Surah Ya Sin
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰسۤ ۚ١
Yā sīn.
[1]
YaaSiin(Allah piyambak kang wuninga tegese lan karepe).
وَالْقُرْاٰنِ الْحَكِيْمِۙ٢
Wal-qur'ānil-ḥakīm(i).
[2]
Demi Al-Quran kang hisi kawicaksanaan.
اِنَّكَ لَمِنَ الْمُرْسَلِيْنَۙ٣
Innaka laminal-mursalīn(a).
[3]
(Muhammad) satemene sira iku hewone para utusane Allah.
عَلٰى صِرَاطٍ مُّسْتَقِيْمٍۗ٤
‘Alā ṣirāṭim mustaqīm(in).
[4]
Netepe lan mulang ana dalan kang bener.
تَنْزِيْلَ الْعَزِيْزِ الرَّحِيْمِۙ٥
Tanzīlal-‘azīzir-raḥīm(i).
[5]
Hiya iku Quran kang wis didhawuhake dening Allah kang Maha Mulya tur Maha Asih.
لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اُنْذِرَ اٰبَاۤؤُهُمْ فَهُمْ غٰفِلُوْنَ٦
Litunżira qaumam mā unżira ābā'uhum fahum gāfilūn(a).
[6]
Supaya sira ngelingake marang wong akeh. Para leluhure biyen, salowonge para Nabi ora ana kang ngelengake mulane padha lali (ngabekti ing Allah).
لَقَدْ حَقَّ الْقَوْلُ عَلٰٓى اَكْثَرِهِمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ٧
Laqad ḥaqqal-qaulu ‘alā akṡarihim fahum lā yu'minūn(a).
[7]
Wong mahu kang akeh padha tinamtokake nandhang siksa awit padha ora percaya.
اِنَّا جَعَلْنَا فِيْٓ اَعْنَاقِهِمْ اَغْلٰلًا فَهِيَ اِلَى الْاَذْقَانِ فَهُمْ مُّقْمَحُوْنَ٨
Innā ja‘alnā fī a‘nāqihim aglālan fa hiya ilal-ażqāni fahum muqmaḥūn(a).
[8]
Gulune wong mau padha Ingsun kalungi blenggu, wong mau padha handhangak.
وَجَعَلْنَا مِنْۢ بَيْنِ اَيْدِيْهِمْ سَدًّا وَّمِنْ خَلْفِهِمْ سَدًّا فَاَغْشَيْنٰهُمْ فَهُمْ لَا يُبْصِرُوْنَ٩
Wa ja‘alnā mim baini aidīhim saddaw wa min khalfihim saddan fa agsyaināhum fahum lā yubṣirūn(a).
[9]
Ing ngarepe lan burine wong mau. Ingsun dokoki tutup kang mepeti anggone arep ngandel ing Allah, pandelenge Ingsun gawe peteng. Mulane padha ora handeleng dalan kang bener.
وَسَوَاۤءٌ عَلَيْهِمْ ءَاَنْذَرْتَهُمْ اَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُوْنَ١٠
Wa sawā'un ‘alaihim a'anżartahum am lam tunżirhum lā yu'minūn(a).
[10]
Wong kang mangkono mau sanadiyan sira elingake utawa ora padha bahe, mesthi ora gelem percaya Allah.
اِنَّمَا تُنْذِرُ مَنِ اتَّبَعَ الذِّكْرَ وَخَشِيَ الرَّحْمٰنَ بِالْغَيْبِۚ فَبَشِّرْهُ بِمَغْفِرَةٍ وَّاَجْرٍ كَرِيْمٍ١١
Innamā tunżiru manittaba‘aż-żikra wa khasyiyar-raḥmāna bil-gaib(i), fa basysyirhu bimagfiratiw wa ajrin karīm(in).
[11]
Anggonira ngelingake manungsa iku kang mesthi tumama lan migunani marang wong kang ngestokake dhawuhing al-Qu'ran. Sarta bekti marang Pangeran kankg Maha Murah sanadiyan ana pasepen. Wong kang mangkono mahu sira bebungaha bakal oleh pangapuraning Allah lan oleh ganjaran mulya.
اِنَّا نَحْنُ نُحْيِ الْمَوْتٰى وَنَكْتُبُ مَا قَدَّمُوْا وَاٰثَارَهُمْۗ وَكُلَّ شَيْءٍ اَحْصَيْنٰهُ فِيْٓ اِمَامٍ مُّبِيْنٍ ࣖ١٢
Innā naḥnu nuḥyil-mautā wa naktubu mā qaddamū wa āṡārahum, wa kulla syai'in aḥṣaināhu fī imāmim mubīn(in).
[12]
Satemene Ingsun besuk bakal nguripake sarupaning wong kang wis padha mati. Sarta nyatethi laku hala lan becik kang wis padha dilakoni dening wong mahu. Apa dene lelabetane wong mahu. Samu barang iku kabeh Ingsun cacahake teliti lan diterangake, tinulis ana ing Lauh Mahfudz.
