Surah Al-Ahzab
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اتَّقِ اللّٰهَ وَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلِيْمًا حَكِيْمًاۙ١
Yā ayyuhan-nabiyyuttaqillāha wa lā tuṭi‘il-kāfirīna wal-munāfiqīn(a), innallāha kāna ‘alīman ḥakīmā(n).
[1]
He Nabi kang ngondhangake parentah Ingsun, tulusa anggonira bekti ing Allah, aja manut marang wong kafir lan wong kang mangro tingal. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur wicaksana.
وَّاتَّبِعْ مَا يُوْحٰىٓ اِلَيْكَ مِنْ رَّبِّكَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرًاۙ٢
Wattabi‘ mā yūḥā ilaika mir rabbik(a), innallāha kāna bimā ta‘malūna khabīrā(n).
[2]
Sira manuta al-Qur'an kang wis didhawuhake dening Allah Pangeranira marang sira. Satemene Allah iku waspada marang samu barang kang padha sira lakoni.
وَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٣
Wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[3]
Sira pasraha ing Allah samu barang perkaranira, awit wis cukup Allah piyambak kang ngreksa ing sira.
مَا جَعَلَ اللّٰهُ لِرَجُلٍ مِّنْ قَلْبَيْنِ فِيْ جَوْفِهٖ ۚوَمَا جَعَلَ اَزْوَاجَكُمُ الّٰـِٕۤيْ تُظٰهِرُوْنَ مِنْهُنَّ اُمَّهٰتِكُمْ ۚوَمَا جَعَلَ اَدْعِيَاۤءَكُمْ اَبْنَاۤءَكُمْۗ ذٰلِكُمْ قَوْلُكُمْ بِاَفْوَاهِكُمْ ۗوَاللّٰهُ يَقُوْلُ الْحَقَّ وَهُوَ يَهْدِى السَّبِيْلَ٤
Mā ja‘alallāhu lirajulim min qalbaini fī jaufih(ī), wa mā ja‘ala azwājakumul-lā'ī tuẓāhirūna minhunna ummahātikum, wa mā ja‘ala ad‘iyā'akum abnā'akum, żālikum qaulukum bi'afwāhikum, wallāhu yaqūlul-ḥaqqa wa huwa yahdis-sabīl(a).
[4]
Allah ora handokake ati loro ana ong wetenge wong lanang siji, lan ora netepake rabinira kang sira hemperake (biyungira iku dadi biyungira). Apa dene ora handadekake anakira angkat dadi anak ira temen. (He wong Yahudi) kang netepake dadi anak iku mung pangucape cangkemira, iku luput. Dene pangandikaning Allah iku temen nyata. Allah iku paring pituduh dalan kang bener.
اُدْعُوْهُمْ لِاٰبَاۤىِٕهِمْ هُوَ اَقْسَطُ عِنْدَ اللّٰهِ ۚ فَاِنْ لَّمْ تَعْلَمُوْٓا اٰبَاۤءَهُمْ فَاِخْوَانُكُمْ فِى الدِّيْنِ وَمَوَالِيْكُمْ ۗوَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ فِيْمَآ اَخْطَأْتُمْ بِهٖ وَلٰكِنْ مَّا تَعَمَّدَتْ قُلُوْبُكُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥
Ud‘ūhum li'ābā'ihim huwa aqsaṭu ‘indallāh(i), fa illam ta‘lamū ābā'ahum fa ikhwānukum fid-dīni wa mawālīkum, wa laisa ‘alaikum junāḥun fīmā akhṭa'tum bihī wa lākim mā ta‘ammadat qulūbukum, wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[5]
Sira padha ngaranana sadhengah wong ana kang bapakne temen (dudu bapak angkat) mungguh Allah luwih bener. Dene yen sira ora weruh bapakne temen, sira akuwa sedulur tunggal agama (yen dheweke Islam). Dene yen sadurunge ana papacah iki, anggonira ngarani wong anaking bapakne angkat, ora dadi apa. Nanging sawise ana papacah iki, kelawan jaragan sira kaluputan. Allah kepareng ngapura dosa tur Maha Asih.
اَلنَّبِيُّ اَوْلٰى بِالْمُؤْمِنِيْنَ مِنْ اَنْفُسِهِمْ وَاَزْوَاجُهٗٓ اُمَّهٰتُهُمْ ۗوَاُولُوا الْاَرْحَامِ بَعْضُهُمْ اَوْلٰى بِبَعْضٍ فِيْ كِتٰبِ اللّٰهِ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُهٰجِرِيْنَ اِلَّآ اَنْ تَفْعَلُوْٓا اِلٰٓى اَوْلِيَاۤىِٕكُمْ مَّعْرُوْفًا ۗ كَانَ ذٰلِكَ فِى الْكِتٰبِ مَسْطُوْرًا٦
An-nabiyyu aulā bil-mu'minīna min anfusihim wa azwājuhū ummahātuhum, wa ulul-arḥāmi ba‘ḍuhum aulā biba‘ḍin fī kitābillāhi minal-mu'minīna wal-muhājirīna illā an taf‘alū ilā auliyā'ikum ma‘rūfā(n), kāna żālika fil-kitābi masṭūrā(n).
[6]
Nabi (Muhammad) iku nguwasani marang para wong mukmin, ngungkuli (wong mukmin anggone nguwasani) marang awake dhewe. Dalah para rabine Nabi benjing dadi biyunge para wong mukmin kabeh (ummahatul mukmin), dene para sanake wong mukmin iku siji - sijining sanak anggone nguwasani marang wong mukmin mahu ngungkuli sanak liyane bab anggone oleh panduman waris. Mawa - mawa adoh cedhake kasebuting hukuming kitab. Ngungkuli waris para wong mukmin lan parasahabat kang handherek hijrah marang Madinah. Kajaba yen sira neja gawe kabecikan washiyat marang wong kang sira asihi kang ora kalebu ahli waris, iku kena. Pernatan kang mangkono iku wis tinulis ana ing kitab (Lauh Mahfudz).
وَاِذْ اَخَذْنَا مِنَ النَّبِيّٖنَ مِيْثَاقَهُمْ وَمِنْكَ وَمِنْ نُّوْحٍ وَّاِبْرٰهِيْمَ وَمُوْسٰى وَعِيْسَى ابْنِ مَرْيَمَ ۖوَاَخَذْنَا مِنْهُمْ مِّيْثَاقًا غَلِيْظًاۙ٧
Wa iż akhażnā minan-nabiyyīna mīṡāqahum wa minka wa min nūḥiw wa ibrāhīma wa mūsā wa ‘īsabni maryam(a), wa akhażnā minhum mīṡāqan galīẓā(n).
[7]
(Muhammad) sira nyeritakna anggoningsun mundhut sasanggemane para Nabi, saka sira tuwin saka Nuh, Ibrahim, Musa, lan Isa bin Maryam kabeh padha ngaturake sesanggemane sarta Ingsun gondheli kukuh.
لِّيَسْـَٔلَ الصّٰدِقِيْنَ عَنْ صِدْقِهِمْ ۚوَاَعَدَّ لِلْكٰفِرِيْنَ عَذَابًا اَلِيْمًا ࣖ٨
Liyas'alaṣ-ṣādiqīna ‘an ṣidqihim, wa a‘adda lil-kāfirīna ‘ażāban alīmā(n).
[8]
Ing tembe Allah bakal handangu para Rasul bab temene anggone wis ngungangake parentahe, Allah ngancam siksa neraka kang ngelarani marang para wong kafir.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ جَاۤءَتْكُمْ جُنُوْدٌ فَاَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيْحًا وَّجُنُوْدًا لَّمْ تَرَوْهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ بَصِيْرًاۚ٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurū ni‘matallāhi ‘alaikum iż jā'atkum junūdun fa'arsalnā ‘alaihim rīḥaw wa junūdal lam tarauhā, wa kānallāhu bimā ta‘malūna baṣīrā(n).
[9]
He para wong mukmin, sira padha elinga kebungahan paparingng Allah marang sira (hiya iku nalika perang Khandak) sira tinempuh ing mungsuh kang gogolongan, Ingsun banjur ngididake angin, kanthi bala Malaikat kang tanpa wilangan nanging sira ora weruh. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni.
