Surah Az-Zukhruf

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Haa Miim.

وَالْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ ۙ٢
Wal-kitābil-mubīn(i).
[2] Demi Kitab al-Quran kang gelarake pituduh bener.

اِنَّا جَعَلْنٰهُ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لَّعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَۚ٣
Innā ja‘alnāhu qur'ānan ‘arabiyyal la‘allakum ta‘qilūn(a).
[3] Al-Quran iku Ingsun pacak nganggo tembung Arab, supaya padha ngerteni karepe.

وَاِنَّهٗ فِيْٓ اُمِّ الْكِتٰبِ لَدَيْنَا لَعَلِيٌّ حَكِيْمٌ ۗ٤
Wa innahū fī ummil-kitābi ladainā la‘aliyyun ḥakīm(un).
[4] Al-Quran mau wis dipacak ana baboning Kitab (Lauhul Mahfudz) kang ana ngarsaningsun. Al-Quran mau luhur ngungkuli kitab kang kuna-kuna, tur isine wicaksana.

اَفَنَضْرِبُ عَنْكُمُ الذِّكْرَ صَفْحًا اَنْ كُنْتُمْ قَوْمًا مُّسْرِفِيْنَ٥
Afa naḍribu ‘ankumuż-żikra ṣafḥan an kuntum qaumam musrifīn(a).
[5] Apa Ingsun ora paring wahyu apa - apa marang sira dupeh kowe kabeh padha ngluwihi wates?

وَكَمْ اَرْسَلْنَا مِنْ نَّبِيٍّ فِى الْاَوَّلِيْنَ٦
Wa kam arsalnā min nabiyyin fil-awwalīn(a).
[6] (Ing zaman biyen) Ingsun wis ngutus nabi pirang - pirang.

وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ نَّبِيٍّ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٧
Wa mā ya'tīhim min nabiyyin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[7] Para ummat kuna manawa katekan utusaningsun mesthi padha angeguyu.

فَاَهْلَكْنَآ اَشَدَّ مِنْهُمْ بَطْشًا وَّمَضٰى مَثَلُ الْاَوَّلِيْنَ٨
Fa ahlaknā asyadda minhum baṭsyaw wa maḍā maṡalul-awwalīn(a).
[8] Wong kuna kang gagah prakosane ngungkuli wong kafir ing zaman iki padha Ingsun rusak kelawan siksa kayata kang wis kasebut ing ngarep.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ خَلَقَهُنَّ الْعَزِيْزُ الْعَلِيْمُۙ٩
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunna khalaqahunnal-‘azīzul-‘alīm(u).
[9] Manawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit?". Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel Allah ingkang Maha Mulya tur nguningani samu kawis".

الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ مَهْدًا وَّجَعَلَ لَكُمْ فِيْهَا سُبُلًا لَّعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ ۚ١٠
Allażī ja‘ala lakumul-arḍa mahdaw wa ja‘ala lakum fīhā subulal la‘allakum tahtadūn(a).
[10] Allah iku kang dadekake bumi iki panggonanira, sarta gawe dalan pirang - pirang ana bumi supaya sira weruh ing ngendi panggonan kang sira sediya.

وَالَّذِيْ نَزَّلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۢ بِقَدَرٍۚ فَاَنْشَرْنَا بِهٖ بَلْدَةً مَّيْتًا ۚ كَذٰلِكَ تُخْرَجُوْنَ١١
Wal-lażī nazzala minas-samā'i mā'am biqadar(in), fa'ansyarnā bihī baldatam maitā(n), każālika tukhrajūn(a).
[11] Lan kang nurunake banyu udan saka langit sacukupe kabutuhanira. Banyu udan mau banjur Ingsun ngerjakake palemahan kang bera. Dene ing besuk anggonira ditangekake saka ing kubur, hiya kaya mangkono pratingkahe.

وَالَّذِيْ خَلَقَ الْاَزْوَاجَ كُلَّهَا وَجَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الْفُلْكِ وَالْاَنْعَامِ مَا تَرْكَبُوْنَۙ١٢
Wal-lażī khalaqal-azwāja kullahā wa ja‘ala lakum minal-fulki wal-an‘āmi mā tarkabūn(a).
[12] Lan kang gawe barang warna - warna pasang - pasangan sakjodo lan gawe tetunggangan rupa prahu lan raja - kaya.

لِتَسْتَوٗا عَلٰى ظُهُوْرِهٖ ثُمَّ تَذْكُرُوْا نِعْمَةَ رَبِّكُمْ اِذَا اسْتَوَيْتُمْ عَلَيْهِ وَتَقُوْلُوْا سُبْحٰنَ الَّذِيْ سَخَّرَ لَنَا هٰذَا وَمَا كُنَّا لَهٗ مُقْرِنِيْنَۙ١٣
Litastawū ‘alā ẓuhūrihī ṡumma tażkurū ni‘mata rabbikum iżastawaitum ‘alaihi wa taqūlū subḥānal-lażī sakhkhara lanā hāżā wa mā kunnā lahū muqrinīn(a).
[13] Wekasan sira padha nunggang kapenak ana ing gegere raja-kaya mau banjur eling anggonira diparingi kabungahan ing Pangeranira. Sarta nalikane sira nunggang raja-kaya mau memuji mangkene, "Maha Suci Allah kang wis nyungkemake raja-kaya kang samene prakosane marang aku. Upama tanpa pitulung Allah aku rumongsa ora kaconggah ngembadhani hewan kang samene iki".

وَاِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا لَمُنْقَلِبُوْنَ١٤
Wa innā ilā rabbinā lamunqalibūn(a).
[14] Dene aku iki ing tembe mesthi bali marang ngarsaning Allah Pangeranku.

وَجَعَلُوْا لَهٗ مِنْ عِبَادِهٖ جُزْءًا ۗاِنَّ الْاِنْسَانَ لَكَفُوْرٌ مُّبِيْنٌ ۗ ࣖ١٥
Wa ja‘alū lahū min ‘ibādihī juz'ā(n), innal-insāna lakafūrum mubīn(un).
[15] Panganggepe para wong kafir ana kawulaning Allah kang kalebu paperangane Allah (hiya iku malaikat dianggep putrane Allah) kang duwe panganggep mangkono mau tetela wong kafir.

اَمِ اتَّخَذَ مِمَّا يَخْلُقُ بَنٰتٍ وَّاَصْفٰىكُمْ بِالْبَنِيْنَ ۗ١٦
Amittakhażū mimmā yakhluqu banātiw wa aṣfākum bil-banīn(a).
[16] Ya gene wong kafir iku duwe panemu yen malaikat gagaweyane Allah iku putrane Allah putri sarta awake dhewe milih anak lanang?

وَاِذَا بُشِّرَ اَحَدُهُمْ بِمَا ضَرَبَ لِلرَّحْمٰنِ مَثَلًا ظَلَّ وَجْهُهٗ مُسْوَدًّا وَّهُوَ كَظِيْمٌ١٧
Wa iżā busysyira aḥaduhum bimā ḍaraba lir-raḥmāni maṡalan ẓalla wajhuhū muswaddaw wa huwa kaẓīm(un).
[17] Manawa ana kang duwe anak metu wadon madani anggone nganggep marang Allah kagungan putra-putri wong mau ulate banjur peteng lan susah banget.

اَوَمَنْ يُّنَشَّؤُا فِى الْحِلْيَةِ وَهُوَ فِى الْخِصَامِ غَيْرُ مُبِيْنٍ١٨
Awamay yunasysya'u fil-ḥilyati wa huwa fil-khiṣāmi gairu mubīn(in).
[18] Ya gene padha netepake sifat cacad marang Allah lan ngaku sifat kang prayoga tumraping awake dhewe kang mangkon padune wong mau ora ana katerangane.

وَجَعَلُوا الْمَلٰۤىِٕكَةَ الَّذِيْنَ هُمْ عِبٰدُ الرَّحْمٰنِ اِنَاثًا ۗ اَشَهِدُوْا خَلْقَهُمْ ۗسَتُكْتَبُ شَهَادَتُهُمْ وَيُسْـَٔلُوْنَ١٩
Wa ja‘alul-malā'ikatal-lażīna hum ‘ibādur raḥmāni ināṡā(n), asyahidū khalqahum, satuktabu syahādatuhum wa yus'alūn(a).
[19] Lan dheweke padha nganggep malaikat kawulaning Allah iku wadon. Anggone nganggep utawa nekseni mau bakal dicatheti lan besuk ana ing akherat bakal ditakoni.

وَقَالُوْا لَوْ شَاۤءَ الرَّحْمٰنُ مَا عَبَدْنٰهُمْ ۗمَا لَهُمْ بِذٰلِكَ مِنْ عِلْمٍ اِنْ هُمْ اِلَّا يَخْرُصُوْنَۗ٢٠
Wa qālū lau syā'ar-raḥmānu mā ‘abadnāhum, mā lahum biżālika min ‘ilm(in), in hum illā yakhruṣūn(a).
[20] Wong Mekkah padha celathu, "pama kersane Allah aku ora kepareng nyembah malaikat, Aku mesthi ora kelakon nyembah malaikat." Anggone kondho koyo kaya mengkono mahu ora weruh katerangane (bener utawa luput) dadi kandhane mau mung goroh lugu.

اَمْ اٰتَيْنٰهُمْ كِتٰبًا مِّنْ قَبْلِهٖ فَهُمْ بِهٖ مُسْتَمْسِكُوْنَ٢١
Am ātaināhum kitābam min qablihī fahum bihī mustamsikūn(a).
[21] Ap sadurunge ana al-Quran, wong mau padha Ingsun paringi kitab (lan nerangake kena nyembah liyane Allah) kang banjur dihestokake tekan saprene?

بَلْ قَالُوْٓا اِنَّا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا عَلٰٓى اُمَّةٍ وَّاِنَّا عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ مُّهْتَدُوْنَ٢٢
Bal qālū innā wajadnā ābā'anā ‘alā ummatiw wa innā ‘alā āṡārihim muhtadūn(a).
[22] Nanging dheweke kondho, "Aku mung ngleluri (nutugake) para leluhurku biyen padha nglakoni agama iki aku ngarep - arep oleh pituduh bener sarana manut ara leluhurku".

وَكَذٰلِكَ مَآ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ فِيْ قَرْيَةٍ مِّنْ نَّذِيْرٍۙ اِلَّا قَالَ مُتْرَفُوْهَآ ۙاِنَّا وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا عَلٰٓى اُمَّةٍ وَّاِنَّا عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ مُّقْتَدُوْنَ٢٣
Wa każālika mā arsalnā min qablika fī qaryatim min nażīr(in), illā qāla mutrafūhā, innā wajadnā ābā'anā ‘alā ummatiw wa innā ‘alā āṡārihim muqtadūn(a).
[23] Mangkono uga biyen, saben Ingsun ngutus nabi, nyurup - nyurupake wong ing padesan panggedhene padesan mau mesthi banjur mangsuli, "Kula punika namung ngleluri para leluhur kula". Sami nglampahi agami satunggal punika. Kula namung manut agamanipun para leluhur kula wahu.

