Surah Fatir
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ فَاطِرِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ جَاعِلِ الْمَلٰۤىِٕكَةِ رُسُلًاۙ اُولِيْٓ اَجْنِحَةٍ مَّثْنٰى وَثُلٰثَ وَرُبٰعَۗ يَزِيْدُ فِى الْخَلْقِ مَا يَشَاۤءُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ١
Al-ḥamdu lillāhi fāṭiris-samāwāti wal-arḍi jā‘ilil-malāikati rusulā(n), ulī ajniḥatim maṡnā wa ṡulāṡa wa rubā‘(a), yazīdu fil-khalqi mā yasyā'(u), innallāha ‘alā kulli syai'in qadīr(un).
[1]
Sakabehaning puji iku kagungane Allah, kang gawe bumi lan langit sarta kang ngutus Malaikat kang padha mawa suwiwi ana kang ngeloro, nelu, lan papat ana kang ditambahi ciptane maneh sakparenge kersaning Allah. Satemene Allah iku nguwasani samu barang.
مَا يَفْتَحِ اللّٰهُ لِلنَّاسِ مِنْ رَّحْمَةٍ فَلَا مُمْسِكَ لَهَا ۚوَمَا يُمْسِكْۙ فَلَا مُرْسِلَ لَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٢
Mā yaftaḥillāhu lin-nāsi mir raḥmatin falā mumsika lahā, wa mā yumsik falā mursila lahū mim ba‘dih(ī), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[2]
Sadhengah rahmat kang diparingake dening allah marang manungsa (kaya dene rizki, banyu udan lan sapadhane) iku ora ana kang bisa ngalangi. Dene menawa Allah karsa mepet rahmat, mesthi ora ana kang bisa ngelungakake rahmat mau. Allah iku Maha Mulya tur Wicaksana.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْۗ هَلْ مِنْ خَالِقٍ غَيْرُ اللّٰهِ يَرْزُقُكُمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِۗ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۖ فَاَنّٰى تُؤْفَكُوْنَ٣
Yā ayyuhan-nāsużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum, hal min khāliqin gairullāhi yarzuqukum minas-samā'i wal-arḍ(i), lā ilāha illā huw(a), fa'annā tu'fakūn(a).
[3]
He para manungsa, sira padha elinga peparinging Allah kabungahan marang sira. Apa anata liyane Allah kang bisa gawe utawa nganakake barng - barang kang dumadi? Utawa aweh rizki marang sira saka ing langit utawa thetukulaning bumi (mangsa anaha). Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah. Kapriye anggonira balekake?
وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّنْ قَبْلِكَۗ وَاِلَى اللّٰهِ تُرْجَعُ الْاُمُوْرُ٤
Wa iy yukażżibūka faqad kużżibat rusulum min qablik(a), wa ilallāhi turja‘ul-umūr(u).
[4]
Menawa wong kafir padha maido marang sira, iku ora handhewekake. Para Rasul sadurunge sira, iya dipaido dening para ummate. Semu barang perkara iku, besuk ana ing akherat dibalekake konjuk ing Allah kang kuwasa ngerampungi.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۗ وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ٥
Yā ayyuhan-nāsu inna wa‘dallāhi ḥaqqun falā tagurrannakumul-ḥayātud-dun-yā, wa lā yagurrannakum billāhil-garūr(u).
[5]
He para manungsa, prasetyaning Allah bakal anane dina qiyamat mesthi bakal kelakon temenan. Mulane sira aja kajelemprong kasengsem kabungahan ing donya, lan aja manut panggodhaning syetan ngalirwakake parintahing Allah.
اِنَّ الشَّيْطٰنَ لَكُمْ عَدُوٌّ فَاتَّخِذُوْهُ عَدُوًّاۗ اِنَّمَا يَدْعُوْا حِزْبَهٗ لِيَكُوْنُوْا مِنْ اَصْحٰبِ السَّعِيْرِۗ٦
Innasy-syaiṭāna lakum ‘aduwwun fattakhiżūhu ‘aduwwā(n), innamā yad‘ū ḥizbahū liyakūnū min aṣḥābis-sa‘īr(i).
[6]
Satemene syetan iku satrunira, mulane hiya sira sateru. Kang mesthi syetan mau ngajak - ajak wong kang dikumpuli supaya dadiya isene neraka sya'ir.
اَلَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ەۗ وَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ مَّغْفِرَةٌ وَّاَجْرٌ كَبِيْرٌ ࣖ٧
Allażīna kafarū lahum ‘ażābun syadīd(un), wal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum magfiratuw wa ajrun kabīr(un).