اِذْ جَاۤءُوْكُمْ مِّنْ فَوْقِكُمْ وَمِنْ اَسْفَلَ مِنْكُمْ وَاِذْ زَاغَتِ الْاَبْصَارُ وَبَلَغَتِ الْقُلُوْبُ الْحَنَاجِرَ وَتَظُنُّوْنَ بِاللّٰهِ الظُّنُوْنَا۠ ۗ١٠
Iż jā'ūkum min fauqikum wa min asfala minkum wa iż zāgatil-abṣāru wa balagatil-qulūbul-ḥanājira wa taẓunnūna billāhiẓ-ẓunūnā.
[10]
Dhek semana mungsuh nempuh ing sira, saka dhuwuring jurang lan saka jurang kang ngisor. Sira kinepung ing mungsuh, marep ing ngendi bahe handeleng mungsuh, Saking bangeting kuwatir, atining wong kaya manjuluk tekan ing tengkuk. Penyananing wong marang Allah warna - warna, ana kang ngipta oleh pitulung, lan ana kang nyipta bilahi.
هُنَالِكَ ابْتُلِيَ الْمُؤْمِنُوْنَ وَزُلْزِلُوْا زِلْزَالًا شَدِيْدًا١١
Hunālikabtuliyal-mu'minūna wa zulzilū zilzālan syadīdā(n).
[11]
Ing kono para wong mukmin padha dicoba dening Allah saking bangete kuwatir polahe warna - warna.
وَاِذْ يَقُوْلُ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ مَّا وَعَدَنَا اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اِلَّا غُرُوْرًا١٢
Wa iż yaqūlul-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍum mā wa‘adanallāhu wa rasūluhū illā gurūrā(n).
[12]
SIra nyaritakne nalikane wong mangro tingal (munafik) sarta wong kang atine ana larane padha celathu mangkene, "prasetyaning ALlah lan utusane (aku bakal menang perang) iku ora liya mung ngapusi bahe".
وَاِذْ قَالَتْ طَّاۤىِٕفَةٌ مِّنْهُمْ يٰٓاَهْلَ يَثْرِبَ لَا مُقَامَ لَكُمْ فَارْجِعُوْا ۚوَيَسْتَأْذِنُ فَرِيْقٌ مِّنْهُمُ النَّبِيَّ يَقُوْلُوْنَ اِنَّ بُيُوْتَنَا عَوْرَةٌ ۗوَمَا هِيَ بِعَوْرَةٍ ۗاِنْ يُّرِيْدُوْنَ اِلَّا فِرَارًا١٣
Wa iż qālat ṭā'ifatum minhum yā ahla yaṡriba lā muqāma lakum farji‘ū, wa yasta'żinu farīqum minhumun-nabiyya yaqūlūna inna buyūtanā ‘aurah(tun), wa mā hiya bi‘aurah(tin), iy yurīdūna illā firārā(n).
[13]
Apa dene nalikane wong mangrotingal sapontho padha celathu, "he wong Madinah (Yatsrib), kowe padha muliha menyang omahmu bahe, awit ana peperangan kono saking akehing mungsuh, kowe wis ora duwe panggonan", Ing kono banjur ana wong sapontho banjur pamit marang Nabi (Muhammad), hature, "Kula nyuwun pamit mantuk, amargi griya kula boten santosa". Nanging satemene omahe wong mahu ora kurang santosane. Dene anggone matur kaya mangkono mahu ora liya karepe mung kingguh ora gelem handherek perang.
وَلَوْ دُخِلَتْ عَلَيْهِمْ مِّنْ اَقْطَارِهَا ثُمَّ سُىِٕلُوا الْفِتْنَةَ لَاٰتَوْهَا وَمَا تَلَبَّثُوْا بِهَآ اِلَّا يَسِيْرًا١٤
Wa lau dukhilat ‘alaihim min aqṭārihā ṡumma su'ilul-fitnata la'ātauhā wa mā talabbaṡū bihā illā yasīrā(n).
[14]
Menawa negarane mau dileboni mungsuh saka kiwa tengen, banjur dipeksa dadi kafir mesthi nurut dadi kafir. Nanging anggone tentrem ora nganti lawas. Banjur nemahi rusak.
وَلَقَدْ كَانُوْا عَاهَدُوا اللّٰهَ مِنْ قَبْلُ لَا يُوَلُّوْنَ الْاَدْبَارَ ۗوَكَانَ عَهْدُ اللّٰهِ مَسْـُٔوْلًا١٥
Wa laqad kānū ‘āhadullāha min qablu lā yuwallūnal-adbār(a), wa kāna ‘ahdullāhi mas'ūlā(n).
[15]
Sadurunge kelakon (Perang Khandak) wong mahu wis padha prasetya ing Allah ora bakal melayu saka ing peperangan. Kang mangka wong prasetya ing ALlah iku bakal didangu apa wis nuhoni prasetyane apa cidra.
قُلْ لَّنْ يَّنْفَعَكُمُ الْفِرَارُ اِنْ فَرَرْتُمْ مِّنَ الْمَوْتِ اَوِ الْقَتْلِ وَاِذًا لَّا تُمَتَّعُوْنَ اِلَّا قَلِيْلًا١٦
Qul lay yanfa‘akumul-firāru in farartum minal-mauti awil-qatli wa iżal lā tumatta‘ūna illā qalīlā(n).
[16]
(Muhammad) dhawuha, "Menawa kowe melayu neja pnguncati pati utawa kasambut ing peperangan iku ora pisan migunani anggomu urip mungsawatara mongsa bahe".
قُلْ مَنْ ذَا الَّذِيْ يَعْصِمُكُمْ مِّنَ اللّٰهِ اِنْ اَرَادَ بِكُمْ سُوْۤءًا اَوْ اَرَادَ بِكُمْ رَحْمَةً ۗوَلَا يَجِدُوْنَ لَهُمْ مِّنْ دُوْنِ اللّٰهِ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا١٧
Qul man żal-lażī ya‘ṣimukum minallāhi in arāda bikum sū'an au arāda bikum raḥmah(tan), wa lā yajidūna lahum min dūnillāhi waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[17]
(Muhammad) sira dhawuha, "Menawa Allah ngersakake hala marang kowe, sapa kang bisa ngreksa awakmu, utawa yen Allah kersa parign marang kowe, sapa kang bisa murungake rahmat mahu, manungsa ora bisa oleh handel - handel liyane Allah kang bisa murungake siksaning Allah".
۞ قَدْ يَعْلَمُ اللّٰهُ الْمُعَوِّقِيْنَ مِنْكُمْ وَالْقَاۤىِٕلِيْنَ لِاِخْوَانِهِمْ هَلُمَّ اِلَيْنَا ۚوَلَا يَأْتُوْنَ الْبَأْسَ اِلَّا قَلِيْلًاۙ١٨
Qad ya‘lamullāhul-mu‘awwiqīna minkum wal-qā'ilīna li'ikhwānihim halumma ilainā, wa lā ya'tūnal-ba'sa illā qalīlā(n).
[18]
Allah nguningani wong kang padha mbujuk wong Islam pangucape marang kancane, "Padha marenana aja melu perang (Nabi Muhammad)". WOng mau hiya kang melu perang (nanging pamrihe mung golek alem) kajaba mung sethithik.
