Surah Az-Zumar
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ مِنَ اللّٰهِ الْعَزِيْزِ الْحَكِيْمِ١
Tanzīlul-kitābi minallāhil-‘azīzil-ḥakīm(i).
[1]
Tumuruning Kitab al-Quran iku terang saka Allah kang Mulya tur wicaksana.
اِنَّآ اَنْزَلْنَآ اِلَيْكَ الْكِتٰبَ بِالْحَقِّ فَاعْبُدِ اللّٰهَ مُخْلِصًا لَّهُ الدِّيْنَۗ٢
Innā anzalnā ilaikal-kitāba bil-ḥaqqi fa‘budillāha mukhliṣal lahud-dīn(a).
[2]
(Muhammad) Ingsun handhawuhake kitab al-Quran kelawan nyata marang sira, Mulane nembaha lan ngestokna ing Allah kelawan ati resik, ngelakoni Agama Islam (sumungkeng ing Allah).
اَلَا لِلّٰهِ الدِّيْنُ الْخَالِصُ ۗوَالَّذِيْنَ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِهٖٓ اَوْلِيَاۤءَۘ مَا نَعْبُدُهُمْ اِلَّا لِيُقَرِّبُوْنَآ اِلَى اللّٰهِ زُلْفٰىۗ اِنَّ اللّٰهَ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ فِيْ مَا هُمْ فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ ەۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يَهْدِيْ مَنْ هُوَ كٰذِبٌ كَفَّارٌ٣
Alā lillāhid-dīnul-khāliṣ(u), wal-lażīnattakhażū min dūnihī auliyā'(a), mā na‘buduhum illā liyuqarribūnā ilallāhi zulfā, innallāha yaḥkumu bainahum fī mā hum fīhi yakhtalifūn(a), innallāha lā yahdī man huwa kāżibun kaffār(un).
[3]
Agama Islam kang resik, apa dudu kagungane Allah? (Mesthi). Sarupane wong kang padha ngadegake Pangeran liyane Allah, hiya iku brahala. Pangucape, "Anggone nyembah brahala iki karepku dadi jalarane anggonku kacedak ing Allah". Ing tembe Allah bakal mancas (wong nyembah brahala lan wong Islam) kang apdha dienggo pasulayan. Satemene Allah ora kersa paring pituduh marang wong kang goroh tur kafir.
لَوْ اَرَادَ اللّٰهُ اَنْ يَّتَّخِذَ وَلَدًا لَّاصْطَفٰى مِمَّا يَخْلُقُ مَا يَشَاۤءُ ۙ سُبْحٰنَهٗ ۗهُوَ اللّٰهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ٤
Wa lau arādallāhu ay yattakhiża waladal laṣṭafā mimmā yakhluqu mā yasyā'(u), subḥānah(ū), huwallāhul-wāḥidul-qahhār(u).
[4]
Saupama Allah kersa peputra mesthi milih dedamelane kang dadi parenge kersane. Allah Maha Suci, hiya iku Allah kang Esa tur Masesa.
خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِالْحَقِّۚ يُكَوِّرُ الَّيْلَ عَلَى النَّهَارِ وَيُكَوِّرُ النَّهَارَ عَلَى الَّيْلِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۗ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اَلَا هُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفَّارُ٥
Khalaqas-samāwāti wal-arḍa bil-ḥaqq(i), yukawwirul-laila ‘alan-nahāri wa yukawwirun nahāra ‘alal-laili wa sakhkharasy-syamsa wal-qamar(a), kulluy yajrī li'ajalim musammā(n), alā huwal-‘azīzul-gaffār(u).
[5]
Allah iku nyata gawe bumi lan langit, sarta kang ngelojokake awan marang wengi. Apadene nyengkemake srengenge lan rembulan padha ngestokake kersaning Allah. Kabeh padha melaku ana cakrawalane dhewe - dhewe nganti tekan wewangen kang tinamtokake (qiyamat). Pangeran kang mangkono iku apa dudu Pangeran kang menang tur kang wenang ngapura dosa.
خَلَقَكُمْ مِّنْ نَّفْسٍ وَّاحِدَةٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَاَنْزَلَ لَكُمْ مِّنَ الْاَنْعَامِ ثَمٰنِيَةَ اَزْوَاجٍ ۗ يَخْلُقُكُمْ فِيْ بُطُوْنِ اُمَّهٰتِكُمْ خَلْقًا مِّنْۢ بَعْدِ خَلْقٍ فِيْ ظُلُمٰتٍ ثَلٰثٍۗ ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ لَهُ الْمُلْكُۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۚ فَاَنّٰى تُصْرَفُوْنَ٦
Khalaqakum min nafsiw wāḥidatin ṡumma ja‘ala minhā zaujahā wa anzala lakum minal-an‘āmi ṡamāniyata azwāj(in), yakhluqukum fī buṭūni ummahātikum khalqam mim ba‘di khalqin fī ẓulumātin ṡalāṡ(in), żālikumullāhu rabbukum lahul-mulk(u), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tuṣrafūn(a).
[6]
Allah gawe awakira saka awak siji (Adam) banjur gawe jodhone sarta gawe rajakaya kang maedhahi sira cacah wolu lanang wadon. Allah gawe awakira ana guwa garbane biyungira, dadi titah, sawise mangkono ana ing pepeteng 4 warna, Pangeran kang kaya mangkono kuasane iku Allah kang kagungan kraton. Ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Allah. Manungsa kapriye anggone arep nyimpang saka dalan kang bener?
اِنْ تَكْفُرُوْا فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ عَنْكُمْ ۗوَلَا يَرْضٰى لِعِبَادِهِ الْكُفْرَۚ وَاِنْ تَشْكُرُوْا يَرْضَهُ لَكُمْۗ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰىۗ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ مَّرْجِعُكُمْ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٧
In takfurū fa'innallāha ganiyyun ‘ankum, wa lā yarḍā li‘ibādihil-kufr(a), wa in tasykurū yarḍahu lakum, wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, ṡumma ilā rabbikum marji‘ukum fa yunabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[7]
Manawa sira padha kafir, tumraping Allah ora butuh marang sira (marang Imanmu). Dene Allah ora pareng yen kawulane padha kafir. Dene yen sira padha syukur ngestokake parentah Allah ngelilani kesyukuranmu mau, lan wong kang nandhang dosa kang mesthi disongga patrapane hiya mung dosane dhewe, ora bakal nyongga dosane liyane, besuk ing akherat. Sira bakal bali ing Allah Pangeranira ing kono Allah bakal hanjelentrehake samu barang kang wis padha sira lakoni, hala lan becik. Satemene Allah iku nguningani sakrenteking ati.
