Surah Fussilat

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1] Haa miiim.

تَنْزِيْلٌ مِّنَ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ ۚ٢
Tanzīlum minar-raḥmānir-raḥīm(i).
[2] Al-Quran iki diturunake saka ngarsane Allah kang Maha murah tur Maha Asih.

كِتٰبٌ فُصِّلَتْ اٰيٰتُهٗ قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا لِّقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَۙ٣
Kitābun fuṣṣilat āyātuhū qur'ānan ‘arabiyyal liqaumiy ya‘lamūn(a).
[3] Al-Quran iki nganggo tembung Arab, hiya iku kitab kang ayate diwijang - wijang tumrap wong kang padha weruh.

بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًاۚ فَاَعْرَضَ اَكْثَرُهُمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُوْنَ٤
Basyīraw wa nażīrā(n), fa'a‘raḍa akṡaruhum fahum lā yasma‘ūn(a).
[4] Surasane al-Quran hambungahake marang wong kang bekti serta ngelingake wong kang duraka. Wong kafir kang akeh padha malengos, mulane padha ora ketaman surasane al-Quran.

وَقَالُوْا قُلُوْبُنَا فِيْٓ اَكِنَّةٍ مِّمَّا تَدْعُوْنَآ اِلَيْهِ وَفِيْٓ اٰذَانِنَا وَقْرٌ وَّمِنْۢ بَيْنِنَا وَبَيْنِكَ حِجَابٌ فَاعْمَلْ اِنَّنَا عٰمِلُوْنَ٥
Wa qālū qulūbunā fī akinnatim mimmā tad‘ūnā ilaihi wa fī āżāninā waqruw wa mim baininā wa bainika ḥijābun fa‘mal innanā ‘āmilūn(a).
[5] Wong kafir padha matur, "Ing manah kula wonten tutupipun tumrap puyambak ingkang dipun dhawuhaken dhateng kula punika sarta kupng kula punika awerat. Mekaten malih antawisipun kita punika wonten haling - haling. Mila prayoginipun sampyan nglampahana pandamel piyambak, kulaugi nglampahi pandamel piyambak".

قُلْ اِنَّمَآ اَنَا۟ بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ يُوْحٰىٓ اِلَيَّ اَنَّمَآ اِلٰهُكُمْ اِلٰهٌ وَّاحِدٌ فَاسْتَقِيْمُوْٓا اِلَيْهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ ۗوَوَيْلٌ لِّلْمُشْرِكِيْنَۙ٦
Qul innamā ana basyarum miṡlukum yūḥā ilayya annamā ilāhukum ilāhuw wāḥidun fastaqīmū ilaihi wastagfirūh(u), wa wailul lil-musyrikīn(a).
[6] (Muhammad) sira dhawuha, "Satemene aku iki manugsa padha bae karo kowe, nanging aku diparingi wahyu dening Allah, mratelakake yen pangeranmu mung siji mulane kowe padha madhepa ing Allah, lan nyuwuna pangapurane. Cilaka banget mangro-tingal mau".

الَّذِيْنَ لَا يُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ كٰفِرُوْنَ٧
Allażīna lā yu'tūnaz-zakāta wa hum bil-ākhirati hum kāfirūn(a).
[7] Kang padha ora gelem bayar zakat, sarta maido bakal anane dina Qiyamat.

اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ اَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُوْنٍ ࣖ٨
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum ajrun gairu mamnūn(in).
[8] Dene sapa wonge percaya ing Allah sarta padha ngelakoni panggawe becik padha diparingi ganjaran kang langgeng tanpa pedhot.

۞ قُلْ اَىِٕنَّكُمْ لَتَكْفُرُوْنَ بِالَّذِيْ خَلَقَ الْاَرْضَ فِيْ يَوْمَيْنِ وَتَجْعَلُوْنَ لَهٗٓ اَنْدَادًا ۗذٰلِكَ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۚ٩
Qul a'innakum latakfurūna bil-lażī khalaqal-arḍa fī yaumaini wa taj‘alūna lahū andādā(n), żālika rabbul-‘ālamīn(a).
[9] (Muhammad) dhawuha, "Apa kowe maido ing Allah kang wis gawe bumi iki mung rong mongsa wae rampung. Kowe padha ngedegake brahala kok anggo timbangane Allah. Dene Allah iku Pangerane alam kabeh".

وَجَعَلَ فِيْهَا رَوَاسِيَ مِنْ فَوْقِهَا وَبٰرَكَ فِيْهَا وَقَدَّرَ فِيْهَآ اَقْوَاتَهَا فِيْٓ اَرْبَعَةِ اَيَّامٍۗ سَوَاۤءً لِّلسَّاۤىِٕلِيْنَ١٠
Wa ja‘ala fīhā rawāsiya min fauqihā wa bāraka fīhā wa qaddara fīhā aqwātahā fī arba‘ati ayyām(in), sawā'al lis-sā'ilīn(a).
[10] Allah andokokake gunung pirang - pirang ana ing dhuwuring bumi, lan ambarkahi bumi, diakehake banyune, kewane lan thetukulane, ngedum wulu pametuning bumi marang manungsa lan hewan tekan ganepe 4 mangsa. Wangsulan iki padha wae tumrap wong kang padha takon (kadadeyane bumi).