[7]
Sarupane wong kafir iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot. Dene sarupane wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, iku bakal padha oleh pangapura kaluputane lan oleh ganjaran gedhe.
اَفَمَنْ زُيِّنَ لَهٗ سُوْۤءُ عَمَلِهٖ فَرَاٰهُ حَسَنًاۗ فَاِنَّ اللّٰهَ يُضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۖ فَلَا تَذْهَبْ نَفْسُكَ عَلَيْهِمْ حَسَرٰتٍۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِمَا يَصْنَعُوْنَ٨
Afaman zuyyina lahū sū'u ‘amalihī fara'āhu ḥasanā(n), fa'innallāha yuḍillu may yasyā'u wa yahdī may yasyā'(u), falā tażhab nafsuka ‘alaihim ḥasarāt(in), innallāha ‘alīmum bimā yaṣna‘ūn(a).
[8]
Wong kang kena panggodhaning syetan, banjur kasengsem lakune kang hala, pangersane iku prayoga. Satemene Allah iku nasarake wongkang dadi parenging kersane. Mulane ngati - atia aja nganti kerusakan awakira dening cilaka. Satemene Allah iku nguningani samu barang kang apdha dilakoni dening manungsa.
وَاللّٰهُ الَّذِيْٓ اَرْسَلَ الرِّيٰحَ فَتُثِيْرُ سَحَابًا فَسُقْنٰهُ اِلٰى بَلَدٍ مَّيِّتٍ فَاَحْيَيْنَا بِهِ الْاَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَاۗ كَذٰلِكَ النُّشُوْرُ٩
Wallāhul-lażī arsalar-riyāḥa fatuṡīru saḥāban fasuqnāhu ilā baladim mayyitin fa'aḥyainā bihil-arḍa ba‘da mautihā, każālikan-nusyūr(u).
[9]
Allah iku kang ngidikake angin, ngimpun mega kang banjur dadi udan. Udan mau Ingsun siramake negara utawa lemahan kang mati. Ingsun anggo nguripake palemahan kang mati (bera). Besuk anggoningsun nguripake wong kang wis padha mati hiya kaya mangkono.
مَنْ كَانَ يُرِيْدُ الْعِزَّةَ فَلِلّٰهِ الْعِزَّةُ جَمِيْعًاۗ اِلَيْهِ يَصْعَدُ الْكَلِمُ الطَّيِّبُ وَالْعَمَلُ الصَّالِحُ يَرْفَعُهٗ ۗوَالَّذِيْنَ يَمْكُرُوْنَ السَّيِّاٰتِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۗوَمَكْرُ اُولٰۤىِٕكَ هُوَ يَبُوْرُ١٠
Man kāna yurīdul-‘izzata falillāhil-‘izzatu jamī‘ā(n), ilaihi yaṣ‘adul-kalimuṭ-ṭayyibu wal-‘amaluṣ-ṣāliḥu yarfa‘uh(ū), wal-lażīna yamkurūnas-sayyi'āti lahum ‘ażābun syadīd(un), wa makru ulā'ika huwa yabūr(u).
[10]
Sing sapa kepengin mulya, nyuwuna kamulyan ing Allah, awit kamulyan iku kabeh kagungane Allah. Dene pangucap kang becik (Laa Ilaaha Illallah) konjuk ing allah. Pangucap becik mahu ngunjukake kabecikan ing Allah. Sarupane wong kang ngelakoni panggawe hala bakal padha dipatrapi siksa abot pihalane wong mahu ana akhirat bakal jugar.
وَاللّٰهُ خَلَقَكُمْ مِّنْ تُرَابٍ ثُمَّ مِنْ نُّطْفَةٍ ثُمَّ جَعَلَكُمْ اَزْوَاجًاۗ وَمَا تَحْمِلُ مِنْ اُنْثٰى وَلَا تَضَعُ اِلَّا بِعِلْمِهٖۗ وَمَا يُعَمَّرُ مِنْ مُّعَمَّرٍ وَّلَا يُنْقَصُ مِنْ عُمُرِهٖٓ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍۗ اِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌ١١
Wallāhu khalaqakum min turābin ṡumma min nuṭfatin ṡumma ja‘alakum azwājā(n), wa mā taḥmilu min unṡā wa lā taḍa‘u illā bi‘ilmih(ī), wa mā yu‘ammaru mim mu‘ammariw wa lā yunqaṣu min ‘umurihī illā fī kitāb(in), inna żālika ‘alallāhi yasīr(un).