۞ قٰلَ اَوَلَوْ جِئْتُكُمْ بِاَهْدٰى مِمَّا وَجَدْتُّمْ عَلَيْهِ اٰبَاۤءَكُمْۗ قَالُوْٓا اِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ٢٤
Qāla awalau ji'tukum bi'ahdā mimmā wajattum ‘alaihi ābā'akum, qālū innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[24] (Muhammad) dhawuha, "Apa sanadyan aku nyurup - nyurupake marang kowe kang luwih bener, ngungkuli panemune para leluhurmu biyen, kowe hiya ora gelem manut." Wong kafir padha mangsuli, "Dhawuh ungkang sampyan waradinaken punika kula sami mahiben".

فَانْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِيْنَ ࣖ٢٥
Fantaqamnā minhum fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-mukażżibīn(a).
[25] Wong kafir mau banjur padha Ingsun turuni siksa mara dira delenga, kapruye kadadeyane wong kang padha maido dhawuhing Allah kang dihemban para rasul.

وَاِذْ قَالَ اِبْرٰهِيْمُ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖٓ اِنَّنِيْ بَرَاۤءٌ مِّمَّا تَعْبُدُوْنَۙ٢٦
Wa iż qāla ibrāhīmu li'abīhi wa qaumihī innanī barā'um mimmā ta‘budūn(a).
[26] (Muhammad) Sira nyaritakna nalika Ibrahim matur marang bapakne lan pitutur marang para ummate tembunge, "Aku oramelu - melu anggonmu padha nyembah berhala".

اِلَّا الَّذِيْ فَطَرَنِيْ فَاِنَّهٗ سَيَهْدِيْنِ٢٧
Illāl-lażī faṭaranī fa'innahū sayahdīn(i).
[27] Kajaba mung nyembah ing Allah kang gawe awakku, iku kang nuduhake dalan keselamatan marang aku.

وَجَعَلَهَا كَلِمَةً ۢ بَاقِيَةً فِيْ عَقِبِهٖ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَۗ٢٨
Wa ja‘alahā kalimatam bāqiyatan fī ‘aqibihī la‘allahum yarji‘ūn(a).
[28] Ibrahim nemtokake pituture mau dadi tetembungan kang linuruluri saturun - turune pangarep - arepe sarupane wong mangro tingal padha hambaleka manut marang Ibrahim.

بَلْ مَتَّعْتُ هٰٓؤُلَاۤءِ وَاٰبَاۤءَهُمْ حَتّٰى جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ وَرَسُوْلٌ مُّبِيْنٌ٢٩
Bal matta‘tu hā'ulā'i wa ābā'ahum ḥattā jā'ahumul-ḥaqqu wa rasūlum mubīn(un).
[29] (Pangandikaning Allah) Para kafir (Mekkah) lan leluhure malah padha Ingsun paringi kabungahan urip nganti katekan al-Quran (dhawuhing Allah) lan para Rasul ngasta keterangan.

وَلَمَّا جَاۤءَهُمُ الْحَقُّ قَالُوْا هٰذَا سِحْرٌ وَّاِنَّا بِهٖ كٰفِرُوْنَ٣٠
Wa lammā jā'ahumul-ḥaqqu qālū hāżā siḥruw wa innā bihī kāfirūn(a).
[30] Bareng katekan al-Quran wong kafir padha celathu, "Iki sihir lan yen dikandhakake dhawuhing Allah aku maido".

وَقَالُوْا لَوْلَا نُزِّلَ هٰذَا الْقُرْاٰنُ عَلٰى رَجُلٍ مِّنَ الْقَرْيَتَيْنِ عَظِيْمٍ٣١
Wa qālū lau lā nuzzila hāżal-qur'ānu ‘alā rajulim minal-qaryataini ‘aẓīm(in).
[31] Pangucape, "Yen al-Quran iku nyata dhawuhing Allah ya gene ora didhawuhake metu wong lanang kang dadi panggedhening desa loro (Mekkah lan Thaif)".

اَهُمْ يَقْسِمُوْنَ رَحْمَتَ رَبِّكَۗ نَحْنُ قَسَمْنَا بَيْنَهُمْ مَّعِيْشَتَهُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَاۙ وَرَفَعْنَا بَعْضَهُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجٰتٍ لِّيَتَّخِذَ بَعْضُهُمْ بَعْضًا سُخْرِيًّا ۗوَرَحْمَتُ رَبِّكَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُوْنَ٣٢
Ahum yaqsimūna raḥmata rabbik(a), naḥnu qasamnā bainahum ma‘īsyatahum fil-ḥayātid-dun-yā, wa rafa‘nā ba‘ḍahum fauqa ba‘ḍin darajātil liyattakhiża ba‘ḍuhum ba‘ḍan sukhriyyā(n), wa raḥmatu rabbika khairum mimmā yajma‘ūn(a).
[32] (Pangandikaning Allah), "Apa dheweke mau kang andum rahmating Allah Pangeranira? Ingsun kang mesthi andum kabegjan marang dheweke (wong Mekkah) ana donya. Lan anjunjung drajate sawijining wong ngungkuli liya - liyane supaya sawehene bisa marintah marang liyane. Dene rahmate Allah Pangernira iku luwih becik tinimbang bondho kang dikumpulake".