ثُمَّ اسْتَوٰىٓ اِلَى السَّمَاۤءِ وَهِيَ دُخَانٌ فَقَالَ لَهَا وَلِلْاَرْضِ ائْتِيَا طَوْعًا اَوْ كَرْهًاۗ قَالَتَآ اَتَيْنَا طَاۤىِٕعِيْنَ١١
Ṡummastawā ilas-samā'i wa hiya dukhānun faqāla lahā wa lil-arḍi'tiyā ṭau‘an au karhā(n), qālatā atainā ṭā'i‘īn(a).
[11] Allah banjur yasa langit, kang dianggo kukusing banyu, bareng wis dadi, Allah dhawuh marang bumi langit, "Sira padha ngelakonono kang Ingsun parentahake kelawan miturut utawa peksan". Padha munjuk ing Allah, "Kula sendika ngelampahi kaliyan miturut".

فَقَضٰىهُنَّ سَبْعَ سَمٰوَاتٍ فِيْ يَوْمَيْنِ وَاَوْحٰى فِيْ كُلِّ سَمَاۤءٍ اَمْرَهَا ۗوَزَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيْحَۖ وَحِفْظًا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِ١٢
Fa qaḍāhunna sab‘a samāwātin fī yaumaini wa auḥā fī kulli samā'in amrahā, wa zayyannas-samā'ad-dun-yā bimaṣābīḥa wa ḥifẓā(n), żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[12] "Langit banjur digawe sap pitu ing dalem wong mongso rampung." Allah paring wahyu siji - sijining langit mau, para malaikat kang manggon ing kono padha ngabekti ing Allah. (Pangandikaning Allah), "Ingsun ngrenggo langit kelawan lintang pirang - pirang lan ngreksa, mangkono mau pepesthening Allah kang Maha Mulya tur nguningani samu barang".

فَاِنْ اَعْرَضُوْا فَقُلْ اَنْذَرْتُكُمْ صٰعِقَةً مِّثْلَ صٰعِقَةِ عَادٍ وَّثَمُوْدَ ۗ١٣
Fa in a‘raḍū faqul anżartukum ṣā‘iqatam miṡla ṣā‘iqati ‘ādiw wa ṡamūd(a).
[13] Sawise diterangake mangkene manawa wong kafir (Makkah) padha malengos banjur dhawuha, "Kowe padha wediya siksaning Allah kang padha numpes wong 'Aad lan Tsamud".

اِذْ جَاۤءَتْهُمُ الرُّسُلُ مِنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ اَلَّا تَعْبُدُوْٓا اِلَّا اللّٰهَ ۗقَالُوْا لَوْ شَاۤءَ رَبُّنَا لَاَنْزَلَ مَلٰۤىِٕكَةً فَاِنَّا بِمَآ اُرْسِلْتُمْ بِهٖ كٰفِرُوْنَ١٤
Iż jā'athumur-rusulu mim baini aidīhim wa min khalfihim allā ta‘budū illallāh(a), qālū lau syā'a rabbunā la'anzala malā'ikatan fa'innā bimā ursiltum bihī kāfirūn(a).
[14] Nalika katekan para Rasul saka ngarep lan buri dhawuhe, "Kowe aja nyembah apa - apa, kejaba Allah". Padha mangsuli, "Menawi makaten punika yektos parentahing Pangeran kula Allah tentu ngutus malaikat, sampyan ngaken utusaning Allah punika kula sami mahiben".

فَاَمَّا عَادٌ فَاسْتَكْبَرُوْا فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَقَالُوْا مَنْ اَشَدُّ مِنَّا قُوَّةً ۗ اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ الَّذِيْ خَلَقَهُمْ هُوَ اَشَدُّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۗ وَكَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ١٥
Fa ammā ‘ādun fastakbarū fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa qālū man asyaddu minnā quwwah(tan), awalam yarau annallāhal-lażī khalaqahum huwa asyaddu minhum quwwah(tan), wa kānū bi'āyātinā yajḥadūn(a).
[15] Wong 'Aad padha gumedhe ana bumi padha nglakoni ora bener. Pangucape, "Sapata kang gagah prakosane ngungkuli aku?". Dheweke ora padha handeleng yen Allah kang gawe awake mesthi Allah gagah prakosane ngungkuli tikel akeh, wong 'Aad mau bakal ora oleh pitulung.

فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا صَرْصَرًا فِيْٓ اَيَّامٍ نَّحِسَاتٍ لِّنُذِيْقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۗوَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَخْزٰى وَهُمْ لَا يُنْصَرُوْنَ١٦
Fa arsalnā ‘alaihim rīḥan ṣarṣaran fī ayyāmin naḥisātil linużīqahum-‘ażābal khizyi fil-ḥayātid-dun-yā, wa la‘ażābul-ākhirati akhzā wa hum lā yunṣarūn(a).
[16] Wong 'Aad banjur Ingsun tempuh ing angin kang adhem hanjekut, ing dina kang sangar supaya ngincipana siksa kang ngremehake ana ing donya. Dene siksane besuk ing akherat luwih abot maneh bakal ora oleh pitulung sapa - sapa.

وَاَمَّا ثَمُوْدُ فَهَدَيْنٰهُمْ فَاسْتَحَبُّوا الْعَمٰى عَلَى الْهُدٰى فَاَخَذَتْهُمْ صٰعِقَةُ الْعَذَابِ الْهُوْنِ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ ۚ١٧
Wa ammā ṡamūdu fa hadaināhum fastaḥabbul-‘amā ‘alal-hudā fa akhażathum ṣā‘iqatul-‘ażābil-hūni bimā kānū yaksibūn(a).
[17] Dene wong Tsamud, Ingsun paringi pituduh bener, nanging padha milih kafir nampik pituduh bener. Mulane banjur dipulung dening siksa kang ngremehake, marga saka lakune dhewe.

وَنَجَّيْنَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ ࣖ١٨
Wa najjainal-lażīna āmanū wa kānū yattaqūn(a).
[18] Para mukmin padha Ingsun paringi slamet dhewe lan pada bekti ing Allah.

وَيَوْمَ يُحْشَرُ اَعْدَاۤءُ اللّٰهِ اِلَى النَّارِ فَهُمْ يُوْزَعُوْنَ١٩
Wa yauma yuḥsyaru a‘dā'ullāhi ilan-nāri fahum yūza‘ūn(a).
[19] Sira nyeritakna Qiyamat nalika para saterune Allah padha digiring marang neraka, wong kafir mau padha digelandhang.

حَتّٰىٓ اِذَا مَا جَاۤءُوْهَا شَهِدَ عَلَيْهِمْ سَمْعُهُمْ وَاَبْصَارُهُمْ وَجُلُوْدُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٠
Ḥattā iżā mā jā'ūhā syahida ‘alaihim sam‘uhum wa abṣāruhum wa julūduhum bimā kānū ya‘malūn(a).
[20] Bareng wis tekan pinggir neraka, pangrungune lan pandhelenge, kulite, padha melehake anggone nglakoni dosa nalika ing donya.

وَقَالُوْا لِجُلُوْدِهِمْ لِمَ شَهِدْتُّمْ عَلَيْنَا ۗقَالُوْٓا اَنْطَقَنَا اللّٰهُ الَّذِيْٓ اَنْطَقَ كُلَّ شَيْءٍ وَّهُوَ خَلَقَكُمْ اَوَّلَ مَرَّةٍۙ وَّاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢١
Wa qālū lijulūdihim lima syahittum ‘alainā, qālū anṭaqanallāhul-lażī anṭaqa kulla syai'iw wa huwa khalaqakum awwala marrah(tin), wa ilaihi turja‘ūn(a).
[21] Wong kafir padha takon marang kulite, "Ya gene kowe padha milih dadi saksi anggonku nglakoni dosa?". Kulite padha mangsuli, "Allah kang gawe samu awak kuasa ngucapake samu barang uga kang gawe awakmu kuasa ngucapake samu barang. Allah iku kang gawe awakmu, kang kawitan biyen saiki kowe padha bali marang ngarsane Allah".

وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَتِرُوْنَ اَنْ يَّشْهَدَ عَلَيْكُمْ سَمْعُكُمْ وَلَآ اَبْصَارُكُمْ وَلَا جُلُوْدُكُمْ وَلٰكِنْ ظَنَنْتُمْ اَنَّ اللّٰهَ لَا يَعْلَمُ كَثِيْرًا مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ٢٢
Wa mā kuntum tastatirūna ay yasyhada ‘alaikum sam‘ukum wa lā abṣārukum wa lā julūdukum wa lākin ẓanantum annallāha lā ya‘lamu kaṡīram mimmā ta‘malūn(a).
[22] Sira kabeh ora nutupi anggonira nglakoni panggawe hala mesthi disekseni dening Pangeranira pandelengira lan kulitira, nanging sira duwe panyana yen Allah ora nguningani sampurna marang samu barang kang sira lakoni.