وَاضْرِبْ لَهُمْ مَّثَلًا اَصْحٰبَ الْقَرْيَةِۘ اِذْ جَاۤءَهَا الْمُرْسَلُوْنَۚ١٣
Waḍrib lahum maṡalan aṣḥābal-qaryah(ti), iż jā'ahal-mursalūn(a).
[13]
Lan sira anggelara upama marang para ummatira (ing negara Inthoqiyah) nalika ditekani para kongkonane Nabi (Isa).
اِذْ اَرْسَلْنَآ اِلَيْهِمُ اثْنَيْنِ فَكَذَّبُوْهُمَا فَعَزَّزْنَا بِثَالِثٍ فَقَالُوْٓا اِنَّآ اِلَيْكُمْ مُّرْسَلُوْنَ١٤
Iż arsalnā ilaihimuṡnaini fa każżabūhumā fa ‘azzaznā biṡāliṡin faqālū innā ilaikum mursalūn(a).
[14]
Dehek samana Ingsun ngutus wong loro (aran Yuhana lan Baulus) wong ing kono padha maido marang utusaningsun loro mahu. Mulane Ingsun banjur ngutus wong siji maneh dadi wong telu. Wong telu mau banjur padha pratela, "Aku iki utusaning Allah dikersakake mulang marang kowe kabeh".
قَالُوْا مَآ اَنْتُمْ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۙ وَمَآ اَنْزَلَ الرَّحْمٰنُ مِنْ شَيْءٍۙ اِنْ اَنْتُمْ اِلَّا تَكْذِبُوْنَ١٥
Qālū mā antum illā basyarum miṡlunā, wa mā anzalar-raḥmānu min syai'(in), in antum illā takżibūn(a).
[15]
Padha mangsuli, "Pamanggih kula sampeyan niku inggih sami kaliyan kula kemawon, Pangeran Ingkang Maha Murah inggih boten dhawuh punapa - punapa. Dados sampeyan punika tetela dora".
قَالُوْا رَبُّنَا يَعْلَمُ اِنَّآ اِلَيْكُمْ لَمُرْسَلُوْنَ١٦
Qālū rabbunā ya‘lamu innā ilaikum lamursalūn(a).
[16]
(Rasul telu) padha mangsuli, "Sanadiyan kowe padha maido, nanging Allah Pangeranku nguningani anggonku temen diutus Allah nyurub-nyurubake marang kowe".
وَمَا عَلَيْنَآ اِلَّا الْبَلٰغُ الْمُبِيْنُ١٧
Wa mā ‘alainā illal-balāgul-mubīn(u).
[17]
Wajibku ora ana maneh mung handhawuhake parentahing Allah.
قَالُوْٓا اِنَّا تَطَيَّرْنَا بِكُمْۚ لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهُوْا لَنَرْجُمَنَّكُمْ وَلَيَمَسَّنَّكُمْ مِّنَّا عَذَابٌ اَلِيْمٌ١٨
Qālū innā taṭayyarnā bikum, la'il lam tantahū lanarjumannakum wa layamassannakum minnā ‘ażābun alīm(un).
[18]
(ummate) padha mangsuli, "Sapunika kula sami kenging weweleh kadhawan jawah jalaran pandamel panjenengan. Mila manawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan makaten punika., panjenengan mesthi kulo balangi ngantos pejah sarta kulo sakiti".
قَالُوْا طَاۤىِٕرُكُمْ مَّعَكُمْۗ اَىِٕنْ ذُكِّرْتُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُوْنَ١٩
Qālū ṭā'irukum ma‘akum, a'in żukkirtum, bal antum qaumum musrifūn(a).
[19]
(Rasul telu) padha mangsuli, "Weruhana anggonmu padha kena wewalak marga saka awakmu dhe. Hiya iku anggonmu padha kafir, ora marga tak elingake (tak ajak Islam), nanging pancen kowe kebangetan anggonmu padha duraka".
وَجَاۤءَ مِنْ اَقْصَا الْمَدِيْنَةِ رَجُلٌ يَّسْعٰى قَالَ يٰقَوْمِ اتَّبِعُوا الْمُرْسَلِيْنَۙ٢٠
Wa jā'a min aqṣal-madīnati rajuluy yas‘ā qāla yā qaumittabi‘ul-mursalīn(a).
[20]
Dumadakan ana wong lanang (krungu wong Inthiqonah maido rasul) banjur gagancangan melayu saka panggonane (watesing negara) tekan kono banjur celathu, "Para kancaku (Ing Inthiqonah) kowe padha ngestokna para rasul iku".
اتَّبِعُوْا مَنْ لَّا يَسْـَٔلُكُمْ اَجْرًا وَّهُمْ مُّهْتَدُوْنَ ۔٢١
Ittabi‘ū mal lā yas'alukum ajraw wa hum muhtadūn(a).
[21]
Padha manuta bahe marang wong kang ora amrih pituwas saka kowe. Rasul telu mahu tetela netepi pituduh bener.
