Surah As-Saffat

Daftar Surah

بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
وَالصّٰۤفّٰتِ صَفًّاۙ١
Waṣ-ṣāffāti ṣaffā(n).
[1] 1. Demi para Malaikat kang adha baris sap - sapan.

فَالزّٰجِرٰتِ زَجْرًاۙ٢
Faz-zājirāti zajrā(n).
[2] 2. Demi para Malaikat kang padha ngimpun mega.

فَالتّٰلِيٰتِ ذِكْرًاۙ٣
Fat-tāliyāti żikrā(n).
[3] 3. Demi kang padha maca al-Quran kelawan eling.

اِنَّ اِلٰهَكُمْ لَوَاحِدٌۗ٤
Inna ilāhakum lawāḥid(un).
[4] 4. He (Manungsa). Sesembahanira kang bener iku mung Allah kang sawiji.

رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَرَبُّ الْمَشَارِقِۗ٥
Rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā wa rabbul-masyāriq(i).
[5] 5. Hiya iku pangerane langit lan bumi, lan samu barang kang ana antarane langit lan bumi. Sarta Pangerane panggonan mletheke lan surupe srengenge.

اِنَّا زَيَّنَّا السَّمَاۤءَ الدُّنْيَا بِزِيْنَةِ ِۨالْكَوَاكِبِۙ٦
Innā zayyannas-samā'ad-dun-yā bizīnatinil-kawākib(i).
[6] 6. Ingsun ngrenggo - ngrenggo langit kang cedhak kanthi lintang pirang - pirang kang padha semlorot.

وَحِفْظًا مِّنْ كُلِّ شَيْطٰنٍ مَّارِدٍۚ٧
Wa ḥifẓam min kulli syaiṭānim mārid(in).
[7] 7. Lan (ing kono ana) pangreksa saking sarupaning syetan kang amelwani.

لَا يَسَّمَّعُوْنَ اِلَى الْمَلَاِ الْاَعْلٰى وَيُقْذَفُوْنَ مِنْ كُلِّ جَانِبٍۖ٨
Lā yassammā‘ūna ilal-mala'il-a‘lā wa yuqżafūna min kulli jānib(in).
[8] 8. Syethan ora bisa ngrungokake guneme para Malaikat kang ana ing ngendi - endi panggonan.

دُحُوْرًا وَّلَهُمْ عَذَابٌ وَّاصِبٌ٩
Duḥūraw wa lahum ‘ażābuw wāṣib(un).
[9] 9. Syetan mahu dipatrapi siksa kang langgeng.

اِلَّا مَنْ خَطِفَ الْخَطْفَةَ فَاَتْبَعَهٗ شِهَابٌ ثَاقِبٌ١٠
Illā man khaṭifal-khaṭfata fa'atba‘ahū syihābun ṡāqib(un).
[10] 10. Kajaba syetan bisa sawetara bisa ngrungokake sakecap - rong kecap kelawan rikatan hewadene banjur katungka dibalang "Shihab" kang mubyar - mubyar lan natoni.

فَاسْتَفْتِهِمْ اَهُمْ اَشَدُّ خَلْقًا اَمْ مَّنْ خَلَقْنَا ۗاِنَّا خَلَقْنٰهُمْ مِّنْ طِيْنٍ لَّازِبٍ١١
Fastaftihim ahum asyaddu khalqan am man khalaqnā, innā khalaqnāhum min ṭīnil lāzib(in).
[11] 11. Takono angel endi anggone gawe wong kafir karo gawe bui lan langit? Anggoningsun gawe dheweke (wong kafir) mung saka endhut.

بَلْ عَجِبْتَ وَيَسْخَرُوْنَ ۖ١٢
Bal ‘ajibta wa yaskharūn(a).
[12] 12. Balik sira (Muhammad) banjur gumun ana apa wong kafir ora bisa nerangake mung geguyu.

وَاِذَا ذُكِّرُوْا لَا يَذْكُرُوْنَ ۖ١٣
Wa iżā żukkirū lā yażkurūn(a).
[13] 13. Menawa dipituturi surasaning al-Quran ora manut.

وَاِذَا رَاَوْا اٰيَةً يَّسْتَسْخِرُوْنَۖ١٤
Wa iżā ra'au āyatay yastaskhirūn(a).
[14] 14. Menawa padha handeleng tandha yekti kehelokan (kayata sigare rembulan) padha geguyu.

وَقَالُوْٓا اِنْ هٰذَآ اِلَّا سِحْرٌ مُّبِيْنٌ ۚ١٥
Wa qālū in hāżā illā siḥrum mubīn(un).
[15] 15. Pangucape, "Iki ora liwat mung sihir".

ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَبْعُوْثُوْنَۙ١٦
A'iżā mitnā wa kunnā turābaw wa ‘iẓāman a'innā lamab‘ūṡūn(a).
[16] 16. Apa besuk yen aku wis mati utawa wis dadi lemah lan balung, aku bakal diuripake dadi wing maneh?

اَوَاٰبَاۤؤُنَا الْاَوَّلُوْنَۗ١٧
Awa ābā'unal-awwalūn(a).
[17] 17. Apa perlu para leluhurku zaman kuna biyen uga padha diuripake kabeh?

قُلْ نَعَمْ وَاَنْتُمْ دٰخِرُوْنَۚ١٨
Qul na‘am wa antum dākhirūn(a).
[18] 18. (Muhammad) Dhawuha, "Padha diuripake kabeh dene kowe padha asor banget".

فَاِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَّاحِدَةٌ فَاِذَا هُمْ يَنْظُرُوْنَ١٩
Fa'innamā hiya zajratuw wāḥidatun fa'iżā hum yanẓurūn(a).
[19] 19. Dhene tangine wong kang wis padha mati iku mung sarana pathake (malaikat Israfil) sapisan bahe, sarta handeleng hala beciking lakune.

وَقَالُوْا يٰوَيْلَنَا هٰذَا يَوْمُ الدِّيْنِ٢٠
Wa qālū yā wailanā hāżā yaumud-dīn(i).
[20] 20. Padha ngucap (wong kafir): "Hadhuh, cilaka temen aku", (Banjur malaikat dhawuh), "Iki buktine dina Qiyamat".

هٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَ ࣖ٢١
Hāżā yaumul-faṣlil-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[21] 21. Hiya iki dina pancasaning prakara kang padha kok paido biyen.