[11]
Allah iku kang gawe sira saka lemah. Banjur gawe awakira saka nutfah (mani). Sira iku digawe warna - warna, lang lan wadon. Dene wong wadon anggone meteng lan ngelahirake bayi mesthi titis lan kaweruhake Allah. Dene umure siji - sijining wong lan suda wuwuhing umure mesthi tinulis ana kitab. Kang mangkono mahu kanggone Allah gampang.
وَمَا يَسْتَوِى الْبَحْرٰنِۖ هٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ سَاۤىِٕغٌ شَرَابُهٗ وَهٰذَا مِلْحٌ اُجَاجٌۗ وَمِنْ كُلٍّ تَأْكُلُوْنَ لَحْمًا طَرِيًّا وَّتَسْتَخْرِجُوْنَ حِلْيَةً تَلْبَسُوْنَهَا ۚوَتَرَى الْفُلْكَ فِيْهِ مَوَاخِرَ لِتَبْتَغُوْا مِنْ فَضْلِهٖ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ١٢
Wa mā yastawil-baḥrān(i), hāżā ‘ażbun furātun sā'igun syarābuhū wa hāżā milḥun ujāj(un), wa min kullin ta'kulūna laḥman ṭariyyaw wa tastakhrijūna ḥilyatan talbasūnahā, wa taral-fulka fīhi mawākhira litabtagū min faḍlihī wa la‘allakum tasykurūn(a).
[12]
Segara loro, tawa lan asin, ora padha marata. Sira delenga iku banyu tawa bening seger diombe, dene iki banyu asin kang letih. Sira bisa oleh pangan rupa iwak saka siji - sijining segara mahu. Uga bisa oleh raja pati kanggo rerenggan kayata mutiara, lan marjan. Mangkono maneh sira handeleng perahu padha mlaku ana segara sira anggo dagang ngupaya sih paringing Allah yaiku rizki, supaya sira padha syukur ing Allah.
يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِۚ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ كُلٌّ يَّجْرِيْ لِاَجَلٍ مُّسَمًّىۗ ذٰلِكُمُ اللّٰهُ رَبُّكُمْ لَهُ الْمُلْكُۗ وَالَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهٖ مَا يَمْلِكُوْنَ مِنْ قِطْمِيْرٍۗ١٣
Yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-lail(i), wa sakhkharasy-syamsa wal-qamara kulluy yajrī li'ajalim musammā(n), żālikumullāhu rabbukum lahul-mulk(u), wal-lażīna tad‘ūna min dūnihī mā yamlikūna min qiṭmīr(in).
[13]
Allah ngelajokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, apa dene marentah marang srengenge lan rembulan, kabeh padha melaku ana ing cakrawalene nganti qiyamat. Hiya iku Allah Pangeranira kang Kagungan Keraton. Dene brahala kang padha sira anggep pangeran liyane Allah, iku ora duwe apa - apa. Sanajan mung kelamudaning isi bae hiya ora duwe.
اِنْ تَدْعُوْهُمْ لَا يَسْمَعُوْا دُعَاۤءَكُمْۚ وَلَوْ سَمِعُوْا مَا اسْتَجَابُوْا لَكُمْۗ وَيَوْمَ الْقِيٰمَةِ يَكْفُرُوْنَ بِشِرْكِكُمْۗ وَلَا يُنَبِّئُكَ مِثْلُ خَبِيْرٍ ࣖ١٤
In tad‘ūhum lā yasma‘ū du‘ā'akum, wa lau sami‘ū mastajābū lakum, wa yaumal-qiyāmati yakfurūna bisyirkikum, wa lā yunabbi'uka miṡlu khabīr(in).
[14]
Brahala mau manawa sira undang, ora bisa krungu. Upama krungu ora bisa mangsuli pangundangira. Besuk dina qiyamat brahala mau padha ngelaki anggonira maro tingal nyembah brahala mau, apadene ora bisa pitutur apa - apa marang sira. Ora kaya Allah kang waspada marang samu barang.
۞ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اَنْتُمُ الْفُقَرَاۤءُ اِلَى اللّٰهِ ۚوَاللّٰهُ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ١٥
Yā ayyuhan-nāsu antumul-fuqarā'u ilallāh(i), wallāhu huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[15]
He manungsa, sira iku butuh marang kabecikaning Allah. Dene Allah ora pisan butuh apa - apa marang liyane wis benere Allah hangalembana kabecikane.
اِنْ يَّشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيْدٍۚ١٦
Iy yasya' yużhibkum wa ya'ti bikhalqin jadīd(in).
[16]
Manawa ana parenge karsaning Allah sira iku disirnakake kabeh. allah banjur nganakake titah anyar.