۞ وَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ ضُرٌّ دَعَا رَبَّهٗ مُنِيْبًا اِلَيْهِ ثُمَّ اِذَا خَوَّلَهٗ نِعْمَةً مِّنْهُ نَسِيَ مَا كَانَ يَدْعُوْٓا اِلَيْهِ مِنْ قَبْلُ وَجَعَلَ لِلّٰهِ اَنْدَادًا لِّيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِهٖ ۗ قُلْ تَمَتَّعْ بِكُفْرِكَ قَلِيْلًا ۖاِنَّكَ مِنْ اَصْحٰبِ النَّارِ٨
Wa iżā massal-insāna ḍurrun da‘ā rabbahū munīban ilaihi ṡumma iżā khawwalahū ni‘matan minhu nasiya mā kāna yad‘ū ilaihi min qablu wa ja‘ala lilllāhi andādal liyuḍilla ‘an sabīlih(ī), qul tamatta‘ bikufrika qalīlā(n), innaka min aṣḥābin-nār(i).
[8]
Manungsa iku manawa pinuju kambah ing reribet banjur nyenyuwun ing ALlah Pangerane (mantheng panyuwune). Sawise mangkono manawa banjur diparingi kabungan saka Pangeran banjur lali anggone konjem nyenyuwun ing Allah. Banjur ngadegake brahala ginawe ngembari Allah. Banjur nasarake saka dalaning Allah. (Muhammad) dhawuha marang owng kang mangkono mau, "Padha bungah - bungah anggonmu kafir sawatara. Besuk kowe padha dadi kancane neraka".
اَمَّنْ هُوَ قَانِتٌ اٰنَاۤءَ الَّيْلِ سَاجِدًا وَّقَاۤىِٕمًا يَّحْذَرُ الْاٰخِرَةَ وَيَرْجُوْا رَحْمَةَ رَبِّهٖۗ قُلْ هَلْ يَسْتَوِى الَّذِيْنَ يَعْلَمُوْنَ وَالَّذِيْنَ لَا يَعْلَمُوْنَ ۗ اِنَّمَا يَتَذَكَّرُ اُولُوا الْاَلْبَابِ ࣖ٩
Amman huwa qānitun ānā'al-laili sājidaw wa qā'imay yaḥżarul-ākhirata wa yarjū raḥmata rabbih(ī), qul hal yastawil-lażīna ya‘lamūna wal-lażīna lā ya‘lamūn(a), innamā yatażakkaru ulul-albāb(i).
[9]
Wong kang ngabekti Allah ana wayah wengi ngadek lan sujud saking wedi marang (adzab) akherat, hiya nyandhong rahmating Pangerane, apa padha karo wong kafir? (Mesthi beda banget). Sira handanguwa, "Wong kang duwe kaweruh iku apa padha wae karo wong kang ora duwe kaweruh?" Dene wong kang kataman piwulang iki banjur elin giku mung wong kang pepak ngakale.
قُلْ يٰعِبَادِ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوْا رَبَّكُمْ ۗلِلَّذِيْنَ اَحْسَنُوْا فِيْ هٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌ ۗوَاَرْضُ اللّٰهِ وَاسِعَةٌ ۗاِنَّمَا يُوَفَّى الصّٰبِرُوْنَ اَجْرَهُمْ بِغَيْرِ حِسَابٍ١٠
Qul yā ‘ibādil-lażīna āmanuttaqū rabbakum, lil-lażīna aḥsanū fī hāżihid-dun-yā ḥasanah(tun), wa arḍullāhi wāsi‘ah(tun), innamā yuwaffaṣ-ṣābirūna ajrahum bigairi ḥisāb(in).
[10]
(Muhammad) dhawuha, Pangandikaning Allah mangkene, "He pawa kawulaningsun, sira padha bektia ing Allah Pangeranira. Sarupane wong kang padha ngelakoni panggawe becik ana donya iku, besuk ana akherat hiya oleh becik diganjar suwarga. Bumine Allah iku jembar. Sing sapa ora gawe becik ana ing panggonane, ngaliya ing panggonan liya. Wong kang teguh atine mesthi diparingi ganjaran kang tanpa kira - kira."
قُلْ اِنِّيْٓ اُمِرْتُ اَنْ اَعْبُدَ اللّٰهَ مُخْلِصًا لَّهُ الدِّيْنَ١١
Qul innī umirtu an a‘budallāha mukhliṣal lahud-dīn(a).
[11]
Sira dhawuha, "Aku iki didhawuhi supaya nyembag ing Allah, (nglakoni agama Islam) kelawan ati resik maligi ngelakoni parentahing Allah".
وَاُمِرْتُ لِاَنْ اَكُوْنَ اَوَّلَ الْمُسْلِمِيْنَ١٢
Wa umirtu li'an akūna awwalal-muslimīn(a).
[12]
Apadene didawuhi dadiya kawitane para wong Islam.
قُلْ اِنِّيْٓ اَخَافُ اِنْ عَصَيْتُ رَبِّيْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٣
Qul innī akhāfu in ‘aṣaitu rabbī ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[13]
Sira dhawuha, "Menawa aku duraka ing Allah Pangeranku, aku wedi patrapaning Allah besuk Qiyamat".
قُلِ اللّٰهَ اَعْبُدُ مُخْلِصًا لَّهٗ دِيْنِيْۚ١٤
Qulillāha a‘budu mukhliṣal lahū dīnī.
[14]
Sira dhawuha, "Aku iki mligi nyembah Allah sawiji (ngelakoni Islam) kelawan ati resik".
فَاعْبُدُوْا مَا شِئْتُمْ مِّنْ دُوْنِهٖۗ قُلْ اِنَّ الْخٰسِرِيْنَ الَّذِيْنَ خَسِرُوْٓا اَنْفُسَهُمْ وَاَهْلِيْهِمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ اَلَا ذٰلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِيْنُ١٥
Fa‘budū mā syi'tum min dūnih(ī), qul innal-khāsirīnal-lażīna khasirū anfusahum wa ahlīhim yaumal-qiyāmah(ti), alā żālika huwal-khusrānul-mubīn(u).
[15]
Hiyata padha nyembaha liyane Allah sakarepmu dhewe (para wong musyrik). Siraaa dhawuha (Muhammad): "Wong kang padha kapitunan nemahi gawe kapitunan ing awake dhewe lan para batihe besuk qiyamat", wis tetela kapitunan temenan.
لَهُمْ مِّنْ فَوْقِهِمْ ظُلَلٌ مِّنَ النَّارِ وَمِنْ تَحْتِهِمْ ظُلَلٌ ۗذٰلِكَ يُخَوِّفُ اللّٰهُ بِهٖ عِبَادَهٗ ۗيٰعِبَادِ فَاتَّقُوْنِ١٦
Lahum min fauqihim ẓulalum minan-nāri wa min taḥtihim ẓulal(un), żālika yukhawwifullāhu bihī ‘ibādah(ū), yā ‘ibādi fattaqūn(i).
[16]
Besuk ana akherat, ing dhuwure lan ngisore wong mahu ana geni kang tumpa - tumpa. Allah medeni kawulane ing geni mau. Pangandikane, "Pawa kawulaningsun mulane sira padha bektia marang Ingsun".