اُحْشُرُوا الَّذِيْنَ ظَلَمُوْا وَاَزْوَاجَهُمْ وَمَا كَانُوْا يَعْبُدُوْنَ ۙ٢٢
Uḥsyurul-lażīna ẓalamū wa azwājahum wa mā kānū ya‘budūn(a).
[22] 22. (Malaikat banjur tampa dhawuh), Sarupane wong kafir para syetan kang dadi panuntun, brahala kang disembah padha klumpukna kabeh.

مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ فَاهْدُوْهُمْ اِلٰى صِرَاطِ الْجَحِيْمِ٢٣
Min dūnillāhi fahdūhum ilā ṣirāṭil-jaḥīm(i).
[23] 23. Wong kafir padha nyembah liyane Allah, padha giringen marang dalan marang neraka jahannam.

وَقِفُوْهُمْ اِنَّهُمْ مَّسْـُٔوْلُوْنَ ۙ٢٤
Waqifūhum innahum mas'ūlūn(a).
[24] 24. Kabeh padha sira dhawuhana ngadeg ana pinggiring neraka, perlu padha ditakoni panggaweyan kang wis dilakoni.

مَا لَكُمْ لَا تَنَاصَرُوْنَ٢٥
Mā lakum lā tanāṣarūn(a).
[25] 25. Malaikat kang rumeksa neraka Jahannam banjur takon, "Yogene kowe padha ora tulung - tinulung karo kancamu?"

بَلْ هُمُ الْيَوْمَ مُسْتَسْلِمُوْنَ٢٦
Bal humul-yauma mustaslimūn(a).
[26] 26. Dino iku won gkafir ora bisa mangsuli mung pasrah bongkokan.

وَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٢٧
Wa aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[27] 27. Padha pandeng - pinandheng lan tutuh - tinutuh padha kancane.

قَالُوْٓا اِنَّكُمْ كُنْتُمْ تَأْتُوْنَنَا عَنِ الْيَمِيْنِ٢٨
Qālū innakum kuntum ta'tūnanā ‘anil-yamīn(i).
[28] 28. Panutuhe won gkang manut kang dianut, "anggonku manut marang kowe biyen, marga anggonmu hambujuk aku dibondhani supata".

قَالُوْا بَلْ لَّمْ تَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَۚ٢٩
Qālū bal lam takūnū mu'minīn(a).
[29] 29. Wong kang dianut mangsuli, "Hiya bener nanging kowe ora percaya marang rasul saka karepmu dhewe".

وَمَا كَانَ لَنَا عَلَيْكُمْ مِّنْ سُلْطٰنٍۚ بَلْ كُنْتُمْ قَوْمًا طٰغِيْنَ٣٠
Wa mā kāna lanā ‘alaikum min sulṭān(in), bal kuntum qauman ṭāgīn(a).
[30] 30. Aku ora kuwasa nyegah marang kowe. Tetela kowe kesasar saka karepmu dhewe.

فَحَقَّ عَلَيْنَا قَوْلُ رَبِّنَآ ۖاِنَّا لَذَاۤىِٕقُوْنَ٣١
Fa ḥaqqa ‘alainā qaulu rabbinā, innā lażā'iqūn(a).
[31] 31. Dadi saiki kita kapeksa padha ngrasakake siksa kang wis diancamake biyen, tetep kaya pangandikaning Allah Pangeranku.

فَاَغْوَيْنٰكُمْ اِنَّا كُنَّا غٰوِيْنَ٣٢
Fa agwainākum innā kunnā gāwīn(a).
[32] 32. Aku nasarake marang kowe, nanging aku dhewe hiya kesasar.

فَاِنَّهُمْ يَوْمَىِٕذٍ فِى الْعَذَابِ مُشْتَرِكُوْنَ٣٣
Fa innahum yauma'iżin fil-‘ażābi musytarikūn(a).
[33] 33. (Pangandikaning Allah) dado dona iku wong kafir kang manut lan kang dihenut, kabeh padha disiksa.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِيْنَ٣٤
Innā każālika naf‘alu bil-mujrimīn(a).
[34] 34. Kaya mangkono anggoningsun nindakake pangadilan marang para kafir.

اِنَّهُمْ كَانُوْٓا اِذَا قِيْلَ لَهُمْ لَآ اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ يَسْتَكْبِرُوْنَ ۙ٣٥
Innahum kānū iżā qīla lahum lā ilāha illallāhu yastakbirūn(a).
[35] 35. Wong kang padha nyembah brahala manwa krungu pangucap, "Laa Illaaha Illallah" banjur padha gumedhe.

وَيَقُوْلُوْنَ اَىِٕنَّا لَتَارِكُوْٓا اٰلِهَتِنَا لِشَاعِرٍ مَّجْنُوْنٍ ۗ٣٦
Wa yaqūlūna a'innā latārikū ālihatinā lisyā‘irim majnūn(in).
[36] 36. Pangucape, "Apa aku padha mareni nyembah brahala, mung marga manut marang nganggit tembang edan".

بَلْ جَاۤءَ بِالْحَقِّ وَصَدَّقَ الْمُرْسَلِيْنَ٣٧
Bal jā'a bil-ḥaqqi wa ṣaddaqal-mursalīn(a).
[37] 37. (Pangandikaning Allah) (Muhammad) iku dhawuhake barang kang nyata, temen saka Ingsun cocok kang didhawuhake dening para rasul kang kuna - kuna.

اِنَّكُمْ لَذَاۤىِٕقُوا الْعَذَابِ الْاَلِيْمِ ۚ٣٨
Innakum lażā'iqul-‘ażābil-alīm(i).
[38] 38. (Para wong kafir) Sira kabeh ora wurung bakal ngrasakake siksa kang ngelarani.

وَمَا تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۙ٣٩
Wa mā tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[39] 39. Ora liwat kang mangono mahu tumanja patrapane kaluputan kang wis padha sira lakoni.

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ٤٠
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[40] 40. Kajaba para kawulaning Allah kang resik mligi pracaya ing Allah.

اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ رِزْقٌ مَّعْلُوْمٌۙ٤١
Ulā'ika lahum rizqum ma‘lūm(un).
[41] 41. Ana suwarga padha olelh rizki kang tinamtokake.

فَوَاكِهُ ۚوَهُمْ مُّكْرَمُوْنَۙ٤٢
Fawākihu wa hum mukramūn(a).
[42] 42. Hya iku woh - wohan pirang - pirang lan nyenyamikan. Wong mukmin padha kajen banget.

فِيْ جَنّٰتِ النَّعِيْمِۙ٤٣
Fī jannātin na‘īm(i).
[43] 43. Ana ing suwarga kang akeh kanikmatan (Suwarga Na'im)

عَلٰى سُرُرٍ مُّتَقٰبِلِيْنَ٤٤
‘Alā sururim mutaqābilīn(a).
[44] 44. Padha linggih ana ing dhampar kencana adhep - adhepan.