وَذٰلِكُمْ ظَنُّكُمُ الَّذِيْ ظَنَنْتُمْ بِرَبِّكُمْ اَرْدٰىكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ مِّنَ الْخٰسِرِيْنَ٢٣
Wa żālikum ẓannukumul-lażī ẓanantum birabbikum ardākum fa aṣbaḥtum minal-khāsirīn(a).
[23] Mangkono lugune panyananira ngira marang Pangeran dadekake kasusahanira, mulane sira dadi kapitunan.

فَاِنْ يَّصْبِرُوْا فَالنَّارُ مَثْوًى لَّهُمْ ۚوَاِنْ يَّسْتَعْتِبُوْا فَمَا هُمْ مِّنَ الْمُعْتَبِيْنَ٢٤
Fa iy yaṣbirū fan-nāru maṡwal lahum, wa iy yasta‘tibū famā hum minal-mu‘tabīn(a).
[24] Manawa wong kafir wis narima panggonane ing neraka, dene yen nyuwun pangapura ora oleh pangapura.

۞ وَقَيَّضْنَا لَهُمْ قُرَنَاۤءَ فَزَيَّنُوْا لَهُمْ مَّا بَيْنَ اَيْدِيْهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِيْٓ اُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِۚ اِنَّهُمْ كَانُوْا خٰسِرِيْنَ ࣖ٢٥
Wa qayyaḍnā lahum quranā'a fa zayyanū lahum mā baina aidīhim wa mā khalfahum wa ḥaqqa ‘alaihimul-qaulu fī umamin qad khalat min qablihim minal-jinni wal-ins(i), innahum kānū khāsirīn(a).
[25] Ingsun nyadiani konco pirang - pirang padha anggodha wong kafir. Dheweke mau banjur anggodha ngiming - imingi kabungahan kang ana ngarepe lan burine. Allah bakal nyiksa wong kafir mesthi nyata. Dheweke kalebu golongane ummat kuna, jin lan manungsa kang wis padha rusak kelawan siksa biyen, saktemene dheweke padha kapitunan.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَا تَسْمَعُوْا لِهٰذَا الْقُرْاٰنِ وَالْغَوْا فِيْهِ لَعَلَّكُمْ تَغْلِبُوْنَ٢٦
Wa qālal-lażīna kafarū lā tasma‘ū lihāżal-qur'āni walgau fīhi la‘allakum taglibūn(a).
[26] Wong kafir padha ngucap, "Aja padha anggugu unine al-Quran padhakna unine wong biasa wae, supaya kowe padha menang".

فَلَنُذِيْقَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا عَذَابًا شَدِيْدًاۙ وَّلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَسْوَاَ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٢٧
Fa lanużīqannal-lażīna kafarū ‘ażāban syadīdā(n), wa lanajziyannahum aswa'al-lażī kānū ya‘malūn(a).
[27] Para wong kafir bakal Ingsun weruhake rasane siksa kang abot, lan Ingsun patrapi patrapaning kaluputankang wis padha dilakoni kang hala dhewe.

ذٰلِكَ جَزَاۤءُ اَعْدَاۤءِ اللّٰهِ النَّارُ لَهُمْ فِيْهَا دَارُ الْخُلْدِ ۗجَزَاۤءً ۢبِمَا كَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يَجْحَدُوْنَ٢٨
Żālika jazā'u a‘dā'illāhin-nāru lahum fīhā dārul-khuld(i), jazā'am bimā kānū bi'āyātinā yajḥadūn(a).
[28] Kang mangkono wewales marang para satruning Allah kabeh padha dicemplungake neraka hiya iku panggonan siksa kang langgeng, tumanja wewales anggone maido ayatingsun.

وَقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا رَبَّنَآ اَرِنَا الَّذَيْنِ اَضَلّٰنَا مِنَ الْجِنِّ وَالْاِنْسِ نَجْعَلْهُمَا تَحْتَ اَقْدَامِنَا لِيَكُوْنَا مِنَ الْاَسْفَلِيْنَ٢٩
Wa qālal-lażīna kafarū rabbanā arinal-lażaini aḍallānā minal-jinni wal-insi naj‘alhumā taḥta aqdāminā liyakūnā minal-asfalīn(a).
[29] Para kafir padha munjuk ing Allah, "Pangeran kula, kawula mugi panjenengan sumerapaken Jin lan manungsa ingkang sami hanjlomprongaken kawula rumiyen, badhe kula enciki wonten sangadhepe suku kawula wonten neraka mriki, supados dados tiyang asor nandhang siksa langkung awerat".

