarta dikarsakake sasar dening Allah kanthi adhedhasar kaweruhe, lan Allah wis ngunci pangrungune lan atine ora krungu lan ora weruh pituduh bener. Pandelenge dipetengake Allah. Sarehne disasarake dening Allah sapata kang kaconggah nuduhake dalan bener. Apa padha ora bisa oleh wulang saka ayat iki.
وَقَالُوْا مَا هِيَ اِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا نَمُوْتُ وَنَحْيَا وَمَا يُهْلِكُنَآ اِلَّا الدَّهْرُۚ وَمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍۚ اِنْ هُمْ اِلَّا يَظُنُّوْنَ٢٤
Wa qālū mā hiya illā ḥayātunad-dun-yā namūtu wa naḥyā wa mā yuhlikunā illad-dahr(u), wa mā lahum biżālika min ‘ilmin in hum illā yaẓunnūn(a).
[24]
Wong kang padha maido bakal uripe wong kang wis padha mati padha ngucap, "Urip iku hiya mung uripku ana donya iki, aku bakal mati, nanging hiya ana kang lahir nyambungi urupe owng kang wis mati. Dadi kang ngrusak aku kajaba lawase mongso". Pangucape wong kafir mangkono mau tanpa wewaton mung saka gagasane wae.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِمْ اٰيٰتُنَا بَيِّنٰتٍ مَّا كَانَ حُجَّتَهُمْ اِلَّآ اَنْ قَالُوا ائْتُوْا بِاٰبَاۤىِٕنَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٥
Wa iżā tutlā ‘alaihim āyātunā bayyinātim mā kāna ḥujjatahum illā an qālu'tū bi'ābā'inā in kuntum ṣādiqīn(a).
[25]
Wong kafir mau manawa diwacakake al-Quran ayatingsun kelawan cetha, padune ora ana maneh ngucap, "Yen kandhamu wong kang wis mati bakal urip maneh iku temen, uripana para biyungku kang wis padha mati."
قُلِ اللّٰهُ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ يُمِيْتُكُمْ ثُمَّ يَجْمَعُكُمْ اِلٰى يَوْمِ الْقِيٰمَةِ لَارَيْبَ فِيْهِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ ࣖ٢٦
Qulillāhu yuḥyīkum ṡumma yumītukum ṡumma yajma‘ukum ilā yaumil-qiyāmati lā raiba fīhi wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[26]
(Muhammad) dhawuha, "Allah nguripake lan mateni sira kabeh, besuk bakal dikumpulake ing dina Qiyamat kang ora sumelang maneh. Hewa dene manungsa akeh kang ora weruh mangkono mau".
وَلِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ يَوْمَىِٕذٍ يَّخْسَرُ الْمُبْطِلُوْنَ٢٧
Wa lillāhi mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), wa yauma taqūmus-sā‘atu yauma'iżiy yakhsarul-mubṭilūn(a).
[27]
Karaton bumi lan langit mau kagungane Allah, ing besuk dina Qiyamat wong kafir padha kapitunan.
وَتَرٰى كُلَّ اُمَّةٍ جَاثِيَةً ۗ كُلُّ اُمَّةٍ تُدْعٰٓى اِلٰى كِتٰبِهَاۗ اَلْيَوْمَ تُجْزَوْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٨
Wa tarā kulla ummatin jāṡiyah(tan), kullu ummatin tud‘ā ilā kitābihā, al-yauma tujzauna mā kuntum ta‘malūn(a).
[28]
Ing dina iku sira padha deleng sarupaning ummat padha jengkeng ngenteni karampungan perkarane sebagian padha dikon deleng cathetan lakune dhewe - dhewe. Ing dina iku sira padha tampa walese barang kang wis dilakoni.
هٰذَا كِتٰبُنَا يَنْطِقُ عَلَيْكُمْ بِالْحَقِّ ۗاِنَّا كُنَّا نَسْتَنْسِخُ مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٢٩
Hāżā kitābunā yanṭiqu ‘alaikum bil-ḥaqq(i), innā kunnā nastansikhu mā kuntum ta‘malūn(a).
[29]
(Pangandikaning Allah): "Cathetan iki dadi seksi kang anggelarake samu barang kang wis padha sira lakoni ana ing donya kelawan lugu. Ingsun netepake barang kang wis padha sira lakoni".
فَاَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَيُدْخِلُهُمْ رَبُّهُمْ فِيْ رَحْمَتِهٖۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْمُبِيْنُ٣٠
Fa'ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti fayudkhiluhum rabbuhum fī raḥmatih(ī), żālika huwal-fauzul-mubīn(u).
[30]
Para mukmin kang nglakoni panggawe becik kersane Pangeran padha dilebokake panggonan rahmate hiya iku suwarga. Kang mangkono mau tetela kabegjan gedhe.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْاۗ اَفَلَمْ تَكُنْ اٰيٰتِيْ تُتْلٰى عَلَيْكُمْ فَاسْتَكْبَرْتُمْ وَكُنْتُمْ قَوْمًا مُّجْرِمِيْنَ٣١
Wa ammal-lażīna kafarū, falam takun āyātī tutlā ‘alaikum fastakbartum wa kuntum qaumam mujrimīn(a).
[31]
Para wong kafir padha didangu, "Apa sira ora didhawuhi lan diwacakake al-Quran ayatingsun?" Sira wis diwacakake nanging padha gumedhe mulane padha kafir.
وَاِذَا قِيْلَ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّالسَّاعَةُ لَا رَيْبَ فِيْهَا قُلْتُمْ مَّا نَدْرِيْ مَا السَّاعَةُۙ اِنْ نَّظُنُّ اِلَّا ظَنًّا وَّمَا نَحْنُ بِمُسْتَيْقِنِيْنَ٣٢
Wa iżā qīla inna wa‘dallāhi ḥaqquw was-sā‘atu lā raiba fīhā qultum mā nadrī mas-sā‘ah(tu), in naẓunnu illā ẓannaw wa mā naḥnu bimustaiqinīn(a).
[32]
Manawa sira dipituturi janjine Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati iku bener. Dene kelakone dina Qiyamat ora sumeleng. Kowe mangsuli, "Embuh ora weruh apa dina Qiyamat?" manawa aku gelem nyana ora weruh nyatane, dadi tanpa gawe.
وَبَدَا لَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا عَمِلُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٣٣
Wa badā lahum sayyi'ātu mā ‘amilū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[33]
Ing kono tetela kang dilakoni wong kafir hala kabeh. Dene patrapane anggone geguyu al-Quran nempuh marang si kafir.
وَقِيْلَ الْيَوْمَ نَنْسٰىكُمْ كَمَا نَسِيْتُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۙ وَمَأْوٰىكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِّنْ نّٰصِرِيْنَ٣٤
Wa qīlal-yauma nansākum kamā nasītum liqā'a yaumikum hāżā, wa ma'wākumun nāru wa mā lakum min nāṣirīn(a).
[34]
Padha didawuhi, "Ing donya iki Ingsun ora perduli kaya anggonira ora perduli ngelakoni kabecikan kang bakal maidahi ing dina Qiyamat. Saiki panggonira mesthi ana ing neraka. Ora ana kang bisa nulungi."
ذٰلِكُمْ بِاَنَّكُمُ اتَّخَذْتُمْ اٰيٰتِ اللّٰهِ هُزُوًا وَّغَرَّتْكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا ۚفَالْيَوْمَ لَا يُخْرَجُوْنَ مِنْهَا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُوْنَ٣٥
Żālikum bi'annakumuttakhażtum āyātillāhi huzuwaw wa garratkumul-ḥayātud-dun-yā, fal-yauma lā yukhrajūna minhā wa lā hum yusta‘tabūn(a).
[35]
Mangkono mau marga anggonira geguyu al-Quran, sira padha ketutup ngrasakake kabungahan ing donya. Ing dina iki wong kafir padha ora bisa metu saka neraka, lan wis ora diparingi tobat.
فَلِلّٰهِ الْحَمْدُ رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَرَبِّ الْاَرْضِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٣٦
Fa lillāhil-ḥamdu rabbis-samāwāti wa rabbil-arḍi rabbil-‘ālamīn(a).
[36]
Sakabehing puji kagungane Allah, Pangerane bumi lan langit lan alam kabeh.
وَلَهُ الْكِبْرِيَاۤءُ فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ ۗوَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ ࣖ ۔٣٧
Wa lahul-kibriyā'u fis-samāwāti wal-arḍ(i), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[37]
Allah iku ngagem sifat kahagungan ana bumi lan langit Maha Mulya tur Maha Wicaksana.