يُطَافُ عَلَيْهِمْ بِكَأْسٍ مِّنْ مَّعِيْنٍۢ ۙ٤٥
Yuṭāfu ‘alaihim bika'sim mim ma‘īn(in).
[45] 45. Padha diladen gelas isi banyu bening saka sumber-sumber.

بَيْضَاۤءَ لَذَّةٍ لِّلشّٰرِبِيْنَۚ٤٦
Baiḍā'a lażżatil lisy-syāribīn(a).
[46] 46. Rupane puth diombe enak banget.

لَا فِيْهَا غَوْلٌ وَّلَا هُمْ عَنْهَا يُنْزَفُوْنَ٤٧
Lā fīhā gauluw wa lā hum ‘anhā yunzafūn(a).
[47] 47. Omben - omben mau ora marakake mumet (ora isi alkohol) uga ora marakake mendem.

وَعِنْدَهُمْ قٰصِرٰتُ الطَّرْفِ عِيْنٌ ۙ٤٨
Wa ‘indahum qāṣirātuṭ-ṭarfi ‘īn(un).
[48] 48. Ing suwarga padha marem handeleng rabine kang endah rupane mripate omba nyengsemake.

كَاَنَّهُنَّ بَيْضٌ مَّكْنُوْنٌ٤٩
Ka'annahum baiḍum maknūn(un).
[49] 49. Kekulitane putih semu kuning memper endhok kang kasimpen becik.

فَاَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلٰى بَعْضٍ يَّتَسَاۤءَلُوْنَ٥٠
Fa'aqbala ba‘ḍuhum ‘alā ba‘ḍiy yatasā'alūn(a).
[50] 50. Wong ing suwarga padha pandeng - pinandheng lan takon tinakon padha kancane (bab lakune ing donya).

قَالَ قَاۤىِٕلٌ مِّنْهُمْ اِنِّيْ كَانَ لِيْ قَرِيْنٌۙ٥١
Qāla qā'ilum minhum innī kāna lī qarīn(un).
[51] 51. Ana kang celathu mangkene, "Kala ing donya kula gadhah konca mahiben bab anggenipun tiyang badhe tangi saking pejah".

يَّقُوْلُ اَءِنَّكَ لَمِنَ الْمُصَدِّقِيْنَ٥٢
Yaqūlu a'innaka laminal-muṣaddiqīn(a).
[52] 52. Wicanten, "Apa kowe ngandel bakal tangine wong kang wis padha mati".

ءَاِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَّعِظَامًا ءَاِنَّا لَمَدِيْنُوْنَ٥٣
A'iżā mitnā wa kunnā turāban a'innā lamadīnūn(a).
[53] 53. Besuk yen wis aku mati sarta wis dadi lemah lan balung, apa nyata aku bakal tampa ganjaran utawa nandhang siksa?

قَالَ هَلْ اَنْتُمْ مُّطَّلِعُوْنَ٥٤
Qāla hal antum muṭṭali‘ūn(a).
[54] 54. Won ging suwarga celathu marang kancane, "Manapa badhe sumerep kawontenipun tiyang ingkan mahiben?"

فَاطَّلَعَ فَرَاٰهُ فِيْ سَوَاۤءِ الْجَحِيْمِ٥٥
Faṭṭala‘a fa ra'āhu fī sawā'il-jaḥīm(i).
[55] 55. Banjur padha ngungak, ing kono banjur handeleng wong kang maido mau ana telenging neraka jahannam.

قَالَ تَاللّٰهِ اِنْ كِدْتَّ لَتُرْدِيْنِ ۙ٥٦
Qāla tallāhi in kitta laturdīn(i).
[56] 56. (Won ging suwarga) padha celathu, "Demi Allah, upama aku kena kok bujuk, kok jelemprongake, mesthi aku cilaka kaya kowe".

وَلَوْلَا نِعْمَةُ رَبِّيْ لَكُنْتُ مِنَ الْمُحْضَرِيْنَ٥٧
Wa lau lā ni‘matu rabbī lakuntu minal-muḥḍarīn(a).
[57] 57. Upama ora ana pitulunge Allah marang aku, mesthi aku melu digiring neraka kaya kowe/

اَفَمَا نَحْنُ بِمَيِّتِيْنَۙ٥٨
Afamā naḥnu bimayyitīn(a).
[58] 58. (Wong ing suwarga mahu) celathu, "Punapa kula badhe pejah maleh?"

اِلَّا مَوْتَتَنَا الْاُوْلٰى وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ٥٩
Illā mautatunal-ūlā wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[59] 59. "Kejawi pejah sepisan ing kang sampun kula lampahi rumiyin punapa kula boten badhe dipun siksa?"

اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُ٦٠
Inna hāżā lahuwal-fauzul-‘aẓīm(u).
[60] 60. (Malaikat dhawuh), "Sampeyan boten badhe pejah maleh, langgeng wonten suwarga, punika kabegjan ingkang ageng".

لِمِثْلِ هٰذَا فَلْيَعْمَلِ الْعٰمِلُوْنَ٦١
Limiṡli hāżā falya‘malil-‘āmilūn(a).
[61] 61. Wong kang padha ngelakoni kabecikan murih oleha kabegjan.

اَذٰلِكَ خَيْرٌ نُّزُلًا اَمْ شَجَرَةُ الزَّقُّوْمِ٦٢
Ażālika khairun nuzulan am syajaratuz-zaqqūm(i).
[62] 62. Sesuguhing Allah suwarga kang mangkono mau becik hendi karo woh zaqqum? (hiya iku woh - wohan neraka).

اِنَّا جَعَلْنٰهَا فِتْنَةً لِّلظّٰلِمِيْنَ٦٣
Innā ja‘alnāhā fitnatal liẓ-ẓālimīn(a).
[63] 63. Woh zaqqum mahu Ingsun sediyakake kanggo matrapi para wong kafir.

اِنَّهَا شَجَرَةٌ تَخْرُجُ فِيْٓ اَصْلِ الْجَحِيْمِۙ٦٤
Innahā syajaratun takhruju fī aṣlil-jaḥīm(i).
[64] 64. Kayu zaqqum iku tukhul ana telenge neraka Jahim.

طَلْعُهَا كَاَنَّهٗ رُءُوْسُ الشَّيٰطِيْنِ٦٥
Ṭal‘uhā ka'annahū ru'ūsusy-syayāṭīn(i).
[65] 65. Mancunge zaqqum mau memper hendasing syetan.