وَمَا لِيَ لَآ اَعْبُدُ الَّذِيْ فَطَرَنِيْ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ٢٢
Wa mā liya lā a‘budul-lażī faṭaranī wa ilaihi turja‘ūn(a).
[22]
Ya gene aku ora nyembah marang Pangeran kang gawe awaku ing tembe yen kowe wis padha mati, mesthi padha bali ing ngarsane Allah.
ءَاَتَّخِذُ مِنْ دُوْنِهٖٓ اٰلِهَةً اِنْ يُّرِدْنِ الرَّحْمٰنُ بِضُرٍّ لَّا تُغْنِ عَنِّيْ شَفَاعَتُهُمْ شَيْـًٔا وَّلَا يُنْقِذُوْنِۚ٢٣
A'attakhiżu min dūnihī ālihatan iy yuridnir-raḥmānu biḍurril lā tugni ‘annī syafā‘atuhum syai'aw wa lā yunqiżūn(i).
[23]
Apa aku ngedegake Pangeran liyane Allah? (mangsa gelema). Menawa Allah kang maha murah ngersakake kemelaran marang aku, berhala kang kok kira bisa migunani, iku mangsa migunana apa - apa marang aku, lan mangsa bisaha gawe slamet marang aku.
اِنِّيْٓ اِذًا لَّفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٢٤
Innī iżal lafī ḍalālim mubīn(in).
[24]
Manawa aku nganti mangkono tetela aku iki wong kesasar.
اِنِّيْٓ اٰمَنْتُ بِرَبِّكُمْ فَاسْمَعُوْنِۗ٢٥
Innī āmantu birabbikum fasma‘ūn(i).
[25]
Dhuh para Rasul mugi sampeya sekseni kula punika pitados dhateng Allah pangeran panjenengan.
قِيْلَ ادْخُلِ الْجَنَّةَ ۗقَالَ يٰلَيْتَ قَوْمِيْ يَعْلَمُوْنَۙ٢٦
Qīladkhulil-jannah(ta), qāla yā laita qaumī ya‘lamūn(a).
[26]
(Wong mau banjur dipateni dening wong Intoqiah, bareng wis mate) wong mau tompa dhawuh, "Sira malebua ing suwarga". Wong mau banjur celathu, "Para kancaku sapungkurku muga - muga padha weruha".
بِمَا غَفَرَ لِيْ رَبِّيْ وَجَعَلَنِيْ مِنَ الْمُكْرَمِيْنَ٢٧
Bimā gafaralī rabbī wa ja‘alanī minal-mukramīn(a).
[27]
Allah anggone wis paring pangapura marang aku, lan handadekake aku hewone wong mulya.
۞ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى قَوْمِهٖ مِنْۢ بَعْدِهٖ مِنْ جُنْدٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَمَا كُنَّا مُنْزِلِيْنَ٢٨
Wa mā anzalnā ‘alā qaumihī mim ba‘dihī min jundim minas-samā'i wa mā kunnā munzilīn(a).
[28]
Sawise mati (Ingsun numpes ummat mau) tanpa nurunake bala saka langit, mulane Ingsun hiya ora nurunake bala saka langit (Malaikat).
اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَاِذَا هُمْ خٰمِدُوْنَ٢٩
In kānat illā ṣaiḥataw wāḥidatan fa'iżā hum khāmidūn(a).
[29]
Panumpase (ummat mahu) mung sarana pathake (Malaikat Jibril) sapisan bahe, tumuli dheweke wis padha mati kabeh.
يٰحَسْرَةً عَلَى الْعِبَادِۚ مَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ رَّسُوْلٍ اِلَّا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٣٠
Yā ḥasratan ‘alal-‘ibād(i), mā ya'tīhim mir rasūlin illā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[30]
Para kawulaning Allah (kang getun sajeke) saben katekan rasul mesthi padha anggeguyu marang rasul mahu.
اَلَمْ يَرَوْا كَمْ اَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ اَنَّهُمْ اِلَيْهِمْ لَا يَرْجِعُوْنَ٣١
Alam yarau kam ahlaknā qablahum minal-qurūni annahum ilaihim lā yarji‘ūn(a).
[31]
Wong kafir apa ora padha handeleng, pira bahe akehe para ummat ing zaman kuna, sadurunge kang padha Ingsun tumpes, dheweke mahu ora pisan bali (marang donya).
وَاِنْ كُلٌّ لَّمَّا جَمِيْعٌ لَّدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ ࣖ٣٢
Wa in kullul lammā jamī‘ul ladainā muḥḍarūn(a).
[32]
Sarupane kang dumadi sawise sirna, ora banjur tulus sirnane, nanging kabeh mahu ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaningsun.
وَاٰيَةٌ لَّهُمُ الْاَرْضُ الْمَيْتَةُ ۖاَحْيَيْنٰهَا وَاَخْرَجْنَا مِنْهَا حَبًّا فَمِنْهُ يَأْكُلُوْنَ٣٣
Wa āyatul lahumul-arḍul-maitah(tu), aḥyaināhā wa akhrajnā minhā ḥabban faminhu ya'kulūn(a).