وَمَا ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ بِعَزِيْزٍ١٧
Wa mā żālika ‘alallāhi bi‘azīz(in).
[17]
Kelakone kang mangkono mau mungguhing Allah ora angel.
وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِّزْرَ اُخْرٰى ۗوَاِنْ تَدْعُ مُثْقَلَةٌ اِلٰى حِمْلِهَا لَا يُحْمَلْ مِنْهُ شَيْءٌ وَّلَوْ كَانَ ذَا قُرْبٰىۗ اِنَّمَا تُنْذِرُ الَّذِيْنَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ ۗوَمَنْ تَزَكّٰى فَاِنَّمَا يَتَزَكّٰى لِنَفْسِهٖ ۗوَاِلَى اللّٰهِ الْمَصِيْرُ١٨
Wa lā taziru wāziratuw wizra ukhrā, wa in tad‘u muṡqalatun ilā ḥimlihā lā yuḥmal minhu syai'uw wa lau kāna żā qurbā, innamā tunżirul-lażīna yakhsyauna rabbahum bil-gaibi wa aqāmuṣ-ṣalāh(ta), wa man tazakkā fa innamā yatazakkā linafsih(ī), wa ilallāhil-maṣīr(u).
[18]
(Besuk dina qiyamat) siji - sijining wong mau mikul dosane dhewe, ora mikul dosane liyan. Manawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe, ora mikul dosane liyan. Manawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe banjur hanjaluk tulung marang liyane supaya direwangi mikul, sanajan kang dijaluki tulung iku kalebu sanak sedulure mesthi ora gelem hangrewangi mikul sathithik - thitika. (Muhammad) wong kang sira elingake mung wong kang wedi marang siksane Allah, sanajan siksane ora katon, sarta padha nglakoni sholat. Dene sing sapa ngarah suci kelawan ngabekti ing Allah iku nucekake awake dhewe. Besuk manungsa padha bali marang ngarsane Allah.
وَمَا يَسْتَوِى الْاَعْمٰى وَالْبَصِيْرُ ۙ١٩
Wa mā yastawil-a‘mā wal-baṣīr(u).
[19]
Wong wuta lan wong handeleng mesthi ora padha.
وَلَا الظُّلُمٰتُ وَلَا النُّوْرُۙ٢٠
Wa laẓ-ẓulumātu wa lan-nūr(u).
[20]
Padhang lan peteng hiya ora padha.
وَلَا الظِّلُّ وَلَا الْحَرُوْرُۚ٢١
Wa laẓ-ẓillu wa lal-ḥarūr(u).
[21]
Apa dene heyub lan panas hiya mangsa podhoa.
وَمَا يَسْتَوِى الْاَحْيَاۤءُ وَلَا الْاَمْوَاتُۗ اِنَّ اللّٰهَ يُسْمِعُ مَنْ يَّشَاۤءُ ۚوَمَآ اَنْتَ بِمُسْمِعٍ مَّنْ فِى الْقُبُوْرِ٢٢
Wa mā yastawil-aḥyā'u wa lal-amwāt(u), innallāha yusmi‘u may yasyā'(u), wa mā anta bimusmi‘im man fil-qubūr(i).
[22]
Wong urip lan mati mesthi ora padha (kaya mangkono sanepane wong mukmin mesthi beda karo wong kafir). Allah gawe pangrungune wong kang dadi parenging kersane. Nanging sira ora bisa gawe pangrungune wong kang ana sajeroning kubur.
اِنْ اَنْتَ اِلَّا نَذِيْرٌ٢٣
In anta illā nażīr(un).
[23]
Sira iku ora liwat mung juru pepenget bahe.
اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَّنَذِيْرًا ۗوَاِنْ مِّنْ اُمَّةٍ اِلَّا خَلَا فِيْهَا نَذِيْرٌ٢٤
Innā arsalnāka bil-ḥaqqi basyīraw wa nażīrā(n), wa im min ummatin illā khalā fīhā nażīr(un).
[24]
Satemene anggoningsun ngutus sira iku ferdhune ngelingake siksaningsun lan ngebang - ngebang kelawan ganjaraningsun. Dene sarupane ummat zaman kuna biyen wis mesthi ana nabine dhewe - dhewe kang nyurup - nyurupake.
وَاِنْ يُّكَذِّبُوْكَ فَقَدْ كَذَّبَ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚجَاۤءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنٰتِ وَبِالزُّبُرِ وَبِالْكِتٰبِ الْمُنِيْرِ٢٥
Wa iy yukażżibūka faqad każżabal-lażīna min qablihim, jā'athum rusuluhum bil-bayyināti wa biz-zuburi wa bil-kitābil-munīr(i).