فَاِنَّهُمْ لَاٰكِلُوْنَ مِنْهَا فَمَالِـُٔوْنَ مِنْهَا الْبُطُوْنَۗ٦٦
Fa innahum la'ākilūna minhā fa māli'ūna minhal-buṭūn(a).
[66] 66. Wong kafir padha kapeksa mangan woh zaqqum mau, nganti kebak wetenge.

ثُمَّ اِنَّ لَهُمْ عَلَيْهَا لَشَوْبًا مِّنْ حَمِيْمٍۚ٦٧
Ṡumma inna lahum ‘alaihā lasyaubam min ḥamīm(in).
[67] 67. Sawise mangan banjur ngelak banget nuli padha ngome wedang kang luwih panas.

ثُمَّ اِنَّ مَرْجِعَهُمْ لَاِلَى الْجَحِيْمِ٦٨
Ṡumma inna marji‘ahum la'ilal-jaḥīm(i).
[68] 68. Banjur padha bali marang panggonane lawas ana ing neraka Jahim.

اِنَّهُمْ اَلْفَوْا اٰبَاۤءَهُمْ ضَاۤلِّيْنَۙ٦٩
Innahum alfau ābā'ahum ḍāllīn(a).
[69] 69. Wong kafir mau padha katemu para leluhure kang uga padha kesasar.

فَهُمْ عَلٰٓى اٰثٰرِهِمْ يُهْرَعُوْنَ٧٠
Fahum ‘alā āṡārihim yuhra‘ūn(a).
[70] 70. Anggone manut leluhure kelawan rerikatan tanpa dipikir.

وَلَقَدْ ضَلَّ قَبْلَهُمْ اَكْثَرُ الْاَوَّلِيْنَۙ٧١
Wa laqad ḍalla qablahum akṡarul-awwalīn(a).
[71] 71. Pawa wong kuna sadurunge wong kafir mau kang akeh padha kesasar.

وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا فِيْهِمْ مُّنْذِرِيْنَ٧٢
Wa laqad arsalnā fīhim munżirīn(a).
[72] 72. Tur Ingsun wis ngutus para nabi, nyurup - nyupake lan ngelingake marang para wong kafirm mau, nanging ora dipahelu.

فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنْذَرِيْنَۙ٧٣
Fanẓur kaifa kāna ‘āqibatul-munżarīn(a).
[73] 73. Mara sira delenga, kapriye kadadeyane wong kafir kang wis dielingake meksa ora mahelu.

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ ࣖ٧٤
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[74] 74. Kajaba kawulaning Allah mukmin lan resik atine (kalis saka siksa).

وَلَقَدْ نَادٰىنَا نُوْحٌ فَلَنِعْمَ الْمُجِيْبُوْنَۖ٧٥
Wa laqad nādānā nūḥun falani‘mal-mujībūn(a).
[75] 75. Nuh wis matur marang Ingsun nyuwunake patrapaning para ummate kang padha maido. Ingsun iki kang marengake panyuwun kang becik dhewe.

وَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِۖ٧٦
Wa najjaināhu wa ahlahū minal-karbil-‘aẓīm(i).
[76] 76. Insun paring selamet marang Nuh dalah para wargane selamat saka kasusahan gedhe.

وَجَعَلْنَا ذُرِّيَّتَهٗ هُمُ الْبَاقِيْنَ٧٧
Wa ja‘alnā żurriyyatahū humul-bāqīn(a).
[77] 77. Ingsun dadekake turune Nuh wong kang nerusake ketrunane.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ٧٨
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[78] 78. Ingsun ngelestarekake kanggo Nuh kahutamane, hangalembana dening para nabi lan ummate kang keri - keri.

سَلٰمٌ عَلٰى نُوْحٍ فِى الْعٰلَمِيْنَ٧٩
Salāmun ‘alā nūḥin fil-‘ālamīn(a).
[79] 79. Sak isining alam kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Nuh."

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ٨٠
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[80] 80. Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ٨١
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[81] 81. Nuh iku kalebu hewone para kawulangsin kang padha percaya.

ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ٨٢
Ṡumma agraqnal-ākharīn(a).
[82] 82. Liyane Nuh dalah para wargane, kabeh padha Ingsun tumpes sarana banjir topan.

۞ وَاِنَّ مِنْ شِيْعَتِهٖ لَاِبْرٰهِيْمَ ۘ٨٣
Wa inna min syī‘atihī la'ibrāhīm(a).
[83] 83. Dene kang kalebu ngleluri uwiting agamane Nuh iku Ibrahim.

اِذْ جَاۤءَ رَبَّهٗ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍۙ٨٤
Iż jā'a rabbahū biqalbin salīm(in).
[84] 84. Awit Ibrahim iku madhep ing Pangerane kelawan ati kang mulus (ora kaworan maro tingal).

اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَاذَا تَعْبُدُوْنَ ۚ٨٥
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī māżā ta‘budūn(a).
[85] 85. Dhek samana Ibrahim matur marang Bapakne, lan pitutur marang ummate, "Sampyan punika sami nyembah punapa?"

اَىِٕفْكًا اٰلِهَةً دُوْنَ اللّٰهِ تُرِيْدُوْنَۗ٨٦
A'ifkan ālihatan dūnallāhi turīdūn(a).
[86] 86. "Kenging punapa sampeyan hanjarang wicanten dora, nyembah sanesipun Allah, inggih punika brahala?"

فَمَا ظَنُّكُمْ بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٨٧
Famā ẓannukum birabbil-‘ālamīn(a).
[87] 87. "Kados pundi panginten sampeyan, punapa pangeraning jagad punika badhe kendel kemawon boten nyiksa?"

فَنَظَرَ نَظْرَةً فِى النُّجُوْمِۙ٨٨
Fa naẓara naẓratan fin-nujūm(i).
[88] 88. (Ibrahim) banjur handeleng lintag sak gebyaran (karepe nyatakake barang kang ghoib saka kaweruh palintangan).

فَقَالَ اِنِّيْ سَقِيْمٌ٨٩
Fa qāla innī saqīm(un).
[89] 89. Nuli celathu, "Kula punika badhe sakit".

فَتَوَلَّوْا عَنْهُ مُدْبِرِيْنَ٩٠
Fa tawallau ‘anhu mudbirīn(a).
[90] 90. Banjur ummate (Ibrahim) padha ningal lunga ngungkurake.

فَرَاغَ اِلٰٓى اٰلِهَتِهِمْ فَقَالَ اَلَا تَأْكُلُوْنَۚ٩١
Farāga ilā ālihatihim faqāla alā ta'kulūn(a).
[91] 91. (Ibrahim) nuli noleh marang brahala sesembahaning para ummate kang padha disajeni pangan, serta celahu, "Ya gene kowe padha ora gelem mangan?"