[33]
Lan saweneh tandha yekti kuasane Allah yaiku bumi kang mati (bera) Ingsun uripake lan wetokake pametune wiji kang padha dipangan dening dheweke.
وَجَعَلْنَا فِيْهَا جَنّٰتٍ مِّنْ نَّخِيْلٍ وَّاَعْنَابٍ وَّفَجَّرْنَا فِيْهَا مِنَ الْعُيُوْنِۙ٣٤
Wa ja‘alnā fīhā jannātim min nakhīliw wa a‘nābiw wa fajjarnā fīhā minal-‘uyūn(i).
[34]
Bumi mahu Ingsun dekeki pakebonan kang isi wit kurma lan anggur, sarta Ingsun wetokake semu barang pirang - pirang.
لِيَأْكُلُوْا مِنْ ثَمَرِهٖۙ وَمَا عَمِلَتْهُ اَيْدِيْهِمْ ۗ اَفَلَا يَشْكُرُوْنَ٣٥
Liya'kulū min ṡamarihī wa mā ‘amilathu aidīhim, afalā yasykurūn(a).
[35]
Supaya (dheweke) padha mangana wohe kurma sapanunggalane, tur wong kafir ora gawe woh - wohan mahu. Yohene dheweke ora gelem syukur?
سُبْحٰنَ الَّذِيْ خَلَقَ الْاَزْوَاجَ كُلَّهَا مِمَّا تُنْۢبِتُ الْاَرْضُ وَمِنْ اَنْفُسِهِمْ وَمِمَّا لَا يَعْلَمُوْنَ٣٦
Subḥānal-lażī khalaqal-azwāja kullahā mimmā tumbitul-arḍu wa min anfusihim wa mimmā lā ya‘lamūn(a).
[36]
Maha suci allah kang wis nyiptaaken (menciptakan) sakabehaning thetukulan ing bumi warna - warna. Lan uga wis gawe awake manugnsa kabeh (warna - warna lanang lan wadon) apa dene wis gawe semu barang kang wong ora weruh.
وَاٰيَةٌ لَّهُمُ الَّيْلُ ۖنَسْلَخُ مِنْهُ النَّهَارَ فَاِذَا هُمْ مُّظْلِمُوْنَۙ٣٧
Wa āyatul lahumul-lailu naslakhu minhun-nahāra fa'iżā hum muẓlimūn(a).
[37]
Lan saweneh tandha yekti maneh kang mratandhani yen kuwasaning Allah iuk sampurna. Hiya iku anane wengi kanggo nyalinni awan. Ing kono (wong kafir) padha kapetengan.
وَالشَّمْسُ تَجْرِيْ لِمُسْتَقَرٍّ لَّهَا ۗذٰلِكَ تَقْدِيْرُ الْعَزِيْزِ الْعَلِيْمِۗ٣٨
Wasy-syamsu tajrī limustaqarril lahā, żālika taqdīrul-‘azīzil-‘alīm(i).
[38]
Lan maneh srengenge anggone lumaku tekan panggonane kang tetep. Kelakone mangkon omahu saka kawusane Allah kang Maha Mulya tur nguningani samu barang.
وَالْقَمَرَ قَدَّرْنٰهُ مَنَازِلَ حَتّٰى عَادَ كَالْعُرْجُوْنِ الْقَدِيْمِ٣٩
Wal-qamara qaddarnāhu manāzila ḥattā ‘āda kal-‘urjūnil-qadīm(i).
[39]
Lan amneh rembulan Ingsun temtokake mlaku ana ing manazil (dalaning rembulan/peredaran) nganti bali wangune kaya mancunge kurma kang wis tuwa lan garing.
لَا الشَّمْسُ يَنْۢبَغِيْ لَهَآ اَنْ تُدْرِكَ الْقَمَرَ وَلَا الَّيْلُ سَابِقُ النَّهَارِ ۗوَكُلٌّ فِيْ فَلَكٍ يَّسْبَحُوْنَ٤٠
Lasy-syamsu yambagī lahā an tudrikal-qamara wa lal-lailu sābiqun-nahār(i), wa kullun fī falakiy yasbaḥūn(a).
[40]
Strengenge ora bisa nutupi rembulan banjur kumpul ing wayah wengi, mangkono maneh wengi ora bisa nengah - nengahi awan. Dene srengenge, rembulan lan lintang - lintang padha mlaku kalangan ana cakrawalane dhewe - dhewe.
وَاٰيَةٌ لَّهُمْ اَنَّا حَمَلْنَا ذُرِّيَّتَهُمْ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِۙ٤١
Wa āyatul lahum annā ḥamalnā żurriyyatahum fil-fulkil-masyḥūn(i).