اِنَّ الَّذِيْنَ قَالُوْا رَبُّنَا اللّٰهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوْا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ اَلَّا تَخَافُوْا وَلَا تَحْزَنُوْا وَاَبْشِرُوْا بِالْجَنَّةِ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ٣٠
Innal-lażīna qālū rabbunallāhu ṡummastaqāmū tatanazzalu ‘alaihimul-malā'ikatu allā takhāfū wa lā taḥzanū wa absyirū bil-jannatil-latī kuntum tū‘adūn(a).
[30] Sarupane wong mukmin kang padha ngucap, "Pangeranku Allah", sarta setiya tuhu anggone netepi kuwajibane. Wong mangkono mau bakal diweruhi Malaikat kanthi dhawuh, "Sampiyan sampun ajrih, sampn sedhih (nilar karemenan wonten donya). Sampyan bingah badhe mlebet suarga ingkang sampun dipun prasetyaaken dening Allah".

نَحْنُ اَوْلِيَاۤؤُكُمْ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِ ۚوَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَشْتَهِيْٓ اَنْفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيْهَا مَا تَدَّعُوْنَ ۗ٣١
Naḥnu auliyā'ukum fil-ḥayātid-dun-yā wa fil-ākhirah(ti), wa lakum fīhā mā tasytahī anfusukum wa lakum fīhā mā tadda‘ūn(a).
[31] Kula mitra sampyan wiwit wonten donya lestantun ing akherat. Wonten akherat badhe kadumugen samu kawis ingkang sampyan pengini sarta samukawis ingkang sampeyan kersakaken (mesthi boten kuciwa).

نُزُلًا مِّنْ غَفُوْرٍ رَّحِيْمٍ ࣖ٣٢
Nuzulam min gafūrir raḥīm(in).
[32] Sadaya punika paparingipun Pangeran ingkang sifat ngapura tur Maha Asih.

وَمَنْ اَحْسَنُ قَوْلًا مِّمَّنْ دَعَآ اِلَى اللّٰهِ وَعَمِلَ صَالِحًا وَّقَالَ اِنَّنِيْ مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ٣٣
Wa man aḥsanu qaulam mimman da‘ā ilallāhi wa ‘amila ṣāliḥaw wa qāla innanī minal-muslimīn(a).
[33] Ora ana wong kang luwih becik pangucape ngungkuli wong kang celuk - celuk nyembah ing Allah, sarta ngelakoni panggawe becik. Pangucape, "Aku hewone wong Islam".

وَلَا تَسْتَوِى الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُ ۗاِدْفَعْ بِالَّتِيْ هِيَ اَحْسَنُ فَاِذَا الَّذِيْ بَيْنَكَ وَبَيْنَهٗ عَدَاوَةٌ كَاَنَّهٗ وَلِيٌّ حَمِيْمٌ٣٤
Wa lā tastawil-ḥasanatu wa las-sayyi'ah(tu), idfa‘ bil-latī hiya aḥsanu fa'iżal-lażī bainaka wa bainahū ‘adāwatun ka'annahū waliyyun ḥamīm(un).
[34] Hala lan becik ora padha mesthi ana andha usuke. Sira nampika barang kang hala miliha kang luwih becik. Nanging terkadang ana satrunira iku banget kaya sedulur sinarawedi.

وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا الَّذِيْنَ صَبَرُوْاۚ وَمَا يُلَقّٰىهَآ اِلَّا ذُوْ حَظٍّ عَظِيْمٍ٣٥
Wa mā yulaqqāhā illal-lażīna ṣabarū, wa mā yulaqqāhā illā żū ḥaẓẓin ‘aẓīm(in).
[35] Ora ana wong bisa nampik barang kang hala milih kang luwih becik, kajaba wong kang padha shabar tetek atine, lan ora ana bisa mangkono mau kajaba wong kang duwe pulung munggahing suwarga kang agung.

وَاِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطٰنِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٣٦
Wa immā yanzagannaka minasy-syaiṭāni nazgun fasta‘iż billāh(i), innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[36] Manawa syetan ing sira ngajak ngelerokake pitutur murih nampik kang becik sira nyuwuna pangayoman lan nyuwuna pitulungane Allah.

وَمِنْ اٰيٰتِهِ الَّيْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُۗ لَا تَسْجُدُوْا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَاسْجُدُوْا لِلّٰهِ الَّذِيْ خَلَقَهُنَّ اِنْ كُنْتُمْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ٣٧
Wa min āyātihil-lailu wan-nahāru wasy-syamsu wal-qamar(u), lā tasjudū lisy-syamsi wa lā lil-qamari wasjudū lillāhil-lażī khalaqahunna in kuntum iyyāhu ta‘budūn(a).
[37] Rina lan wengi, apadene srengenge lan rembulan iku kalebu ayat tandha - tandhane panguasane Allah. Sira aja padha sujud marang srengenge utawa rembulan, nanging padha sujuda ing Allah kang gawe srengenge lan rembulan mau. Manawa sira mligi nyembah marang panjenengane dhewe.