اَشِحَّةً عَلَيْكُمْ ۖ فَاِذَا جَاۤءَ الْخَوْفُ رَاَيْتَهُمْ يَنْظُرُوْنَ اِلَيْكَ تَدُوْرُ اَعْيُنُهُمْ كَالَّذِيْ يُغْشٰى عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِۚ فَاِذَا ذَهَبَ الْخَوْفُ سَلَقُوْكُمْ بِاَلْسِنَةٍ حِدَادٍ اَشِحَّةً عَلَى الْخَيْرِۗ اُولٰۤىِٕكَ لَمْ يُؤْمِنُوْا فَاَحْبَطَ اللّٰهُ اَعْمَالَهُمْۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا١٩
Asyiḥḥatan ‘alaikum, fa iżā jā'al-khaufu ra'aitahum yanẓurūna ilaika tadūru a‘yunuhum kal-lażī yugsyā ‘alaihi minal-maut(i), fa iżā żahabal-khaufu salaqūkum bi'alsinatin ḥidādin asyiḥḥatan ‘alal-khair(i), ulā'ika lam yu'minū fa aḥbaṭallāhu a‘mālahum, wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[19]
Padha medhit metokake bandhane (kanggo mragati perang) nalikane katekan kuwatir padha handeleng ing sira, mripate jelalatan kaya wong arep mati. Bareng wis ilang kuwatire (menang anggone perang) banjur padha ngladaki ing sira kelawan pangucap kang tanpa kering. Padha medhit nglakoni kabecikan. Satemene wong mahu padha ora percaya ing Allah. Mulane Allah ora nganggep anggone rowa - rowa ngelakoni kabecikan. Allah tanpa pekewuh anggone nyirnakake kabecikane wong mahu.
يَحْسَبُوْنَ الْاَحْزَابَ لَمْ يَذْهَبُوْا ۚوَاِنْ يَّأْتِ الْاَحْزَابُ يَوَدُّوْا لَوْ اَنَّهُمْ بَادُوْنَ فِى الْاَعْرَابِ يَسْاَلُوْنَ عَنْ اَنْۢبَاۤىِٕكُمْ ۗوَلَوْ كَانُوْا فِيْكُمْ مَّا قٰتَلُوْٓا اِلَّا قَلِيْلًا ࣖ٢٠
Yaḥsabūnal-aḥzāba lam yażhabū, wa iy ya'til aḥzābu yawaddū lau annahum bādūna fil a‘rābi yas'alūna ‘an ambā'ikum, wa lau kānū fīkum mā qātalū illā qalīlā(n).
[20]
Rumangsane mungsuh mahu durung keplayu. Bareng weruh yen mungsuh wis keplayu, rantamane upama mungsuh mahu bali nempuh maneh wong munafik neja ngalimpet menyang alas, Upama wong munafik mahu isih awor sira, geleme mangsah perang hiya mung (murih halem) sethithik.
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ٢١
Laqad kāna lakum fī rasūlillāhi uswatun ḥasanatul liman kāna yarjullāha wal yaumal ākhira wa żakarallāha kaṡīrā(n).
[21]
Satemene sira iiku duwe panutan becik hiya iku Rasulullah (Muhammad), iku becik tumrap wong kang ngarep - ngarep ganjaraning Allah sarta wedi siksaning dina Qiyamat. Apadene wong kang akeh elinge ing Allah.
وَلَمَّا رَاَ الْمُؤْمِنُوْنَ الْاَحْزَابَۙ قَالُوْا هٰذَا مَا وَعَدَنَا اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ وَصَدَقَ اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗ ۖوَمَا زَادَهُمْ اِلَّآ اِيْمَانًا وَّتَسْلِيْمًاۗ٢٢
Wa lammā ra'al-mu'minūnal-aḥzāb(a), qālū hāżā mā wa‘adanallāhu wa rasūluhū wa ṣadaqallāhu wa rasūluh(ū), wa mā zādahum illā īmānaw wa taslīmā(n).
[22]
Wong mukmin bareng padha handeleng mungsuh, banjur padha ngucap, "Hiya iku prasetyaning Allah lan utusane, (Aku bakal tinempuh ing mangsah naning ora dadi) awit prasetyaning Allah lan utusane aku bakal ditulungi mesthi temen. Tekaning mungsuh mahu malah muwuhi pracayaning para wong mukmin lan pasrahe marang Allah."
مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ رِجَالٌ صَدَقُوْا مَا عَاهَدُوا اللّٰهَ عَلَيْهِ ۚ فَمِنْهُمْ مَّنْ قَضٰى نَحْبَهٗۙ وَمِنْهُمْ مَّنْ يَّنْتَظِرُ ۖوَمَا بَدَّلُوْا تَبْدِيْلًاۙ٢٣
Minal-mu'minīna rijālun ṣadaqū mā ‘āhadullāha ‘alaih(i), faminhum man qaḍā naḥbah(ū), wa minhum may yantaẓir(u), wa mā baddalū tabdīlā(n).
[23]
Sawenehing wong mukmin ana kang setya tuhu tetepe sanggemane marang Allah. Dene wong kang setiya tuhu mau ana kang mati ana peperangan lan ana kang mati ana peperangan lan ana uga kang isih ngenteni lan ngarep - arep besuk apa anggone mati perang. Ora ana kang hambalik ngudari sanggemane.
لِّيَجْزِيَ اللّٰهُ الصّٰدِقِيْنَ بِصِدْقِهِمْ وَيُعَذِّبَ الْمُنٰفِقِيْنَ اِنْ شَاۤءَ اَوْ يَتُوْبَ عَلَيْهِمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ غَفُوْرًا رَّحِيْمًاۚ٢٤
Liyajziyallāhuṣ-ṣādiqīna biṣidqihim wa yu‘ażżibal-munāfiqīna in syā'a au yatūba ‘alaihim, innallāha kāna gafūrar raḥīmā(n).
[24]
Allah bakal hangganyar wong kang setiya tuhu, sarta nyiksa wongkang lamis utawa ngapura wong mau manut apa peparinging kersane. Satemene Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih.
وَرَدَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِغَيْظِهِمْ لَمْ يَنَالُوْا خَيْرًا ۗوَكَفَى اللّٰهُ الْمُؤْمِنِيْنَ الْقِتَالَ ۗوَكَانَ اللّٰهُ قَوِيًّا عَزِيْزًاۚ٢٥
Wa raddallāhul-lażīna kafarū bigaiẓihim lam yanālū khairā(n), wa kafallāhul-mu'minīnal-qitāl(a), wa kānallāhu qawiyyan ‘azīzā(n).
[25]
Allah hanjugarake pamrihe para mungsuh kafir, kang urip padha mundur kelawan muring - muring ora pisan menang perange. Allah nulungi para wong mukmin ana ing peperangan. Allah iku sentosa tur mulya.
وَاَنْزَلَ الَّذِيْنَ ظَاهَرُوْهُمْ مِّنْ اَهْلِ الْكِتٰبِ مِنْ صَيَاصِيْهِمْ وَقَذَفَ فِيْ قُلُوْبِهِمُ الرُّعْبَ فَرِيْقًا تَقْتُلُوْنَ وَتَأْسِرُوْنَ فَرِيْقًاۚ٢٦
Wa anzalal-lażīna ẓāharūhum min ahlil-kitābi min ṣayāṣīhim wa qażafa fī qulūbihimur-ru‘ba farīqan taqtulūna wa ta'sirūna farīqā(n).
[26]
Allah ngudhunake para wong kafir kang padha duwe cecekelan Kitab kang padha biyantu marang para mungsuh kafir mahu, diudhunake saka loteng pandhelikane. Sarta padha didunungi duwe ati giris. Wong mahu kang sagolongan padha mati, sagolongan maneh padha dadi boyongan.
وَاَوْرَثَكُمْ اَرْضَهُمْ وَدِيَارَهُمْ وَاَمْوَالَهُمْ وَاَرْضًا لَّمْ تَطَـُٔوْهَا ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرًا ࣖ٢٧
Wa auraṡakum arḍahum wa diyārahum wa amwālahum wa arḍal lam taṭa'ūhā, wa kānallāhu ‘alā kulli syai'in qadīrā(n).
[27]
Allah ngunhuni warisan marang sira, rupa palemahan lan omah apadene bandha tilas darbeke wong kafir mau mengkono maneh palemahan kang durung sira hambah ing tembe bakal sira rebut kelawan perang. Allah iku nguwasani samu barang.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ اِنْ كُنْتُنَّ تُرِدْنَ الْحَيٰوةَ الدُّنْيَا وَزِيْنَتَهَا فَتَعَالَيْنَ اُمَتِّعْكُنَّ وَاُسَرِّحْكُنَّ سَرَاحًا جَمِيْلًا٢٨
Yā ayyuhan-nabiyyu qul li'azwājika in kuntunna turidnal-ḥayātad-dun-yā wa zīnatahā fa ta‘ālaina umatti‘kunna wa usarriḥkunna sarāḥan jamīlā(n).