[41]
Lan maneh kanggo dheweke tandha yektining kuwasaningsun, hiya iku anggoningsun ngemot para leluhure ana ing perahu kang kebak (zaman Nabi Nuh a.s)
وَخَلَقْنَا لَهُمْ مِّنْ مِّثْلِهٖ مَا يَرْكَبُوْنَ٤٢
Wa khalaqnā lahum mim miṡlihī mā yarkabūn(a).
[42]
Ingsun gawekake (kanggo dheweke) tunggangan kang ngemperi perahune (Nabi Nuh).
وَاِنْ نَّشَأْ نُغْرِقْهُمْ فَلَا صَرِيْخَ لَهُمْ وَلَاهُمْ يُنْقَذُوْنَۙ٤٣
Wa in nasya' nugriqhum falā ṣarīkha lahum wa lā hum yunqażūn(a).
[43]
Menawa ana kersane (Pangeran) wong kafir dak kelemake ana segara mesthi kelakon sarta ora ana kang bisa nulungi wong mahi ora bisa selamet.
اِلَّا رَحْمَةً مِّنَّا وَمَتَاعًا اِلٰى حِيْنٍ٤٤
Illā raḥmatam minnā wa matā‘an ilā ḥīn(in).
[44]
Kajaba marga saka rohmatingsun lan Ingsun paringi kabungahan nganti tekan wawangene patine.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّقُوْا مَا بَيْنَ اَيْدِيْكُمْ وَمَا خَلْفَكُمْ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ٤٥
Wa iżā qīla lahumuttaqū mā baina aidīkum wa mā khalfakum la‘allakum turḥamūn(a).
[45]
(Wong kafir) Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Sira padha wediya patrapane dosa kang ana ngarepira, (hiya iku patrapan kencengan ana donya) Lan patrapan kang ana burinira (hiya iku patrapan besok ana akhirat) supaya sira padha holeh asihing Allah".
وَمَا تَأْتِيْهِمْ مِّنْ اٰيَةٍ مِّنْ اٰيٰتِ رَبِّهِمْ اِلَّا كَانُوْا عَنْهَا مُعْرِضِيْنَ٤٦
Wa mā ta'tīhim min āyatim min āyāti rabbihim illā kānū ‘anhā mu‘riḍīn(a).
[46]
Wong kafir saben didhawuhi ayat pangandikaning Pangeran, mesthi padha melengos.
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمْ اَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللّٰهُ ۙقَالَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِلَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اَنُطْعِمُ مَنْ لَّوْ يَشَاۤءُ اللّٰهُ اَطْعَمَهٗٓ ۖاِنْ اَنْتُمْ اِلَّا فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ٤٧
Wa iżā qīla lahum anfiqū mimmā razaqakumullāh(u), qālal-lażīna kafarū lil-lażīna āmanū anuṭ‘imu mal lau yasyā'ullāhu aṭ‘amah(ū), in antum illā fī ḍalālim mubīn(in).
[47]
Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Kowe padha mewehana rizki kang wis padha diparengake dening Allah marang kowe." Wong kang padha kafir banjur padha mangsuli marang wong mukmin, "Ya gene aku aweh pangan marang sawijining wong, kang manawa ana parenge kersane Allah, Allah paring rizki marang wong mau, anggomu akon meweh marang wong mahu, tetela kesasar."
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْوَعْدُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٤٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-wa‘du in kuntum ṣādiqīn(a).
[48]
(Wong kafir) padha celathu, "Menawa kandamu yen wong kanf wis padha mati bakal padha diuripake maneh iku temen, mara besuk apa kelakone."
مَا يَنْظُرُوْنَ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً تَأْخُذُهُمْ وَهُمْ يَخِصِّمُوْنَ٤٩
Mā yanẓurūna illā ṣaiḥataw wāḥidatan ta'khużuhum wa hum yakhiṣṣimūn(a).
[49]
(Wong kafir mau) ora liwat mung ngenteni pathakke (malaikat Israfil) pathak kang sapisan bahe wong sahisine jagad mati kabeh, ketungkul anggone padha grejegan.
فَلَا يَسْتَطِيْعُوْنَ تَوْصِيَةً وَّلَآ اِلٰٓى اَهْلِهِمْ يَرْجِعُوْنَ ࣖ٥٠
Falā yastaṭī‘ūna tauṣiyataw wa lā ilā ahlihim yarji‘ūn(a).
[50]
Mulane padha ora bisa mekas apa - apa, lan sawise mati padha ora bisa bali marang donya ketemu sanak sedulure.
وَنُفِخَ فِى الصُّوْرِ فَاِذَا هُمْ مِّنَ الْاَجْدَاثِ اِلٰى رَبِّهِمْ يَنْسِلُوْنَ٥١
Wa nufikha fiṣ-ṣūri fa'iżā hum minal-ajdāṡi ilā rabbihim yansilūn(a).
[51]
(Malaikat Israfil) banjur handamu sempronge kang hisi nyawane para manungsa, ingkono wong kang mati padha tangi kabeh, metu saka ing kuburane padha digiring seba ing ngeyunaning Pangeran.