وَلَوْلَآ اَنْ يَّكُوْنَ النَّاسُ اُمَّةً وَّاحِدَةً لَّجَعَلْنَا لِمَنْ يَّكْفُرُ بِالرَّحْمٰنِ لِبُيُوْتِهِمْ سُقُفًا مِّنْ فِضَّةٍ وَّمَعَارِجَ عَلَيْهَا يَظْهَرُوْنَۙ٣٣
Wa lau lā ay yakūnan-nāsu ummataw wāḥidatal laja‘alnā limay yakfuru bir-raḥmāni libuyūtihim suqufam min fiḍḍatiw wa ma‘ārija ‘alaihā yaẓharūn(a).
[33] Upama ora nguwatirake bok menawa manungsa iku dadi kafir kabeh marga saka kapengin andeleng kabegjane para wong kafir kang sampulur mesthi omahe wong kafir kang maido ing Pangeran kang Maha Murah Ingsun paringi payon salaka, lan ondho - ondho selaka kang padha dianggo mungguh mudhun.

وَلِبُيُوْتِهِمْ اَبْوَابًا وَّسُرُرًا عَلَيْهَا يَتَّكِـُٔوْنَۙ٣٤
Wa libuyūtihim abwābaw wa sururan ‘alaihā yattaki'ūn(a).
[34] Lan omahe won gkafir mau Ingsun dokoke lawan selaka, sarta Ingsun paringi amben dianggo sendhen.

وَزُخْرُفًاۗ وَاِنْ كُلُّ ذٰلِكَ لَمَّا مَتَاعُ الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَالْاٰخِرَةُ عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُتَّقِيْنَ ࣖ٣٥
Wa zukhrufā(n), wa in kullu żālika lammā matā‘ul-ḥayātid-dun-yā, wal-ākhiratu ‘inda rabbika lil-muttaqīn(a).
[35] Lan maneh Ingsun paringi rerenggan mas kabeh ora liya kabungahan ing donya. Dene ganjaran ing akherat ana ngarsaning Pangeranira. Wong kafir ora melu duwe mung tinamtokake marang wong kang padha bekti ing Allah.

وَمَنْ يَّعْشُ عَنْ ذِكْرِ الرَّحْمٰنِ نُقَيِّضْ لَهٗ شَيْطٰنًا فَهُوَ لَهٗ قَرِيْنٌ٣٦
Wa may ya‘syu ‘an żikrir-raḥmāni nuqayyiḍ lahū syaiṭānan fahuwa lahū qarīn(un).
[36] Sing sapa nyulayani al-Quran dhawuhing Pangeran kang Maha Murah banjur Ingsun paringi setan - setan banjur dadi kancane.

وَاِنَّهُمْ لَيَصُدُّوْنَهُمْ عَنِ السَّبِيْلِ وَيَحْسَبُوْنَ اَنَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ٣٧
Wa innahum layaṣuddūnahum ‘anis-sabīli wa yaḥsabūna annahum muhtadūn(a).
[37] Setan mau padha menging ngambah dalaning pituduh bener marang wong kang nyulayani al-Quran. Dene wong mau nyana yen wis ngambah dalan pituduh bener.

حَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءَنَا قَالَ يٰلَيْتَ بَيْنِيْ وَبَيْنَكَ بُعْدَ الْمَشْرِقَيْنِ فَبِئْسَ الْقَرِيْنُ٣٨
Ḥattā iżā jā'anā qāla yā laita bainī wa bainaka bu‘dal-masyriqaini fa bi'sal-qarīn(u).
[38] Manawa wis sowan ana ngarsaningsun banjur kandha marang syetan (wong sing nyulayani al-Quran), muga - muga aku didohna saka kowe, dohe saka panggonan mletheking srengenge tekan panggonan suruping srengenge. Konco kuwe iku hala temen.

وَلَنْ يَّنْفَعَكُمُ الْيَوْمَ اِذْ ظَّلَمْتُمْ اَنَّكُمْ فِى الْعَذَابِ مُشْتَرِكُوْنَ٣٩
Wa lay yanfa‘akumul-yauma iẓ ẓalamtum annakum fil-‘ażābi musytarikūn(a).
[39] (He wong kang nyulayani al-Quran) ing dina iki pangarep - arepira ora migunani marga sira wis tetela wong nganiaya awakira dhewe, sira lan setan kancaira mesthi padha disiksa.

اَفَاَنْتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ اَوْ تَهْدِى الْعُمْيَ وَمَنْ كَانَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٤٠
Afa anta tusmi‘uṣ-ṣumma au tahdil-‘umya wa man kāna fī ḍalālim mubīn(in).
[40] (Muhammad) Apa sira bisa andokoki pangrungu marang owng budheg, utawa meruhake marang wong wuto, utawa nuduhake dalan bener marang wong kang wis pesthi mati kesasar.

فَاِمَّا نَذْهَبَنَّ بِكَ فَاِنَّا مِنْهُمْ مُّنْتَقِمُوْنَۙ٤١
Fa immā nażhabanna bika fa innā minhum muntaqimūn(a).
[41] Manawa sira Ingsun pundhut dhisik, sapngkurira Ingsun mesthi nyiksa wong kang padha nyulayani al-Quran.

اَوْ نُرِيَنَّكَ الَّذِيْ وَعَدْنٰهُمْ فَاِنَّا عَلَيْهِمْ مُّقْتَدِرُوْنَ٤٢
Au nuriyannakal-lażī wa‘adnāhum fa'innā ‘alaihim muqtadirūn(a).
[42] Utawa kena uga sira Ingsun nuntunake kelakoning siksa kang Ingsun pancasake marang wong kang padha nyulalayani al-Quran. Ingsun kuasa nyiksa.

