Surah Ad-Dukhan
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa miim.
وَالْكِتٰبِ الْمُبِيْنِۙ٢
Wal-kitābil-mubīn(i).
[2]
Demi Kitab Al-Quran kang nerangake.
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةٍ مُّبٰرَكَةٍ اِنَّا كُنَّا مُنْذِرِيْنَ٣
Innā anzalnāhu fī lailatim mubārakatin innā kunnā munżirīn(a).
[3]
Ingsun nurunake kitab al-Quran mau ana ing wengi kang berkah, Ingsun ngelingake manungsa kelawan al-Quran.
فِيْهَا يُفْرَقُ كُلُّ اَمْرٍ حَكِيْمٍۙ٤
Fīhā yufraqu kullu amrin ḥakīm(in).
[4]
Sarupaning perkara kang tinamtokake padha dipilah - pilan kanthi wicaksana.
اَمْرًا مِّنْ عِنْدِنَاۗ اِنَّا كُنَّا مُرْسِلِيْنَۖ٥
Amram min ‘indinā, innā kunnā mursilīn(a).
[5]
Dipilah - pilah terang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para Rasul.
رَحْمَةً مِّنْ رَّبِّكَ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُۗ٦
Raḥmatam mir rabbik(a), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[6]
Minangka sih piwalesing Pangeranira, satemene Allah iku mireng tur nguningani samu barang.
رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۘ اِنْ كُنْتُمْ مُّوْقِنِيْنَ٧
Rabbis-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, in kuntum mūqinīn(a).
[7]
Kang ngratoni bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane, menawa sira wis terang (yakin).
لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ يُحْيٖ وَيُمِيْتُ ۗرَبُّكُمْ وَرَبُّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ٨
Lā ilāha illā huwa yuḥyī wa yumīt(u), rabbukum wa rabbu ābā'ikumul-awwalīn(a).
[8]
Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguripi lan mateni yaiku Pangeranira lan leluhurira ing zaman kuna biyen.
بَلْ هُمْ فِيْ شَكٍّ يَّلْعَبُوْنَ٩
Bal hum fī syakkiy yal‘abūn(a).
[9]
(Wong kafir) padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati sarta nggeguyu.
فَارْتَقِبْ يَوْمَ تَأْتِى السَّمَاۤءُ بِدُخَانٍ مُّبِيْنٍ١٠
Fartaqib yauma ta'tis-samā'u bidukhānim mubīn(in).
[10]
Sira mung ngentenana qiyamat nalika langit lan bumi ngetokake kebul ngebaki antarane langit lan bumi.
يَغْشَى النَّاسَۗ هٰذَا عَذَابٌ اَلِيْمٌ١١
Yagsyan-nās(a), hāżā ‘ażābun alīm(un).
[11]
Kebul mau nampek manungsa, siksa kang nglarani.
رَبَّنَا اكْشِفْ عَنَّا الْعَذَابَ اِنَّا مُؤْمِنُوْنَ١٢
Rabbanaksyif ‘annal-‘ażāba innā mu'minūn(a).
[12]
Manung mau banjur munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, Paduka mugi ngluwarna kawula saking siksa punika, sapunika kula sami pitados".
اَنّٰى لَهُمُ الذِّكْرٰى وَقَدْ جَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ مُّبِيْنٌۙ١٣
Annā lahumuż-żikrā wa qad jā'ahum rasūlum mubīn(un).
[13]
Manungsa wis padha didhawuhi terang dening Rasul mulane nalika turuning siksa panelangsane ora migunani.
ثُمَّ تَوَلَّوْا عَنْهُ وَقَالُوْا مُعَلَّمٌ مَّجْنُوْنٌۘ١٤
Ṡumma tawallau ‘anhu wa qālū mu‘allamum majnūn(un).
[14]
Banjur padha mlengos (marang Muhammad) Pangucape, "Iku muride wong edan".
اِنَّا كَاشِفُوا الْعَذَابِ قَلِيْلًا اِنَّكُمْ عَاۤىِٕدُوْنَۘ١٥
Innā kāsyiful-‘ażābi qalīlan innakum ‘ā'idūn(a).
[15]
Hiyata, Ingsun hentas saka siksa sawetara, nanging sira banjur bali kafir maneh.
يَوْمَ نَبْطِشُ الْبَطْشَةَ الْكُبْرٰىۚ اِنَّا مُنْتَقِمُوْنَ١٦
Yauma nabṭisyul baṭsyatal kubrā, innā muntaqimūn(a).