قَالُوْا يٰوَيْلَنَا مَنْۢ بَعَثَنَا مِنْ مَّرْقَدِنَا ۜهٰذَا مَا وَعَدَ الرَّحْمٰنُ وَصَدَقَ الْمُرْسَلُوْنَ٥٢
Qālū yā wailanā mam ba‘aṡanā mim marqadinā…hāżā mā wa‘adar-raḥmānu wa ṣadaqal-mursalūn(a).
[52]
Banjur padha celathu (wong kafir), "Haduh, cilaka temen aku sapa kang nangekake aku saka anggonku turu", Hiya kang diprasetyakake dening Pangeran kang Maha Murah, saiki tetela pangandikaning para rasul biyen temen.
اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَّاحِدَةً فَاِذَا هُمْ جَمِيْعٌ لَّدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ٥٣
In kānat illā ṣaiḥataw wāḥidatan fa'iżā hum jamī‘ul ladainā muḥḍarūn(a).
[53]
Pandamuning semprong (Malaikat Israfil) mung sak kempusan bahe. Sarupaning manungsa teka kabeh padha seba ing ngarsaningsun.
فَالْيَوْمَ لَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْـًٔا وَّلَا تُجْزَوْنَ اِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ٥٤
Fal-yauma lā tuẓlamu nafsun syai'aw wa lā tujzauna illā mā kuntum ta‘malūn(a).
[54]
Ing dina iku ora ana kang dianiaya sethithik - thithika, lan sira ora diwales apa - apa, kajaba diwales semu barang kang wis dilakoni.
اِنَّ اَصْحٰبَ الْجَنَّةِ الْيَوْمَ فِيْ شُغُلٍ فٰكِهُوْنَ ۚ٥٥
Inna aṣḥābal-jannatil-yauma fī syugulin fākihūn(a).
[55]
Sejatine ing dina iku wong ing suwarga padha mangan suka.
هُمْ وَاَزْوَاجُهُمْ فِيْ ظِلٰلٍ عَلَى الْاَرَاۤىِٕكِ مُتَّكِـُٔوْنَ ۚ٥٦
Hum wa azwājuhum fī ẓilālin ‘alal-arā'iki muttaki'ūn(a).
[56]
Wong ing suwarga dalah para rabine padha linggih sendhen ana kursi ing ngeyuban.
لَهُمْ فِيْهَا فَاكِهَةٌ وَّلَهُمْ مَّا يَدَّعُوْنَ ۚ٥٧
Lahum fīhā fākihatuw wa lahum mā yadda‘ūn(a).
[57]
Padha duwe suwarganing woh - wohan, sarta ketekan semu barang kang dipengini.
سَلٰمٌۗ قَوْلًا مِّنْ رَّبٍّ رَّحِيْمٍ٥٨
Salāmun qaulam mir rabbir raḥīm(in).
[58]
Padha dibagekake selamet kelawan pangandikaning kang Maha Asih.
وَامْتَازُوا الْيَوْمَ اَيُّهَا الْمُجْرِمُوْنَ٥٩
Wamtāzul-yauma ayyuhal-mujrimūn(a).
[59]
Para wong kafir kabeh, dina iki sira padha dheweya aja awor wong mukmin.
۞ اَلَمْ اَعْهَدْ اِلَيْكُمْ يٰبَنِيْٓ اٰدَمَ اَنْ لَّا تَعْبُدُوا الشَّيْطٰنَۚ اِنَّهٗ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ٦٠
Alam a‘had ilaikum yā banī ādama allā ta‘budusy-syaiṭān(a), innahū lakum ‘aduwwum mubīn(un).
[60]
Para turune Adam, Ingsun apa ora wis macuh marang sira? aja padha nyembah syetan, wis tetela (cetha) syetan iku musuhira.
وَاَنِ اعْبُدُوْنِيْ ۗهٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ٦١
Wa ani‘budūnī, hāżā ṣirāṭum mustaqīm(un).
[61]
Ingsun parentahi, "Sir anyembaha Ingsun, Iki dalan bener!".
وَلَقَدْ اَضَلَّ مِنْكُمْ جِبِلًّا كَثِيْرًا ۗاَفَلَمْ تَكُوْنُوْا تَعْقِلُوْنَ٦٢
Wa laqad aḍalla minkum jibillan kaṡīrā(n), afalam takūnū ta‘qilūn(a).
[62]
Sejatine syetan wis nasarake wong akeh tunggalanira. Ya gene sira padha ora mikir kang mangkono mahu.
هٰذِهٖ جَهَنَّمُ الَّتِيْ كُنْتُمْ تُوْعَدُوْنَ٦٣
Hāżihī jahannamul-latī kuntum tū‘adūn(a).
[63]
Iki neraka jahannam kand di ancamake marang sira biyen.
اِصْلَوْهَا الْيَوْمَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُوْنَ٦٤
Iṣlauhal-yauma bimā kuntum takfurūn(a).
[64]
Dina iku sira nyemplunga neraka jahannam minongka patrapane anggonira padha maido marang Ingsun.
اَلْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلٰٓى اَفْوَاهِهِمْ وَتُكَلِّمُنَآ اَيْدِيْهِمْ وَتَشْهَدُ اَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ٦٥
Al-yauma nakhtimu ‘alā afwāhihim wa tukallimunā aidīhim wa tasyhadu arjuluhum bimā kānū yaksibūn(a).
[65]
Ing dina iku sira ngunci cangkeme wong kafir kabeh (dadi ora bisa selak), tangane padha munjuk marang Ingsun dene sikile padha nekseni ngandhakake kabeh barang kang wis padha dilakoni nalika ing donya.
وَلَوْ نَشَاۤءُ لَطَمَسْنَا عَلٰٓى اَعْيُنِهِمْ فَاسْتَبَقُوا الصِّرَاطَ فَاَنّٰى يُبْصِرُوْنَ٦٦
Wa lau nasyā'u laṭamasnā ‘alā a‘yunihim fastabaquṣ-ṣirāṭa fa annā yubṣirūn(a).
[66]
Upama ana parenge karsaningsung, wong kafir mau padha Ingsun cuplaki matane, ing kono kelakon padha melaku ing dalan, kapriye anggone bisa weruh dalan?
وَلَوْ نَشَاۤءُ لَمَسَخْنٰهُمْ عَلٰى مَكَانَتِهِمْ فَمَا اسْتَطَاعُوْا مُضِيًّا وَّلَا يَرْجِعُوْنَ ࣖ٦٧
Wa lau nasyā'u lamasakhnāhum ‘alā makānatihim famastaṭā‘ū muḍiyyaw wa lā yarji‘ūn(a).
[67]
Upama ana kersaningsun, wong kafir mau Ingsun salini rupa (dadi kethek, celeng, utawa watu) mesthi kelako ana panggonane banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong maneh.
وَمَنْ نُّعَمِّرْهُ نُنَكِّسْهُ فِى الْخَلْقِۗ اَفَلَا يَعْقِلُوْنَ٦٨
Wa man nu‘ammirhu nunakkishu fil-khalq(i), afalā ya‘qilūn(a).
[68]
Sing sapa Ingsun paringi dawa umure, sawise katok rasane lan kabeh bahe, banjur Ingsun balekake dadi bocah maneh. Ya gene padha ora anggagas?
وَمَا عَلَّمْنٰهُ الشِّعْرَ وَمَا يَنْۢبَغِيْ لَهٗ ۗاِنْ هُوَ اِلَّا ذِكْرٌ وَّقُرْاٰنٌ مُّبِيْنٌ ۙ٦٩
Wa mā ‘allamnāhusy-syi‘ra wa mā yambagī lah(ū), in huwa illā żikruw wa qur'ānum mubīn(un).
[69]
Ingsun ora mulang tembang/syair (marang Muhammad), saiba dheweke (Muhammad) ora bisa nganggit tembang. Dene kang didhawuhake iki dudu tembang, nanging Kitab al-Qur'an isi dhawuhing Allah marang manungsa.
لِّيُنْذِرَ مَنْ كَانَ حَيًّا وَّيَحِقَّ الْقَوْلُ عَلَى الْكٰفِرِيْنَ٧٠
Liyunżira man kāna ḥayyaw wa yaḥiqqal-qaulu ‘alal-kāfirīn(a).
[70]
Kanggo ngelingake wongkang akale urip, lan majibake siksa wong kang atine mati yaiku para wong kafir.
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا خَلَقْنَا لَهُمْ مِّمَّا عَمِلَتْ اَيْدِيْنَآ اَنْعَامًا فَهُمْ لَهَا مٰلِكُوْنَ٧١
Awalam yarau annā khalaqnā lahum mimmā ‘amilat aidīnā an‘āman fahum lahā mālikūn(a).
[71]
Wong kafir padha ora ndeleng yen sarupaning rajakaya iku gawene Ingsun dhewe, mongka Ingsun parengake migunani marang manugnsa, banjur handarbeni.
وَذَلَّلْنٰهَا لَهُمْ فَمِنْهَا رَكُوْبُهُمْ وَمِنْهَا يَأْكُلُوْنَ٧٢
Wa żallalnāhā lahum fa minhā rakūbuhum wa minhā ya'kulūn(a).
[72]
Rajakaya mau Ingsun gawe manut miturut marang manungsa, malah ana kang dadi tetunggangane, lan ana kang dibeleh, daginge dipangan.
وَلَهُمْ فِيْهَا مَنَافِعُ وَمَشَارِبُۗ اَفَلَا يَشْكُرُوْنَ٧٣
Wa lahum fīhā manāfi‘u wa masyārib(u), afalā yasykurūn(a).
[73]
Perangane rajakaya akeh kang migunani marang manungsa (wulune kena ginawe sandhangan) pohane dadi omben - ombene, ya gene padha syukur?
وَاتَّخَذُوْا مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ اٰلِهَةً لَّعَلَّهُمْ يُنْصَرُوْنَ ۗ٧٤
Wattakhażū min dūnillāhi ālihatal la‘allahum yunṣarūn(a).