[28]
He Nabi (Muhammad) sira dhawuha marang rabinira, "Menawa kowe padha dhemen kabungahan ing donya lan rerenggan donya, mara padha marenana. Takwenehi apa kang dadi panjalukmu, nanging kowe padha tak pegat kanthi becik."
وَاِنْ كُنْتُنَّ تُرِدْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ وَالدَّارَ الْاٰخِرَةَ فَاِنَّ اللّٰهَ اَعَدَّ لِلْمُحْسِنٰتِ مِنْكُنَّ اَجْرًا عَظِيْمًا٢٩
Wa in kuntunna turidnallāha wa rasūlahū wad-dāral-ākhirata fa innallāha a‘adda lil-muḥsināti minkunna ajran ‘aẓīmā(n).
[29]
Dene yen kowe padha dhemen ing Allah lan utusane, lan dhemen ganjaran suwarga ing akherat, padha weruha allah wis nyawisi hendi kang pracaya ing Allah sarta ngelakoni penggawe becik padha dicawisi ganjaran gedhe.
يٰنِسَاۤءَ النَّبِيِّ مَنْ يَّأْتِ مِنْكُنَّ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ يُّضٰعَفْ لَهَا الْعَذَابُ ضِعْفَيْنِۗ وَكَانَ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرًا ۔٣٠
Yā nisā'an-nabiyyi may ya'ti minkunna bifāḥisyatim mubayyinatiy yuḍā‘af lahal-‘ażābu ḍi‘fain(i), wa kāna żālika ‘alallāhi yasīrā(n).
[30]
(Pangandikane Allah), "He para rabine Nabi (Muhammad) sing sapa ngelakoni zina kang tetela siksane tikel tinimbang wong wadon liyane. Kang mangkono mau ing ngatase Allah gampang banget kelakone".
۞ وَمَنْ يَّقْنُتْ مِنْكُنَّ لِلّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ وَتَعْمَلْ صَالِحًا نُّؤْتِهَآ اَجْرَهَا مَرَّتَيْنِۙ وَاَعْتَدْنَا لَهَا رِزْقًا كَرِيْمًا٣١
Wa may yaqnut minkunna lillāhi wa rasūlihī wa ta‘mal ṣāliḥan nu'tihā ajrahā marratain(i), wa a‘tadnā lahā rizqan karīmā(n).
[31]
Sira kabeh (para rabine nabi) sing sapa manut miturut ing Allah lan utusane sarta nglakoni penggawe becik, Ingsun paringi ganjaran tikel tinimbang wong wadon liyane. Apadene Ingsun sediyan rizki kang mulya ana ing suwarga.
يٰنِسَاۤءَ النَّبِيِّ لَسْتُنَّ كَاَحَدٍ مِّنَ النِّسَاۤءِ اِنِ اتَّقَيْتُنَّ فَلَا تَخْضَعْنَ بِالْقَوْلِ فَيَطْمَعَ الَّذِيْ فِيْ قَلْبِهٖ مَرَضٌ وَّقُلْنَ قَوْلًا مَّعْرُوْفًاۚ٣٢
Yā nisā'an-nabiyyi lastunna ka'aḥadim minan-nisā'i inittaqaitunna falā takhḍa‘na bil-qauli fa yaṭma‘al-lażī fī qalbihī maraḍuw wa qulna qaulam ma‘rūfā(n).
[32]
He para rabine Nabi (Muhammad) sira iku ora mung padha bahe karo para wong wadon kang dudu rabine Nabi. Menawa sira bekti ing Allah, aja ngetokake gandes luwese pangucapira marang wong lanang liya kang tipis Imane mundhak padha kapencut. Ngucapa kang aris bahe (lumrah).
وَقَرْنَ فِيْ بُيُوْتِكُنَّ وَلَا تَبَرَّجْنَ تَبَرُّجَ الْجَاهِلِيَّةِ الْاُوْلٰى وَاَقِمْنَ الصَّلٰوةَ وَاٰتِيْنَ الزَّكٰوةَ وَاَطِعْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ ۗاِنَّمَا يُرِيْدُ اللّٰهُ لِيُذْهِبَ عَنْكُمُ الرِّجْسَ اَهْلَ الْبَيْتِ وَيُطَهِّرَكُمْ تَطْهِيْرًاۚ٣٣
Wa qarna fī buyūtikunna wa lā tabarrajna tabarrujal-jāhiliyyatil-ūlā wa aqimnaṣ-ṣalāta wa ātīnaz-zakāta wa aṭi‘nallāha wa rasūlah(ū), innamā yurīdullāhu liyużhiba ‘ankumur-rijsa ahlal-baiti wa yuṭahhirakum taṭhīrā(n).
[33]
Lan padha manggona ana ing Omahira, aja padha ngetokake perhiasan (ngedi busana ngedheng marang wong lanang liya). Padha nglakonana sholat lan bayara zakat sarta padha manut mituruta ing Allah lan marang Rasulullah. He para Ahli Bait (isining omahe Nabi) satemene kersaning Alah iku murih sirapadha resika saka dosa, lan kudu nucekak marang sira.
وَاذْكُرْنَ مَا يُتْلٰى فِيْ بُيُوْتِكُنَّ مِنْ اٰيٰتِ اللّٰهِ وَالْحِكْمَةِۗ اِنَّ اللّٰهَ كَانَ لَطِيْفًا خَبِيْرًا ࣖ٣٤
Ważkurna mā yutlā fī buyūtikunna min āyātillāhi wal-ḥikmah(ti), innallāha kāna laṭīfan khabīrā(n).
[34]
Lanpadha elinga surasaning al-Qur'an ayating Allah lan kawicaksanan kang wis diwaca ana ing omah ira. Satemene Allah iku welas asih sarta waspada.
اِنَّ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمٰتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ وَالْقٰنِتِيْنَ وَالْقٰنِتٰتِ وَالصّٰدِقِيْنَ وَالصّٰدِقٰتِ وَالصّٰبِرِيْنَ وَالصّٰبِرٰتِ وَالْخٰشِعِيْنَ وَالْخٰشِعٰتِ وَالْمُتَصَدِّقِيْنَ وَالْمُتَصَدِّقٰتِ وَالصَّاۤىِٕمِيْنَ وَالصّٰۤىِٕمٰتِ وَالْحٰفِظِيْنَ فُرُوْجَهُمْ وَالْحٰفِظٰتِ وَالذّٰكِرِيْنَ اللّٰهَ كَثِيْرًا وَّالذّٰكِرٰتِ اَعَدَّ اللّٰهُ لَهُمْ مَّغْفِرَةً وَّاَجْرًا عَظِيْمًا٣٥
Innal-muslimīna wal-muslimāti wal-mu'minīna wal-mu'mināti wal-qānitīna wal-qānitāti waṣ-ṣādiqīna waṣ-ṣādiqāti waṣ-ṣābirīna waṣ-ṣābirāti wal-khāsyi‘īna wal-khāsyi‘āti wal-mutaṣaddiqīna wal-mutaṣaddiqāti waṣ-ṣā'imīna waṣ-ṣā'imāti wal-ḥāfiẓīna furūjahum wal-ḥāfiẓāti waż-żākirīnallāha kaṡīraw waż-żākirāti a‘addallāhu lahum magfirataw wa ajran ‘aẓīmā(n).
[35]
Satemene para wong lanang lan wadon Islan, wong lanang lan wadon mukmin, wong lanang lan wadon kang manut dhawuhing Allah, wong langang lan wadon kang setiya tuhu pracaya ing Allah, wong lanang lan wadon teguh antepe anggone ngabekti Allah, wong lanang lan wadon sumungkem ing Allah, wong lanang lan wadon dhemen shodaqoh, wong lanang lan wadon dhemen puasa, wong lanang lan wadon bisa rumeksa dorakaning kawirangan, wong lanang lan wadon dhemen nyebut asmaning Allah, Allah prasetiya bakal ngapura lan maringi ganjaran gedhe marang wong kang wis kasebut mau kabeh.
وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَّلَا مُؤْمِنَةٍ اِذَا قَضَى اللّٰهُ وَرَسُوْلُهٗٓ اَمْرًا اَنْ يَّكُوْنَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ اَمْرِهِمْ ۗوَمَنْ يَّعْصِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ ضَلَّ ضَلٰلًا مُّبِيْنًاۗ٣٦
Wa mā kāna limu'miniw wa lā mu'minatin iżā qaḍallāhu wa rasūluhū amran ay yakūna lahumul-khiyaratu min amrihim, wa may ya‘ṣillāha wa rasūlahū faqad ḍalla ḍalālam mubīnā(n).
[36]
Wong lanang lan wadon mukmin menawa ditemtokake dening Allah lan utusane kudu ngelakoni sawijining prakara ora kena milih sakarepe dhewe sing sapa wonge bangkang parentahing Allah lan utusane, tetela wong mahu sasar temenan.
وَاِذْ تَقُوْلُ لِلَّذِيْٓ اَنْعَمَ اللّٰهُ عَلَيْهِ وَاَنْعَمْتَ عَلَيْهِ اَمْسِكْ عَلَيْكَ زَوْجَكَ وَاتَّقِ اللّٰهَ وَتُخْفِيْ فِيْ نَفْسِكَ مَا اللّٰهُ مُبْدِيْهِ وَتَخْشَى النَّاسَۚ وَاللّٰهُ اَحَقُّ اَنْ تَخْشٰىهُ ۗ فَلَمَّا قَضٰى زَيْدٌ مِّنْهَا وَطَرًاۗ زَوَّجْنٰكَهَا لِكَيْ لَا يَكُوْنَ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ حَرَجٌ فِيْٓ اَزْوَاجِ اَدْعِيَاۤىِٕهِمْ اِذَا قَضَوْا مِنْهُنَّ وَطَرًاۗ وَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ مَفْعُوْلًا٣٧
Wa iż taqūlu lil-lażī an‘amallāhu ‘alaihi wa an‘amta ‘alaihi amsik ‘alaika zaujaka wattaqillāha wa tukhfī fī nafsika mallāhu mubdīhi wa takhsyan-nās(a), wallāhu aḥaqqu an takhsyāh(u), falammā qaḍā zaidum minhā waṭaran zawwajnākahā likai lā yakūna ‘alal-mu'minīna ḥarajun fī azwāji ad‘iyā'ihim iżā qaḍau minhunna waṭarā(n), wa kāna amrullāhi maf‘ūlā(n).
[37]
(Muhammad)Sira nyaritakna nalikane dhawuh marang wong kang diparingi kabungahan dening Allah dadi wong Islam sarta diwenehi kabungahan dadi wong mardika, "Kowe mengkuwa rabimu (Zainab) lan baktia ong Allah, aja megat bojomu". Sira nyimpen wadi ana ing athinira, Allah ora bakal medharake wadi mahu. Mengkono maneh sira isin marang manungsa, (diarani ngrabeni mantunira dewe). Benere sira luwih wedi ing Allah ngungkuli wedinira marang manungsa. Baerng Zaid wis katekan karepe marang rabine, sarta rabine wis dipegat lan wis keliwat 'iddahe. Sira Ingsun dhahupake oleh Zainab. Supaya para wong mukmin aja duwe pakewuh ngrabeni randhane anak angkat kang wis atut. Lan parentahe Allah iku kudu dilakoni.
مَا كَانَ عَلَى النَّبِيِّ مِنْ حَرَجٍ فِيْمَا فَرَضَ اللّٰهُ لَهٗ ۗسُنَّةَ اللّٰهِ فِى الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلُ ۗوَكَانَ اَمْرُ اللّٰهِ قَدَرًا مَّقْدُوْرًاۙ٣٨
Mā kāna ‘alan-nabiyyi min ḥarajin fīmā faraḍallāhu lah(ū), sunnatallāhi fil-lażīna khalau min qabl(u), wa kāna amrullāhi qadaram maqdūrā(n).
[38]
Ora pakewuh nindakake barang kang wis diparentahake dening Allah. Para nabi zaman biyen uga ora pakewuh nindakake semu barang kang wis diperintahake dening Allah wis pinersthi lan tinamtokake.
ۨالَّذِيْنَ يُبَلِّغُوْنَ رِسٰلٰتِ اللّٰهِ وَيَخْشَوْنَهٗ وَلَا يَخْشَوْنَ اَحَدًا اِلَّا اللّٰهَ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ حَسِيْبًا٣٩
Allażīna yuballigūna risālātillāhi wa yakhsyaunahū wa lā yakhsyauna aḥadan illallāh(a), wa kafā billāhi ḥasībā(n).
[39]
Para nabi iku wong kang diutus dening Allah. Kabeh padha wedi ing Allah ora wedi sapa - sapa kejaba ing Allah. Wis cukup Allah piyambak kang nyatheti lakune para manungsa.
مَا كَانَ مُحَمَّدٌ اَبَآ اَحَدٍ مِّنْ رِّجَالِكُمْ وَلٰكِنْ رَّسُوْلَ اللّٰهِ وَخَاتَمَ النَّبِيّٖنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا ࣖ٤٠
Mā kāna muḥammadun abā aḥadim mir rijālikum wa lākir rasūlallāhi wa khātaman-nabiyyīn(a), wa kānallāhu bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[40]
Sejatine Nabi Muhammad iku dudu bapakne wong lanang panunggalira, nanging sejatine utusaning Allah lan panutaning para nabi kabeh. Allah nguningani samu barang.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوا اللّٰهَ ذِكْرًا كَثِيْرًاۙ٤١
Yā ayyuhal-lażīna āmanużkurullāha żikran kaṡīrā(n),
[41]
Para Mukmin! Pada nemenna eling nyebut asmane Allah lan zikir sing akeh.
وَّسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّاَصِيْلًا٤٢
Wa sabbiḥūhu bukrataw wa aṣīlā(n).
[42]
Nyebuta Maha Suci ing Allah, ing wayah esuk lan sore.
هُوَ الَّذِيْ يُصَلِّيْ عَلَيْكُمْ وَمَلٰۤىِٕكَتُهٗ لِيُخْرِجَكُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِۗ وَكَانَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَحِيْمًا٤٣
Huwal-lażī yuṣallī ‘alaikum wa malā'ikatahū liyukhrijakum minaẓ-ẓulumāti ilan-nūr(i), wa kāna bil-mu'minīna raḥīmā(n).
[43]
Allah iku kang welas asih marang sira. Para Malaikate Allah uga padha nyuwunake sih piwalesing Allah marang sira. Supaya Allah metokake saka pepetenging duraka marang padhanging pangabekti. Allah iku welas asih marang para mukmin.
تَحِيَّتُهُمْ يَوْمَ يَلْقَوْنَهٗ سَلٰمٌ ۚوَاَعَدَّ لَهُمْ اَجْرًا كَرِيْمًا٤٤
Taḥiyyatuhum yauma yalqaunahū salām(un), wa a‘adda lahum ajran karīmā(n).
[44]
Kurmating Allah (marang para mukmin) nalika padha seba ana ngersaning Allah. Iku (hambagekake) sira padha selamet. Lan nyediani ganjaran suwarga kang mulya.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ شَاهِدًا وَّمُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۙ٤٥
Yā ayyuhan-nabiyyu innā arsalnāka syāhidaw wa mubasysyiraw wa nażīrā(n).
[45]
He nabi (Muhammad) Ingsun ngutus sira nekseni temene para rasul zaman kuna, lan nekseni hala becike parentahing Allah kabeh, apa dene hambebungah marang para wong mukmin bakal oleh ganjaran suwarga. Sarta ngelengake wong kang maido dhawuhing Allah bakal padha disiksa ana neraka.
وَّدَاعِيًا اِلَى اللّٰهِ بِاِذْنِهٖ وَسِرَاجًا مُّنِيْرًا٤٦
Wa dā‘iyan ilallāhi bi'iżnihī wa sirājam munīrā(n).