وَالَّذِيْنَ اجْتَنَبُوا الطَّاغُوْتَ اَنْ يَّعْبُدُوْهَا وَاَنَابُوْٓا اِلَى اللّٰهِ لَهُمُ الْبُشْرٰىۚ فَبَشِّرْ عِبَادِۙ١٧
Wal-lażīnajtanabuṭ-ṭāgūta ay ya‘budūhā wa anābū ilallāhi lahumul-busyrā, fabasysyir ‘ibād(i).
[17]
Sarupane wong kang ngungkiri panggodhaning syetan, suthik nyembah brahala. Ming sumungkem nyembah ing Allah wong mangkono mau padha dibebungah bakal oleh ganjaran suwarga.
الَّذِيْنَ يَسْتَمِعُوْنَ الْقَوْلَ فَيَتَّبِعُوْنَ اَحْسَنَهٗ ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ هَدٰىهُمُ اللّٰهُ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمْ اُولُوا الْاَلْبَابِ١٨
Allażīna yastami‘ūnal-qaula fa yattabi‘ūna aḥsanah(ū), ulā'ikal-lażīna hadāhumullāhu wa ulā'ika hum ulul-albāb(i).
[18]
(Muhammad) sira hambebungah kawulaningsun. Kang padha ngrungokake dhawuhing al-Quran banjur milih ngelakoni dhawuh kang padha diparingi pituduh bener. Wong kang mangkono iku wong kang duwe akal.
اَفَمَنْ حَقَّ عَلَيْهِ كَلِمَةُ الْعَذَابِۗ اَفَاَنْتَ تُنْقِذُ مَنْ فِى النَّارِ ۚ١٩
Afaman ḥaqqa ‘alaihi kalimatul-‘ażāb(i), afa'anta tunqiżu man fin-nār(i).
[19]
Wong kang wis dirampungi kabener nandhang patrapan siksa, apa sira bisa minangkani selamete, ngeluwari wong kang ana sajerone neraka?
لٰكِنِ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ لَهُمْ غُرَفٌ مِّنْ فَوْقِهَا غُرَفٌ مَّبْنِيَّةٌ ۙتَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ ەۗ وَعْدَ اللّٰهِ ۗ لَا يُخْلِفُ اللّٰهُ الْمِيْعَادَ٢٠
Lākinil-lażīnattaqau rabbahum lahum gurafum min fauqihā gurafum mabniyyah(tun), tajrī min taḥtihal-anhār(u), wa‘dallāh(i), lā yukhlifullāhul-mī‘ād(a).
[20]
Nanging sarupaning wong kang bekti ing Pangerane, iku duwe panggonan mulya ana suwarga. Kang ing dhuwure ana panggone maneh. Ing ngisore panggonan mau ana bengawane mili. Kang mangkono mau wis diprasetyakake dening Allah. Allah ora pisan nyidrani janji.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَسَلَكَهٗ يَنَابِيْعَ فِى الْاَرْضِ ثُمَّ يُخْرِجُ بِهٖ زَرْعًا مُّخْتَلِفًا اَلْوَانُهٗ ثُمَّ يَهِيْجُ فَتَرٰىهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَجْعَلُهٗ حُطَامًا ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَذِكْرٰى لِاُولِى الْاَلْبَابِ ࣖ٢١
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'an fasalakahū yanābī‘a fil-arḍi ṡumma yaj‘aluhū ḥuṭāmā(n), ina fī żālika lażikrā li'ulil-albāb(i).
[21]
Opo siro ora handeleng Allah anggone nurunake banyu udan saka langit. Banjur nglakokake banyu mau wusana dadi tuk pirang - pirang ana bumi. Banjur dianggo lantaran uriping tetanduran utawa wit - witan kang beda - beda, warna lan wohe. Sawise warnane banjur malih kuning Ora suwe nuli runtuh saka uwit. Kang mangkono mau tumrap wong kang ana akale, mesthi dadi wewulang becik.
اَفَمَنْ شَرَحَ اللّٰهُ صَدْرَهٗ لِلْاِسْلَامِ فَهُوَ عَلٰى نُوْرٍ مِّنْ رَّبِّهٖ ۗفَوَيْلٌ لِّلْقٰسِيَةِ قُلُوْبُهُمْ مِّنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۗ اُولٰۤىِٕكَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٢
Afaman syaraḥallāhu ṣadrahū lil-islāmi fahuwa ‘alā nūrim mir rabbih(ī), fawailul lil-qāsiyati qulūbuhum min żikrillāh(i), ulā'ika fī ḍalālim mubīn(in).
[22]
Wong kang duparingi padhang atine dening Allah. dhangan ngelakoni agama Islam. iku tetela wong ngambah pepadhang saka Pangerane. Nanging wong kang atine wangkont (ora eling ing Allah) suthik ngestokake al-Quran, tetela wong kang cilaka kesasar dalan kang bener.
اَللّٰهُ نَزَّلَ اَحْسَنَ الْحَدِيْثِ كِتٰبًا مُّتَشَابِهًا مَّثَانِيَۙ تَقْشَعِرُّ مِنْهُ جُلُوْدُ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ ۚ ثُمَّ تَلِيْنُ جُلُوْدُهُمْ وَقُلُوْبُهُمْ اِلٰى ذِكْرِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُدَى اللّٰهِ يَهْدِيْ بِهٖ مَنْ يَّشَاۤءُ ۗوَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍ٢٣
Allāhu nazzala aḥsanal-ḥadīṡi kitābam mutasyābiham maṡāniy(a), taqsya‘irru minhu julūdul-lażīna yakhsyauna rabbahum, ṡumma talīnu julūduhum wa qulūbuhum ilā żikrillāh(i), żālika hudallāhi yahdī bihī may yasyā'(u), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[23]
Allah iku handhawuhake cerita becik kitab al-Quran kang rampak becik. Sarta siji-sijining cerita: wewulang, pengancam, larangan lan sapinunggalane nganggo dipindhoni utawa diping teloni. Wong kang padha wedhi ing Pangerane manawa ngrungokake pangancam, padha mengkirik gethoke. Dene yen ngerongake larangan, kulite padha putih lemes, sarta atine eling ing Allah. al-Quran iku pituduhing Allah kanggo nuduhake dalan bener marang wong kang dadi parenging kersane. Dene sing sapa dikersakake kesasar dening Allah mesthi ora ana kang bisa nuduhake dalan bener.
اَفَمَنْ يَّتَّقِيْ بِوَجْهِهٖ سُوْۤءَ الْعَذَابِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ ۗوَقِيْلَ لِلظّٰلِمِيْنَ ذُوْقُوْا مَا كُنْتُمْ تَكْسِبُوْنَ٢٤
Afamay yattaqī biwajhihī sū'al-‘ażābi yaumal-qiyāmah(ti), wa qīla liẓ-ẓālimīna żūqū mā kuntum taksibūn(a).