مَا لَكُمْ لَا تَنْطِقُوْنَ٩٢
Mā lakum lā tanṭiqūn(a).
[92] 92. "Ya gene kowe padha ora tahu celathu".

فَرَاغَ عَلَيْهِمْ ضَرْبًا ۢبِالْيَمِيْنِ٩٣
Farāga ‘alaihim ḍarbam bil-yamīn(i).
[93] 93. (Ibrahim) tumuli hanggebug seru marang barahala nganti pecah.

فَاَقْبَلُوْٓا اِلَيْهِ يَزِفُّوْنَ٩٤
Fa aqbalū ilaihi yaziffūn(a).
[94] 94. Para ummate (Ibrahim) banjur padha bali rerikatan.

قَالَ اَتَعْبُدُوْنَ مَا تَنْحِتُوْنَۙ٩٥
Qāla ata‘budūna mā tanḥitūn(a).
[95] 95. Ibrahim celathu, "Ya gene kowe padha nyembah brahala, gegaweyane tanganmu dhewe?"

وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ وَمَا تَعْمَلُوْنَ٩٦
Wallāhu khalaqakum wa mā ta‘malūn(a).
[96] 96. Allah iku kang gawe awakmu lan samu barang gegaweyanmu.

قَالُوا ابْنُوْا لَهٗ بُنْيَانًا فَاَلْقُوْهُ فِى الْجَحِيْمِ٩٧
Qālubnū lahū bun-yānan fa'alqūhu fil-jaḥīm(i).
[97] 97. Ummate Ibrahim celathu, "Sarehne Ibrahim iku makewuhi anggonku padha nyembah brahala, saiki gawekna panjaga nuli cemplunna ing geni".

فَاَرَادُوْا بِهٖ كَيْدًا فَجَعَلْنٰهُمُ الْاَسْفَلِيْنَ٩٨
Fa arādū bihī kaidan faja‘alnāhumul-asfalīn(a).
[98] 98. Karepe ummate Ibrahim, geni mau dienggo maheka dheweke, nanging para ummate mahu weksasane Ingsun dadekake asor (paekane ora tumama, geni dadi anyep, Ibrahim metu saka ing geni kelawan selamet).

وَقَالَ اِنِّيْ ذَاهِبٌ اِلٰى رَبِّيْ سَيَهْدِيْنِ٩٩
Wa qāla innī żāhibun ilā rabbī sayahdīn(i).
[99] 99. Ibrahim celathu, "Aku sowan marang ngarsaning Allah Pangeranku ing tembe Allah paring pituduh dalan bener marang aku".

رَبِّ هَبْ لِيْ مِنَ الصّٰلِحِيْنَ١٠٠
Rabbi hab lī minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[100] 100. Dhuh Pangeran kawula paduka mugi paring akan sahe dumateng kawula.

فَبَشَّرْنٰهُ بِغُلٰمٍ حَلِيْمٍ١٠١
Fa basysyarnāhu bigulāmin ḥalīm(in).
[101] 101. Ingsun banjur ambebungan (marang Ibrahim) diparingi weruh yen arep dhuwe anak lanang kang becik kelakuane (aran Ismail) bekti marang wong tuwane tur welasan.

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يٰبُنَيَّ اِنِّيْٓ اَرٰى فِى الْمَنَامِ اَنِّيْٓ اَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرٰىۗ قَالَ يٰٓاَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُۖ سَتَجِدُنِيْٓ اِنْ شَاۤءَ اللّٰهُ مِنَ الصّٰبِرِيْنَ١٠٢
Falammā balaga ma‘ahus-sa‘ya qāla yā bunayya innī arā fil-manāmi annī ażbaḥuka fanẓur māżā tarā, qāla yā abatif‘al mā tu'mar(u), satajidunī in syā'allāhu minaṣ-ṣābirīn(a).
[102] 102. Bareng Ismail wis bisa melayu handherek Ibrahim, tumuli tutur marang dheweke, "He anakku, weruhana aku tampa dhawuhing Allah ana ing pangimpen, didhawuhi hambeleh, kapriye panemumu?" Ismail matur, "Dhuh Bapak, prayoginipun lajeng panjenengan hestokaken dhawuhing Allah wahu (mragat kula). Manawa Allah marengaken panjenengan badhe pisa tatagipun manah kula."

فَلَمَّآ اَسْلَمَا وَتَلَّهٗ لِلْجَبِيْنِۚ١٠٣
Falammā aslamā wa tallahū lil-jabīn(i).
[103] 103. Bareng dheweke sak keloron padha manggakake apa sakersane Allah lan Ibrahim wis nurokake miring Ismail habantal pipine (nyata kesabarane).

وَنَادَيْنٰهُ اَنْ يّٰٓاِبْرٰهِيْمُ ۙ١٠٤
Wa nādaināhu ay yā ibrāhīm(u).
[104] 104. Ingusn banjur nimbali, "Hai Ibrahim".

قَدْ صَدَّقْتَ الرُّءْيَا ۚاِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٠٥
Qad ṣaddaqtar-ru'yā, innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[105] 105. "Temen sira wis ngestokake dhawuh ana pangimpen samono uga sarupane wong kang ngelakoni kabecikan, padha Ingsun paringi ganjaran".

اِنَّ هٰذَا لَهُوَ الْبَلٰۤؤُا الْمُبِيْنُ١٠٦
Inna hāżā lahuwal-balā'ul-mubīn(u).
[106] 106. Parentahingsun kang mangkene iki , teela coba kang gedhe.

وَفَدَيْنٰهُ بِذِبْحٍ عَظِيْمٍ١٠٧
Wa fadaināhu biżibḥin ‘aẓīm(in).
[107] 107. Banjur Ingsun lironi wedhus kang gedhe, dadi hambeleh wedhus mahu.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ١٠٨
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[108] 108. Ingsun glestarekake jenenge Ibrahim lan kahutamane, hangalembana dening para nabi lan para ummat kang keri - keri.

سَلٰمٌ عَلٰٓى اِبْرٰهِيْمَ١٠٩
Salāmun ‘alā ibrāhīm(a).
[109] 109. Kabeh padha memuji, "Allah muga paringa selamet marang Ibrahim".

كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١١٠
Każālika najzil-muḥsinīn(a).
[110] 110. Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١١١
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[111] 111. Satemene Ibrahim iku ewone kawulaningsun kang padha percaya.