[25]
Menawa wong kafir padha maido (ing Muhammad) iku ora handheweki. Para ummat sadurunge wong kafir iku biyen, uga padha maido marang rasule. Tur para Rasule anggone handhawuhake kitab, kanthi terang lan mu'jizat (kahelokan).
ثُمَّ اَخَذْتُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَكَيْفَ كَانَ نَكِيْرِ ࣖ٢٦
Ṡumma akhażtul-lażīna kafarū fakaifa kāna nakīr(i).
[26]
Ingsun banjur nyiksa marang wong kafir kang padha maido mau. Marata (weruha) kapriye bebenduningsun marang wong kafir mau.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءًۚ فَاَخْرَجْنَا بِهٖ ثَمَرٰتٍ مُّخْتَلِفًا اَلْوَانُهَا ۗوَمِنَ الْجِبَالِ جُدَدٌ ۢبِيْضٌ وَّحُمْرٌ مُّخْتَلِفٌ اَلْوَانُهَا وَغَرَابِيْبُ سُوْدٌ٢٧
Alam tara annallāha anzala minas-samā'i mā'ā(n), fa'akhrajnā bihī ṡamarātim mukhtalifan alwānuhā, wa minal-jibāli judadum bīḍuw wa khumrum mukhtalifun alwānuhā wa garābību sūd(un).
[27]
Apa sira ora handeleng Allah anggone nurunake banyu udan saka ing langit banjur Ingsun anggo metokake woh - wohan kang warnane beda - beda. Dene dalan pating jelereh ana gungung uga warna - warna ana kang putih lan ana kang abang ireng banget.
وَمِنَ النَّاسِ وَالدَّوَاۤبِّ وَالْاَنْعَامِ مُخْتَلِفٌ اَلْوَانُهٗ كَذٰلِكَۗ اِنَّمَا يَخْشَى اللّٰهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمٰۤؤُاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ غَفُوْرٌ٢٨
Wa minan-nāsi wad-dawābbi wal-an‘āmi mukhtalifun alwānuhū każālik(a), innamā yakhsyallāha min ‘ibādihil-ulamā'(u), innallāha ‘azīzun gafūr(un).
[28]
Mangkono uga manungsa lan gegremetan, apa dene raja kaya hiya warna - warna. Dene kawulaning Allah kang mesthi padha bekti ing Allah iku mung para "Ulama". Satemene Allah iku Maha Mulya, ngapura dosa.
اِنَّ الَّذِيْنَ يَتْلُوْنَ كِتٰبَ اللّٰهِ وَاَقَامُوا الصَّلٰوةَ وَاَنْفَقُوْا مِمَّا رَزَقْنٰهُمْ سِرًّا وَّعَلَانِيَةً يَّرْجُوْنَ تِجَارَةً لَّنْ تَبُوْرَۙ٢٩
Innal-lażīna yatlūna kitāballāhi wa aqāmuṣ-ṣalāta wa anfaqū mimmā razaqnāhum sirraw wa ‘alāniyatay yarjūna tijāratal lan tabūr(a).
[29]
Sarupane wong kang taberi maca al-Qur'an kitabe Allah lan hangelakoni sholat apa dene mewehake paparing Ingsun rizki marang wong mahu, kelawan weruh wong akeh utawa ora, padha ngarep - arep mungguh lakune kang mangkon mahu dadiya dagangan kang ora kena tuna.
لِيُوَفِّيَهُمْ اُجُوْرَهُمْ وَيَزِيْدَهُمْ مِّنْ فَضْلِهٖۗ اِنَّهٗ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ٣٠
Liyuwaffiyahum ujūrahum wa yazīdahum min faḍlih(ī), innahū gafūrun syakūr(un).
[30]
Supaya Allah maringana ganjaran marang owng mahu lan muwuhana sih kanugerahan. Satemene Allah iku ngapura dosa tur paring syukur.
وَالَّذِيْٓ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ هُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِۗ اِنَّ اللّٰهَ بِعِبَادِهٖ لَخَبِيْرٌۢ بَصِيْرٌ٣١
Wal-lażī auḥainā ilaika minal-kitābi huwal-ḥaqqu muṣaddiqal limā baina yadaih(i), innallāha bi‘ibādihī lakhabīrum baṣīr(un).
[31]
Kitab al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad), iku nyata bener cocok surasane karo kitab kuna cecekelane (wong Yahudi). Satemene Allah mirsani tur waspada marang para kawulane.