[24]
Wong kang besuk qiyamat rahine disugokake marang siksa neraka kang abot (apa padha wae) lan wong kang selamet saka siksa (mesthi beda). Wong kafir bakal padha didhawuhi, "Mara padha rasakna patrapane kaluputan kang padha sira lakoni biyen".
كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَاَتٰىهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُوْنَ٢٥
Każżabal-lażīna min qablihim fa'atāhumul-‘ażābu mi ḥaiṡu lā yasy‘urūn(a).
[25]
Para wong kang sadurunge kafir, padha maido rasul banjur padha tinempuh ing siksa kang ngagetake, ora kanyanan.
فَاَذَاقَهُمُ اللّٰهُ الْخِزْيَ فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا ۚوَلَعَذَابُ الْاٰخِرَةِ اَكْبَرُ ۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ٢٦
Fa ażāqahumullāhul-khizya fil-ḥayātid-dun-yā, wa la‘ażābul-ākhirati akbar(u), lau kānū ya‘lamūn(a).
[26]
Wong kafir mau padha diparingi weruh rasaning siksa dening Allah kancengan ana donya. Dene siksane besuk apa ing akherat, luwih abot maneh upama wong kafir weruh kang mangkono mahu.
وَلَقَدْ ضَرَبْنَا لِلنَّاسِ فِيْ هٰذَا الْقُرْاٰنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍ لَّعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُوْنَۚ٢٧
Wa laqad ḍarabnā lin-nāsi fī hāżal-qur'āni min kulli maṡalil la‘allahum yatażakkarūn(a).
[27]
Ingsun wis hanggelar sakehing upama marang manungsa bab al-Quran iku supaya manungsa mau padha elinga ngestokake dhawuhing al-Quran.
قُرْاٰنًا عَرَبِيًّا غَيْرَ ذِيْ عِوَجٍ لَّعَلَّهُمْ يَتَّقُوْنَ٢٨
Qur'ānan ‘arabiyyan gaira żī ‘iwajil la‘allahum yattaqūn(a).
[28]
Hiya iku al-Quran basa Arab, surasane ora ana kang cengkah, supaya manungsa padha bekti ing Allah.
ضَرَبَ اللّٰهُ مَثَلًا رَّجُلًا فِيْهِ شُرَكَاۤءُ مُتَشٰكِسُوْنَ وَرَجُلًا سَلَمًا لِّرَجُلٍ هَلْ يَسْتَوِيٰنِ مَثَلًا ۗ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٩
Ḍaraballāhu maṡalar rajulan fīhi syurakā'u mutasyākisūna wa rajulan salamal lirajulin hal yastawiyāni maṡalā(n), al-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[29]
Allah hanggelar upama tumrap wong kang mangro tingal lan wong mukmin mangkene: ana wong lanang (budhak) kang di darbeki dening wong akeh kang padha kekancan (sarekat) lagi pasulayan. Lan ana maneh wong lanang (budhak) kang dadi darbeke wong siji. Wong lanang (budhak) loro maua apa padha wae? Sakabehing puji kagungane Allah piyambak, hewa dene wong - wong iki kang akeh padha ora weruh.
اِنَّكَ مَيِّتٌ وَّاِنَّهُمْ مَّيِّتُوْنَ ۖ٣٠
Innaka mayyituw wa innahum mayyitūn(a).
[30]
(Muhammad) sira iku bakal mati, dheweke (Si kafir) bakal padha mati uga.
ثُمَّ اِنَّكُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ عِنْدَ رَبِّكُمْ تَخْتَصِمُوْنَ ࣖ ۔٣١
Ṡumma innakum yaumal-qiyāmati ‘inda rabbikum takhtaṣimūn(a).
[31]
(Manungsa) satemene sawise mangkono besuk qiyamat, sira padha bantah - bantahan prakaran (diadili) ana ngarsane Allah.
۞ فَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ كَذَبَ عَلَى اللّٰهِ وَكَذَّبَ بِالصِّدْقِ اِذْ جَاۤءَهٗۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْكٰفِرِيْنَ٣٢
Faman aẓlamu mimman każaba ‘alallāhi wa każżaba biṣ-ṣidqi iż jā'ah(ū), alaisa fī jahannama maṡwal lil-kāfirīn(a).
[32]
Ora ana wong kang luwih nganiaya awake dhewe, tinimbang wong kang goroh marang Allah, apadene yen didhawuhi barang kang mesthi bener (al-Quran) banjur maido. Panggonane wong kafir apa ora ana jahannam?
وَالَّذِيْ جَاۤءَ بِالصِّدْقِ وَصَدَّقَ بِهٖٓ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُتَّقُوْنَ٣٣
Wal-lażī jā'a biṣ-ṣidqi wa ṣaddaqa bihī ulā'ika humul-muttaqūn(a).
[33]
(Muhammad) kang handhawuhake (al-Quran) kang mesthi bener lan wong kang padha percaya sarta ngestokake dhawuh, iku kabeh wong kang becik ing Allah.
لَهُمْ مَّا يَشَاۤءُوْنَ عِنْدَ رَبِّهِمْ ۗ ذٰلِكَ جَزَاۤءُ الْمُحْسِنِيْنَۚ٣٤
Lahum mā yasyā'ūna ‘inda rabbihim, żālika jazā'ul-muḥsinīn(a).
[34]
Wong mangkono mahu bakal padha tompo ganjaran suwarga ana ngarsane Pangerane, ing kono katutugake semu barang kang dikarepake. Hiya iku ganjaran wong kang padha gawe becik.
لِيُكَفِّرَ اللّٰهُ عَنْهُمْ اَسْوَاَ الَّذِيْ عَمِلُوْا وَيَجْزِيَهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ الَّذِيْ كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ٣٥
Liyukaffirallāhu ‘anhum aswa'al-lażī ‘amilū wa yajziyahum ajrahum bi'aḥsanil-lażī kānū ya‘malūn(a).
[35]
Wekasane Allah nutupi anggone ngelakoni sakehing pihala. Sarta angganjar lakune kang becik, kelawan ganjaran kang luwih saka takering kabecikane.
اَلَيْسَ اللّٰهُ بِكَافٍ عَبْدَهٗۗ وَيُخَوِّفُوْنَكَ بِالَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖۗ وَمَنْ يُّضْلِلِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ هَادٍۚ٣٦
Alaisallāhu bikāfin ‘abdah(ū), wa yukhawwifūnaka bil-lażīna min dūnih(ī), wa may yuḍlilillāhu famā lahū min hād(in).
[36]
Allah apa ora wis aweh pitulung marang para kawulane kalis saka pihalaning saterune, malah saka pangancame para kafir. Sira diweca bakal kena sisikuning brahala Sing sapa dipesthi kesasar dening Allah, ora ana kang bisa nudhuhake dalan bener.