وَبَشَّرْنٰهُ بِاِسْحٰقَ نَبِيًّا مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ١١٢
Wa basysyarnāhu bi'isḥāqa nabiyyam minaṣ-ṣāliḥīn(a).
[112] 112. Ingsun hambebungah (Ibrahim) manawa Ishak Ingsun junjung dadi nabi kalebu ewone wong kang becik.

وَبٰرَكْنَا عَلَيْهِ وَعَلٰٓى اِسْحٰقَۗ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهِمَا مُحْسِنٌ وَّظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ مُبِيْنٌ ࣖ١١٣
Wa bāraknā ‘alaihi wa ‘alā isḥāq(a), wa min żurriyyatihimā muḥsinuw wa ẓālimul linafsihī mubīn(un).
[113] 113. Ingsun hamberkahi (Ibrahim) lan uga Ishak, anak turune nabi loro mau ana kang becik, percaya marang Insun, lan anak kang kafir, tetela nganiaya marang awake dhewe.

وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلٰى مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ ۚ١١٤
Wa laqad manannā ‘alā mūsā wa hārūn(a).
[114] 114. Lan satemene Ingsun wis paring kabungahan marang Musa, lan Harun, (sakarone ingsun junjung dadi nabi).

وَنَجَّيْنٰهُمَا وَقَوْمَهُمَا مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيْمِۚ١١٥
Wa najjaināhumā wa qaumahumā minal-karbil-‘aẓīm(i).
[115] 115. Lan Ingsun selamaetake Musa lan Harun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe.

وَنَصَرْنٰهُمْ فَكَانُوْا هُمُ الْغٰلِبِيْنَۚ١١٦
Wa naṣarnāhum fakānū humul-gālibīn(a).
[116] 116. Ingsun tulungi wong Bani Israil kabeh ngalahake (Fir'aun) dadi wong sing menang.

وَاٰتَيْنٰهُمَا الْكِتٰبَ الْمُسْتَبِيْنَ ۚ١١٧
Wa ātaināhumal-kitābal-mustabīn(a).
[117] 117. Ingsun maringi kitab (Taurat) kang luwih cetha.

وَهَدَيْنٰهُمَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَۚ١١٨
Wa hadaināhumaṣ-ṣirāṭal-mustaqīm(a).
[118] 118. Lan Ingsun paringi pituduh dalan bener.

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِمَا فِى الْاٰخِرِيْنَ ۖ١١٩
Wa taraknā ‘alaihimā fil-ākhirīn(a).
[119] 119. Lan Ingsun nglestarekake jenenge (Musa lan Harun) lan kahutamane hangalembana dening para nabi lan ummat kang keri - keri.

سَلٰمٌ عَلٰى مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ١٢٠
Salāmun ‘alā mūsā wa hārūn(a).
[120] 120. Kabeh padha muji Allah muga paringa selamet marang Musa lan Harun.

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٢١
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[121] 121. Kaya mangkono anggoningsun amles marang wong kang gawe kabecikan.

اِنَّهُمَا مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١٢٢
Innahumā min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[122] 122. Satemene (Musa lan Harun) mahu hewone para kawulaningsun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe.

وَاِنَّ اِلْيَاسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٢٣
Wa inna ilyāsa laminal-mursalīn(a).
[123] 123. Sateme Ilyas iku hewone para utusan.

اِذْ قَالَ لِقَوْمِهٖٓ اَلَا تَتَّقُوْنَ١٢٤
Iż qāla liqaumihī alā tattaqūn(a).
[124] 124. Iku sira caritakna lelakone, nalika pitutur marang para ummate, "Ya gene kowe ora padha bekti ing Allah?"

اَتَدْعُوْنَ بَعْلًا وَّتَذَرُوْنَ اَحْسَنَ الْخٰلِقِيْنَۙ١٢٥
Atad‘ūna ba‘law wa tażarūna aḥsanal-khāliqīn(a).
[125] 125. Ya gene kowe padha nyembah brahala aran Bangal, ora gelem nyembah Pangeran kang gawe saupane kang dumadi kelawan sempurna, ngungkuli kang padha gagaweyan kabeh?

اللّٰهَ رَبَّكُمْ وَرَبَّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ١٢٦
Allāha rabbakum wa rabba ābā'ikumul-awwalīn(a).
[126] 126. Hiya iku Allah Pangeanmu lan Pangerane para leluhurmu ing zaman kuna.

فَكَذَّبُوْهُ فَاِنَّهُمْ لَمُحْضَرُوْنَۙ١٢٧
Fakażżabūhu fa'innahum lamuḥḍarūn(a).
[127] 127. Para ummat mau padha maido (marang Ilyas), mulane ing tembe padha dicemplungake (neraka).

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٢٨
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[128] 128. Mung para kawulaning Allah kang padha resik atine (padha selamet saka siksa neraka).

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۙ١٢٩
Wa taraknā ‘alaihi fil-ākhirīn(a).
[129] 129. Ingsun nglestarekake jenenge (Ilyas) lan para ummat kang keri - keri.

سَلٰمٌ عَلٰٓى اِلْ يَاسِيْنَ١٣٠
Salāmun ‘alā ilyāsīn(a).
[130] 130. Kabeh padha memuji, "Allah muga paring selamet marang Ilyan lan wargane".

اِنَّا كَذٰلِكَ نَجْزِى الْمُحْسِنِيْنَ١٣١
Innā każālika najzil-muḥsinīn(a).
[131] 131. Kaya mangkono anggoningsun males marang wong kang padha gawe kabecikan.

اِنَّهٗ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِيْنَ١٣٢
Innahū min ‘ibādinal-mu'minīn(a).
[132] 132. Satemene Ilyas iku kalebu hewone kawulaningsun kang padha percaya.

وَاِنَّ لُوْطًا لَّمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٣٣
Wa inna lūṭal laminal-mursalīn(a).
[133] 133. Lan maneh Luth hewone padha utusaningsun.

اِذْ نَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اَجْمَعِيْنَۙ١٣٤
Iż najjaināhu wa ahlahū ajma‘īn(a).
[134] 134. Sira nyaritakna lelakone Luth mahu, nalika Ingsun paringi selamet dalah para wargane kabeh kalis saka siksaningsun.

اِلَّا عَجُوْزًا فِى الْغٰبِرِيْنَ١٣٥
Illā ‘ajūzan fil-gābirīn(a).
[135] 135. Kajaba wong wadon tua rabine Luth, iku keri melu nandhang siksa.

ثُمَّ دَمَّرْنَا الْاٰخَرِيْنَ١٣٦
Ṡumma dammarnal-ākharīn(a).
[136] 136. Ingsun nuli numpes ummate Luth liya - liyane.