[16]
Ing kono Ingsun niksa marang wong kafir sarana nandukake gegaman kelawan sengit.
۞ وَلَقَدْ فَتَنَّا قَبْلَهُمْ قَوْمَ فِرْعَوْنَ وَجَاۤءَهُمْ رَسُوْلٌ كَرِيْمٌۙ١٧
Wa laqad fatannā qablahum qauma fir‘auna wa jā'ahum rasūlun karīm(un).
[17]
Biyen sadurunge dheweke (wong Mekkah) Ingsun nyoba Fir'aun sabalane kang mulya (Musa lan Harun).
اَنْ اَدُّوْٓا اِلَيَّ عِبَادَ اللّٰهِ ۗاِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌۙ١٨
An addū ilayya ‘ibādallāh(i), innī lakum rasūlun amīn(un).
[18]
(Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku.
وَّاَنْ لَّا تَعْلُوْا عَلَى اللّٰهِ ۚاِنِّيْٓ اٰتِيْكُمْ بِسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۚ١٩
Wa al lā ta‘lū ‘alallāh(i), innī ātīkum bisulṭānim mubīn(in).
[19]
Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah.
وَاِنِّيْ عُذْتُ بِرَبِّيْ وَرَبِّكُمْ اَنْ تَرْجُمُوْنِۚ٢٠
Wa innī ‘użtu birabbī wa rabbikum an tarjumūn(i).
[20]
Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu.
وَاِنْ لَّمْ تُؤْمِنُوْا لِيْ فَاعْتَزِلُوْنِ٢١
Wa il lam tu'minū lī fa‘tazilūn(i).
[21]
Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae.
فَدَعَا رَبَّهٗٓ اَنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمٌ مُّجْرِمُوْنَ٢٢
Fa da‘ā rabbahū anna hā'ulā'i qaumum mujrimūn(a).
[22]
(Musa) munjuk ing Pangerane mratelakake yen Fir'aun sabalane padha puguh kafir (muga ditindakna ana kang dadi bener).
فَاَسْرِ بِعِبَادِيْ لَيْلًا اِنَّكُمْ مُّتَّبَعُوْنَۙ٢٣
Fa asri bi‘ibādī lailan innakum muttaba‘ūn(a).
[23]
(Dhawuhing Allah marang Musa), "Sira lan para kawulaningsun padha lungaa (saka Mesir) mangkata ing wayah wengi sira bakal diburu".
وَاتْرُكِ الْبَحْرَ رَهْوًاۗ اِنَّهُمْ جُنْدٌ مُّغْرَقُوْنَ٢٤
Watrukil-baḥra rahwā(n), innahum jundum mugraqūn(a).
[24]
Menawa sira tekan segara gitikna kelawan tekenira banyune mesthi piyak. Satemene Firaun sabalane bakal Ingsun tungkepi banyu ana satengahe segara.
كَمْ تَرَكُوْا مِنْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۙ٢٥
Kam tarakū min jannātiw wa ‘uyūn(in).
[25]
Fir'aun ninggal palemahan lan kali pirang - pirang kang mili (ing Mesir).
وَّزُرُوْعٍ وَّمَقَامٍ كَرِيْمٍۙ٢٦
Wa zurū‘iw wa maqāmin karīm(in).
[26]
Lan ninggal tetanduran lan gedhung pirang - pirang kang indah.
وَّنَعْمَةٍ كَانُوْا فِيْهَا فٰكِهِيْنَۙ٢٧
Wa na‘matin kānū fīhā fākihīn(a).
[27]
Lan ninggal bondho akeh kang mane dianggo bebungah.
كَذٰلِكَ ۗوَاَوْرَثْنٰهَا قَوْمًا اٰخَرِيْنَۚ٢٨
Każālik(a), wa auraṡnāhā qauman ākharīn(a).
[28]
Wis mangkono karsaningsun tininggalane Fir'aun sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane.
فَمَا بَكَتْ عَلَيْهِمُ السَّمَاۤءُ وَالْاَرْضُۗ وَمَا كَانُوْا مُنْظَرِيْنَ ࣖ٢٩
Famā bakat ‘alaihimus-samā'u wal-arḍ(u), wa mā kānū munẓarīn(a).
[29]
Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Fir'aun tumpes tanpa disrantekake maneh.
وَلَقَدْ نَجَّيْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ مِنَ الْعَذَابِ الْمُهِيْنِۙ٣٠
Wa laqad najjainā banī isrā'īla minal-‘ażābil-muhīn(i).
[30]
Wong Bani Israil wis padha Ingsun paringi slamet saka siksa lan siya - siya.
مِنْ فِرْعَوْنَ ۗاِنَّهٗ كَانَ عَالِيًا مِّنَ الْمُسْرِفِيْنَ٣١
Min fir‘aun(a), innahū kāna ‘āliyam minal-musrifīn(a).
[31]
Saka panggawane Fir'aun kang kebangeten anggone gumedhe.
وَلَقَدِ اخْتَرْنٰهُمْ عَلٰى عِلْمٍ عَلَى الْعٰلَمِيْنَ ۚ٣٢
Wa laqadikhtarnāhum ‘alā ‘ilmin ‘alal-‘ālamīn(a).
[32]
Satemene wong Bani Israil mahu padha Ingsun pilih, kaparingan kaweruh lan kapinteran akeh ngungkuli wong sajagad.
وَاٰتَيْنٰهُمْ مِّنَ الْاٰيٰتِ مَا فِيْهِ بَلٰۤـؤٌا مُّبِيْنٌ٣٣
Wa ātaināhum minal-āyāti mā fīhi balā'um mubīn(un).
[33]
Lan Ingsun gelari kahelokan akeh kang tetela dadi coba.
اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَيَقُوْلُوْنَۙ٣٤
Inna hā'ulā'i layaqūlūn(a).
[34]
Satemene dheweke (wong turun Qurais) iku temen - temen padha ngucap.
اِنْ هِيَ اِلَّا مَوْتَتُنَا الْاُوْلٰى وَمَا نَحْنُ بِمُنْشَرِيْنَ٣٥
In hiya illā mautatunal-ūlā wa mā naḥnu bimunsyarīn(a).
[35]
"Anggonku mati mesthi mung sapisan wae, ora bakal diuripake".
فَأْتُوْا بِاٰبَاۤىِٕنَآ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٣٦
Fa'tū bi'ābā'inā in kuntum ṣādiqīn(a).
[36]
Yen pangucapmu mau bener pada uripna para leluhurku kang wis padha mati.
اَهُمْ خَيْرٌ اَمْ قَوْمُ تُبَّعٍۙ وَّالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْۗ اَهْلَكْنٰهُمْ اِنَّهُمْ كَانُوْا مُجْرِمِيْنَ٣٧
Ahum khairun am qaumu tubba‘(in), wal-lażīna min qablihim, ahlaknāhum innahum kānū mujrimīn(a).
[37]
Apa dheweke (wong musyrikin) luwih gagah prakosa lan sugih karo ummate Tubba' lan para ummat sadurunge. Hewa dene kabeh padha ditumpes awit padha kafir.
وَمَا خَلَقْنَا السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لٰعِبِيْنَ٣٨
Wa mā khalaqnas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā lā‘ibīn(a).
[38]
Anggon-Ku gawe bumi lan langit apadene barang kang ana antarane ora dolanan tanpa gawe.
مَا خَلَقْنٰهُمَآ اِلَّا بِالْحَقِّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٣٩
Mā khalaqnāhumā illā bil-ḥaqqi wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[39]
Anggon-Ku gawe bumi lan langit mau wis mesthi ana gunane, nanging kang akeh padha ora weruh.
اِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ مِيْقَاتُهُمْ اَجْمَعِيْنَ ۙ٤٠
Inna yaumal-faṣli mīqātuhum ajma‘īn(a).
[40]
Satemene besuk Qiyamat nalikane para kawulaningsun padha dipisah - pisah dina mau dadi karampungane perkara kabeh.
يَوْمَ لَا يُغْنِيْ مَوْلًى عَنْ مَّوْلًى شَيْـًٔا وَّلَا هُمْ يُنْصَرُوْنَۙ٤١
Yauma lā yugnī maulan ‘am maulan syai'aw wa lā hum yunṣarūn(a).
[41]
Hiya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung - tinulung apa - apa, ora bisa nulak siksaning Allah.
اِلَّا مَنْ رَّحِمَ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ هُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٤٢
Illā mar raḥimallāh(u), innahū huwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[42]
Kajaba wong kang diasihi Allah hiya iku para mukmin, satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Asih.
اِنَّ شَجَرَتَ الزَّقُّوْمِۙ٤٣
Inna syajarataz-zaqqūm(i).
[43]
Satemene wit Zakkuum.