ثُمَّ اَوْرَثْنَا الْكِتٰبَ الَّذِيْنَ اصْطَفَيْنَا مِنْ عِبَادِنَاۚ فَمِنْهُمْ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهٖ ۚوَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌ ۚوَمِنْهُمْ سَابِقٌۢ بِالْخَيْرٰتِ بِاِذْنِ اللّٰهِ ۗذٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيْرُۗ٣٢
Ṡumma auraṡnal-kitābal-lażīnaṣṭafainā min ‘ibādinā, fa minhum ẓālimul linafsih(ī), wa minhum muqtaṣid(un), wa minhum sābiqum bil-khairāti bi'iżnillāh(i), żālika huwal-faḍlul-kabīr(u).
[32]
Ingsun banjur handhawuhake kitab al-Qur'an marang kawulaningsun kang pilihan (ummate Muhammad) hewadene ana kang nganiaya marang hawake dhewe hiya iku kang sembrono anggone ngistokake dhawuh. Lana ana uga kang akeh setiya tuhune, apadene ana kang kaduk kabecikane (ora pisan ngelakoni hala) kelawan idzining Allah kang mangono mahu kanugrahan gedhe.
جَنّٰتُ عَدْنٍ يَّدْخُلُوْنَهَا يُحَلَّوْنَ فِيْهَا مِنْ اَسَاوِرَ مِنْ ذَهَبٍ وَّلُؤْلُؤًا ۚوَلِبَاسُهُمْ فِيْهَا حَرِيْرٌ٣٣
Jannātu ‘adniy yadkhulūnahā yuḥallauna fīhā min asāwira min żahabiw wa lu'lu'ā(n), wa libāsuhum fīhā ḥarīr(un).
[33]
Wong telung warna mahu besuk padha mlebu suwarga 'Adn ana kono padha dianggoni gelang emas lan mutiara, dene sandangan sarwa sutra.
وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْٓ اَذْهَبَ عَنَّا الْحَزَنَۗ اِنَّ رَبَّنَا لَغَفُوْرٌ شَكُوْرٌۙ٣٤
Wa qālul-ḥamdu lillāhil-lażī ażhaba ‘annal-ḥazan(a), inna rabbanā lagafūrun syakūr(un).
[34]
Wong ing suwarga padha memuji Allah, "Sakabehing puji kagungane Allah kang wis ngilangake kasusahan. Satemene Allah Pangeranku ngapura dosa tur paring Syukur."
ۨالَّذِيْٓ اَحَلَّنَا دَارَ الْمُقَامَةِ مِنْ فَضْلِهٖۚ لَا يَمَسُّنَا فِيْهَا نَصَبٌ وَّلَا يَمَسُّنَا فِيْهَا لُغُوْبٌ٣٥
Allażī aḥallanā dāral-muqāmati min faḍlih(ī), lā yamassunā fīhā naṣabuw wa lā yamassunā fīhā lugūb(un).
[35]
Kang wis mernahake aku marang panggonan ana suwarga panggonan kang tetep, ana suwarga aku ora tahu kangelan lan ora tahu sayah.
وَالَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَهُمْ نَارُ جَهَنَّمَۚ لَا يُقْضٰى عَلَيْهِمْ فَيَمُوْتُوْا وَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُمْ مِّنْ عَذَابِهَاۗ كَذٰلِكَ نَجْزِيْ كُلَّ كَفُوْرٍ ۚ٣٦
Wal-lażīna kafarū lahum nāru jahannam(a), lā yuqḍā ‘alaihim fayamūtū wa lā yukhaffafu ‘anhum min ‘ażābihā, każālika najzī kulla kafūr(in).
[36]
Dene para wong kafir padha dipatrapi siksa neraka jahannam, ora dipungkasi sarana mati lan ora diparingi gambaran siksane. Sarupane wong kafir hiya padha Ingsun patrapi.
وَهُمْ يَصْطَرِخُوْنَ فِيْهَاۚ رَبَّنَآ اَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِيْ كُنَّا نَعْمَلُۗ اَوَلَمْ نُعَمِّرْكُمْ مَّا يَتَذَكَّرُ فِيْهِ مَنْ تَذَكَّرَ وَجَاۤءَكُمُ النَّذِيْرُۗ فَذُوْقُوْا فَمَا لِلظّٰلِمِيْنَ مِنْ نَّصِيْرٍ ࣖ٣٧
Wa hum yaṣṭarikhūna fīhā, rabbanā akhirjnā na‘mal ṣāliḥan gairal-lażī kunnā na‘mal(u), awalam nu‘ammirkum mā yatażakkaru fīhi man tażakkara wa jā'akumun nażīr(u), fa żūqū famā liẓ-ẓālimīna min naṣīr(in).