وَاِنَّكُمْ لَتَمُرُّوْنَ عَلَيْهِمْ مُّصْبِحِيْنَۙ١٣٧
Wa innakum latamurrūna ‘alaihim muṣbiḥīn(a).
[137] 137. Sira mesthi padha handeleng patilasane (ummate Luth), nalika sira melaku ngliwati apnggonane ing wayah esuk.

وَبِالَّيْلِۗ اَفَلَا تَعْقِلُوْنَ ࣖ١٣٨
Wa bil-lail(i), afalā ta‘qilūn(a).
[138] 138. Lan ing wayah wengi, ya gene sira padha ora anggagas.

وَاِنَّ يُوْنُسَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۗ١٣٩
Wa inna yūnusa laminal-mursalīn(a).
[139] 139. Satemene Yunus iku hewone para utusaningsun.

اِذْ اَبَقَ اِلَى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِۙ١٤٠
Iż abaqa ilal-fulkil-masyḥūn(i).
[140] 140. Elinga nalika dheweke (Yunus) mutung (ninggal gaweyan) lakune pelayaran munggah perahu kebak momotan.

فَسَاهَمَ فَكَانَ مِنَ الْمُدْحَضِيْنَۚ١٤١
Fa sāhama fakāna minal-mudḥaḍīn(a).
[141] 141. Ana segara tinempuh angin ribut. Wong ing perahu padha diundhi (kang enthuk undhi dicemplungake sagara). Yunus katiban undhi (banjur dicemplungake).

فَالْتَقَمَهُ الْحُوْتُ وَهُوَ مُلِيْمٌ١٤٢
Faltaqamahul-ḥūtu wa huwa mulīm(un).
[142] 142. Nuli ana iwak gedhe (Nun) nguntal minangka matrapi anggone mutung.

فَلَوْلَآ اَنَّهٗ كَانَ مِنَ الْمُسَبِّحِيْنَ ۙ١٤٣
Falau lā annahū kāna minal-musabbiḥīn(a).
[143] 143. Upama Yunus ora eling nyebut Maha Suci ing Allah.

لَلَبِثَ فِيْ بَطْنِهٖٓ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَۚ١٤٤
Lalabiṡa fī baṭnihī ilā yaumi yub‘aṡūn(a).
[144] 144. Mesthi tulus ana ing wetenge iwak Nun, nganti qiyamat.

۞ فَنَبَذْنٰهُ بِالْعَرَاۤءِ وَهُوَ سَقِيْمٌ ۚ١٤٥
Fa nabażnāhu bil-‘arā'i wa huwa saqīm(un).
[145] 145. Mulane banjur Ingsun wetokake saka wetengen iwak gedhe (Nun) ana ing gisiking segara awake ngelumpruk kaya wong lara.

وَاَنْۢبَتْنَا عَلَيْهِ شَجَرَةً مِّنْ يَّقْطِيْنٍۚ١٤٦
Wa ambatnā ‘alaihi syajaratam miy yaqṭīn(in).
[146] 146. Ingsun banjur nukulake wit Yaktin (Waloh) kanggo ngeyubi.

وَاَرْسَلْنٰهُ اِلٰى مِائَةِ اَلْفٍ اَوْ يَزِيْدُوْنَۚ١٤٧
Wa arsalnāhu ilā mi'ati alfin au yazīdūn(a).
[147] 147. Nuli Ingsun dhawuhi mulang nyurub - nyurubake marang wong kang cacahe sakethi (ewon).

فَاٰمَنُوْا فَمَتَّعْنٰهُمْ اِلٰى حِيْنٍ١٤٨
Fa'āmanū famatta‘nāhum ilā ḥīn(in).
[148] 148. Banjur padha ngestokake dhawuhing Allah kang diemban dening Yunus, mulane padha Ingsun paringi kabungahan nganti tekan patine.

فَاسْتَفْتِهِمْ اَلِرَبِّكَ الْبَنَاتُ وَلَهُمُ الْبَنُوْنَۚ١٤٩
Fastaftihim alirabbikal-banātu wa lahumul-banūn(a).
[149] 149. (Muhammad) sira handangu marang wong kafir, "Apa hiya pangeranmu peputra putri lan kowe padha duwe anak lanang?"

اَمْ خَلَقْنَا الْمَلٰۤىِٕكَةَ اِنَاثًا وَّهُمْ شٰهِدُوْنَ١٥٠
Am khalaqnal-malā'ikata ināṡaw wa hum syāhidūn(a).
[150] 150. Apa nyata Ingsun gawe Malaikat wadon, sarta wong kafir padha handeleng dhewe?

اَلَآ اِنَّهُمْ مِّنْ اِفْكِهِمْ لَيَقُوْلُوْنَۙ١٥١
Alā innahum min ifkihim layaqūlūn(a).
[151] 151. Awit saka gorohe dhewe wong kafir padha ngucap.

وَلَدَ اللّٰهُ ۙوَاِنَّهُمْ لَكٰذِبُوْنَۙ١٥٢
Waladallāh(u), wa innahum lakāżibūn(a).
[152] 152. "Allah iku peputra", pangucape mangkono iku goroh.

اَصْطَفَى الْبَنَاتِ عَلَى الْبَنِيْنَۗ١٥٣
Aṣṭafal-banāti ‘alal-banīn(a).
[153] 153. Apa panjenengane iku milih putra wadon ngungkuli putra lanang ?

مَا لَكُمْۗ كَيْفَ تَحْكُمُوْنَ١٥٤
Mā lakum, kaifa taḥkumūn(a).
[154] 154. Ya gene kowe nganggep: kapriye ta anggonira padha mancasi?

اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَۚ١٥٥
Afalā tażakkarūn(a).
[155] 155. Ya gene kowe ora padha gelem mikir - mikir?

اَمْ لَكُمْ سُلْطٰنٌ مُّبِيْنٌۙ١٥٦
Am lakum sulṭānum mubīn(un).
[156] 156. Apa kowe padha duwe tandha yekti kang cetha (anggone mertandhani yen Allah iku peputra)?

فَأْتُوْا بِكِتٰبِكُمْ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ١٥٧
Fa'tū bikitābikum in kuntum ṣādiqīn(a).
[157] 157. Yen dhasar bener panemumu iku, mara hendi kitabmu kang mratelakake kaya panemumu mau?