فَاِنِ اسْتَكْبَرُوْا فَالَّذِيْنَ عِنْدَ رَبِّكَ يُسَبِّحُوْنَ لَهٗ بِالَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَهُمْ لَا يَسْـَٔمُوْنَ ۩٣٨
Fa inistakbarū fal-lażīna ‘inda rabbika yusabbiḥūna lahū bil-laili wan-nahāri wa hum lā yas'amūn(a).
[38] Manawa manungsa padha gumedhe (ora gelem sujud ing Allah) ora dadi apa, awit para malaikat kang ana ngarsaning Allah pangeranira, padha nyebut Maha Suci ing Allah wayah rina wengi tanpa kendhat.

وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنَّكَ تَرَى الْاَرْضَ خَاشِعَةً فَاِذَآ اَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاۤءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْۗ اِنَّ الَّذِيْٓ اَحْيَاهَا لَمُحْيِ الْمَوْتٰى ۗاِنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ٣٩
Wa min āyātihī annaka taral-arḍa khāsyi‘atan fa iżā anzalnā ‘alaihal-mā'ahtazzat wa rabat, innal-lażī aḥyāhā lamuḥyil-mautā, innahū ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[39] Lan ana maneh kang kalebu ayating Allah, hiya iku sira handeleng bumi kang garing, bareng Ingsun turuni banyu udan banjur obah lan subur. Pangeran kang wis nguripake bumi mangkono mau mesthi kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Satemene Allah iku nguasani samu barang.

اِنَّ الَّذِيْنَ يُلْحِدُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِنَا لَا يَخْفَوْنَ عَلَيْنَاۗ اَفَمَنْ يُّلْقٰى فِى النَّارِ خَيْرٌ اَمْ مَّنْ يَّأْتِيْٓ اٰمِنًا يَّوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗاِعْمَلُوْا مَا شِئْتُمْ ۙاِنَّهٗ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرٌ٤٠
Innal-lażīna yulḥidūna fī āyātinā lā yakhfauna ‘alainā, afamay yulqā fin-nāri khairun am may ya'tī āminay yaumal-qiyāmah(ti), i‘malū mā syi'tum, innahū bimā ta‘malūna baṣīr(un).
[40] Sarupane wong kang padha maido ayatingsun, ora pisan kasamaran mesthi Ingsun wales sapatute. Wong kang dicemplungake ing neraka, becik endi karo wong kang slamet besuk Qiyamat. Sarehne wis Ingsun terangake mulane manungsa padha nglakonana sakarepe. Satemene Allah iku miyarsani samu barang kang padha sira lakoni.

اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِالذِّكْرِ لَمَّا جَاۤءَهُمْ ۗوَاِنَّهٗ لَكِتٰبٌ عَزِيْزٌ ۙ٤١
Innal-lażīna kafarū biż-żikri lammā jā'ahum, wa innahū lakitābun ‘azīz(un).
[41] Sarupane wong kang katekan al-Quran banjur maido, bakal langsung patrapi siksa. Awit iku kitab kang mulya.

لَّا يَأْتِيْهِ الْبَاطِلُ مِنْۢ بَيْنِ يَدَيْهِ وَلَا مِنْ خَلْفِهٖ ۗتَنْزِيْلٌ مِّنْ حَكِيْمٍ حَمِيْدٍ٤٢
Lā ya'tīhil-bāṭilu mim baini yadaihi wa lā min khalfih(ī), tanzīlum min ḥakīmin ḥamīd(in).
[42] Durung tahu ana kitab kang memeca anggorohake al-Quran saka buri (sak durunge) utawa saka ngarep (sak wise) al-Quran iki tinurunake saka ngarsaning Pangeran kang wicaksana, pantes pinuji.

مَا يُقَالُ لَكَ اِلَّا مَا قَدْ قِيْلَ لِلرُّسُلِ مِنْ قَبْلِكَ ۗاِنَّ رَبَّكَ لَذُوْ مَغْفِرَةٍ وَّذُوْ عِقَابٍ اَلِيْمٍ٤٣
Mā yuqālu laka illā mā qad qīla lir-rusuli min qablik(a), inna rabbaka lażū magfiratiw wa żū ‘iqābin alīm(in).
[43] (Muhammad) Samu barang kang tinakokake marang sira mesthi wis tahu ditakokake marang para Rasul sadurunge. Saemene Allah Pangeranira iku ngapura kaluputane para wong mukmin, lan niksa wong kafir kelawan siksa kang nglarani.

وَلَوْ جَعَلْنٰهُ قُرْاٰنًا اَعْجَمِيًّا لَّقَالُوْا لَوْلَا فُصِّلَتْ اٰيٰتُهٗ ۗ ءَاَ۬عْجَمِيٌّ وَّعَرَبِيٌّ ۗ قُلْ هُوَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا هُدًى وَّشِفَاۤءٌ ۗوَالَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ فِيْٓ اٰذَانِهِمْ وَقْرٌ وَّهُوَ عَلَيْهِمْ عَمًىۗ اُولٰۤىِٕكَ يُنَادَوْنَ مِنْ مَّكَانٍۢ بَعِيْدٍ ࣖ٤٤
Wa lau ja‘alnāhu qur'ānan a‘jamiyyal laqālū lau lā fuṣṣilat āyātuh(ū), a'a‘jamiyyuw wa ‘arabiyy(un), qul huwa lil-lażīna āmanū hudaw wa syifā'(un), wal-lażīna lā yu'minūna fī āżānihim waqruw wa huwa ‘alaihim ‘amā(n), ulā'ika yunādauna mim makānim ba‘īd(in).
[44] Upama al-Quran iki Ingsun gawe tembung 'ajam (dudu tembung Arab) wong kafri mesthi celathu, "Ya gene al-Quran iku teka ora diterangake tembunge, Ya gene nabi Arab teka anggelarake al-Quran dudu tembung Arab". (Muhammad) sira dhawuha, "al-QUran iku tumrap wong mukmin pituduh kang bener lan dadi tambaning lara. Wong kang ora ngandle al-Qiran kupinge abot (bunthet wonten sumbatane). Al-Quran tumrap wong kafir prasasat pepeteng, koyo diundang saka panggonan kang adoh ora krungu lan ora weruh".

وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَاخْتُلِفَ فِيْهِ ۗوَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۗوَاِنَّهُمْ لَفِيْ شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيْبٍ٤٥
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba fakhtulifa fīh(i), wa lau lā kalimatun sabaqat mir rabbika laquḍiya bainahum, wa innahum lafī syakkim minhu murīb(in).
[45] Ingsun temen wis paring Kitab Taurat marang Musa para ummate banjur padha sulaya ana kang ngandle lan maido ora beda al-Quran iki. Upama aja ana pangandikaning Allah Pangeranira kang surasane Allah bakal anyaritakake siksa. Wong Bani Israil mesthi wis dirampungi perkarane ana donya. Satemene wong Bani Israi padha mamang sumelang marang kitab Taurat.

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهٖ ۙوَمَنْ اَسَاۤءَ فَعَلَيْهَا ۗوَمَا رَبُّكَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيْدِ ۔٤٦
Man ‘amila ṣāliḥan fa linafsih(ī), wa man asā'a fa ‘alaihā, wa mā rabbuka biẓallāmil lil-‘abīd(i).
[46] Sapa ngelakoni panggawe becik ganjarane bakal ditampani dhewe, dene sing sapa ngelakoni apnggawe hala, patrapane hiya bakal disonggo dhewe. Allah Pangeranira ora pisan nganiaya marang kawulane.

۞ اِلَيْهِ يُرَدُّ عِلْمُ السَّاعَةِ ۗوَمَا تَخْرُجُ مِنْ ثَمَرٰتٍ مِّنْ اَكْمَامِهَا وَمَا تَحْمِلُ مِنْ اُنْثٰى وَلَا تَضَعُ اِلَّا بِعِلْمِهٖ ۗوَيَوْمَ يُنَادِيْهِمْ اَيْنَ شُرَكَاۤءِيْۙ قَالُوْٓا اٰذَنّٰكَ مَا مِنَّا مِنْ شَهِيْدٍ ۚ٤٧
Ilaihi yuraddu ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa mā takhruju min ṡamarātim min akmāmihā wa mā taḥmilu min unṡā wa lā taḍa‘u illā bi‘ilmih(ī), wa yauma yunādīhim aina syurakā'ī, qālū āżannāka mā minnā min syahīd(in).
[47] Kaweruh bakal kelakone dina Qiyamat disumanggakake ing Allah, mangkono maneh paparinging woh - wohan saka ing kembange lan enggal lawase wenangane wong wadon apa dene dina lahiring bayi, iku kabeh Allah musthi nguningani. Besuk Qiyamat Allah ndangu marang wong mangro tingal, "Hendi rupane brahala kang jarene dadi titimbanganmu?" padha mangsuli, "Kawula sadaya mboten sami mestani bilih Paduka punika wonten ingkan nimbangi".

وَضَلَّ عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَدْعُوْنَ مِنْ قَبْلُ وَظَنُّوْا مَا لَهُمْ مِّنْ مَّحِيْصٍ٤٨
Wa ḍalla ‘anhum mā kānū yad‘ūna min qablu wa ẓannū mā lahum mim maḥīṣ(in).
[48] Sarupane brahala kang padha disembah dening wong kafir biyen padha ora ana ing kono, wong kafir padha rumongso ora ana maneh dalan metu.

لَا يَسْـَٔمُ الْاِنْسَانُ مِنْ دُعَاۤءِ الْخَيْرِۖ وَاِنْ مَّسَّهُ الشَّرُّ فَيَـُٔوْسٌ قَنُوْطٌ٤٩
Lā yas'amul-insānu min du‘ā'il-khair(i), wa im massahusy-syarru fa ya'ūsun qanūṭ(un).
[49] Para manungsa tansah nyuwun kabegjan menawa kambuh ing reribed, banjur sirna pangarep - arepe marang asihe Allah.

وَلَىِٕنْ اَذَقْنٰهُ رَحْمَةً مِّنَّا مِنْۢ بَعْدِ ضَرَّاۤءَ مَسَّتْهُ لَيَقُوْلَنَّ هٰذَا لِيْۙ وَمَآ اَظُنُّ السَّاعَةَ قَاۤىِٕمَةًۙ وَّلَىِٕنْ رُّجِعْتُ اِلٰى رَبِّيْٓ اِنَّ لِيْ عِنْدَهٗ لَلْحُسْنٰىۚ فَلَنُنَبِّئَنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِمَا عَمِلُوْاۖ وَلَنُذِيْقَنَّهُمْ مِّنْ عَذَابٍ غَلِيْظٍ٥٠
Wa la'in ażaqnāhu raḥmatam minnā mim ba‘di ḍarrā'a massathu layaqūlunna hāżā lī, wa mā aẓunnus-sā‘ata qā'imah(tan), wa la'ir ruji‘tu ilā rabbī inna lī ‘indahū lal-ḥusnā, fa lanunabbi'annal-lażīna kafarū bimā ‘amilū, wa lanużīqannahum min ‘ażābin galīẓ(in).
[50] Manungsa iku manawa mentas nandhang sangsara banjur Ingsun paringi weruh rasaning kabegjan banjur padha ngucap iki wis benere duwekku. Aku ora ngandel yen dina Qiyamat bakal kelakon, manawa aku dihimpun marang ngarsane mesthi mung becik. (Pangandikaning Allah) Para wong kafir bakal Ingsun weleh - welehake anggone padha nglakoni hala ana ing donya, lan bakal Ingsun paringi weruh rasaning siksa kang abot.

وَاِذَآ اَنْعَمْنَا عَلَى الْاِنْسَانِ اَعْرَضَ وَنَاٰ بِجَانِبِهٖۚ وَاِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ فَذُوْ دُعَاۤءٍ عَرِيْضٍ٥١
Wa iżā an‘amnā ‘alal-insāni a‘raḍa wa na'ā bijānibih(ī), wa iżā massahusy-syarru fażū du‘ā'in ‘arīḍ(in).
[51] Nalika Ingsun paring kabungahan marang manungsa, ora gedhe panarimane, malah ora syukur mung gumedhe. Kabungahan mau diaku duweke dhewe. Dene manawa kambuh reribed banjur nyenyuwun ing Allah kelawan akeh - akeh.

قُلْ اَرَءَيْتُمْ اِنْ كَانَ مِنْ عِنْدِ اللّٰهِ ثُمَّ كَفَرْتُمْ بِهٖ مَنْ اَضَلُّ مِمَّنْ هُوَ فِيْ شِقَاقٍۢ بَعِيْدٍ٥٢
Qul ara'aitum in kāna min ‘indillāhi ṡumma kafartum bihī man aḍallu mimman huwa fī syiqāqim ba‘īd(in).
[52] (Muhammad) dhawuha, "Padha pikiren manawa al-Quran iku temen terang saka ngarsane ALlah kangmongka kowe padha maido al-Quran, "Sapa kang luwih kesasar tinimbang kowe? Awit kalebu nyulayani banget marang bener"".

سَنُرِيْهِمْ اٰيٰتِنَا فِى الْاٰفَاقِ وَفِيْٓ اَنْفُسِهِمْ حَتّٰى يَتَبَيَّنَ لَهُمْ اَنَّهُ الْحَقُّۗ اَوَلَمْ يَكْفِ بِرَبِّكَ اَنَّهٗ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدٌ٥٣
Sanurīhim āyātinā fil-āfāqi wa fī anfusihim ḥattā yatabayyana lahum annahul-ḥaqq(u), awalam yakfi birabbika annahū ‘alā kulli syai'in syahīd(un).
[53] Ingsun bakal nuntunake marang wong kafir, ayatingsun pirang - pirang kang ana salumahing bumi lan kang ana ing awake dhewe nganti terang gamblang yen al-Quran temen saka Allah. Mungguh Pangeranira anggone mirsani samu barang iku wae apa ora wis cukup kanggo tondho.

اَلَآ اِنَّهُمْ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْ لِّقَاۤءِ رَبِّهِمْ ۗ اَلَآ اِنَّهٗ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيْطٌ ࣖ٥٤
Alā innahum fī miryatim mil liqā'i rabbihim, alā innahū bikulli syai'im muḥīṭ(un).
[54] Wong kafir banget anggone mamang yen ing tembe bakal disowanake ana ngarsane Allah Pangerane. Kaweruhing Allah nglimputi samubarang.