[37]
Wong kafir ana ing neraka padha ngadhuh - adhuh sambate, "Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi panjenengan hentasaken saking neraka, kawula sagah ngelampahi pandamel sahe, boten maleh badhe ngelampahi pendhamel hawon, kados ingkang sampun kawula lampahi rumiyin." (Allah banjur melehake) Ingsun apa ora wis maringi ngumur dawa marang sira kang cukup dianggo eling. Sarta sira wis tampa dhawuhing Nabi. Mulane sahiki padha ngrasakna siksa. Wong kafir mangsa duwe handel - handel, kang bisa murungake siksaningsun.
اِنَّ اللّٰهَ عَالِمُ غَيْبِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّهٗ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ٣٨
Innallāha ‘ālimu gaibis-samāwāti wal-arḍ(i), innahū ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[38]
Satemene Allah iku nguningani kang samar - sama ana ing bumi lan langit, Satemene Allah iku nguningani sakrenteging ati.
هُوَ الَّذِيْ جَعَلَكُمْ خَلٰۤىِٕفَ فِى الْاَرْضِۗ فَمَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهٗۗ وَلَا يَزِيْدُ الْكٰفِرِيْنَ كُفْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ اِلَّا مَقْتًا ۚوَلَا يَزِيْدُ الْكٰفِرِيْنَ كُفْرُهُمْ اِلَّا خَسَارًا٣٩
Huwal-lażī ja‘alakum khalā'ifa fil-arḍ(i), faman kafara fa‘alaihi kufruh(ū), wa lā yazīdul-kāfirīna kufruhum ‘inda rabbihim illā maqtā(n), wa lā yazīdul-kāfirīna kufruhum illā khasārā(n).
[39]
Allah iku kang paring panggonan marang sira ana bumi hanggenteni wong kang wis padha mati. Sing sapa kafir patrapane bakal disongga dhewe, kafire mau mung arep nambahi siksa marang awake lan ngarsane Pangerane, lan bakal nambahi kapitunan marang awake dhewe.
قُلْ اَرَءَيْتُمْ شُرَكَاۤءَكُمُ الَّذِيْنَ تَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗاَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقُوْا مِنَ الْاَرْضِ اَمْ لَهُمْ شِرْكٌ فِى السَّمٰوٰتِۚ اَمْ اٰتَيْنٰهُمْ كِتٰبًا فَهُمْ عَلٰى بَيِّنَتٍ مِّنْهُۚ بَلْ اِنْ يَّعِدُ الظّٰلِمُوْنَ بَعْضُهُمْ بَعْضًا اِلَّا غُرُوْرًا٤٠
Qul ara'aitum syurakā'akumul-lażīna tad‘ūna min dūnillāh(i), arūnī māżā khalaqū minal-arḍi am lahum syirkun fis-samāwāt(i), am ātaināhum kitāban fahum ‘alā bayyinatim minh(u), bal iy ya‘iduẓ-ẓālimūna ba‘ḍuhum ba‘ḍan illā gurūrā(n).
[40]
(Muhammad) Dhawuha marang wong kafir, "Apa kowe wis padha ndeleng brahala kang dianggep Pangeran saliyane Allah. Tuduhna isen - isening bumi iki kang gawehane brahala sing endi? Apa brahala mau melu gawe langit? Apa brahala mau diapringi cekelan kitab kang mratelakake yen brahala mau melu jumenenge Pangeran" (mukal yen mangono). Wong kafir padha golong karo kancane. Yen brahala iku bakal bisa hambumbung prakara ana ngarsane Allah iku luput.
۞ اِنَّ اللّٰهَ يُمْسِكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ اَنْ تَزُوْلَا ەۚ وَلَىِٕنْ زَالَتَآ اِنْ اَمْسَكَهُمَا مِنْ اَحَدٍ مِّنْۢ بَعْدِهٖ ۗاِنَّهٗ كَانَ حَلِيْمًا غَفُوْرًا٤١
Innallāha yumsikus-samāwāti wal-arḍa an tazūlā, wa la'in zālatā in amsakahumā min aḥadim mim ba‘dih(ī), innahū kāna ḥalīman gafūrā(n).
[41]
Allah ngukuhake hadeging bumi lan langit kelawan panguasane, ora pisa bisa rubuh utawa jomplang. Upama bumi langit rubuh utawa jomplang mesthi ora ana sing bisa ngukuhake liyane Allah. Satemene ALlah welas - asih lan ngapura dosa.