فَاسْتَمْسِكْ بِالَّذِيْٓ اُوْحِيَ اِلَيْكَ ۚاِنَّكَ عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍ٤٣
Fastamsik bil-lażī ūḥiya ilaik(a), innaka ‘alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[43] Saiki sira mung ngugemana pangandikaningsun kang wis didhawuhake, sira iku ngambah dalan kang bener.

وَاِنَّهٗ لَذِكْرٌ لَّكَ وَلِقَوْمِكَ ۚوَسَوْفَ تُسْـَٔلُوْنَ٤٤
Wa innahū lażikrul laka wa liqaumik(a), wa saufa tus'alūn(a).
[44] Al-Quran iku kamulyan gedhe tumrap sira lan ummatira ing tembe manungsa padha didhangu (anggone nindhakake dhawuhing Allah).

وَسْـَٔلْ مَنْ اَرْسَلْنَا مِنْ قَبْلِكَ مِنْ رُّسُلِنَآ ۖ اَجَعَلْنَا مِنْ دُوْنِ الرَّحْمٰنِ اٰلِهَةً يُّعْبَدُوْنَ ࣖ٤٥
Was'al man arsalnā min qablika mir rusulinā, aja‘alnā min dūnir-raḥmāni ālihatay yu‘badūn(a).
[45] Takonna para rasul padha Ingsun utus sadurungira apa hiya Ingsun ngedekake Pangeran kang sinembah liyane Allah kang Maha Murah?

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اِلٰى فِرْعَوْنَ وَمَلَا۟ىِٕهٖ فَقَالَ اِنِّيْ رَسُوْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٤٦
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā ilā fir‘auna wa mala'ihī fa qāla innī rasūlu rabbil-‘ālamīn(a).
[46] Biyen Ingsun wis ngutus Musa kanthi tondho yekti pirang - pirang, diutus nyurup - nyurupake marang Fir'aun sabalane. Dhawuhe, "Aku utusaning Allah Pangerane wong alam kabeh".

فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِاٰيٰتِنَآ اِذَا هُمْ مِّنْهَا يَضْحَكُوْنَ٤٧
Falammā jā'ahum bi'āyātinā iżā hum minhā yaḍḥakūn(a).
[47] Bareng Musa wis teka gelarake tondho yekti kahelokan akeh ana ngarepe Fir'aun sabalane padha geguyu.

وَمَا نُرِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ اِلَّا هِيَ اَكْبَرُ مِنْ اُخْتِهَاۗ وَاَخَذْنٰهُمْ بِالْعَذَابِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٤٨
Wa mā nurīhim min āyatin illā hiya akbaru min ukhtihā, wa akhażnāhum bil-‘ażābi la‘allahum yarji‘ūn(a).
[48] Anggoningsun nontokake siji - sijining tandha yekti marang Fir'aun sabalane mesthi luwih gedhe lan gegirisi tinimbang kahelokan kang wis Ingsun tontonake sakdurunge. Lan padha Ingsun siksa supaya padha marenana anggone kafir (bali menyang dalan bener).

وَقَالُوْا يٰٓاَيُّهَ السَّاحِرُ ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَۚ اِنَّنَا لَمُهْتَدُوْنَ٤٩
Wa qālū yā ayyuhas-sāḥirud‘u lanā rabbaka bimā ‘ahida ‘indak(a), innanā lamuhtadūn(a).
[49] Fir'aun sabalane kondho, "He Musa juru sihir, kula mugi sampyan suwunaken dhateng Pangeran. Inggih punika manawi kula purun pitados badhe keparingan luar saking bebaya. Sapunika kula pitados dhateng sampeyan".

فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ اِذَا هُمْ يَنْكُثُوْنَ٥٠
Falammā kasyafnā ‘anhumul-‘ażāba iżā hum yankuṡūn(a).
[50] Bareng Fir'aun Ingsun paringi luar saka siksa, banjur padha nyidrani kasangguhane (percaya).

وَنَادٰى فِرْعَوْنُ فِيْ قَوْمِهٖ قَالَ يٰقَوْمِ اَلَيْسَ لِيْ مُلْكُ مِصْرَ وَهٰذِهِ الْاَنْهٰرُ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِيْۚ اَفَلَا تُبْصِرُوْنَۗ٥١
Wa nādā fir‘aunu fī qaumihī qāla yā qaumi alaisa lī mulku miṣra wa hāżihil-anhāru tajrī min taḥtī, afalā tubṣirūn(a).
[51] Fir'aun kondho marang kawulane pangucape, "Para kaumku apa negara Mesik iki dudu duwekku? Padha delengan bengawan (Nil) iki mili ana ngisore panggonanku ngestokake parintahku".

اَمْ اَنَا۠ خَيْرٌ مِّنْ هٰذَا الَّذِيْ هُوَ مَهِيْنٌ ەۙ وَّلَا يَكَادُ يُبِيْنُ٥٢
Am ana khairum min hāżal-lażī huwa mahīn(un), wa lā yakādu yubīn(u).
[52] Dadi aku iki luwih becik tinimbang Musa kang wis tetela wong asor celathune cedhal (pelo) meh ora ana wong ngerti.

فَلَوْلَآ اُلْقِيَ عَلَيْهِ اَسْوِرَةٌ مِّنْ ذَهَبٍ اَوْ جَاۤءَ مَعَهُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ مُقْتَرِنِيْنَ٥٣
Falau lā ulqiya ‘alaihi aswiratum min żahabin au jā'a ma‘ahul-malā'ikatu muqtarinīn(a).
[53] Manawa Musa mau temen utusane Pangeran yagene ora digelangi mas, utawa ora diiringi malaikat kang padha nekseni yen dheweke utusaning Pangeran.