[74]
Wong kafir padha ngadegake pangeran saliyane Allah, (brahala). Padha ngarep - arep oleh pitulungane.
لَا يَسْتَطِيْعُوْنَ نَصْرَهُمْۙ وَهُمْ لَهُمْ جُنْدٌ مُّحْضَرُوْنَ٧٥
Lā yastaṭī‘ūna naṣrahum, wa hum lahum jundum muḥḍarūn(a).
[75]
(Brahala mau) ing tembe ora bisa weh tetulung marang wong kafir, dheweke padha digiring marang neraka, memper kaya balane.
فَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْ ۘاِنَّا نَعْلَمُ مَا يُسِرُّوْنَ وَمَا يُعْلِنُوْنَ٧٦
Falā yaḥzunka qauluhum, innā na‘lamu mā yusirrūna wa mā yu‘linūn(a).
[76]
(Muhammad) sira aja sedhih miris dening sumbare wong kafir. Ingsun nguningani kang padha dibathin utawa dilahirake dening wong kafir.
اَوَلَمْ يَرَ الْاِنْسَانُ اَنَّا خَلَقْنٰهُ مِنْ نُّطْفَةٍ فَاِذَا هُوَ خَصِيْمٌ مُّبِيْنٌ٧٧
Awalam yaral-insānu annā khalaqnāhu min nuṭfatin fa'iżā huwa khaṣīmum mubīn(un).
[77]
Manungsa apa padha ora deleng anggoningsun gawe manungsa mahu saka nutfah? bareng wis dadi manungsa banjur padha madone dhawuh Ingsun.
وَضَرَبَ لَنَا مَثَلًا وَّنَسِيَ خَلْقَهٗۗ قَالَ مَنْ يُّحْيِ الْعِظَامَ وَهِيَ رَمِيْمٌ٧٨
Wa ḍaraba lanā maṡalaw wa nasiya khalqah(ū), qāla may yuḥyil-‘iẓāma wa hiya ramīm(un).
[78]
Wong kafir lali kawitane anggoningsun dadekake manungsa, malah padha angelar upama anggone maido yen ing tembe bakal Ingsun tangekake saka pati. Pangucape, "Sapa kang bisa nguripake balug kang wis ajur dadi wong maneh?"
قُلْ يُحْيِيْهَا الَّذِيْٓ اَنْشَاَهَآ اَوَّلَ مَرَّةٍ ۗوَهُوَ بِكُلِّ خَلْقٍ عَلِيْمٌ ۙ٧٩
Qul yuḥyīhal-lażī ansya'ahā awwala marrah(tin), wa huwa bikulli khalqin ‘alīm(un).
[79]
(Muhammad) Dhawuha, "Kang bakal nguripake iku Pangeran kang murwani gawe balung mahu, diuripake dadi wong. Pangeran nguningani semu barang kang dumadi."
ۨالَّذِيْ جَعَلَ لَكُمْ مِّنَ الشَّجَرِ الْاَخْضَرِ نَارًاۙ فَاِذَآ اَنْتُمْ مِّنْهُ تُوْقِدُوْنَ٨٠
Allażī ja‘ala lakum minasy-syajaril-akhḍari nārā(n), fa'iżā antum minhu tūqidūn(a).
[80]
Kang metokake geni migunani marang kowe, diwerokake saka kayu kang teles tur ijo. Ing kono kowe bajur ngumbakake geni mahu.
اَوَلَيْسَ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ بِقٰدِرٍ عَلٰٓى اَنْ يَّخْلُقَ مِثْلَهُمْ ۗبَلٰى وَهُوَ الْخَلّٰقُ الْعَلِيْمُ٨١
Awa laisal-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa biqādirin ‘alā ay yakhluqa miṡlahum, balā wa huwal-khallāqul-‘alīm(u).
[81]
Pangeran kang gawe geni lan langit kang semene gedhene, apa ora kkuwasa gawe barang kang cilik (Hiya iku manungsa)? Allah iku kang gawe samu barang kang dumadi tur nguningani.
اِنَّمَآ اَمْرُهٗٓ اِذَآ اَرَادَ شَيْـًٔاۖ اَنْ يَّقُوْلَ لَهٗ كُنْ فَيَكُوْنُ٨٢
Innamā amruhū iżā arāda syai'an ay yaqūla lahū kun fa yakūn(u).
[82]
Kanyataning Allah, manawa kersa gawe sadhengah barang mung ngandika, "Sira anaa", sanalika banjur ana.
فَسُبْحٰنَ الَّذِيْ بِيَدِهٖ مَلَكُوْتُ كُلِّ شَيْءٍ وَّاِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ ࣖ٨٣
Fa subḥānal-lażī biyadihī malakūtu kulli syai'iw wa ilaihi turja‘ūn(a).
[83]
Allah iku Maha Suci, Panguwasane samu barang kawengku ing Allah. Besuk ana akherat samu barang padha bali marang ngarsane Allah.