وَمَنْ يَّهْدِ اللّٰهُ فَمَا لَهٗ مِنْ مُّضِلٍّ ۗ اَلَيْسَ اللّٰهُ بِعَزِيْزٍ ذِى انْتِقَامٍ٣٧
Wa may yahdillāhu famā lahū min muḍill(in), alaisallāhu bi‘azīzin żintiqām(in).
[37]
Dene sing sapa pinesthi oleh dalan bener dening Allah ora ana wong kang bisa nasarakae. Yen ora mangkono, apa Allah iku dudu Pangeran kang menang tur kuwasa?
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗ قُلْ اَفَرَءَيْتُمْ مَّا تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اِنْ اَرَادَنِيَ اللّٰهُ بِضُرٍّ هَلْ هُنَّ كٰشِفٰتُ ضُرِّهٖٓ اَوْ اَرَادَنِيْ بِرَحْمَةٍ هَلْ هُنَّ مُمْسِكٰتُ رَحْمَتِهٖۗ قُلْ حَسْبِيَ اللّٰهُ ۗعَلَيْهِ يَتَوَكَّلُ الْمُتَوَكِّلُوْنَ٣٨
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunnallāh(u), qul afara'aitum mā tad‘ūna min dūnillāhi in arādaniyallāhu biḍurrin hal hunna kāsyifātu ḍurrihī au arādanī biraḥmatin hal hunna mumsikātu raḥmatih(ī), qul ḥasbiyallāh(u), ‘alaihi yatawakkalul-mutawakkilūn(a).
[38]
Upama sira handangu (marang si kafir), "Sapa kang gawe bumi lan langit", mesthi padha matur, "Ingkang damel inggih Allah". Sira dhawuha saiki piye mungguh panemumu barang liyane Allah kang padha kok sembah (brahala) manawa Allah bakal maringi reribet mau? Utawa menawa aku diparingi kabungahan dening Allah, brahala apa bisa murungake? (Muhammad) dhawuha, "Kang nyukupi aku mung Allah piyambak, wong kang padha ngandhel mesthi padha nyumanggakake sakarsaning Allah".
قُلْ يٰقَوْمِ اعْمَلُوْا عَلٰى مَكَانَتِكُمْ اِنِّيْ عَامِلٌ ۚفَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَۙ٣٩
Qul yā qaumi‘malū ‘alā makānatikum innī ‘āmil(un), fa saufa ta‘lamūn(a).
[39]
(Muhammad) dhawuha, "Para ummatku padha banjurna anggonmu padha ngelakoni panggawean kang cocok karo panggonanmu, aku uga nglestarekake anggonku ngelakoni panggawean. Ing tembe kowe padha weruh".
مَنْ يَّأْتِيْهِ عَذَابٌ يُّخْزِيْهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيْمٌ٤٠
May ya'tīhi ‘ażābuy yukhzīhi wa yaḥillu ‘alaihi ‘ażābum muqīm(un).
[40]
Pangeran kang nekakake siksa kang ngremehake marang wong kafir, bakal manggon ana siksa kang langgeng.
اِنَّآ اَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتٰبَ لِلنَّاسِ بِالْحَقِّۚ فَمَنِ اهْتَدٰى فَلِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ ضَلَّ فَاِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۚوَمَآ اَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيْلٍ ࣖ٤١
Innā anzalnā ‘alaikal-kitāba lin-nāsi bil-ḥaqq(i), fa manihtadā fa linafsih(ī), wa man ḍalla fa innamā yaḍillu ‘alaihā, wa mā anta ‘alaihim biwakīl(in).
[41]
Ingsun nurunake Kitab (al-Quran) marang sira (Muhammad) kelawan nyata kanggo nerangake marang manungsa. Sapa wonge oleh pituduh bener pakolehe marang awake dhewe, sapa sing malah kesasar patrapane hiya tumrap awake dhewe. Sira ora kuwajiban nanggung marang dheweke.
اَللّٰهُ يَتَوَفَّى الْاَنْفُسَ حِيْنَ مَوْتِهَا وَالَّتِيْ لَمْ تَمُتْ فِيْ مَنَامِهَا ۚ فَيُمْسِكُ الَّتِيْ قَضٰى عَلَيْهَا الْمَوْتَ وَيُرْسِلُ الْاُخْرٰىٓ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ٤٢
Allāhu yatawaffal-anfusa ḥīna mautihā wal-latī lam tamut fī manāmihā, fayumsikul-latī qaḍā ‘alaihal-mauta wa yursilul-ukhrā ilā ajalim musammā(n), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yatafakkarūn(a).
[42]
Allah iku ngelulus nyawa (wong) nalikane matine. Dene wong kang durung wayahe mati, anggone ngelulus nalikane turu. Allah iku banjur nyimpeni nyawane wong kang dikersakake mati dene wong kang durung dikersakake mati nyawane dibalekake maneh ngenteni wewangen kang tinamtokake matine. Kang mangkono mahu tumrap wong kang gunakake pikire dadi tandha yekti kuwasaning Allah.
اَمِ اتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ شُفَعَاۤءَۗ قُلْ اَوَلَوْ كَانُوْا لَا يَمْلِكُوْنَ شَيْـًٔا وَّلَا يَعْقِلُوْنَ٤٣
Amittakhażū min dūnillāhi syufa‘ā'(a), qul awalau kānū lā yamlikūna syai'aw wa lā ya‘qilūn(a).
[43]
Wong kagir padha ngadegake Pangeran liyane Allah (brahala) dikira ing tembe bisa mitulungi ana ngersane Allah. (Muhammad) dhawuha, "Apa nyata berhala iku bisa mitulungi, sanadyan ora duwe barang - barang sarta ora duwe akal?"
قُلْ لِّلّٰهِ الشَّفَاعَةُ جَمِيْعًا ۗ لَهٗ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ ثُمَّ اِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٤٤
Qul lillāhisy-syafā‘atu jamī‘ā(n), lahū mulkus-samāwāti wal-arḍ(i), ṡumma ilaihi turja‘ūn(a).
[44]
Sira dhawuha, "Pitulung iku kabeh kang kagungan mung Allah piyambak. Allah kagungan karaton bumi lan langit ing tembe bakal padha dihimpun bali marang ngarsaning Allah".
وَاِذَا ذُكِرَ اللّٰهُ وَحْدَهُ اشْمَـَٔزَّتْ قُلُوْبُ الَّذِيْنَ لَا يُؤْمِنُوْنَ بِالْاٰخِرَةِۚ وَاِذَا ذُكِرَ الَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖٓ اِذَا هُمْ يَسْتَبْشِرُوْنَ٤٥
Wa iżā żukirallāhu waḥdahusyma'azzat qulūbul-lażīna lā yu'minūna bil-ākhirah(ti), wa iżā żukiral-lażīna min dūnihī iżā hum yastabsyirūn(a).