فَاسْتَخَفَّ قَوْمَهٗ فَاَطَاعُوْهُ ۗاِنَّهُمْ كَانُوْا قَوْمًا فٰسِقِيْنَ٥٤
Fastakhaffa qaumahū fa aṭā‘ūh(u), innahum kānū qauman fāsiqīn(a).
[54] Fir'aun bujuk kawulane kelawan diterangake, para kawulane banjur ngestokake mulan banjur dadi wong duroko.

فَلَمَّآ اٰسَفُوْنَا انْتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَاَغْرَقْنٰهُمْ اَجْمَعِيْنَۙ٥٥
Falammā āsafūnantaqamnā minhum fa agraqnāhum ajma‘īn(a).
[55] Cekake bareng Fir'aun sabalane padha gawe dukaningsun banjur padha Ingsun siksa. Mulane Ingsun kelem kabeh ana ing segara.

فَجَعَلْنٰهُمْ سَلَفًا وَّمَثَلًا لِّلْاٰخِرِيْنَ ࣖ٥٦
Fa ja‘alnāhum salafaw wa maṡalal lil-ākhirīn(a).
[56] Fir'aun sabalane mau banjur Ingsun dadekake upama tumrap marang para ummat kang keri.

۞ وَلَمَّا ضُرِبَ ابْنُ مَرْيَمَ مَثَلًا اِذَا قَوْمُكَ مِنْهُ يَصِدُّوْنَ٥٧
Wa lammā ḍuribabnu maryama maṡalan iżā qaumuka minhu yaṣiddūn(a).
[57] (Muhammad) Bareng Isa anake Maryam dianggo paribasan (anggone disembah dening para wong Nashara) ing kono para ummatira wong turun Qurais padha bungah.

وَقَالُوْٓا ءَاٰلِهَتُنَا خَيْرٌ اَمْ هُوَ ۗمَا ضَرَبُوْهُ لَكَ اِلَّا جَدَلًا ۗبَلْ هُمْ قَوْمٌ خَصِمُوْنَ٥٨
Wa qālū a'ālihatunā khairun am huw(a), mā ḍarabūhu laka illā jadalā(n), bal hum qaumun khaṣimūn(a).
[58] Pangucape, "Becik endi ta Pangeran (sesembahanku apa dheweke (Isa))?". Dheweke ora gawe paribasan mau marang kowe perlune ora liwat mung madoni, para ummatira kang mangkono mau tetep wong madoni weweton barang kang ora bener.

اِنْ هُوَ اِلَّا عَبْدٌ اَنْعَمْنَا عَلَيْهِ وَجَعَلْنٰهُ مَثَلًا لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٥٩
In huwa illā ‘abdun an‘amnā ‘alaihi wa ja‘alnāhu maṡalal libanī isrā'īl(a).
[59] Isa iku dudu barang - barang mung kawulaningsun kang diparingi kabungahan dadi nabi, sarta Ingsun anggo upama marang para turuning Israil.

وَلَوْ نَشَاۤءُ لَجَعَلْنَا مِنْكُمْ مَّلٰۤىِٕكَةً فِى الْاَرْضِ يَخْلُفُوْنَ٦٠
Wa lau nasyā'u laja‘alnā minkum malā'ikatan fil-arḍi yakhlufūn(a).
[60] Upama ana parenge kersaningsun, sira padha Ingsun sirnakake, banjur disalini para malaikat padha manggon ana ing bumi mesthi kelakon mangkono.

وَاِنَّهٗ لَعِلْمٌ لِّلسَّاعَةِ فَلَا تَمْتَرُنَّ بِهَا وَاتَّبِعُوْنِۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦١
Wa innahū la‘ilmul lis-sā‘ati falā tamtarunna bihā wattabi‘ūn(i), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[61] Lan satemene Isa mau yekti dadi tetengere kaweruh dina Qiyamat, sira aja mamang bakal tekane dina Qiyamat mau, sira mung ngistokna parintah Ingsun. Iki dalan kang bener.

وَلَا يَصُدَّنَّكُمُ الشَّيْطٰنُۚ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٦٢
Wa lā yaṣuddannakumusy-syaiṭān(u), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[62] Sira aja padha kena panggodhaning setan, awit tetela dadi saterunira.

وَلَمَّا جَاۤءَ عِيْسٰى بِالْبَيِّنٰتِ قَالَ قَدْ جِئْتُكُمْ بِالْحِكْمَةِ وَلِاُبَيِّنَ لَكُمْ بَعْضَ الَّذِيْ تَخْتَلِفُوْنَ فِيْهِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ٦٣
Wa lammā jā'a ‘īsā bil-bayyināti qāla qad ji'tukum bil-ḥikmati wa li'ubayyina lakum ba‘ḍal-lażī takhtalifūna fīh(i), fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[63] Bareng Isa wis diutus dening Allah kanthi tondho yekti kahelokan pirang - pirang. Dhawuhe, "Tekaku iki dhawuhake Injil kang isine kawicaksanaan perlu nerangake anggonmu padha pasulayan bab surasaning Kitab Taurat. Kowe pada bektia ing Allah manuta marang aku".

اِنَّ اللّٰهَ هُوَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦٤
Innallāha huwa rabbī wa rabbukum fa‘budūh(u), hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[64] Satemene Allah iku Pangeranku lan Pangeranmu, mulane padha nyembaha Allah, iki dhalan bener.