[46]
Lan ngajak - ajak ngestokake parentahing Allah kelawan keparenging Allah. Lan minongka obor kang madhangi ana dalaning Allah.
وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِيْنَ بِاَنَّ لَهُمْ مِّنَ اللّٰهِ فَضْلًا كَبِيْرًا٤٧
Wa basysyiril-mu'minīna bi'anna lahum minallāhi faḍlan kabīrā(n).
[47]
Sira bebungaha para mukmin ing tembe bakal diparingi kanugrahan gedhe dening Allah.
وَلَا تُطِعِ الْكٰفِرِيْنَ وَالْمُنٰفِقِيْنَ وَدَعْ اَذٰىهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ ۗوَكَفٰى بِاللّٰهِ وَكِيْلًا٤٨
Wa lā tuṭi‘il-kāfirīna wal-munāfiqīna wa da‘ ażāhum wa tawakkal ‘alallāh(i), wa kafā billāhi wakīlā(n).
[48]
Sira aja kelu marang wong kafir lan para owng lamis teguha atinira aja males pihalane wong kafir mahu sira mung pasrah ing Allah bahe. WIs cukup Allah kang rumeksa ing sira.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِذَا نَكَحْتُمُ الْمُؤْمِنٰتِ ثُمَّ طَلَّقْتُمُوْهُنَّ مِنْ قَبْلِ اَنْ تَمَسُّوْهُنَّ فَمَا لَكُمْ عَلَيْهِنَّ مِنْ عِدَّةٍ تَعْتَدُّوْنَهَاۚ فَمَتِّعُوْهُنَّ وَسَرِّحُوْهُنَّ سَرَاحًا جَمِيْلًا٤٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū iżā nakaḥtumul-mu'mināti ṡumma ṭallaqtumūhunna min qabli an tamassūhunna famā lakum ‘alaihinna min ‘iddatin ta‘taddūnahā, fa matti‘ūhunna wa sarriḥūhunna sarāḥan jamīlā(n).
[49]
Para mukmin, manawa sira ngrabeni wong wadon mukmin banjur sira pegat sadurunge hatut, sira ora kena mangeni mongsa anggone bakal laki wong wadon mahu. Banjur kena laki padha sanalika. Dene wong wadon kang sirapegat sak durunge hatut mahu wanehana bebungah samurwate (hiya iku kang aran Mata'). Lan sira pegat kelawan becik.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَحْلَلْنَا لَكَ اَزْوَاجَكَ الّٰتِيْٓ اٰتَيْتَ اُجُوْرَهُنَّ وَمَا مَلَكَتْ يَمِيْنُكَ مِمَّآ اَفَاۤءَ اللّٰهُ عَلَيْكَ وَبَنٰتِ عَمِّكَ وَبَنٰتِ عَمّٰتِكَ وَبَنٰتِ خَالِكَ وَبَنٰتِ خٰلٰتِكَ الّٰتِيْ هَاجَرْنَ مَعَكَۗ وَامْرَاَةً مُّؤْمِنَةً اِنْ وَّهَبَتْ نَفْسَهَا لِلنَّبِيِّ اِنْ اَرَادَ النَّبِيُّ اَنْ يَّسْتَنْكِحَهَا خَالِصَةً لَّكَ مِنْ دُوْنِ الْمُؤْمِنِيْنَۗ قَدْ عَلِمْنَا مَا فَرَضْنَا عَلَيْهِمْ فِيْٓ اَزْوَاجِهِمْ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُمْ لِكَيْلَا يَكُوْنَ عَلَيْكَ حَرَجٌۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥٠
Yā ayyuhan-nabiyyu innā aḥlalnā laka azwājakal-lātī ātaita ujūrahunna wa mā malakat yamīnuka mimmā afā'allāhu ‘alaika wa banāti ‘ammika wa banāti ‘ammātika wa banāti khālika wa banāti khālātikal-lātī hājarna ma‘ak(a), wamra'atam mu'minatan iw wahabat nafsahā lin-nabiyyi in arādan-nabiyyu ay yastankiḥahā, khāliṣatal laka min dūnil-mu'minīn(a), qad ‘alimnā mā faraḍnā ‘alaihim fī azwājihim wa mā malakat aimānuhum likailā yakūna ‘alaika ḥaraj(un), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[50]
He nabi (Muhammad) Ingsun wis marengake marang isra saresmi para rabinira kang wis sira bayar mas kawine. Apadene wong wadon kawula kang kadarbening tanganira. Kang wis diparingake Allah dadi boyongan. Mengkono maneh anake wadon pamanira saka bapa utawa saka biyung kang padha melu ngalih (hijrah marang Madinah) sarta wong wadon mukmin kang nyahosake awake marang sira, ngina ora oleh maskawin, kang mangko sira hiya condhong ngrabeni wong wadon mahu tanpa mas kawin. Mung sira dhewe Ingsun parengake ngrabeni wong wadon kelawan wewehake awake tur tanpa mas kawin. Wong mukmin liyane ora Ingsun parengake. Ingsun wis nguningani kang wis Ingsun temtokake dadi wajibe para wong lanang mukmin tumrap para rabine, lan tumrap wong wadon kawula kang kadarbening tangane. Supaya sira aja pekewuh ngelakoni kang wis Ingsun wenangake. Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih.
۞ تُرْجِيْ مَنْ تَشَاۤءُ مِنْهُنَّ وَتُـْٔوِيْٓ اِلَيْكَ مَنْ تَشَاۤءُۗ وَمَنِ ابْتَغَيْتَ مِمَّنْ عَزَلْتَ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكَۗ ذٰلِكَ اَدْنٰٓى اَنْ تَقَرَّ اَعْيُنُهُنَّ وَلَا يَحْزَنَّ وَيَرْضَيْنَ بِمَآ اٰتَيْتَهُنَّ كُلُّهُنَّۗ وَاللّٰهُ يَعْلَمُ مَا فِيْ قُلُوْبِكُمْ ۗوَكَانَ اللّٰهُ عَلِيْمًا حَلِيْمًا٥١
Turjī man tasyā'u wa tu'wī ilaika man tasyā'(u), wa manibtagaita mimman ‘azalta falā junāḥa ‘alaik(a), żālika adnā an taqarra a‘yunuhunna wa lā yaḥzanna wa yarḍaina bimā ātaitahunna kulluhunn(a), wallāhu ya‘lamu mā fī qulūbikum, wa kānallāhu ‘alīman ḥalīmā(n).
[51]
(Muhammad) sira kena ngelowongake gilirane rabinira kang sira karepake lan kena awor turu rabinira kang sira karepake, dene menawa banjur sira karepake ora ana pakewuhe, Kang mangkono mahu lereke dadi becik, padha tntrem atine, padha narima pandhumira. ALlah nguningani kerenteking lan lugune atimu, tur ora kesusu niksa.
لَا يَحِلُّ لَكَ النِّسَاۤءُ مِنْۢ بَعْدُ وَلَآ اَنْ تَبَدَّلَ بِهِنَّ مِنْ اَزْوَاجٍ وَّلَوْ اَعْجَبَكَ حُسْنُهُنَّ اِلَّا مَا مَلَكَتْ يَمِيْنُكَۗ وَكَانَ اللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ رَّقِيْبًا ࣖ٥٢
Lā yaḥillu lakan-nisā'u mim ba‘du wa lā an tabaddala bihinna min azwājiw wa lau a‘jabaka ḥusnuhunna illā mā malakat yamīnuk(a), wa kānallāhu ‘alā kulli syai'ir raqībā(n).