وَاَقْسَمُوْا بِاللّٰهِ جَهْدَ اَيْمَانِهِمْ لَىِٕنْ جَاۤءَهُمْ نَذِيْرٌ لَّيَكُوْنُنَّ اَهْدٰى مِنْ اِحْدَى الْاُمَمِۚ فَلَمَّا جَاۤءَهُمْ نَذِيْرٌ مَّا زَادَهُمْ اِلَّا نُفُوْرًاۙ٤٢
Wa aqsamū billāhi jahda aimānihim la'in jā'ahum nażīrul layakūnunna ahdā min iḥdal-umam(i), falammā jā'ahum nażīrum mā zādahum illā nufūrā(n).
[42]
Wong kafir padha supata pethenthengan nyebut asmaning Allah, sanggem menawa ana Rasul teka mulang marang wong mahu. Mesthi bakal netepi pituduh bener (ngungkuli marang wong Yahudi lan Nasrani bareng wis ditekani Rasul/Muhammad) wong - wong malah padha mundhak munyal - munyal.
ۨاسْتِكْبَارًا فِى الْاَرْضِ وَمَكْرَ السَّيِّئِۗ وَلَا يَحِيْقُ الْمَكْرُ السَّيِّئُ اِلَّا بِاَهْلِهٖ ۗفَهَلْ يَنْظُرُوْنَ اِلَّا سُنَّتَ الْاَوَّلِيْنَۚ فَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّتِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا ەۚ وَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّتِ اللّٰهِ تَحْوِيْلًا٤٣
Istikbāran fil-arḍi wa makras-sayyi'(i), wa lā yaḥīqul-makrus-sayyi'u illā bi'ahlih(ī), fahal yanẓurūna illā sunnatal-awwalīn(a), falan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n), wa lan tajida lisunnatillāhi taḥwīlā(n).
[43]
Padha gumedhe ana bumi sartapadha nglakoni panggawe hala maeka marang utusane Allah, nanging ora pisan melarati pahekane mau, malah melarati marang awake dhewe lan amrang wangsane. wong kafir mung ngenteni siksane Allah. Kaya kang wis ditindakake marang ummat zaman kuna. Awit sira wis weruh yen pranataning Allah ora kena diowahi, uga siksane Allah ora kena diowahi.
اَوَلَمْ يَسِيْرُوْا فِى الْاَرْضِ فَيَنْظُرُوْا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَكَانُوْٓا اَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۗوَمَا كَانَ اللّٰهُ لِيُعْجِزَهٗ مِنْ شَيْءٍ فِى السَّمٰوٰتِ وَلَا فِى الْاَرْضِۗ اِنَّهٗ كَانَ عَلِيْمًا قَدِيْرًا٤٤
Awalam yasīrū fil-arḍi fa yanẓurū kaifa kāna ‘āqibatul-lażīna min qablihim wa kānū asyadda minhum quwwah(tan), wa mā kānallāhu liyu‘jizahū min syai'in fis-samāwāti wa lā fil-arḍ(i), innahū kāna ‘alīman qadīrā(n).
[44]
Dheweke apa ora hanjajah ing bumi supaya weruh patilasane wong kuna biyen sadurunge. (kang padha ditumpes dening Allah marga anggone madio rasule). Tur wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli dheweke? Hisen - hisening bumi lan langit ora ana kang bisa ngapesake Allah, murungake anggone nyiksa wong kang dadi parenging kersane. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur kuasa.
وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللّٰهُ النَّاسَ بِمَا كَسَبُوْا مَا تَرَكَ عَلٰى ظَهْرِهَا مِنْ دَاۤبَّةٍ وَّلٰكِنْ يُّؤَخِّرُهُمْ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّىۚ فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِعِبَادِهٖ بَصِيْرًا ࣖ٤٥
Wa lau yu'ākhiżullāhun-nāsa bimā kasabū mā taraka ‘alā ẓahrihā min dābbatiw wa lākiy yu'akhkhiruhum ilā ajalim musammā(n), fa iżā jā'a ajaluhum fa innallāha kāna bi‘ibādihī baṣīrā(n).
[45]
Upama Allah matrapi manungsa kelawan sabenering kaluputan kang wis padha dilakoni , mesthi ora ana gegremetan ana lumahing bumi kang keliwatan kabeh sira. Hewa dene kersaning Allah ora mangkono. Penyiksaning manungsa disrantekake tekaning wewangen kang tinemtokake (Hiya iku besuk dina qiyamat). Besuk yen wis tekan wewangene Allah mesthi mirsani para kawulane.