فَاخْتَلَفَ الْاَحْزَابُ مِنْۢ بَيْنِهِمْ ۚفَوَيْلٌ لِّلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْ عَذَابِ يَوْمٍ اَلِيْمٍ٦٥
Fakhtalafal-aḥzābu mim bainihim, fawailul lil-lażīna ẓalamūmin ‘ażābi yaumin alīm(in).
[65] Padha pasulayan ing bab panemu antarane golongan - golongan (Nashara) antarane dheweke, cilaka banget (wong - wong nashara) kang panemune dadi kafir, awit besuk dina Qiyamat bakal kacemplung siksa kang nglarani.

هَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا السَّاعَةَ اَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ٦٦
Hal yanẓurūna illas-sā‘ata an ta'tiyahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[66] Wong mangkono mau mung ngenteni dina Qiyamat kang tekane bakal ngagetake ora kanyanan pisan - pisan.

اَلْاَخِلَّاۤءُ يَوْمَىِٕذٍۢ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ اِلَّا الْمُتَّقِيْنَ ۗ ࣖ٦٧
Al-akhillā'u yauma'iżim ba‘ḍuhum liba‘ḍin ‘aduwwun illal-muttaqīn(a).
[67] Ing dina iku sarupane pakumpulan duraka, wonge padha sesatron, kajaba wong kang padha bekti.

يٰعِبَادِ لَاخَوْفٌ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَ وَلَآ اَنْتُمْ تَحْزَنُوْنَۚ٦٨
Yā ‘ibādi lā khaufun ‘alaikumul-yauma wa lā antum taḥzanūn(a).
[68] Kawulaningsun, Ing dina iku sira ora duwe kuatir lan ora kasusahan.

اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِاٰيٰتِنَا وَكَانُوْا مُسْلِمِيْنَۚ٦٩
Allażīna āmanū bi'āyātinā wa kānū muslimīn(a).
[69] Para wong Islam kang padha ngestokake dhawuhing al-Quran ayat Ingsun.

اُدْخُلُوا الْجَنَّةَ اَنْتُمْ وَاَزْوَاجُكُمْ تُحْبَرُوْنَ٧٠
Udkhulul-jannata antum wa azwājukum tuḥbarūn(a).
[70] Sira lan rabinira padha malebua ing suwarga kelawan bungah lan diaji-aji.

يُطَافُ عَلَيْهِمْ بِصِحَافٍ مِّنْ ذَهَبٍ وَّاَكْوَابٍ ۚوَفِيْهَا مَا تَشْتَهِيْهِ الْاَنْفُسُ وَتَلَذُّ الْاَعْيُنُ ۚوَاَنْتُمْ فِيْهَا خٰلِدُوْنَۚ٧١
Yuṭāfu ‘alaihim biṣiḥāfim min żahabiw wa akwāb(in), wa fīhā mā tasytahīhil-anfusu wa talażżul-a‘yun(u), wa antum fīhā khālidūn(a).
[71] Padha diladeni panganan kang wadahe emas, lan omben - omben winadhahan ing gelas. Wadhah emas mau isi panganan kang menginake ati lan ngresepake dineleng. Sira ana suwarga padha langgeng salawase.

وَتِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِيْٓ اُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٧٢
Wa tilkal-jannatul-latī ūriṡtumūhā bimā kuntum ta‘malūn(a).
[72] Hiya iku suwarga pandumanira diparingake marang sira marga anggonira ngelakoni panggawe becik.

لَكُمْ فِيْهَا فَاكِهَةٌ كَثِيْرَةٌ مِّنْهَا تَأْكُلُوْنَ٧٣
Lakum fīhā fākihatun kaṡīratum minhā ta'kulūn(a).
[73] Ana suwarga sira padha duwe woh - wohan pirang-pirang sira padha mangan hendi kang sira pengini.

اِنَّ الْمُجْرِمِيْنَ فِيْ عَذَابِ جَهَنَّمَ خٰلِدُوْنَۖ٧٤
Innal-mujrimīna fī ‘ażābi jahannama khālidūn(a).
[74] Sarupane wong kafir padha disiksa ana neraka jahannam langgeng salawas - lawase.

لَا يُفَتَّرُ عَنْهُمْ وَهُمْ فِيْهِ مُبْلِسُوْنَ ۚ٧٥
Lā yufattaru ‘anhum wa hum fīhi mublisūn(a).
[75] Tanpa kendhat lan kamayaran padha meneng dening wis sirna pangarep - arepe kamayaran.

وَمَا ظَلَمْنٰهُمْ وَلٰكِنْ كَانُوْا هُمُ الظّٰلِمِيْنَ٧٦
Wa mā ẓalamnāhum wa lākin kānū humuẓ-ẓālimīn(a).
[76] Ingsun ora pisan nganiaya wong kafir, nanging dheweke nganiaya awake dhewe.

وَنَادَوْا يٰمٰلِكُ لِيَقْضِ عَلَيْنَا رَبُّكَۗ قَالَ اِنَّكُمْ مّٰكِثُوْنَ٧٧
Wa nādau yā māliku liyaqḍi ‘alainā rabbuk(a), qāla innakum mākiṡūn(a).
[77] Wong kafir padha matur, "Malaikat Malik ingkang nguwasani neraka, munjuka ing Pangeran sampeyan, kula punika dipun pejahi kemawon". (Malaikat) mangsuli, "Kersaning Allah kowe disiksa langgeng salawas - lawase tanpa mati".