[45]
Manawa asmaning Allah piyambak disebut (tanpa nyebut brahala) ing kono wong kang ora ngandel bakal anane akherat, atine padha ewo. Dene yen liyane Allah kang disebut wong mahu padha bungah.
قُلِ اللّٰهُمَّ فَاطِرَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ عٰلِمَ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ اَنْتَ تَحْكُمُ بَيْنَ عِبَادِكَ فِيْ مَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٤٦
Qulillāhumma fāṭiras-samāwāti wal-arḍi ‘ālimal-gaibi wasy-syahādati anta taḥkumu baina ‘ibādika fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[46]
(Muhammad) Munjukka mangkene, "Dhuh Allah ingkang damel bumi lan langit, ingkang nguningani semu kawis ingkang samar saha kasat mata. Paduka ingkang kuwasa ngrampungi prakawisipun para kawula paduka anggenipun sami pasulayan".
وَلَوْ اَنَّ لِلَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مَا فِى الْاَرْضِ جَمِيْعًا وَّمِثْلَهٗ مَعَهٗ لَافْتَدَوْا بِهٖ مِنْ سُوْۤءِ الْعَذَابِ يَوْمَ الْقِيٰمَةِۗ وَبَدَا لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ مَا لَمْ يَكُوْنُوْا يَحْتَسِبُوْنَ٤٧
Wa lau anna lil-lażīna ẓalamū mā fil-arḍi jamī‘aw wa miṡlahū ma‘ahū laftadau bihī min sū'il-‘ażābi yaumal-qiyāmah(ti), wa badā lahum minallāhi mā lam yakūnū yaḥtasibūn(a).
[47]
Besuk qiyamat wong kafir padha handeleng siksa kang ora pisan dikira bakal ana siksa kang mangkono. Upama dheweke duweya barang saisining bumi iki ditambah sakmono maneh mesthi keduga ngelungakake dianggo nebusi awake supaya aja nganti kacemplung siksa kang abot.
وَبَدَا لَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا وَحَاقَ بِهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٤٨
Wa badā lahum sayyi'ātu mā kasabū wa ḥāqa bihim mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[48]
Dina iku wong kafir padha weruh halane barang kang wis padha dilakoni ing donya, sarta tinempuh siksa kang padha digeguyu nalika ing donya.
فَاِذَا مَسَّ الْاِنْسَانَ ضُرٌّ دَعَانَاۖ ثُمَّ اِذَا خَوَّلْنٰهُ نِعْمَةً مِّنَّاۙ قَالَ اِنَّمَآ اُوْتِيْتُهٗ عَلٰى عِلْمٍ ۗبَلْ هِيَ فِتْنَةٌ وَّلٰكِنَّ اَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٤٩
Fa'iżā massal-insāna ḍurrun da‘ānā ṡumma iżā khawwalnāhu ni‘matam minnā, qāla innamā ūtītuhū ‘alā ‘ilm(in), bal hiya fitnatuw wa lākinna akṡarahum lā ya‘lamūn(a).
[49]
Manungsa iku manawa kambuh reribet, banjur nyenyuwun marang Ingsun (Allah) bareng wis luwar saka reribet, sarta banjur diparingi kabungahan banjur ngucap, "Angonku oleh kabungahan iki amarga kepinteranku dhewe". Kang mangkono mahu hewone coba, nanging kang akeh dheweke padha ora ngerti.
قَدْ قَالَهَا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَمَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٥٠
Qad qālahal-lażīna min qablihim famā agnā ‘anhum mā kānū yaksibūn(a).
[50]
Kang ngucap mangkono mahu para ummat kuna, sadurunge wong kafir mahu (Qarun sakancane), bondho kang diklumpukake ora bisa murungake siksa.
فَاَصَابَهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا ۗوَالَّذِيْنَ ظَلَمُوْا مِنْ هٰٓؤُلَاۤءِ سَيُصِيْبُهُمْ سَيِّاٰتُ مَا كَسَبُوْا ۙوَمَا هُمْ بِمُعْجِزِيْنَ٥١
Fa'aṣābahum sayyi'ātu mā kasabū, wal-lażīna ẓalamū min hā'ulā'i sayuṣībuhum sayyi'ātu mā kasabū, wa mā hum bimu‘jizīn(a).
[51]
Mula dheweke (Qarun) banjur tinempuh siksa, patrapane pihala kang wis dilakoni, dene wong kang padha kafir uga bakal padha tinempuh siksa, patrapaning pihala kang wis padha dilakoni, ora ana kang bisa ngoncati siksaningsun.
اَوَلَمْ يَعْلَمُوْٓا اَنَّ اللّٰهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَّشَاۤءُ وَيَقْدِرُ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يُّؤْمِنُوْنَ ࣖ٥٢
Awalam ya‘lamū annallāha yabsuṭur-rizqa limay yasyā'u wa yaqdir(u), inna fī żālika la'āyātil liqaumiy yu'minūn(a).
[52]
Dheweke padha ora weruh yen Allah paring rizki akeh marang wong kang dadi parenging kersane lan ana uga kang diparingi rizki sethithik. Kang mangkono mahu tumrap wong kang padha percaya ing Allah, mesthi dadi tandha yekti.
۞ قُلْ يٰعِبَادِيَ الَّذِيْنَ اَسْرَفُوْا عَلٰٓى اَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوْا مِنْ رَّحْمَةِ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ جَمِيْعًا ۗاِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ٥٣
Qul yā ‘ibādiyal-lażīna asrafū ‘alā anfusihim lā taqnaṭū mir raḥmatillāh(i), innallāha yagfiruż-żunūba jamī‘ā(n), innahū huwal-gafūrur-raḥīm(u).
[53]
(Muhammad) dhawuha, "Para kawulaningsun kang wis padha kebangeten (nglakoni panggawe hala) sira aja padha mutung ora ngarep - arep rahmating Allah. Satemene Allah kuwasa ngapura dosa kabeh. Allah iku kapareng ngapura dosa tur maha asih".
وَاَنِيْبُوْٓا اِلٰى رَبِّكُمْ وَاَسْلِمُوْا لَهٗ مِنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ الْعَذَابُ ثُمَّ لَا تُنْصَرُوْنَ٥٤
Wa anībū ilā rabbikum wa aslimū lahū min qabli ay ya'tiyakumul-‘ażābu ṡumma lā tunṣarūn(a).
[54]
Sira padha balia marang ngarsane Allah Pangeranira kelawan tobat, manut miturut dhawuhing Allah kelawan ati resik, mumpung durung katekan siksa. Yen nganti kasep tobatira, ora bakal oleh pitulung.
وَاتَّبِعُوْٓا اَحْسَنَ مَآ اُنْزِلَ اِلَيْكُمْ مِّنْ رَّبِّكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَكُمُ الْعَذَابُ بَغْتَةً وَّاَنْتُمْ لَا تَشْعُرُوْنَ ۙ٥٥
Wattabi‘ū aḥsana mā unzila ilaikum mir rabbikum min qabli ay ya'tiyakumul ‘ażābu bagtataw wa antum lā tasy‘urūn(a).