وَجَعَلُوْا بَيْنَهٗ وَبَيْنَ الْجِنَّةِ نَسَبًا ۗوَلَقَدْ عَلِمَتِ الْجِنَّةُ اِنَّهُمْ لَمُحْضَرُوْنَۙ١٥٨
Wa ja‘alū bainahū wa bainal-jinnati nasabā(n), wa laqad ‘alimatil-jinnatu innahum lamuḥḍarūn(a).
[158] 158. Wong kafir padha nganggep yen Allah lan jin iku tunggal bangsa. Satemene jin mau wis padha weruh yen dheweke ing tembe padha dicemplungake (neraka).

سُبْحٰنَ اللّٰهِ عَمَّا يَصِفُوْنَۙ١٥٩
Subḥānallāhi ‘ammā yaṣifūn(a).
[159] 159. Allah iku Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe wong kafir.

اِلَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٦٠
Illā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[160] 160. Kajaba para kawulaning Allah kang padha resik atine.

فَاِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُوْنَۙ١٦١
Fa'innakum wa mā ta‘budūn(a).
[161] 161. He wong kafir, kowe lan barahala sesembahanmu;

مَآ اَنْتُمْ عَلَيْهِ بِفٰتِنِيْنَۙ١٦٢
Mā antum ‘alaihi bifātinīn(a).
[162] 162. Kowe kabeh ora bisa hanjlomprongake sawijining wong.

اِلَّا مَنْ هُوَ صَالِ الْجَحِيْمِ١٦٣
Illā man huwa ṣālil-jaḥīm(i).
[163] 163. Kajaba wong kang wis pinasthi kacemplungake ing neraka.

وَمَا مِنَّآ اِلَّا لَهٗ مَقَامٌ مَّعْلُوْمٌۙ١٦٤
Wa mā minnā illā lahū maqāmum ma‘lūm(un).
[164] 164. Pangucape malaikat: "siji - sijining kancaku malaikat mesthi duwe panggonan kang tinamtokake".

وَّاِنَّا لَنَحْنُ الصَّۤافُّوْنَۖ١٦٥
Wa innā lanaḥnuṣ-ṣāffūn(a).
[165] 165. Aku iki padha ngadhep sap-sapan (ngabekti ing Allah).

وَاِنَّا لَنَحْنُ الْمُسَبِّحُوْنَ١٦٦
Wa innā lanaḥnul-musabbiḥūn(a).
[166] 166. Aku iki padha nyebut, "Maha Suci" ing Allah.

وَاِنْ كَانُوْا لَيَقُوْلُوْنَۙ١٦٧
Wa in kānū layaqūlūn(a).
[167] 167. Sanadiyan padha celathu mangkene:

لَوْ اَنَّ عِنْدَنَا ذِكْرًا مِّنَ الْاَوَّلِيْنَۙ١٦٨
Lau anna ‘indanā żikram minal-awwalīn(a).
[168] 168. "Upama aku nyekel kitabe para nabi zaman kuna".

لَكُنَّا عِبَادَ اللّٰهِ الْمُخْلَصِيْنَ١٦٩
Lakunnā ‘ibādallāhil-mukhlaṣīn(a).
[169] 169. "Mesthi aku dadi kawulaning Allah kang ngabekti, kelawan ati resik".

فَكَفَرُوْا بِهٖۚ فَسَوْفَ يَعْلَمُوْنَ١٧٠
Fa kafarū bih(ī), fasaufa ya‘lamūn(a).
[170] 170. Wong kafir mau banjur padha maido (al-Quran) mulane ing tembe bakal weruh (kadadeyane awake).

وَلَقَدْ سَبَقَتْ كَلِمَتُنَا لِعِبَادِنَا الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٧١
Wa laqad sabaqat kalimatunā li‘ibādinal-mursalīn(a).
[171] 171. Papestheningsun marang kawulaningsun kang dadi utusaningsun wis tetep.

اِنَّهُمْ لَهُمُ الْمَنْصُوْرُوْنَۖ١٧٢
Innahum lahumul-manṣūrūn(a).
[172] 172. Para utusaningsun mau bakal padha ditulungi Allah.

وَاِنَّ جُنْدَنَا لَهُمُ الْغٰلِبُوْنَ١٧٣
Wa inna jundanā lahumul-gālibūn(a).
[173] 173. Dene wadiyabalaningsun bakal padha menang.

فَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتّٰى حِيْنٍۙ١٧٤
Fatawalla ‘anhum ḥattā ḥīn(in).
[174] 174. Mulane wong kafir iku sira tokna bae, nganti ana dhawuhingsun perang.

وَّاَبْصِرْهُمْۗ فَسَوْفَ يُبْصِرُوْنَ١٧٥
Wa abṣirhum, fa saufa yubṣirūn(a).
[175] 175. Wong kafir mau sira delenga bahe (nalikane tinempuh siksa) dheweke uga padha handeleng (kawusaning awake).

اَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُوْنَ١٧٦
Afabi‘ażābinā yasta‘jilūn(a).
[176] 176. Ya gene wong kafir padha nantang nyepetake siksaningsun?

فَاِذَا نَزَلَ بِسَاحَتِهِمْ فَسَاۤءَ صَبَاحُ الْمُنْذَرِيْنَ١٧٧
Fa iżā nazala bisāḥatihim fa sā'a ṣabāḥul-munżarīn(a).
[177] 177. Nalikane siksa nempuh marang si kafir ing dina esuk (Sangir) nyata hala banget tumrap kang wis dielingake (nanging ora ngelakoni).

وَتَوَلَّ عَنْهُمْ حَتّٰى حِيْنٍۙ١٧٨
Wa tawalla ‘anhum ḥattā ḥīn(in).
[178] 178. Saiki si kafir tokna bae nganti ana dhawuhingsun perang.

وَّاَبْصِرْۗ فَسَوْفَ يُبْصِرُوْنَ١٧٩
Wa abṣir, fasaufa yubṣirūn(a).
[179] 179. Ing tembe yen tinimpuh ing siksa sira delenga bahe, si kafir uga bakal handeleng kawusaning awake.

سُبْحٰنَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَۚ١٨٠
Subḥāna rabbika rabbil-‘izzati ‘ammā yaṣifūn(a).
[180] 180. Allah Pangeranira kang kagungan kamulyan, Maha Suci, adoh banget yen kaya panganggepe (si kafir).

وَسَلٰمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَۚ١٨١
Wa salāmun ‘alal-mursalīn(a).
[181] 181. Para utusaning Allah muga padha diparingana slamet.

وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ࣖ١٨٢
Wal-ḥamdu lillāhi rabbil-‘ālamīn(a).
[182] 182. Sakabehing puji konjuk ing Allah Pangerane alam kabeh.