لَقَدْ جِئْنٰكُمْ بِالْحَقِّ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَكُمْ لِلْحَقِّ كٰرِهُوْنَ٧٨
Laqad ji'nākum bil-ḥaqqi wa lākinna akṡarakum lil-ḥaqqi kārihūn(a).
[78] Ingsun ngundangake parentah bener, nanging kang akeh sengit marang bener.

اَمْ اَبْرَمُوْٓا اَمْرًا فَاِنَّا مُبْرِمُوْنَۚ٧٩
Am abramū amran fa innā mubrimūn(a).
[79] Apa wong kafir (Mekkah) nyantosani anggone neja ngrusak (Muhammad) Ingsun hiya nyantosani.

اَمْ يَحْسَبُوْنَ اَنَّا لَا نَسْمَعُ سِرَّهُمْ وَنَجْوٰىهُمْ ۗ بَلٰى وَرُسُلُنَا لَدَيْهِمْ يَكْتُبُوْنَ٨٠
Am yaḥsabūna annā lā nasma‘u sirrahum wa najwāhum, balā wa rusulunā ladaihim yaktubūn(a).
[80] Apa wong kafir padha ngira yen Ingsun ora mireng pangucape kang mung dibathin lan kang dilahirake. Ingsun mireng lan nguningani malah para utusaningsun padha nulisi.

قُلْ اِنْ كَانَ لِلرَّحْمٰنِ وَلَدٌ ۖفَاَنَا۠ اَوَّلُ الْعٰبِدِيْنَ٨١
Qul in kāna lir-raḥmāni walad(un), fa ana awwalul-‘ābidīn(a).
[81] (Muhammad) dhawuha, Upama Allahkang Maha Murah kagungan putra mesthi aku dadi kawulane wong nyembah (putrane Allah mau).

سُبْحٰنَ رَبِّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُوْنَ٨٢
Subḥāna rabbis-samāwāti wal-arḍi rabbil-‘arsyi ‘ammā yaṣifūn(a).
[82] Allah iku Maha Suci Pangerane bumi lan langit uga 'Arsy, adoh banget yen kaya panemune wong kafir.

فَذَرْهُمْ يَخُوْضُوْا وَيَلْعَبُوْا حَتّٰى يُلٰقُوْا يَوْمَهُمُ الَّذِيْ يُوْعَدُوْنَ٨٣
Fa żarhum yakhūḍū wa yal‘abū ḥattā yulāqū yaumahumul-lażī yū‘adūn(a).
[83] Mulane wong kafir mau padha nengna wae, karo ben padha kebanjur - banjur anggone ngencengi barang kang luput. Anggone ana donya tanpaguna ngenteni tekan qiyamat kang diancamake Allah.

وَهُوَ الَّذِيْ فِى السَّمَاۤءِ اِلٰهٌ وَّ فِى الْاَرْضِ اِلٰهٌ ۗوَهُوَ الْحَكِيْمُ الْعَلِيْمُ٨٤
Wa huwal-lażī fis-samā'i ilāhuw wa fil-arḍi ilāh(un), wa huwal-ḥakīmul-‘alīm(u).
[84] Allah iku kang sinembah kelawan bener ana ing bumi lan langit. Allah iku wicaksana tur nguningani samu barang.

وَتَبٰرَكَ الَّذِيْ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۚوَعِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٨٥
Wa tabārakal-lażī lahū mulkus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, wa ‘indahū ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[85] Allah iku Maha Luhur, kang kagungan kraton bumi lan langit lan kagungan barang kang ana antarane bumi lan langit. Kaweruh bakal kelakone Qiyamat iku ana ngastane Allah piyambak. Ing tembe sira bakal bali padha sowan ana ngarsane Allah.

وَلَا يَمْلِكُ الَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهِ الشَّفَاعَةَ اِلَّا مَنْ شَهِدَ بِالْحَقِّ وَهُمْ يَعْلَمُوْنَ٨٦
Wa lā yamlikul-lażīna yad‘ūna min dūnihisy-syafā‘ata illā man syahida bil-ḥaqqi wa hum ya‘lamūn(a).
[86] Barang liyane Allah kang padha disembah dening wong kafir ora duwe syafa'at, ora wenang nyuwunake pikoleh tumrap marang liyane. Kajaba kang ngucap, "Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah" sarta nganggep lan weruh surasane.

وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَهُمْ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ فَاَنّٰى يُؤْفَكُوْنَۙ٨٧
Wa la'in sa'altahum man khalaqahum layaqūlunnallāhu fa annā yu'fakūn(a).
[87] Menawa sira takon marang wong mangro tingal, "Sapa kang gawe kowe kabeh lan barahala - barahal mau?" Mesthi padha mangsuli, "Ingkang damel inggih Allah". Sawise kondha mangkono kapriye anggone selak anggone nyembah Allah?

وَقِيْلِهٖ يٰرَبِّ اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ قَوْمٌ لَّا يُؤْمِنُوْنَۘ٨٨
Wa qīlihī yā rabbi inna hā'ulā'i qaumul lā yu'minūn(a).
[88] Lan maneh Allah nguningani hunjuke Muhammad, "Dhuh Pangeran kawula. tiyang kagir punika sami boten pitados ing Paduka".

فَاصْفَحْ عَنْهُمْ وَقُلْ سَلٰمٌۗ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ ࣖ٨٩
Faṣfaḥ ‘anhum wa qul salām(un), fa saufa ya‘lamūn(a).
[89] Dhawuhing Allah, "(Muhammad) sira mung malengosa marang wong kafir mau, Lan ngucapa, "Aku dhasar selamet". Ing tembe wong kafir bakal padha weruh kadadeyane awake".