طَعَامُ الْاَثِيْمِ ۛ٤٤
Ṭa‘āmul-aṡīm(i).
[44]
Dadi pangane wong duroko.
كَالْمُهْلِ ۛ يَغْلِيْ فِى الْبُطُوْنِۙ٤٥
Kal-muhl(i), yaglī fil-buṭūn(i).
[45]
Rupane koyo lengo kang reged, yen dipangan ana sajeroning weteng umub.
كَغَلْيِ الْحَمِيْمِ ۗ٤٦
Kagalyil-ḥamīm(i).
[46]
Kaya dene umube wedang.
خُذُوْهُ فَاعْتِلُوْهُ اِلٰى سَوَاۤءِ الْجَحِيْمِۙ٤٧
Khużūhu fa‘tilūhu ilā sawā'il-jaḥīm(i).
[47]
(Wahai neraka) Wong kafir iku cekelen banjur laraken marang tengahe neraka jahim.
ثُمَّ صُبُّوْا فَوْقَ رَأْسِهٖ مِنْ عَذَابِ الْحَمِيْمِۗ٤٨
Ṡumma ṣubbū fauqa ra'sihī min ‘azābil-ḥamīm(i).
[48]
Nuli padha grujugen wedang, siksa saka dhuwuring endhase.
ذُقْۚ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْكَرِيْمُ٤٩
Żuq, innaka antal-‘azīzul-karīm(u).
[49]
(Hai wong kafir), Rasakna siksaningsun, awit ngaku maha mulya tur wicaksana.
اِنَّ هٰذَا مَا كُنْتُمْ بِهٖ تَمْتَرُوْنَ٥٠
Inna hāżā mā kuntum bihī tamtarūn(a).
[50]
Siksa iki kang padha sira paido biyen.
اِنَّ الْمُتَّقِيْنَ فِيْ مَقَامٍ اَمِيْنٍۙ٥١
Innal-muttaqīna fī maqāmin amīn(in).
[51]
Sarupane wong kang padha bekti ing Allah, ana panggonan tentrem.
فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ٥٢
Fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[52]
Hiya iku ana ing suwarga kang ana bengawane mili.
يَّلْبَسُوْنَ مِنْ سُنْدُسٍ وَّاِسْتَبْرَقٍ مُّتَقٰبِلِيْنَۚ٥٣
Yalbasūna min sundusiw wa istabraqim mutaqābilīn(a).
[53]
Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan kandel, serta padha patemon karo kancane.
كَذٰلِكَۗ وَزَوَّجْنٰهُمْ بِحُوْرٍ عِيْنٍۗ٥٤
Każālik(a), wa zawwajnāhum biḥūrin ‘īn(in).
[54]
Wis mangkono karsaningsun wong mukmin padha diparingi jodho widadari kang mripate blalak - blalak.
يَدْعُوْنَ فِيْهَا بِكُلِّ فَاكِهَةٍ اٰمِنِيْنَۙ٥٥
Yad‘ūna fīhā bikulli fākihatin āminīn(a).
[55]
Wong mukmin mau ana suwarga jaluk woh - wohan warna - warna marang kang ngladeni, woh - wohan mau ora bisa entek.
لَا يَذُوْقُوْنَ فِيْهَا الْمَوْتَ اِلَّا الْمَوْتَةَ الْاُوْلٰىۚ وَوَقٰىهُمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِۙ٥٦
Lā yażūqūna fīhal-mauta illal-mautatal-ūlā, wa waqāhum ‘ażābal-jaḥīm(i).
[56]
Ing suwarga ora bakal nglakoni mati salawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ing donya. Allah ngreksa wong mukmin ora kacemplung neraka Jahim.
فَضْلًا مِّنْ رَّبِّكَۚ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٥٧
Faḍlam mir rabbika żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[57]
Iku minongka sih kanugrahane Pangeran aran kabegjan kang gedhe.
فَاِنَّمَا يَسَّرْنٰهُ بِلِسَانِكَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَ٥٨
Fa innamā yassarnāhu bilisānika la‘allahum yatażakkarūn(a).
[58]
Surasaning al-Quran iki Ingsun gampangake tembungira (Arab) supaya manungsa padha nampani pitutur.
فَارْتَقِبْ اِنَّهُمْ مُّرْتَقِبُوْنَ ࣖࣖ٥٩
Fartaqib innahum murtaqibūn(a).
[59]
Sira ngentenana pitulunging Pangeranira, wong kafir hiya padha ngarep - arep rusakira.