[52]
(Muhammad), sawise sira rabo wong wadon sanga (9 iki, ora kena rabi maneh, lan ora kena megat salah sijine rabinira banjur disalini bojo wadon liyane, sanajan kapencut marang ayune wong wadon mahu. Kajaba wong wadon kawula kang kadarbe ing tanganira (iku kena) Allah iku nyatethi samubarang.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَدْخُلُوْا بُيُوْتَ النَّبِيِّ اِلَّآ اَنْ يُّؤْذَنَ لَكُمْ اِلٰى طَعَامٍ غَيْرَ نٰظِرِيْنَ اِنٰىهُ وَلٰكِنْ اِذَا دُعِيْتُمْ فَادْخُلُوْا فَاِذَا طَعِمْتُمْ فَانْتَشِرُوْا وَلَا مُسْتَأْنِسِيْنَ لِحَدِيْثٍۗ اِنَّ ذٰلِكُمْ كَانَ يُؤْذِى النَّبِيَّ فَيَسْتَحْيٖ مِنْكُمْ ۖوَاللّٰهُ لَا يَسْتَحْيٖ مِنَ الْحَقِّۗ وَاِذَا سَاَلْتُمُوْهُنَّ مَتَاعًا فَسْـَٔلُوْهُنَّ مِنْ وَّرَاۤءِ حِجَابٍۗ ذٰلِكُمْ اَطْهَرُ لِقُلُوْبِكُمْ وَقُلُوْبِهِنَّۗ وَمَا كَانَ لَكُمْ اَنْ تُؤْذُوْا رَسُوْلَ اللّٰهِ وَلَآ اَنْ تَنْكِحُوْٓا اَزْوَاجَهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖٓ اَبَدًاۗ اِنَّ ذٰلِكُمْ كَانَ عِنْدَ اللّٰهِ عَظِيْمًا٥٣
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā tadkhulū buyūtan-nabiyyi illā ay yu'żana lakum ilā ṭa‘āmin gaira nāẓirīna ināhu wa lākin iżā du‘ītum fadkhulū fa iżā ṭa‘imtum fantasyirū wa lā musta'nisīna liḥadīṡ(in), inna żālikum kāna yu'żin-nabiyya fayastaḥyī minkum, wallāhu lā yastaḥyī minal-ḥaqq(i), wa iżā sa'altumūhunna matā‘an fas'alūhunna miw warā'i ḥijāb(in), żālikum aṭharu liqulūbikum wa qulūbihinn(a), wa mā kāna lakum an tu'żū rasūlallāhi wa lā an tankiḥū azwājahū mim ba‘dihī abadā(n), inna żālikum kāna ‘indallāhi ‘aẓīmā(n).
[53]
Para mukmin, sira aja malebu ngomahe Nabi (Muhammad) kajaba yen sira dililani malebu bakal disuguh panganan. Ora kena tanpa ngenteni weruning sesuguh. Nanging yen sira diadhang banjur padha malebu. Manawa sira wis mangan suguh banjur padha bubara. Aja banjur linggih cecaturan padha kancanira. Awit kang mengkono mahu makewuhi (marang Nabi). Nabi bakal rikuh yen nundhung sira. Nanging Allah ora pakewuh ndhawuhake barang kang bener. Dene manawa sira arep takon apa jaluk apa - apa marang rabine nabi, takona utawa jaluka saka jabaning lawang. Kang mangkon o mahu suci banget tumrap atinira lan atine para rabine nabi. Sira kabeh ora kena gawe resike (Nabi), ora kena ngrabeni randhane selawase. Mungguh Allah mangkono mahu prakara gedhe.
اِنْ تُبْدُوْا شَيْـًٔا اَوْ تُخْفُوْهُ فَاِنَّ اللّٰهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيْمًا٥٤
In tubdū syai'an au tukhfūhu fa'innallāha kāna bikulli syai'in ‘alīmā(n).
[54]
Menawa sira gawe seriking nabi kelawan dhedhemitan, apa maneh edheng Allah ora kesamaran, Allah iku nguningani samubarang.
لَا جُنَاحَ عَلَيْهِنَّ فِيْٓ اٰبَاۤىِٕهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤىِٕهِنَّ وَلَآ اِخْوَانِهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤءِ اِخْوَانِهِنَّ وَلَآ اَبْنَاۤءِ اَخَوٰتِهِنَّ وَلَا نِسَاۤىِٕهِنَّ وَلَا مَا مَلَكَتْ اَيْمَانُهُنَّۚ وَاتَّقِيْنَ اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ كَانَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ شَهِيْدًا٥٥
Lā junāḥa ‘alaihinna fī ābā'ihinna wa lā abnā'ihinna wa lā ikhwānihinna wa lā abnā'i ikhwānihinna wa lā abnā'i akhawātihinna wa lā nisā'ihinna wa lā mā malakat aimānuhunn(a), wattaqīnallāh(a), innallāha kāna ‘alā kulli syai'in syahīdā(n).
[55]
Para rabine nabi (Muhammad) ora ana pakewuhe takon - takon tanpa aling - aling tumrap karo bapakne dhewe, anake, sedulure lanang, para anake sedulure wadon, para wadon Islam, lan kawula wadon kang kadarbe ing tangane (kabeh kena takon tinakon, tanpa along - aling). Padha bektia ing Allah, Satemene Allah mirsani samubarang.
اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا٥٦
Innallāha wa malā'ikatahū yuṣallūna ‘alan-nabiyy(i), yā ayyuhal-lażīna āmanū ṣallū ‘alaihi wa sallimū taslīmā(n).
[56]
Satemene Allah iku paring rahmat, lan para malaikat uga padha nyuwunake rahmat marang nabi (Muhammad). Para mukmin kabeh padha mocaa shalawat nyuwunake rahmating Allah marang nabi (Muhammad) lan padha nyuwuna salaming ALlah marang nabi (Muhammad).
اِنَّ الَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فِى الدُّنْيَا وَالْاٰخِرَةِ وَاَعَدَّ لَهُمْ عَذَابًا مُّهِيْنًا٥٧
Innal-lażīna yu'żūnallāha wa rasūlahū la‘anahumullāhu fid-dun-yā wal-ākhirati wa a‘adda lahum ‘ażābam muhīnā(n).
[57]
Sarupaning wong kang nyerikake Allah lan utusane (wong kafir padha ngarani ora becik marang Allah lan maido marang utusane), padha kena benduning Allah ing donya lan akhirat lan padha dihancam siksa neraka kang ngremehake.
وَالَّذِيْنَ يُؤْذُوْنَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِ بِغَيْرِ مَا اكْتَسَبُوْا فَقَدِ احْتَمَلُوْا بُهْتَانًا وَّاِثْمًا مُّبِيْنًا ࣖ٥٨
Wal-lażīna yu'żūnal-mu'minīna wal-mu'mināti bigairi maktasabū faqadiḥtamalū buhtānaw wa iṡmam mubīnā(n).
[58]
Sarupaning wong kang nyerikake wong lanang lan wadon mukmin nyana hala, satemene ora. Tetela padha mikul dosa goroh lan durhaka.
يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ قُلْ لِّاَزْوَاجِكَ وَبَنٰتِكَ وَنِسَاۤءِ الْمُؤْمِنِيْنَ يُدْنِيْنَ عَلَيْهِنَّ مِنْ جَلَابِيْبِهِنَّۗ ذٰلِكَ اَدْنٰىٓ اَنْ يُّعْرَفْنَ فَلَا يُؤْذَيْنَۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا٥٩
Yā ayyuhan-nabiyyu qul li'azwājika wa banātika wa nisā'il-mu'minīna yudnīna ‘alaihinna min jalābībihinn(a), żālika adnā ay yu‘rafna falā yu'żain(a), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[59]
He nabi (Muhammad) sira dhawuha marang rabinira lan para anakira wadon apa dene marang rabine wong mukmin, padha nutupa wajahe kelawan mukena. Luwih prayoga tinimbang umbar - umbaran dineleng, dadi ora dicacat. Allah hangapura tur Maha Asih.
۞ لَىِٕنْ لَّمْ يَنْتَهِ الْمُنٰفِقُوْنَ وَالَّذِيْنَ فِيْ قُلُوْبِهِمْ مَّرَضٌ وَّالْمُرْجِفُوْنَ فِى الْمَدِيْنَةِ لَنُغْرِيَنَّكَ بِهِمْ ثُمَّ لَا يُجَاوِرُوْنَكَ فِيْهَآ اِلَّا قَلِيْلًا٦٠
La'il lam yantahil-munāfiqūna wal-lażīna fī qulūbihim maraḍuw wal-murjifūna fil-madīnati lanugriyannaka bihim ṡumma lā yujāwirūnaka fīhā illā qalīlā(n).
