Surah Al-Mu’min
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
حٰمۤ ۚ١
Ḥā mīm.
[1]
Haa Miim.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِۙ٢
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-‘alīm(i).
[2]
Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulia tur nguningani samu barang.
غَافِرِ الذَّنْۢبِ وَقَابِلِ التَّوْبِ شَدِيْدِ الْعِقَابِ ذِى الطَّوْلِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۗاِلَيْهِ الْمَصِيْرُ٣
Gāfiriż-żambi wa qābilit-taubi syadīdil-‘iqābi żiṭ-ṭaul(i), lā ilāha illā huw(a), ilaihil-maṣīr(u).
[3]
Kang kuasa ngapura dosa lan narima tobat, tur kang siksane abot. Kang kagungan kasugihan tur kepareng paring kabungahan warna - warna. Ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah piyambak. Samu barang iki ing tembe padha bali marang ngarsane Allah.
مَا يُجَادِلُ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ اِلَّا الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَلَا يَغْرُرْكَ تَقَلُّبُهُمْ فِى الْبِلَادِ٤
Mā yujādilu fī āyātillāhi illal-lażīna kafarū falā yagrurka taqallubuhum fil-bilād(i).
[4]
Ora ana kang madoni al-Quran kajaba wong kafir, mulane sira aja kalorob anggone lunga-teka (bebas) saka kutho siji marang kutho liyane.
كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوْحٍ وَّالْاَحْزَابُ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۖوَهَمَّتْ كُلُّ اُمَّةٍۢ بِرَسُوْلِهِمْ لِيَأْخُذُوْهُ وَجَادَلُوْا بِالْبَاطِلِ لِيُدْحِضُوْا بِهِ الْحَقَّ فَاَخَذْتُهُمْ ۗفَكَيْفَ كَانَ عِقَابِ٥
Każżabat qablahum qaumu nūḥiw wal-aḥzābu mim ba‘dihim, wa hammat kullu ummatim birasūlihim liya'khużūhu wa jādalū bil-bāṭili liyudḥiḍū bihil-ḥaqqa fa'akhażtuhum, fa kaifa kāna ‘iqāb(i).
[5]
Sakdurunge dheweke, para ummate Nuh lan para kumpulan sawuse padha maido marang Rosule, siji - sijining ummat mahu padha madoni kelawan nasar murih sirnane agama kang bener. Wusana ummat mau padha Ingsun tumpes. Mara sira pikira kapriye kahanane siksaningsun.
وَكَذٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اَنَّهُمْ اَصْحٰبُ النَّارِۘ٦
Wa każālika ḥaqqat kalimatu rabbika ‘alal-lażīna kafarū annahum aṣḥābun-nār(i).
[6]
Wis mangkono Pangandikane Allah Pangeranira, nemtokake saruane wong kafir padha dadi hisining neraka.
اَلَّذِيْنَ يَحْمِلُوْنَ الْعَرْشَ وَمَنْ حَوْلَهٗ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيُؤْمِنُوْنَ بِهٖ وَيَسْتَغْفِرُوْنَ لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْاۚ رَبَّنَا وَسِعْتَ كُلَّ شَيْءٍ رَّحْمَةً وَّعِلْمًا فَاغْفِرْ لِلَّذِيْنَ تَابُوْا وَاتَّبَعُوْا سَبِيْلَكَ وَقِهِمْ عَذَابَ الْجَحِيْمِ٧
Allażīna yaḥmilūnal-‘arsya wa man ḥaulahū yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim wa yu'minūna bihī wa yastagfirūna lil-lażīna āmanū, rabbanā wasi‘ta kulla syai'ir raḥmataw wa ‘ilman fagfir lil-lażīna tābū wattaba‘ū sabīlaka wa qihim ‘ażābal-jaḥīm(i).
[7]
(Malaikat) kang padha mikul 'Arsy lan kang padha baris ana kiwa tengene padha nyebut Maha Suci memuji ing Allah Pangerane, padha setiya tuhu ing Allah, sarta padha nyuwunake pangapura kaluputane wong kang padha percaya Allah tembunge, "Pangeran kawula pangawikan saha ramat paduka langkung jembar maradini samu kawis. Paduka mugi ngapuraha kaleparanipun para kawula ingkang sami tobat, sarta sami manut margi panjenengan (agama Islam).Mugi kareksa saking siksa neraka Jahim".
رَبَّنَا وَاَدْخِلْهُمْ جَنّٰتِ عَدْنِ ِۨالَّتِيْ وَعَدْتَّهُمْ وَمَنْ صَلَحَ مِنْ اٰبَاۤىِٕهِمْ وَاَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيّٰتِهِمْ ۗاِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُۙ٨
Rabbanā wa adkhilhum jannāti ‘adninil-latī wa‘attahum wa man ṣalaḥa min ābā'ihim wa azwājihim wa żurriyyātihim, innaka antal ‘azīzul-ḥakīm(u).
[8]
"Pangeran, kawula para Mukmin sadaya dalah para leluhuripun bojonipun para turunipun ingkang alampah sahe, mugi paduka parengaken mlebet suwarga. Ingkang sampun Paduka prasetyakaken badhe kaparingaken dhumateng kula sadaya. Paduka punika Maha mulya tur wicaksana".
وَقِهِمُ السَّيِّاٰتِۗ وَمَنْ تَقِ السَّيِّاٰتِ يَوْمَىِٕذٍ فَقَدْ رَحِمْتَهٗ ۗوَذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ ࣖ٩
Wa qihimus-sayyi'āt(i), wa man taqis-sayyi'āti yauma'iżin faqad raḥimtah(ū), wa żālika huwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[9]
Para luhuripun, turunipun, bojonipun para mukmin mugi paduka reksa sampun ngantos kenging patrapipun tiyang nglampahi awon. Patrapan dinten punika sinten ngatos - ngatos boten nglampahi pihawon, temtu angsal sih paduka. Makaten punika nama kabegjan ageng.
اِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا يُنَادَوْنَ لَمَقْتُ اللّٰهِ اَكْبَرُ مِنْ مَّقْتِكُمْ اَنْفُسَكُمْ اِذْ تُدْعَوْنَ اِلَى الْاِيْمَانِ فَتَكْفُرُوْنَ١٠
Innal-lażīna kafarū yunādauna lamaqtullāhi akbaru mim maqtikum anfusakum iż tad‘ūna ilal-īmāni fatakfurūn(a).
[10]
Sarupane wong kafir padha didhawuhi mangkene: "Siksaning Allah marang kowe luwih abot tinimbang anggonmu nyiksa marang awakmu dhewe. Awit biyen kowe didhawuhi percaya ing Allah nanging padha maido".
قَالُوْا رَبَّنَآ اَمَتَّنَا اثْنَتَيْنِ وَاَحْيَيْتَنَا اثْنَتَيْنِ فَاعْتَرَفْنَا بِذُنُوْبِنَا فَهَلْ اِلٰى خُرُوْجٍ مِّنْ سَبِيْلٍ١١
Qālū rabbanā amattanaṡnataini wa aḥyaitanaṡnataini fa‘tarafnā biżunūbinā fa hal ilā khurūjim min sabīl(in).
[11]
Wong kafir matur, "Pangeran, kawula punika paduka pejahi rambah kaping kalih, sarta panjenengan gesangaken ugi kaping kalih. Sapunika kula ngakeni kalepatan kawula sadaya. Punapa kepareng sakpunika nyuwun medal saking neraka. Lajeng wangsul dhateng donya".
ذٰلِكُمْ بِاَنَّهٗٓ اِذَا دُعِيَ اللّٰهُ وَحْدَهٗ كَفَرْتُمْۚ وَاِنْ يُّشْرَكْ بِهٖ تُؤْمِنُوْا ۗفَالْحُكْمُ لِلّٰهِ الْعَلِيِّ الْكَبِيْرِ١٢
Żālikum bi'annahū iżā du‘iyallāhu waḥdahū kafartum, wa iy yusyrak bihī tu'minū, fal-ḥukmu lillāhil-‘aliyyil-kabīr(i).
[12]
Anane siksa mangkono mahu marga manawa Allah piyambak disebut tanpa nyebut brahala, sira padha maido. Nanging manawa anggone nyebut Allah mau dibarengi nyebut brahala sira padha percaya. Dene hukum siksa iku ana panguasane Allah kang Maha Luhur tur Maha Agung.
هُوَ الَّذِيْ يُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖ وَيُنَزِّلُ لَكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ رِزْقًا ۗوَمَا يَتَذَكَّرُ اِلَّا مَنْ يُّنِيْبُ١٣
Huwal-lażī yurīkum āyātihī wa yunazzilu lakum minas-samā'i rizqā(n), wa mā yatażakkaru illā may yunīb(u).
[13]
Allah kang nuntun sira marang tandha yekti pirang - pirang. Sarta nurunake rizki saka langit. Dene kang ngestokake pitutur iki kajaba wong - wong kang padha bali (marang Allah).
فَادْعُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكٰفِرُوْنَ١٤
Fad‘ullāha mukhliṣīna lahud-dīna wa lau karihal-kāfirūn(a).
[14]
Mula sira padha nyembaha Allah kalawan suci murni ngawula marang Panjenengane, sanadiyan wong kafir padha gething.
رَفِيْعُ الدَّرَجٰتِ ذُو الْعَرْشِۚ يُلْقِى الرُّوْحَ مِنْ اَمْرِهٖ عَلٰى مَنْ يَّشَاۤءُ مِنْ عِبَادِهٖ لِيُنْذِرَ يَوْمَ التَّلَاقِۙ١٥
Rafī‘ud-darajāti żul-‘arsy(i), yulqir-rūḥa min amrihī ‘alā may yasyā'u min ‘ibādihī liyunżira yaumat-talāq(i).
[15]
Allah iku kang junjung derajat wong mukmin ana suwarga tur kang yasa 'Ars, kang ngutus Jibril kanthi ngasta dhawuhe (pangandikane Allah) marang kawulane kang dadi parenging kersane, supaya ngelingake marang manungsa bakal kelakone Qiyamat.
يَوْمَ هُمْ بٰرِزُوْنَ ۚ لَا يَخْفٰى عَلَى اللّٰهِ مِنْهُمْ شَيْءٌ ۗلِمَنِ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ۗ لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ١٦
Yauma hum bārizūn(a), lā yakhfā ‘alallāhi minhum syai'(un), limanil-mulkul-yaum(a), lillāhil-wāḥidil-qahhār(i).
[16]
Hiya iku dina nalikane wong kang wis mati padha tangi saka kubure. Ing kono Allah ora kasamaran sethithik - thithika marang wong kang padha tangi saka kubur mau. Ing dina iku kang nguwasani (jumeneng - marintah) mung Allah kang Esa lan Masesa.
اَلْيَوْمَ تُجْزٰى كُلُّ نَفْسٍۢ بِمَا كَسَبَتْ ۗ لَا ظُلْمَ الْيَوْمَ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَرِيْعُ الْحِسَابِ١٧
Al-yauma tujzā kullu nafsim bimā kasabat, lā ẓulmal-yaum(a), innallāha sarī‘ul-ḥisāb(i).
[17]
Ing dina iku sarupane wong padha diwales miturut kang wis dilakoni nalika ing donya. Ora ana wong kang kinaniaya. Satemene Allah rikat panimbange.
وَاَنْذِرْهُمْ يَوْمَ الْاٰزِفَةِ اِذِ الْقُلُوْبُ لَدَى الْحَنَاجِرِ كٰظِمِيْنَ ەۗ مَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ حَمِيْمٍ وَّلَا شَفِيْعٍ يُّطَاعُۗ١٨
Wa anżirhum yaumal-āzifati iżil-qulūbu ladal-ḥanājiri kāẓimīn(a), mā liẓ-ẓālimīna min ḥamīmiw wa lā syafī‘iy yuṭā‘(u).
[18]
Manungsa padha sira elinga dina Qiyamat, nalika atine manjuluk tekan gulu saking weine, sakehing wong padha nekem gulune. Sarupane wong kafir ora duwe mitra lan handel - handel kang mikolehake.
يَعْلَمُ خَاۤىِٕنَةَ الْاَعْيُنِ وَمَا تُخْفِى الصُّدُوْرُ١٩
Ya‘lamu khā'inatal-a‘yuni wa mā tukhfiṣ-ṣudūr(u).
[19]
Allah nguningani (pandelenging) mripat kang khianat lan krenteking ati.
وَاللّٰهُ يَقْضِيْ بِالْحَقِّ ۗوَالَّذِيْنَ يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ لَا يَقْضُوْنَ بِشَيْءٍ ۗاِنَّ اللّٰهَ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ ࣖ٢٠
Wallāhu yaqḍī bil-ḥaqq(i), wal-lażīna yad‘ūna min dūnihī lā yaqḍūna bisyai'(in), innallāha huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[20]
Allah ngukumi kelawan 'adil. Dene brahala kang disembah dening wong kafir ora bisa ngukumi apa - apa, Allah iku miyarsa tur ningali sapari polahe lan pangucape.
۞ اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ كَانُوْا مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ كَانُوْا هُمْ اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَّاٰثَارًا فِى الْاَرْضِ فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ بِذُنُوْبِهِمْ ۗوَمَا كَانَ لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ وَّاقٍ٢١
Awalam yasīrū fil-arḍi fayanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna kānū min qablihim, kānū hum asyaddu minhum quwwataw wa āṡāran fil-arḍi fa'akhażahumullāhu biżunūbihim, wa mā kāna lahum minallāhi miw wāq(in).
[21]
Apa dheweke (kafir) padha ora hanjajah bumi, yen hanjajah mesthi weruh patilasane wong kuna pirang - pirang kang padha dirusak dening Allah marga dosane. Kapriye wekasane para ummat zaman kuna sadurunge wong kafir. Dheweke duwe kekuatan luwih hebat lan (luwih akeh) patilasane ana ing bumi. Hewadene Allah nyiksa wong mau marga dosane. Dheweke tanpa daya lan ora duwe mitra kang ngreksa awake nulak siksane Allah.
ذٰلِكَ بِاَنَّهُمْ كَانَتْ تَّأْتِيْهِمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَكَفَرُوْا فَاَخَذَهُمُ اللّٰهُ ۗاِنَّهٗ قَوِيٌّ شَدِيْدُ الْعِقَابِ٢٢
Żālika bi'annahum kānat ta'tīhim rusuluhum bil-bayyināti fakafarū fa'akhażahumullāh(u), innahū qawiyyun syadīdul-‘iqāb(i).
[22]
Anane siksa mangkono mau, awit para ummat kuna katekan rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging padha maido mulane Allah ngrusak ummat mau. Satemene Allah iku santosa sarta siksane abot.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَا وَسُلْطٰنٍ مُّبِيْنٍۙ٢٣
Wa laqad arsalnā mūsā bi'āyātinā wa sulṭānim mubīn(in).
[23]
Ingsun temen wis ngutus Musa kanthi tonda yekti pirang - pirang lan wewaton kang nyata.
اِلٰى فِرْعَوْنَ وَهَامٰنَ وَقَارُوْنَ فَقَالُوْا سٰحِرٌ كَذَّابٌ٢٤
Ilā fir‘auna wa hāmāna wa qārūna faqālū sāḥirun każżāb(un).
[24]
Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir'aun lan Haman lan Qarun. Nanging kabeh padha ngucap, "Musa iku jur sihir, pangucape kabeh goroh".
فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ بِالْحَقِّ مِنْ عِنْدِنَا قَالُوا اقْتُلُوْٓا اَبْنَاۤءَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا مَعَهٗ وَاسْتَحْيُوْا نِسَاۤءَهُمْ ۗوَمَا كَيْدُ الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ٢٥
Falammā jā'ahum bil-ḥaqqi min ‘indinā qāluqtulū abnā'al-lażīna āmanū ma‘ahū wastaḥyū nisā'ahum, wa mā kaidul-kāfirīna illā fī ḍalāl(in).
[25]
Bareng Musa menehi tandha yekti saka ngarsaningsun (Fir'aun lan Haman) banjur parintah balane, "Wong kang percaya marang Musa lan anake lanang padha patenana. Nanging anake wadon ben padha urip". Hewa dene pahekane wong kafir mau tanpa gawe.
وَقَالَ فِرْعَوْنُ ذَرُوْنِيْٓ اَقْتُلْ مُوْسٰى وَلْيَدْعُ رَبَّهٗ ۚاِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّبَدِّلَ دِيْنَكُمْ اَوْ اَنْ يُّظْهِرَ فِى الْاَرْضِ الْفَسَادَ٢٦
Wa qāla fir‘aunu żarūnī aqtul mūsā walyad‘u rabbah(ū), innī akhāfu ay yubaddila dīnakum au ay yuẓhira fil-arḍil-fasād(a).
[26]
Fir'aun dhawuh, "Aku togna bae. Musa tak patenane. Hiya sambata Pangerane, aku mongsa wediya, awit aku kuatir bok menawa Musa bakal ngijoli agamamu lan gawe rusak ana bumi".
وَقَالَ مُوْسٰىٓ اِنِّيْ عُذْتُ بِرَبِّيْ وَرَبِّكُمْ مِّنْ كُلِّ مُتَكَبِّرٍ لَّا يُؤْمِنُ بِيَوْمِ الْحِسَابِ ࣖ٢٧
Wa qāla mūsā innī ‘użtu birabbī wa rabbikum min kulli mutakabbiril lā yu'minu biyaumil-ḥisāb(i).
[27]
Musa dhawuh (marang Bani Israil), "Satemene aku ngayom ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Supaya aja nganti kena pahekane wong kang padha gumedhe. Ora percaya marang Qiyamat".
وَقَالَ رَجُلٌ مُّؤْمِنٌۖ مِّنْ اٰلِ فِرْعَوْنَ يَكْتُمُ اِيْمَانَهٗٓ اَتَقْتُلُوْنَ رَجُلًا اَنْ يَّقُوْلَ رَبِّيَ اللّٰهُ وَقَدْ جَاۤءَكُمْ بِالْبَيِّنٰتِ مِنْ رَّبِّكُمْ ۗوَاِنْ يَّكُ كَاذِبًا فَعَلَيْهِ كَذِبُهٗ ۚوَاِنْ يَّكُ صَادِقًا يُّصِبْكُمْ بَعْضُ الَّذِيْ يَعِدُكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ كَذَّابٌ٢٨
Wa qāla rajulum mu'min(um), min āli fir‘auna yaktumu īmānahū ataqtulūna rajulan ay yaqūla rabbiyallāhu wa qad jā'akum bil-bayyināti mir rabbikum, wa iy yaku kāżiban fa ‘alaihi każibuh(ū), wa iy yaku ṣādiqay yuṣibkum ba‘ḍul-lażī ya‘idukum, innallāha lā yahdī man huwa musrifun każżāb(un).
[28]
Ing kono ana wong mukmin klebu sentanane Fir'aun, percaya ing Allah kelawan delikan, matur marang Fir'aun, "Manapa panjenegan padha mejahi tiyang jaler dupeh wicanten Pangeranku Allah. Ing mangkono sowanipun Musa dhateng panjenengan kanthi tandha yekti kehelokan pinten - pinten saking Pangeran. Manawi Musa dora temtu badhe tinempuh siksa patrapipun anggenipun dora (duraka). Dene menawi Musa wahu temen lan panjenengan pahiben badhe tinempuh dosa, ingkang dipun ancamaken Allah utawi Musa. Sayektosipun Allah boten kersa nedahaken margi ingkang leres dhateng tiyang ingkang kasangeten anggenipun mahiben".
يٰقَوْمِ لَكُمُ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ظٰهِرِيْنَ فِى الْاَرْضِۖ فَمَنْ يَّنْصُرُنَا مِنْۢ بَأْسِ اللّٰهِ اِنْ جَاۤءَنَا ۗقَالَ فِرْعَوْنُ مَآ اُرِيْكُمْ اِلَّا مَآ اَرٰى وَمَآ اَهْدِيْكُمْ اِلَّا سَبِيْلَ الرَّشَادِ٢٩
Yā qaumi lakumul-mulkul-yauma ẓāhirīna fil-arḍ(i), famay yanṣurunā mim ba'sillāhi in jā'anā, qāla fir‘aunu mā urīkum illā mā arā wa mā ahdīkum illā sabīlar-rasyād(i).
[29]
(Musa ngandika), "Para sedherek, ing dinten punika sampyan sami luhur, menang wonten bumi Mesir. Kaluhuran sarta kamenangan ingkang samanten wahu, mugi sampun karisak piyambak. Bokmenawi kedhatengan siksaning Allah, sinten ingkang kuwawi tetulung dhateng kula?" Fir'aun mangsuli, "Anggonku gelarake rembug iki, meetu saka pamikir kang bening, aku ora nasarake nanging nuduhake dalan bener".
وَقَالَ الَّذِيْٓ اٰمَنَ يٰقَوْمِ اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ مِّثْلَ يَوْمِ الْاَحْزَابِۙ٣٠
Wa qālal-lażī āmana yā qaumi innī akhāfu ‘alaikum miṡla yaumil-aḥzāb(i).
[30]
Wong mukmin mau celathu, "Para sedherek, kula kuwatos bokmenawi panjenengan tinempuh siksa kados para ummat kina rumiyin ingkang pepanthan".
مِثْلَ دَأْبِ قَوْمِ نُوْحٍ وَّعَادٍ وَّثَمُوْدَ وَالَّذِيْنَ مِنْۢ بَعْدِهِمْ ۗوَمَا اللّٰهُ يُرِيْدُ ظُلْمًا لِّلْعِبَادِ٣١
Miṡla da'bi qaumi nūḥiw wa ‘ādiw wa ṡamūda wal-lażīna mim ba‘dihim, wa mallāhu yurīdu ẓulmal lil-‘ibād(i).
[31]
"Kados siksaning para ummatipun Nuh lan tiyang 'Aad, punapa dene tiyang Tsamud rumiyin". Sarta siksanipun para tiyang kafir sasampunipun ummat kina ingkang kasebat wahu. Allah punika boten pisan remen nganiaya para kawulanipun.
وَيٰقَوْمِ اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ يَوْمَ التَّنَادِۙ٣٢
Wa yā qaumi innī akhāfu ‘alaikum yaumat-tanād(i).
[32]
Para sadherek, kula nguwatosaken dhateng panjenengan kados pundi polah panjenengan benjing qiyamat.
يَوْمَ تُوَلُّوْنَ مُدْبِرِيْنَۚ مَا لَكُمْ مِّنَ اللّٰهِ مِنْ عَاصِمٍۚ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ٣٣
Yauma tuwallūna mudbirīn(a), mā lakum minallāhi min ‘āṣim(in), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[33]
Nalika panjenengan mundur saking tampi karampunging Allah, nunten dipun cemplungaken neraka. Panjenengan boten gadhah handel - handel ingkang nulak siksaning Allah. Sinten ingkang dipun pesthi kesasar dening Allah, mesthi boten saged ingkang nedhahaken margi leres.
وَلَقَدْ جَاۤءَكُمْ يُوْسُفُ مِنْ قَبْلُ بِالْبَيِّنٰتِ فَمَا زِلْتُمْ فِيْ شَكٍّ مِّمَّا جَاۤءَكُمْ بِهٖ ۗحَتّٰىٓ اِذَا هَلَكَ قُلْتُمْ لَنْ يَّبْعَثَ اللّٰهُ مِنْۢ بَعْدِهٖ رَسُوْلًا ۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ مُّرْتَابٌۙ٣٤
Wa laqad jā'akum yūsufu min qablu bil-bayyināti famā ziltum fī syakkim mimmā jā'akum bih(ī), ḥattā iżā halaka qultum lay yab‘aṡallāhu mim ba‘dihī rasūlā(n), każālika yuḍillullāhu man huwa musrifum murtāb(un).
[34]
Kala rumiyin panjenengan sampun kedhatengan Yusuf kanthi tandha yekti pinten - pinten nanging sampeyan maiben dhateng dhawuhipun. Sareng sampun seda sampeyan sami wicanten, "Sanadyan sapungkure Yusuf, Allah ora bakal ngutus Rasul". Inggih makaten punika Allah anggenipun nasaraken tiyang ingkang kasangaten mamang dhateng agama.
ۨالَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ بِغَيْرِ سُلْطٰنٍ اَتٰىهُمْۗ كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللّٰهِ وَعِنْدَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا ۗ كَذٰلِكَ يَطْبَعُ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ قَلْبِ مُتَكَبِّرٍ جَبَّارٍ٣٥
Allażīna yujādilūna fī āyātillāhi bigairi sulṭānin atāhum, kabura maqtan ‘indallāhi wa ‘indal-lażīna āmanū, każālika yaṭba‘ullāhu ‘alā kulli qalbi mutakabbirin jabbār(in).
[35]
Inggih punika tiyang ingkang sami mabeni ayating Allah tanpa wewantah tandha yekti paringing Allah. Pabenipun ingkang mekaten wahu menggahing Allah lan para mukmin badhe ageng siksanipun. Kados mekaten punika Allah anggenipun mesthi dhateng manahipun tiyang ingkang gumedhe sadaya.
وَقَالَ فِرْعَوْنُ يٰهَامٰنُ ابْنِ لِيْ صَرْحًا لَّعَلِّيْٓ اَبْلُغُ الْاَسْبَابَۙ٣٦
Wa qāla fir‘aunu yā hāmānubni lī ṣarḥal la‘allī ablugul-asbāb(a).
[36]
Fir'aun banjur dhawuh, "Hai Hama, aku gawekna panggung dhuwur supaya bisa munggah tekan lawang pirang - pirang!".
اَسْبَابَ السَّمٰوٰتِ فَاَطَّلِعَ اِلٰٓى اِلٰهِ مُوْسٰى وَاِنِّيْ لَاَظُنُّهٗ كَاذِبًا ۗوَكَذٰلِكَ زُيِّنَ لِفِرْعَوْنَ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ وَصُدَّ عَنِ السَّبِيْلِ ۗوَمَا كَيْدُ فِرْعَوْنَ اِلَّا فِيْ تَبَابٍ ࣖ٣٧
Asbābas-samāwāti fa aṭṭali‘a ilā ilāhi mūsā wa innī la'aẓunnuhū kāżibā(n), wa każālika zuyyina lifir‘auna sū'u ‘amalihī wa ṣudda ‘anis-sabīl(i), wa mā kaidu fir‘auna illā fī tabāb(in).
[37]
Hiya iku lawang - lawang langit bok menawa bisa ketemu karo Pangerane Musa. Kiraku kandhane Musa mau goroh. Wis mangkono karsaning Allah. Fir'aun kena godha. Dhemen banget nglestarekake anggone nglakoni penggawe hala. Firaun disasarake saka ing dalan bener. Lekase Fir'aun ngreka daya (ngarah sirnane Musa) tanpa gawe.
وَقَالَ الَّذِيْٓ اٰمَنَ يٰقَوْمِ اتَّبِعُوْنِ اَهْدِكُمْ سَبِيْلَ الرَّشَادِۚ٣٨
Wa qālal-lażī āmana yā qaumittabi‘ūni ahdikum sabīlar-rasyād(i).
[38]
Lan (wong kang percaya marang Musa) celathu, "Para sadherek, sampyan manut dhateng kula. Kula tedahaken margi ingkang leres".
يٰقَوْمِ اِنَّمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَا مَتَاعٌ ۖوَّاِنَّ الْاٰخِرَةَ هِيَ دَارُ الْقَرَارِ٣٩
Yā qaumi innamā hāżihil-ḥayātud-dun-yā matā‘(un), wa innal-ākhirata hiya dārul-qarār(i).
[39]
"Para sadherek, gesang wonten donya punika kabingahan namung sawatawis mongsa, dene gesang wonten akherat punika panggenan ingkang tetep sayektos".
مَنْ عَمِلَ سَيِّئَةً فَلَا يُجْزٰىٓ اِلَّا مِثْلَهَاۚ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَاُولٰۤىِٕكَ يَدْخُلُوْنَ الْجَنَّةَ يُرْزَقُوْنَ فِيْهَا بِغَيْرِ حِسَابٍ٤٠
Man ‘amila sayyi'atan falā yujzā illā miṡlahā, wa man ‘amila ṣāliḥam min żakarin au unṡā wa huwa mu'minun fa'ulā'ika yadkhulūnal-jannata yurzaqūna fīhā bigairi ḥisāb(in).
[40]
Sinten ingkang nglampahi awon, patrapanipun boten langkung samurwating kalepatanipun. Nanging sinten ingkang ngelampahi kasahenan jaler utawi estri uger tiyang mukmin mesthi mlebet suwarga, wonten ing ngriku sami dipun paringi rizki tanpa wates.
۞ وَيٰقَوْمِ مَا لِيْٓ اَدْعُوْكُمْ اِلَى النَّجٰوةِ وَتَدْعُوْنَنِيْٓ اِلَى النَّارِۗ٤١
Wa yā qaumi mā lī ad‘ūkum ilan-najāti wa tad‘ūnanī ilan-nār(i).
[41]
Para sadherek, sampeyan sami kula jak wilujeng. Kenging punapa sampeyan sami ngajak kula dhateng neraka?
تَدْعُوْنَنِيْ لِاَكْفُرَ بِاللّٰهِ وَاُشْرِكَ بِهٖ مَا لَيْسَ لِيْ بِهٖ عِلْمٌ وَّاَنَا۠ اَدْعُوْكُمْ اِلَى الْعَزِيْزِ الْغَفَّارِ٤٢
Tad‘ūnanī li'akfura billāhi wa usyrika bihī mā laisa lī bihī ‘ilmuw wa ana ad‘ūkum ilal-‘azīzil-gaffār(i).
[42]
Sampeyan sami ngajak - ngajak kula supados kafir mahiben malih tingal ing Allah, nyembah brahala ingkang kula boten sumerap kateranganipun. Kang mongko kula ngajak - ajak dhateng sampeyan supados sumungkem nyembah Allah ingkang Maha Mulya tur ngapura dosa.
لَا جَرَمَ اَنَّمَا تَدْعُوْنَنِيْٓ اِلَيْهِ لَيْسَ لَهٗ دَعْوَةٌ فِى الدُّنْيَا وَلَا فِى الْاٰخِرَةِ وَاَنَّ مَرَدَّنَآ اِلَى اللّٰهِ وَاَنَّ الْمُسْرِفِيْنَ هُمْ اَصْحٰبُ النَّارِ٤٣
Lā jarama annamā tad‘ūnanī ilaihi laisa lahū da‘watun fid-dun-yā wa lā fil-ākhirati wa anna maraddanā ilallāhi wa annal-musrifīna hum aṣḥābun-nār(i).
[43]
Sampun mesthi kemawon anggen sampeyan ngajak kula nyembah brahala punika tanpa guna. Awit brahala punika wonten donya boten nedha dipun sembah, wonten akherat badhe nyelaki panyembah sampeyan ing benjing kula sampeyan badhe wangsul dhateng ngarsaning Allah. Dene para kafir sami dipun cemplungaken dhateng neraka.
فَسَتَذْكُرُوْنَ مَآ اَقُوْلُ لَكُمْۗ وَاُفَوِّضُ اَمْرِيْٓ اِلَى اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ بَصِيْرٌ ۢبِالْعِبَادِ٤٤
Fa satażkurūna mā aqūlu lakum, wa ufawwiḍu amrī ilallāh(i), innallāha baṣīrum bil-‘ibād(i).
[44]
Benjing yen sampeyan sampun ningali neraka mesthi kengetan atur kula. Kula nyumanggakaken kawontenanipun badan kula punika dhateng Allah. Sayektosipun Allah punika mirsani dhateng para kawulanipun.
فَوَقٰىهُ اللّٰهُ سَيِّاٰتِ مَا مَكَرُوْا وَحَاقَ بِاٰلِ فِرْعَوْنَ سُوْۤءُ الْعَذَابِۚ٤٥
Fa waqāhullāhu sayyi'āti mā makarū wa ḥāqa bi'āli fir‘auna sū'al-‘ażāb(i).
[45]
Allah ngreksa marang wong lanang mukmin mahu, kalis saka pihalane Fir'aun anggone ngancam arep mateni. Fir'aun sabalane padha tinempuh siksa kang hala.
اَلنَّارُ يُعْرَضُوْنَ عَلَيْهَا غُدُوًّا وَّعَشِيًّا ۚوَيَوْمَ تَقُوْمُ السَّاعَةُ ۗ اَدْخِلُوْٓا اٰلَ فِرْعَوْنَ اَشَدَّ الْعَذَابِ٤٦
An-nāru yu‘raḍūna ‘alaihā guduwwaw wa ‘asyiyyā(n), wa yauma taqūmus-sā‘ah(tu), adkhilū āla fir‘auna asyaddal-‘ażāb(i).
[46]
(Pangandikaning Allah), Fir'aun sabalen sawise padha mati saben isuk lan sore padha dikon ngicipi siksa neraka, nganti Qiyamat. Dhawuhing Allah, "Fir'aun sabalane padha cemplungna ing neraka. Siksa kang luwih dening abot".
وَاِذْ يَتَحَاۤجُّوْنَ فِى النَّارِ فَيَقُوْلُ الضُّعَفٰۤؤُا لِلَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ اَنْتُمْ مُّغْنُوْنَ عَنَّا نَصِيْبًا مِّنَ النَّارِ٤٧
Wa iż yataḥājjūna fin-nāri fayaqūluḍ-ḍu‘afā'u lil-lażīnastakbarū innā kunnā lakum taba‘an fahal antum mugnūna ‘annā naṣībam minan-nār(i).
[47]
(Muhammad) Sira nyeritakna ana akherat nalikane wong neraka padha grejegan karo kancane. Wong mong helu - helu bae. Padha celathu marang wong kang gumedhe, "Anggonku kafir biyen mung manut marang kowe. Saiki piye apa kowe bisa nulak neraka iki?"
قَالَ الَّذِيْنَ اسْتَكْبَرُوْٓا اِنَّا كُلٌّ فِيْهَآ اِنَّ اللّٰهَ قَدْ حَكَمَ بَيْنَ الْعِبَادِ٤٨
Qālal-lażīnastakbarū innā kullun fīhā innallāha qad ḥakama bainal-‘ibād(i).
[48]
Wong kang gumedhe padha mangsuli, "Apa kang kok ucapake kowe weruh dhewe. Aku lan kowe padha ana neraka. Satemene Alah wis nindakake kebenaran marang para kawulane".
وَقَالَ الَّذِيْنَ فِى النَّارِ لِخَزَنَةِ جَهَنَّمَ ادْعُوْا رَبَّكُمْ يُخَفِّفْ عَنَّا يَوْمًا مِّنَ الْعَذَابِ٤٩
Wa qālal-lażīna fin-nāri likhazanati jahannamad‘ū rabbakum yukhaffif ‘annā yaumam minal-‘ażāb(i).
[49]
Wong kang ana neraka padha matur marang para malaikat kang rumeksa neraka, "Kula panjenengan suwunaken dhateng Pangeran sampeyan supados kula dipun paringana mayar. Sadinten kemawon kula boten kuwawi awerating siksa".
قَالُوْٓا اَوَلَمْ تَكُ تَأْتِيْكُمْ رُسُلُكُمْ بِالْبَيِّنٰتِ ۗقَالُوْا بَلٰىۗ قَالُوْا فَادْعُوْا ۚوَمَا دُعٰۤؤُا الْكٰفِرِيْنَ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ ࣖ٥٠
Qālū awalam taku ta'tīkum rusulukum bil-bayyināt(i), qālū balā, qālū fad‘ū, wa mā du‘ā'ul-kāfirīna illā fī ḍalāl(in).
[50]
Para malaikat mangsuli, "Apa biyen kowe ora diterangake dening Rasulmu kanthi pirang - pirang tandha yekti?". Padha mangsuli, "Inggih sampun dipun terangake". Malaikat mangsuli, "Yen mangkono padha nyuwuna dhewe - dhewe ing Allah". Nanging panyuwune wong kafir ora bakal diparengake.
اِنَّا لَنَنْصُرُ رُسُلَنَا وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَيَوْمَ يَقُوْمُ الْاَشْهَادُۙ٥١
Innā lananṣuru rusulanā wal-lażīna āmanū fil-ḥayātid-dun-yā wa yauma yaqūmul-asyhād(u).
[51]
(Pangandikaning Allah), "Ingsn paring pitulung marang utusaningsun lan para mukmin ana donya lan besuk ana akherat".
يَوْمَ لَا يَنْفَعُ الظّٰلِمِيْنَ مَعْذِرَتُهُمْ وَلَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوْۤءُ الدَّارِ٥٢
Yauma lā yanfa‘uẓ-ẓālimīna ma‘żiratuhum wa lahumul-la‘natu wa lahum sū'ud-dār(i).
[52]
Hiya iku dina nalikane wong kang nganiaya ora ana gunane maneh padha nyuwun ngapura, padha kena bebendune Allah lan panggonan (neraka) mau panggonan kang hala dhewe tumrap dheweke.
وَلَقَدْاٰتَيْنَا مُوْسَى الْهُدٰى وَاَوْرَثْنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ الْكِتٰبَۙ٥٣
Wa laqad ātainā mūsal-hudā wa auraṡnā banī isrā'īlal-kitāb(a).
[53]
Ingsun wis paring pituduh bener marang Musa (hiya iku kitab Taurat). Sapungkure Musa wong Bani Israil padha Ingsun parengake lestari nganggo wewaton Kitab.
هُدًى وَّذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ٥٤
Hudaw wa żikrā li'ulil-albāb(i).
[54]
Minangka pituduh bener lan dadi wewulang marang wong kang ana akale.
فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ وَّاسْتَغْفِرْ لِذَنْۢبِكَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ بِالْعَشِيِّ وَالْاِبْكَارِ٥٥
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqquw wastagfir liżambika wa sabbiḥ biḥamdi rabbika bil-‘asyiyyi wal-ibkār(i).
[55]
(Muhammad) sira shabara, prasetyane Allah bakal paring pitulung marang para kekasihe iku temen. Sira mung nyuwuna pangapuraning dosanira. Lan nyebuta Maha Suci memuji ing Pangeranira ing wayah esuk lan sore.
اِنَّ الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ بِغَيْرِ سُلْطٰنٍ اَتٰىهُمْ ۙاِنْ فِيْ صُدُوْرِهِمْ اِلَّا كِبْرٌ مَّا هُمْ بِبَالِغِيْهِۚ فَاسْتَعِذْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ٥٦
Innal-lażīna yujādilūna fī āyātillāhi bigairi sulṭānin atāhum, in fī ṣudūrihim illā kibrum mā hum bibāligīh(i), fasta‘iż billāh(i), innahū huwas-samī‘ul-baṣīr(u).
[56]
Sarupane wong kang madoni ayating Allah tanpa tandha yekti paparinging Allah. Wong mangkono mahu atine kisenan gumedhe kumudu ngungkuli sira. Sira banjur ngayom (nyuwun rineksa) ing Allah dikalisake saka pihalane wong gumedhe mahu. Allah iku miyarsa tur mirsani.
لَخَلْقُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ اَكْبَرُ مِنْ خَلْقِ النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُوْنَ٥٧
Lakhalqus-samāwāti wal-arḍi akbaru min khalqin-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā ya‘lamūn(a).
[57]
Gawe bumi lan langit kang samono gedhene iku luwih angel tinimbang gawe manungsa (ewa dene Allah kaleksanan) nanging akeh - akehing uwong ora weruh kang mangkono mau.
وَمَا يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ەۙ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَلَا الْمُسِيْۤئُ ۗقَلِيْلًا مَّا تَتَذَكَّرُوْنَ٥٨
Wa mā yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u), wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa lal-musī'(u), qalīlam mā tatażakkarūn(a).
[58]
Lan mesthi ora padha wong wuta lan wong awas, mengkono maneh wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik hiya ora padha wong ala. Hewa dene wong kang pasrah pitutur iki mung sethithik banget.
اِنَّ السَّاعَةَ لَاٰتِيَةٌ لَّا رَيْبَ فِيْهَا ۖوَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُوْنَ٥٩
Innas-sā‘ata la'ātiyatul lā raiba fīhā, wa lākinna akṡaran-nāsi lā yu'minūn(a).
[59]
Dina Qiyamat (inggal lawas) mesthi kelakon. Ora sumeleng bakal kelaksanane, hewa dene akeh wong kang ora ngandel.
وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُوْنِيْٓ اَسْتَجِبْ لَكُمْ ۗاِنَّ الَّذِيْنَ يَسْتَكْبِرُوْنَ عَنْ عِبَادَتِيْ سَيَدْخُلُوْنَ جَهَنَّمَ دَاخِرِيْنَ ࣖ٦٠
Wa qāla rabbukumud‘ūnī astajib lakum, innal-lażīna yastakbirūna ‘an ‘ibādatī sayadkhulūna jahannama dākhirīn(a).
[60]
Allah pangeranira ngandika, "Sira padha nyuwuna marang Ingsun, Ingsun bakal marengake panyuwunira". Sarupane wong kang gumedhe, ngemohi nyembah marang Ingsun, bakal dicemplungake neraka jahannam tanpa aji.
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الَّيْلَ لِتَسْكُنُوْا فِيْهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۗاِنَّ اللّٰهَ لَذُوْ فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلٰكِنَّ اَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُوْنَ٦١
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-laila litaskunū fīhi wan-nahāra mubṣirā(n), innallāha lażū faḍlin ‘alan-nāsi wa lākinna akṡaran-nāsi lā yasykurūn(a).
[61]
Allah iku kang nganakake wengi kanggo palerenan sarta nganakake awan padhang (kanggo nindhake sabarang panggawean). Allah iku paring kanugrahan marang manungsa, hewa dene akeh wong kang ora syukur.
ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍۘ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ ۖفَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٦٢
Żālikumullāhu rabbukum khāliqu kulli syai'(in), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tu'fakūn(a).
[62]
Kang mangkono mahu Allah Pangeranira hiya iku kang gawe samubarang iki kabeh. Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, kapriye anggonira arep ngemahi nyembah Allah?
كَذٰلِكَ يُؤْفَكُ الَّذِيْنَ كَانُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ يَجْحَدُوْنَ٦٣
Każālika yu'fakul-lażīna kānū bi'āyātillāhi yajḥadūn(a).
[63]
Mangkono mahu wong kang maido ayating Allah padha disingkirake saka rahmate Allah.
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَرْضَ قَرَارًا وَّالسَّمَاۤءَ بِنَاۤءً وَّصَوَّرَكُمْ فَاَحْسَنَ صُوَرَكُمْ وَرَزَقَكُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ ۗذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ ۚ فَتَبٰرَكَ اللّٰهُ رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ٦٤
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-arḍa qarāraw was-samā'a binā'aw wa ṣawwarakum fa'aḥsana ṣuwarakum wa razaqakum minaṭ-ṭayyibāt(i), żālikumullāhu rabbukum, fatabārakallāhu rabbul-‘ālamīn(a).
[64]
Allah iku kang ngenengake bumi kanggo papan panggonanira apa dene ngenekake langit prasasat dadi payon, wis ngenekake sira, gawe becik rupanira, paring rizki pangan kang enak - enak, mangkono iku Allah Pangeranira Allah Pangerane alam kabeh Maha Luhur.
هُوَ الْحَيُّ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَ فَادْعُوْهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ۗ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦٥
Huwal-ḥayyu lā ilāha illā huwa fad‘ūhu mukhliṣīna lahud-dīn(a), al-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[65]
Allah iku kang gesang, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah, sira padha nyembaha sarta nyuwuna ing Allah ngelakonona Agama mligi konjuk ing Allah. Sakehing puji kagungane Allah, Pangerane alam kabeh.
۞ قُلْ اِنِّيْ نُهِيْتُ اَنْ اَعْبُدَ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ لَمَّا جَاۤءَنِيَ الْبَيِّنٰتُ مِنْ رَّبِّيْ وَاُمِرْتُ اَنْ اُسْلِمَ لِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٦٦
Qul innī nuhītu an a‘budal-lażīna tad‘ūna min dūnillāhi lammā jā'aniyal-bayyinātu mir rabbī wa umirtu an uslima lirabbil-‘ālamīn(a).
[66]
(Muhammad) Dhawuha, "Sawise aku diparingi tandha yekti yen Allah iku mung siji, aku dilarangi nyembah liyane Allah, sawise teka keterangan - keterangan saka Pangeranira lan aku didhawuhi manut ing Allah Pangerane alam kabeh".
هُوَ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ مِنْ عَلَقَةٍ ثُمَّ يُخْرِجُكُمْ طِفْلًا ثُمَّ لِتَبْلُغُوْٓا اَشُدَّكُمْ ثُمَّ لِتَكُوْنُوْا شُيُوْخًا ۚوَمِنْكُمْ مَّنْ يُّتَوَفّٰى مِنْ قَبْلُ وَلِتَبْلُغُوْٓا اَجَلًا مُّسَمًّى وَّلَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوْنَ٦٧
Huwal-lażī khalaqakum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma min ‘alaqatin ṡumma yukhrijukum ṭiflan ṡumma litablugū asyuddakum ṡumma litakūnū syuyūkhā(n), wa minkum may yutawaffā min qablu wa litablugū ajalam musammaw wa la‘allakum ta‘qilūn(a).
[67]
Allah iku kang gawe awakira saka lemah, tumuli gawe awakira saka "nutfah" nuli dadi getih kenthel, nuli metokake sira dadi bayi banjur dadi wong dewasa, sawise mempeng nuli dadi wong tua. Mulane ditindakake mangkono, supaya sira tekan ing titi mangsa kang tinemtokake patinira. Kang mangkono mau supaya sira ngrasakake (mikir).
هُوَ الَّذِيْ يُحْيٖ وَيُمِيْتُۚ فَاِذَا قَضٰىٓ اَمْرًا فَاِنَّمَا يَقُوْلُ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ ࣖ٦٨
Huwal-lażī yuḥyī wa yumīt(u), fa'iżā qaḍā amran fa'innamā yaqūlu lahū kun fa yakūn(u).
[68]
Allah iku kang nguripi lan mateni. Manawa Allah ngersakake kelakone sawijining perkara, Allah mung ngandika, "Sira anaa, sanalika barang kang dikarsakake banjur ana".
اَلَمْ تَرَ اِلَى الَّذِيْنَ يُجَادِلُوْنَ فِيْٓ اٰيٰتِ اللّٰهِ ۗاَنّٰى يُصْرَفُوْنَۚ٦٩
Alam tara ilal-lażīna yujādilūna fī āyātillāh(i), annā yuṣrafūn(a).
[69]
Apa sira ora handeleng wong kang padha madoni ayat - ayate Allah? Kapriye anggone sumingkir saka agama kang bener?
اَلَّذِيْنَ كَذَّبُوْا بِالْكِتٰبِ وَبِمَآ اَرْسَلْنَا بِهٖ رُسُلَنَا ۗفَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَۙ٧٠
Allażīna każżabū bil kitābi wa bimā arsalnā bihī rusulanā, fasaufa ya‘lamūn(a).
[70]
Kang padha maido Kitab al-Quran lan maido barang kang didhawuhake dening para utusaningsun, ing tembe wong mahu bakal weruh patrapane anggone padha maido.
اِذِ الْاَغْلٰلُ فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْ وَالسَّلٰسِلُۗ يُسْحَبُوْنَۙ٧١
Iżil-aglālu fī a‘nāqihim was-salāsil(u), yusḥabūn(a).
[71]
Ing besuk blengguning Allah ana ing gulune wong kafir rantene sinambung ana blenggu mahu.
فِى الْحَمِيْمِ ەۙ ثُمَّ فِى النَّارِ يُسْجَرُوْنَۚ٧٢
Fil-ḥamīm(i), ṡumma fin-nāri yusjarūn(a).
[72]
Dilebokake ing banyu panas, banjur dihurubake ing geni.
ثُمَّ قِيْلَ لَهُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تُشْرِكُوْنَۙ٧٣
Ṡumma qīla lahum aina mā kuntum tusyrikūn(a).
[73]
Wong kafir mau banjur di dangu, "Hendi rupane barang kang sira nggone mangro tingal biyen"?
مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗقَالُوْا ضَلُّوْا عَنَّا بَلْ لَّمْ نَكُنْ نَّدْعُوْا مِنْ قَبْلُ شَيْـًٔاۗ كَذٰلِكَ يُضِلُّ اللّٰهُ الْكٰفِرِيْنَ٧٤
Min dūnillāh(i), qālū ḍallū ‘annā bal lam nakun nad‘ū min qablu syai'ā(n), każālika yuḍillullāhul-kāfirīn(a).
[74]
(Sing dianggo sesembahab) liyane Allah? Dheweke mangsuli, "Sami boten ketingal malih. Kala rumiyin kula boten rumaos nyembah punapa - punapa". Kaya mangkono uga Allah nasarake marang para wong kafir.
ذٰلِكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَفْرَحُوْنَ فِى الْاَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَمْرَحُوْنَ٧٥
Żālikum bimā kuntum tafraḥūna fil-arḍi bigairil-ḥaqqi wa bimā kuntum tamraḥūn(a).
[75]
Siksa mangkono mahu amarga sira padha bungah - bungah kelawan barang kang ora bener ana bumi, lan marga anggonira padha banget bungah ngelakoni duraka.
اُدْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚفَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ٧٦
Udkhlulū abwāba jahannama khālidīna fīhā, fabi'sa maṡwal-mutakabūbirīn(a).
[76]
Mara padha malebua ing lawanging neraka Jahannam sira padha langgeng ana kono. Hala temen anggone wong kang padha gumedhe.
فَاصْبِرْ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ ۚفَاِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِيْ نَعِدُهُمْ اَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَاِلَيْنَا يُرْجَعُوْنَ٧٧
Faṣbir inna wa‘dallāhi ḥaqq(un), fa'immā nuriyannaka ba‘ḍal-lażī na‘iduhum au natawaffayannaka fa'ilainā yurja‘ūn(a).
[77]
(Muhammad) Sira shabara, prasetiya lan pangancame Allah iku mesthi nyata. Terkadhang sawenehing kang wis Ingsun ancamake mahu ana uga kang Ingsun tontonake lan ana uga kang Ingsun tindakake sadurunge besuk dina Qiyamat wong kafir padha dihimpun bali marang ngarsaningsun.
وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا رُسُلًا مِّنْ قَبْلِكَ مِنْهُمْ مَّنْ قَصَصْنَا عَلَيْكَ وَمِنْهُمْ مَّنْ لَّمْ نَقْصُصْ عَلَيْكَ ۗوَمَا كَانَ لِرَسُوْلٍ اَنْ يَّأْتِيَ بِاٰيَةٍ اِلَّا بِاِذْنِ اللّٰهِ ۚفَاِذَا جَاۤءَ اَمْرُ اللّٰهِ قُضِيَ بِالْحَقِّ وَخَسِرَ هُنَالِكَ الْمُبْطِلُوْنَ ࣖ٧٨
Wa laqad arsalnā rusulam min qablika minhum man qaṣaṣnā ‘alaika wa minhum mal lam naqṣuṣ ‘alaik(a), wa mā kāna lirasūlin ay ya'tiya bi'āyatin illā bi'iżnillāh(i), fa'iżā jā'a amrullāhi quḍiya bil-ḥaqqi wa khasira hunālikal-mubṭilūn(a).
[78]
Ingsun temen wis ngutus rasul pirang - pirang. Rasul mahu ana kang Ingsun kandhakake, lan ana uga kang ora Ingsun kandhakake. Siji - sijine rasul mau ora gelem handhawuhake ayat kajaba yen wis oleh dhawuhing Allah. Samongsa wis ana dhawuhing Allah pasulayaning Rasul lan kang maido banjur dirampungi kaliyan bener. Pangandikaning Allah, "Para wong kang maido iku tetela padha kapitunan".
اَللّٰهُ الَّذِيْ جَعَلَ لَكُمُ الْاَنْعَامَ لِتَرْكَبُوْا مِنْهَا وَمِنْهَا تَأْكُلُوْنَۖ٧٩
Allāhul-lażī ja‘ala lakumul-an‘āma litarkabū minhā wa minhā ta'kulūn(a).
[79]
Allah iku kang aggawekake raja-kaya marang sira, supaya sira tunggangi lan kena sira pangan daginge.
وَلَكُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ وَلِتَبْلُغُوْا عَلَيْهَا حَاجَةً فِيْ صُدُوْرِكُمْ وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُوْنَۗ٨٠
Wa lakum fīhā manāfi‘u wa litablugū ‘alaihā ḥājatan fī ṣudūrikum wa ‘alaihā wa ‘alal-fulki tuḥmalūn(a).
[80]
Raja kaya mau akeh paedahe tumrap sira, hiya iku kena dianggo nekani kekarepanira kang ana ing atinira (gawa barang abot marang liya negara). Sira bisa nunggang raja - kaya ana dharatan, utawa nunggang perahu ana ing segara.
وَيُرِيْكُمْ اٰيٰتِهٖۖ فَاَيَّ اٰيٰتِ اللّٰهِ تُنْكِرُوْنَ٨١
Wa yurīkum āyātih(ī), fa ayya āyātillāhi tunkirūn(a).
[81]
Allah hanuntunake ayate marang sira, kang nuduhake yen Allah iku mung siji. Lan endi ayate Allah kang sira paido?
اَفَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۗ كَانُوْٓا اَكْثَرَ مِنْهُمْ وَاَشَدَّ قُوَّةً وَّاٰثَارًا فِى الْاَرْضِ فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٨٢
Afalam yasīrū fil-arḍi fa yanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim, kānū akṡara minhum wa asyadda quwwataw wa āṡāran fil-arḍi famā agnā ‘anhum mā kānū yaksibūn(a).
[82]
Manungsa apa ora padha hanjajah ing bumi, banjur padha handeleng patilasane wong kuna pirang - pirang. Kapriye wusanane wong kang padha duraka kafir biyen tur iku luwuh akeh gaweyane, hewa dene dirusak dening Allah. Gawiyane ora bisa nulak siksaning Allah.
فَلَمَّا جَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ فَرِحُوْا بِمَا عِنْدَهُمْ مِّنَ الْعِلْمِ وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٨٣
Falammā jā'athum rusuluhum bil-bayyināti fariḥū bimā ‘indahum minal-‘ilmi wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[83]
Barang wong kafir mau katekan ing rasul kanthi mu'jizat kahelokan banjur bungah, nanging anggeguyu kaweruhe rasul mau Banjur tinempuk siksa anggone geguyu.
فَلَمَّا رَاَوْا بَأْسَنَاۗ قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِاللّٰهِ وَحْدَهٗ وَكَفَرْنَا بِمَا كُنَّا بِهٖ مُشْرِكِيْنَ٨٤
Falammā ra'au ba'sanā qālū āmannā billāhi waḥdahū wa kafarnā bimā kunnā bihī musyrikīn(a).
[84]
Bareng wong kafir padha weruh siksaningsun banjur ngucap, "Kula sapunika ngandel ing Allah piyambak lan mahiben dhateng brahala ingkang sami kula angge malih tingal".
فَلَمْ يَكُ يَنْفَعُهُمْ اِيْمَانُهُمْ لَمَّا رَاَوْا بَأْسَنَا ۗسُنَّتَ اللّٰهِ الَّتِيْ قَدْ خَلَتْ فِيْ عِبَادِهٖۚ وَخَسِرَ هُنَالِكَ الْكٰفِرُوْنَ ࣖ٨٥
Falam yaku yanfa‘uhum īmānuhum lammā ra'au ba'sanā, sunnatallāhil latī qad khalat fī ‘ibādih(ī), wa khasira hunālikal-kāfirūn(a).
[85]
Sarehne wong kafir mau wis handeleng siksaningsun mulane pangandele marang Ingsun wis ora migunani hiya iku prenataning Allah kang wis tumindak marang para kawulaning kunamakuna. Ing kono wong kafir padha kapitunan.