[55]
Padha ngelakonana dhawuh kang tinurunake Allah marang siksa (al-Quran). Miliha kang becik dhewe, mumpung durung katekan siksa kelawan ngagetake, sira ora nyana tekane siksa mahu.
اَنْ تَقُوْلَ نَفْسٌ يّٰحَسْرَتٰى عَلٰى مَا فَرَّطْتُّ فِيْ جَنْۢبِ اللّٰهِ وَاِنْ كُنْتُ لَمِنَ السّٰخِرِيْنَۙ٥٦
An taqūla yā ḥasratā ‘alā mā farraṭṭu fī jambillāhi wa in kuntu laminas-sākhirīn(a).
[56]
Supaya aja ana wong sesambat mangkene, "Cilaka temen aku marga kahinan, ora ngistokake dhawuhing Allah. Biyen aku mung geguyon bae".
اَوْ تَقُوْلَ لَوْ اَنَّ اللّٰهَ هَدٰىنِيْ لَكُنْتُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ ۙ٥٧
Au taqūla lau annallāha hadānī lakuntu minal-muttaqīn(a).
[57]
Utawa supaya aja kang ngucap mangkene, "Upama Allah paring pituduh bener marang aku, mesthi aku kalebu hewone wong kang padha bekti ing Allah".
اَوْ تَقُوْلَ حِيْنَ تَرَى الْعَذَابَ لَوْ اَنَّ لِيْ كَرَّةً فَاَكُوْنَ مِنَ الْمُحْسِنِيْنَ٥٨
Au taqūla ḥīna taral-‘ażāba lau anna lī karratan fa akūna minal-muḥsinīn(a).
[58]
Utawa bareng handeleng siksa banjur ngucap mangkene, "Upama kau diparengake bali marang donya, mesthi kelebu golongane wong kang padha ngelakoni penggawe becik."
بَلٰى قَدْ جَاۤءَتْكَ اٰيٰتِيْ فَكَذَّبْتَ بِهَا وَاسْتَكْبَرْتَ وَكُنْتَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ٥٩
Balā qad jā'atka āyātī fa każżabta bihā wastakbarta wa kunta minal-kāfirīn(a).
[59]
Ing kono banjur ana dhawuhing Allah mangkene, "Hiya sira wis katekan al-Quran ayatingsun, nanging sira maido, sarta gumedhe ora percaya. Banjur dadi golongane wong kafir."
وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ تَرَى الَّذِيْنَ كَذَبُوْا عَلَى اللّٰهِ وُجُوْهُهُمْ مُّسْوَدَّةٌ ۗ اَلَيْسَ فِيْ جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْمُتَكَبِّرِيْنَ٦٠
Wa yaumal-qiyāmati taral-lażīna każabū ‘alallāhi wujūhuhum muswaddah(tun), alaisa fī jahannama maṡwal lil-mutakabbirīn(a).
[60]
Lan ing besuk dina qiyamat sira deleng sarupane wong kang celathu goroh ngarani Allah ana kang ngembari rahine padha ireng. Panggonane wong kang padha gumedhe iku apa ora ana neraka jahannam?
وَيُنَجِّى اللّٰهُ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا بِمَفَازَتِهِمْۖ لَا يَمَسُّهُمُ السُّوْۤءُ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ٦١
Wa yunajjillāhul-lażīnattaqau bimafāzatihim, lā yamassuhumus-sū'u wa lā hum yaḥzanūn(a).
[61]
Allah paring selamet marang para wong kang bekti ing Allah. Marga saka bagjane dadi ora kambah barang kang hala. Sarta ora ana kang kasusahan.
اَللّٰهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ ۙوَّهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ وَّكِيْلٌ٦٢
Allāhu khāliqu kulli syai'(in), wa huwa ‘alā kulli syai'iw wakīl(un).
[62]
Allah iku kang gawe samu barang. hiya kang ngreksa samu barang lan nindakake sakarsa-karsane.
لَهٗ مَقَالِيْدُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِاٰيٰتِ اللّٰهِ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ ࣖ٦٣
Lahū maqālīdus-samāwāti wal-arḍ(i), wal-lażīna kafarū bi'āyātillāhi ulā'ika humul-khāsirūn(a).
[63]
Allah iku kang ngasta simpenane langit lan bumi, dene sarupane wong kang maido ayat - ayating Allah, iku tetep wong kapitunan.
قُلْ اَفَغَيْرَ اللّٰهِ تَأْمُرُوْۤنِّيْٓ اَعْبُدُ اَيُّهَا الْجٰهِلُوْنَ٦٤
Qul afagairallāhi ta'murūnnī a‘budu ayyuhal-jāhilūn(a).
[64]
(Muhammad) dhawuha, "Hai para wong bodho! Apa kowe akon marang aku supaya nyembah liyane Allah?"
وَلَقَدْ اُوْحِيَ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۚ لَىِٕنْ اَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ٦٥
Wa laqad ūḥiya ilaika wa ilal-lażīna min qablik(a), la'in asyrakta layaḥbaṭanna ‘amaluka wa latakūnanna minal-khāsirīn(a).
[65]
Sira lan para ummat sadurungmu wis padha diparingi dhawuh, "Manawa sira mangro tingal lakunira kang becik sirna kabeh, sira mesthi dadi wong kapitunan".
بَلِ اللّٰهَ فَاعْبُدْ وَكُنْ مِّنَ الشّٰكِرِيْنَ٦٦
Balillāha fa‘bud wa kum minasy-syākirīn(a).
[66]
Balik sira mung nyembaha ing Allah wae, lan sira kalebu hewone wong kang padha syukur.
وَمَا قَدَرُوا اللّٰهَ حَقَّ قَدْرِهٖۖ وَالْاَرْضُ جَمِيْعًا قَبْضَتُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ وَالسَّمٰوٰتُ مَطْوِيّٰتٌۢ بِيَمِيْنِهٖ ۗسُبْحٰنَهٗ وَتَعٰلٰى عَمَّا يُشْرِكُوْنَ٦٧
Wa mā qadarullāha ḥaqqa qadrih(ī), wal-arḍu jamī‘an qabḍatuhū yaumal-qiyāmati was-samāwātu maṭwiyyātum biyamīnih(ī), subḥānahū wa ta‘ālā ‘ammā yusyrikūn(a).
[67]
Lan dheweke ora ngluhurake Allah kelawan ngegungake kang sayektine. Bumi iki kabeh besuk qiyamat katekem lan langit digulung kelawan panguwasaning Allah, Allah maha suci lan Maha Luhur, adoh banget karo panemumu para wong mangro tingal.
وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَصَعِقَ مَنْ فِى السَّمٰوٰتِ وَمَنْ فِى الْاَرْضِ اِلَّا مَنْ شَاۤءَ اللّٰهُ ۗ ثُمَّ نُفِخَ فِيْهِ اُخْرٰى فَاِذَا هُمْ قِيَامٌ يَّنْظُرُوْنَ٦٨
Wa nufikha fiṣ-ṣūri faṣa‘iqa man fis-samāwāti wa man fil-arḍi illā man syā'allāh(u), ṡumma nufikha fīhi ukhrā fa'iżā hum qiyāmuy yanẓurūn(a).
[68]
Besuk qiyamat, slomprete malaikat Isrofil didamu. Ing kono sahisining bumi lan langit banjur padha mati kabeh. Kajaba kang dikersakake Allah. Sawise mangkono banjur didamu maneh ing kono kang wis padha mati banjur tangi urip maneh padha ndeleng kahanane.
وَاَشْرَقَتِ الْاَرْضُ بِنُوْرِ رَبِّهَا وَوُضِعَ الْكِتٰبُ وَجِايْۤءَ بِالنَّبِيّٖنَ وَالشُّهَدَاۤءِ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْحَقِّ وَهُمْ لَا يُظْلَمُوْنَ٦٩
Wa asyraqatil-arḍu binūri rabbihā wa wuḍi‘al-kitābu wa jī'a bin-nabiyyīna wasy-syuhadā'i wa quḍiya bainahum bil-ḥaqqi wa hum lā yuẓlamūn(a).
[69]
Salumahing bumi banjur padhang dening cahyaning Pangerane. Sarupaning wong banjur diparingi tulisan (cathetan) barang kang wis padha dilakoni, ditekakake para nabi - nabi lan seksi - seksi banjur padha dirampungi perkarane kanthi adil ora ana kang nandhang panganihaya.
وَوُفِّيَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ وَهُوَ اَعْلَمُ بِمَا يَفْعَلُوْنَ ࣖ٧٠
Wa wuffiyat kullu nafsim mā ‘amilat wa huwa a‘lamu bimā yaf‘alūn(a).
[70]
Siji - sijining wong padha diparingi wewales pituwse barang kang wis dilakoni nalika ing donya, Allah nguningani barang kang wis dilakoni.
وَسِيْقَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِلٰى جَهَنَّمَ زُمَرًا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءُوْهَا فُتِحَتْ اَبْوَابُهَا وَقَالَ لَهُمْ خَزَنَتُهَآ اَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِّنْكُمْ يَتْلُوْنَ عَلَيْكُمْ اٰيٰتِ رَبِّكُمْ وَيُنْذِرُوْنَكُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَا ۗقَالُوْا بَلٰى وَلٰكِنْ حَقَّتْ كَلِمَةُ الْعَذَابِ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٧١
Wasīqal-lażīna kafarū ilā jahannama zumarā(n), ḥattā iżā jā'ūhā futiḥat abwābuhā wa qāla lahum khazanatuhā alam ya'tikum rusulum minkum yatlūna ‘alaikum āyāti rabbikum wa yunżirūnakum liqā'a yaumikum hāżā, qālū balā wa lākin ḥaqqat kalimatul-‘ażābi ‘alal-kāfirīn(a).
[71]
Para kafir padha dituntun marang neraka jahannam gegolongan. Bareng tekan pinggiring neraka lawanging neraka dibukak. Ing kono malaikat kang rumeksa padha takon marang dheweke, "Apa kowe biyen ora katekan rasul, pethilan saka kancamu, kang ngundhangake ayat dhawuhing Allah? Sarta ngelingake marang kowe bakal kelakone qiyamat?" Banjur padha mangsuli, "Inggih sampun kedhatengan rasul nanging kula phiben, mila sampun lereng pangandikaning Allah nemtokaken siksa neraka dhateng tiyang kafir".
قِيْلَ ادْخُلُوْٓا اَبْوَابَ جَهَنَّمَ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا ۚفَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِيْنَ٧٢
Qīladkhulū abwāba jahannama khālidīna fīhā, fa bi'sa maṡwal-mutakabūbirīn(a).
[72]
Para wong kafir banjur padha didhawuhi, "Padha mlebua lawanging neraka jahannam langgeng salawase". Hala temen panggonane wong kafir kang padha gumedhe.
وَسِيْقَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ اِلَى الْجَنَّةِ زُمَرًا ۗحَتّٰىٓ اِذَا جَاۤءُوْهَا وَفُتِحَتْ اَبْوَابُهَا وَقَالَ لَهُمْ خَزَنَتُهَا سَلٰمٌ عَلَيْكُمْ طِبْتُمْ فَادْخُلُوْهَا خٰلِدِيْنَ٧٣
Wasīqal-lażīnattaqau rabbahum ilal-jannati zumarā(n), ḥattā iżā jā'ūhā wa futiḥat abwābuhā wa qāla lahum khazanatuhā salāmun ‘alaikum ṭibtum fadkhulūhā khālidīn(a).
[73]
Dene wong kang padha bekti ing Allah Pangerane, padha dhirit marang suwarga pantahn - panthan. Bareng wis tekan pinggiring suwarga, lawange dingakake malaikat kang ngreksa suwarga banjur hambagekake, "Sami sugenga, begja temen panjenengan, sumonggo sami lumebeta langgeng salaminipun".
وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ صَدَقَنَا وَعْدَهٗ وَاَوْرَثَنَا الْاَرْضَ نَتَبَوَّاُ مِنَ الْجَنَّةِ حَيْثُ نَشَاۤءُ ۚفَنِعْمَ اَجْرُ الْعٰمِلِيْنَ٧٤
Wa qālul-ḥamdu lillāhil-lażī ṣadaqanā wa‘dahū wa auraṡanal-arḍa natabawwa'u minal-jannati ḥaiṡu nasyā'(u), fani‘ma ajrul-‘āmilīn(a).
[74]
Banjur padha memuji, "Sakabehing puji kagungane Allah kang prasetyane biyen saiki wis kanyatan temenenan. Allah wis paring panduman bumi suwarga marang aku, saiki aku manggon sak karepku. Becik temen ganjaran wong kang ngestokake dhawuh".
وَتَرَى الْمَلٰۤىِٕكَةَ حَاۤفِّيْنَ مِنْ حَوْلِ الْعَرْشِ يُسَبِّحُوْنَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْۚ وَقُضِيَ بَيْنَهُمْ بِالْحَقِّ وَقِيْلَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ٧٥
Wa taral-malā'ikata ḥāffīna min ḥaulil-‘arsyi yusabbiḥūna biḥamdi rabbihim, wa quḍiya bainahum bil-ḥaqqi wa qīlal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[75]
Besuk sira ndeleng para malaikat padha baris ana kiwa tengene. Ngaras padha nyebut maha suci memuji Allah. Sarupane titah padha dirampungi perkarane kelawan adil (diparingi wewales pituwasing lakune dhewe - dhewe hala utawa becik). Sakabehing puji kagungane Allah Pangerane alam kabeh.