[60]
Wong kang padha lamis manawa ora marena anggone lamis lan wong kang atine ana lelarane dhemen zina. Apa dene wong Madinah kang padha mratakake warta hala tur goroh iku bakal padha Ingsun helungake marang kuwasanira. Sawise mangkono kang isih lestari awor sira ana ing Madinah mung sethithik.
مَلْعُوْنِيْنَۖ اَيْنَمَا ثُقِفُوْٓا اُخِذُوْا وَقُتِّلُوْا تَقْتِيْلًا٦١
Mal‘ūnīn(a), ainamā ṡuqifū ukhiżū wa quttilū taqtīlā(n).
[61]
Ana ing ngendi wae wong mahu padha kena benduning Allah padha dicekel lan dipateni.
سُنَّةَ اللّٰهِ فِى الَّذِيْنَ خَلَوْا مِنْ قَبْلُ ۚوَلَنْ تَجِدَ لِسُنَّةِ اللّٰهِ تَبْدِيْلًا٦٢
Sunnatallāhi fil-lażīna khalau min qabl(u), wa lan tajida lisunnatillāhi tabdīlā(n).
[62]
Kang mankono mahu wis dadi pranataning Allah tumrap para nabi ing zaman kuna biyen lan para ummate. Pranataning Allah ora ana kang bisa ngowahi.
يَسْـَٔلُكَ النَّاسُ عَنِ السَّاعَةِۗ قُلْ اِنَّمَا عِلْمُهَا عِنْدَ اللّٰهِ ۗوَمَا يُدْرِيْكَ لَعَلَّ السَّاعَةَ تَكُوْنُ قَرِيْبًا٦٣
Yas'alukan-nāsu ‘anis-sā‘ah(ti), qul innamā ‘ilmuhā ‘indallāh(i), wa mā yudrīka la‘allas-sā‘ata takūnu qarībā(n).
[63]
Akeh wong kang padha takon besuk apa kelakone dina qiyamat ? Wangsulana, "Kang nguningani mung Allah piyambak". Bokmenawa dina qiyamat iku wis cedhak kelakone.
اِنَّ اللّٰهَ لَعَنَ الْكٰفِرِيْنَ وَاَعَدَّ لَهُمْ سَعِيْرًاۙ٦٤
Innallāha la‘anal-kāfirīna wa a‘adda lahum sa‘īrā(n).
[64]
Satemene Allah hambendoni marang wong kafir. Sarta ngancam bakal niksa wong kafir ana ing neraka Sa'ir.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَآ اَبَدًاۚ لَا يَجِدُوْنَ وَلِيًّا وَّلَا نَصِيْرًا ۚ٦٥
Khālidīna fīhā abadā(n), lā yajidūna waliyyaw wa lā naṣīrā(n).
[65]
Wong kafir maua ana ing neraka Sa'ir padha langgeng salawase, ora bisa holeh handel - handel (kang bisa nulungi) murungake siksa mahu.
يَوْمَ تُقَلَّبُ وُجُوْهُهُمْ فِى النَّارِ يَقُوْلُوْنَ يٰلَيْتَنَآ اَطَعْنَا اللّٰهَ وَاَطَعْنَا الرَّسُوْلَا۠٦٦
Yauma tuqallabu wujūhuhum fin-nāri yaqūlūna yā laitanā aṭa‘nallāha wa aṭa‘nar-rasūlā.
[66]
Ing dina rahine para wong kafir padha dijungkelake ana neraka, sambate adhuh! Bok ya saiki aku diparengake ngabekti ing Allah, lan manut miturut marang utusane.
وَقَالُوْا رَبَّنَآ اِنَّآ اَطَعْنَا سَادَتَنَا وَكُبَرَاۤءَنَا فَاَضَلُّوْنَا السَّبِيْلَا۠٦٧
Wa qālū rabbanā innā aṭa‘nā sādatanā wa kubarā'anā fa aḍallūnas-sabīlā.
[67]
Padha munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika manut dhateng para pangageng ingkang dado pangajeng wahu sami nasaraken dhumateng kawula saking margi ingkang leres".
رَبَّنَآ اٰتِهِمْ ضِعْفَيْنِ مِنَ الْعَذَابِ وَالْعَنْهُمْ لَعْنًا كَبِيْرًا ࣖ٦٨
Rabbanā ātihim ḍi‘faini minal-‘ażābi wal‘anhum la‘nan kabīrā(n).
[68]
Dhuh Pangeran kawula, para pangajeng wahu mugi Panjenengan patrapi siksa tikel kalih tinimbang kawula, sarta mugi panjangan dhawuhi bebendu ingkang ageng.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَكُوْنُوْا كَالَّذِيْنَ اٰذَوْا مُوْسٰى فَبَرَّاَهُ اللّٰهُ مِمَّا قَالُوْا ۗوَكَانَ عِنْدَ اللّٰهِ وَجِيْهًا ۗ٦٩
Yā ayyuhal-lażīna āmanū lā takūnū kal-lażīna āżau mūsā fa barra'ahullāhu mimmā qālū, wa kāna ‘indallāhi wajīhā(n).
[69]
Para Mukmin, sira aja (kaya Qorun sakancane kang padha nyana hala) nyerik - nyerikake marang Musa. Allah banjur gelarake tandha yekti resike Musa saka panerkane. Musa mahu ana ngarsane Allah pangkate gedhe.
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًاۙ٧٠
Yā ayyuhal-lażīna āmanuttaqullāha wa qūlū qaulan sadīdā(n).
[70]
Para Mukmin, padha bektia ing Allah lan padha celathu kang bener.
يُّصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْۗ وَمَنْ يُّطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا٧١
Yuṣliḥ lakum a‘mālakum wa yagfir lakum żunūbakum, wa may yuṭi‘illāha wa rasūlahū faqad fāza fauzan ‘aẓīmā(n).
[71]
Allah bakal nganggep lan ganjar lakunira kang becik. Sarta ngapura kaluputanira, Sing sapa manutu miturut ing Allah lan utusane iku tetep entuk kabegjan gedhe.
اِنَّا عَرَضْنَا الْاَمَانَةَ عَلَى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَالْجِبَالِ فَاَبَيْنَ اَنْ يَّحْمِلْنَهَا وَاَشْفَقْنَ مِنْهَا وَحَمَلَهَا الْاِنْسَانُۗ اِنَّهٗ كَانَ ظَلُوْمًا جَهُوْلًاۙ٧٢
Innā ‘araḍnal-amānata ‘alas-samāwāti wal-arḍi fa abaina ay yaḥmilnahā wa asyfaqna minhā wa ḥamalahal-insān(u), innahū kāna ẓalūman jahūlā(n).
[72]
Ingsun nawakake sasanggeman marang bumi lan langit dene marang gunung - gunung nanging kabeh mau padha ora sanggem nampani, kuwatir bokmanawa ora bisa netepi sasanggemane. Hewa dene titipan mau banjur disanggemi manungsa, (Nabi Adam). Dadi manungsa iku tetep nganiaya marang awake dhewe sarta bodho.
لِّيُعَذِّبَ اللّٰهُ الْمُنٰفِقِيْنَ وَالْمُنٰفِقٰتِ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَالْمُشْرِكٰتِ وَيَتُوْبَ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنٰتِۗ وَكَانَ اللّٰهُ غَفُوْرًا رَّحِيْمًا ࣖ٧٣
Liyu‘ażżiballāhul-munāfiqīna wal-munāfiqāti wal-musyrikīna wal-musyrikāti wa yatūballāhu ‘alal-mu'minīna wal-mu'mināt(i), wa kānallāhu gafūrar raḥīmā(n).
[73]
Allah bakal niksa wong lanang wadon lamis, lan wong lanang wadon kang mangro - tingal. Mangkono uga anggone bakal ngapura wong lanang lan wadon mukmin, Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih.