Surah As-Sajdah
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1]
Alif-Laam-Miim.
تَنْزِيْلُ الْكِتٰبِ لَا رَيْبَ فِيْهِ مِنْ رَّبِّ الْعٰلَمِيْنَۗ٢
Tanzīlul-kitābi lā raiba fīhi mir rabbil-‘ālamīn(a).
[2]
Ora semelang yen tumuruning Kitab (al-Qur'an) iku saka Allah Pangerane jagad saisine.
اَمْ يَقُوْلُوْنَ افْتَرٰىهُ ۚ بَلْ هُوَ الْحَقُّ مِنْ رَّبِّكَ لِتُنْذِرَ قَوْمًا مَّآ اَتٰىهُمْ مِّنْ نَّذِيْرٍ مِّنْ قَبْلِكَ لَعَلَّهُمْ يَهْتَدُوْنَ٣
Am yaqūlūnaftarāhu balhuwal-ḥaqqu mir rabbika litunżira qaumam mā atāhum min nażīrim min qablika la‘allahum yahtadūn(a).
[3]
Wong (kafir) mau padha celathu, "al-Qur'an iku gaweyane (Muhammad) dhewe?". Ora, iku kasuyatan saka Pangeranira, amrih sira aweh pepeling marang bangsa sadurungira. Ora anajuru pepeling kang nekani mrono. Supaya dheweke padha miturut dalan kang bener.
اَللّٰهُ الَّذِيْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِيْ سِتَّةِ اَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوٰى عَلَى الْعَرْشِۗ مَا لَكُمْ مِّنْ دُوْنِهٖ مِنْ وَّلِيٍّ وَّلَا شَفِيْعٍۗ اَفَلَا تَتَذَكَّرُوْنَ٤
Allāhul-lażī khalaqas-samāwāti wal-arḍa wa mā bainahumā fī sittati ayyāmin ṡummastawā ‘alal-‘arsy(i), mā lakum min dūnihī miw waliyyiw wa lā syafī‘(in), afalā tatażakkarūn(a).
[4]
ALlah iku kang gawe bumi lan langit sarta barang antarane, lawase mung rampung 6 dina. Sawise dadi Allah banjur murbawasesa ing kratone('arsy). Sira ora duwe andel - andel liyane Allah. Kang bakal mitulungi utawa nggenepi kekuranganira murungake siksane Allah. Ya gene sira padha ora ngrasak - ngrasakake kang mangkono mahu.
يُدَبِّرُ الْاَمْرَ مِنَ السَّمَاۤءِ اِلَى الْاَرْضِ ثُمَّ يَعْرُجُ اِلَيْهِ فِيْ يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهٗٓ اَلْفَ سَنَةٍ مِّمَّا تَعُدُّوْنَ٥
Yudabbirul-amra minas-samā'i ilal-arḍi ṡumma ya‘ruju ilaihi fī yaumin kāna miqdāruhū alfa sanatim mimmā ta‘uddūn(a).
[5]
Allah nindakake lan niti priksa urusan saka langit tumeka bumi. Tumuli urusan - uran mau kanjuk ing Allah ana ing dina (Qiyamat) sing ukurane sewu tahun miturut petungmu.
ذٰلِكَ عٰلِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُۙ٦
Żālika ‘ālimul-gaibi wasy-syahādatil-‘azīzur-raḥīm(u).
[6]
Alah nguningani barang kang samar - samar lan kasat mata. Kagungan sifat Mulya lan Asih.
الَّذِيْٓ اَحْسَنَ كُلَّ شَيْءٍ خَلَقَهٗ وَبَدَاَ خَلْقَ الْاِنْسَانِ مِنْ طِيْنٍ٧
Allażī aḥsana kulla syai'in khalaqahū wa bada'a khalqal-insāni min ṭīn(in).
[7]
Allah kang becikake wangune samu barang dedamelane sarta murwani gawe manungsa saka lemah (Adam).
ثُمَّ جَعَلَ نَسْلَهٗ مِنْ سُلٰلَةٍ مِّنْ مَّاۤءٍ مَّهِيْنٍ ۚ٨
Ṡumma ja‘ala naslahū min sulālatim mim mā'im mahīn(in).
[8]
Banjur gawe turune manungsa saka sari pathine banyu helek (mani).
ثُمَّ سَوّٰىهُ وَنَفَخَ فِيْهِ مِنْ رُّوْحِهٖ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْاَبْصَارَ وَالْاَفْـِٕدَةَۗ قَلِيْلًا مَّا تَشْكُرُوْنَ٩
Ṡumma sawwāhu wa nafakha fīhi mir rūḥihī wa ja‘ala lakumus-sam‘a wal-abṣāra wal-af'idah(ta), qalīlam mā tasykurūn(a).
[9]
Allah damel rupa mangungsa banjur dipanjingi ruh sarta padha diparingi pangrungu lan pandeleng lan pikir. Ewadene kang syukur ing Allah mung sathithik.
وَقَالُوْٓا ءَاِذَا ضَلَلْنَا فِى الْاَرْضِ ءَاِنَّا لَفِيْ خَلْقٍ جَدِيْدٍ ەۗ بَلْ هُمْ بِلِقَاۤءِ رَبِّهِمْ كٰفِرُوْنَ١٠
Wa qālū a'iżā ḍalalnā fil-arḍi a'innā lafī khalqin jadīd(in), bal hum biliqā'i rabbihim kāfirūn(a).
[10]
(Wong kang maido qiyamat) padha ngucap, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. Wusana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu".
۞ قُلْ يَتَوَفّٰىكُمْ مَّلَكُ الْمَوْتِ الَّذِيْ وُكِّلَ بِكُمْ ثُمَّ اِلٰى رَبِّكُمْ تُرْجَعُوْنَ ࣖ١١
Qul yatawaffākum malakul-mautil-lażī wukkila bikum ṡumma ilā rabbikum turja‘ūn(a).
[11]
Sira dhawuha, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. WUsana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu".
وَلَوْ تَرٰىٓ اِذِ الْمُجْرِمُوْنَ نَاكِسُوْا رُءُوْسِهِمْ عِنْدَ رَبِّهِمْۗ رَبَّنَآ اَبْصَرْنَا وَسَمِعْنَا فَارْجِعْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا اِنَّا مُوْقِنُوْنَ١٢
Wa lau tarā iżil-mujrimūna nākisū ru'ūsihim ‘inda rabbihim, rabbanā abṣarnā wa sami‘nā farji‘nā na‘mal ṣāliḥan innā mūqinūn(a).
[12]
Sira bakal handeleng para wong kafir padha hanjungkel ana ngarsane Pangerane, tumungkul, sarta padha munjuk, "Pangeran kawula ! Sapunika kawula sampun sumerep piyambak saha sampun mireng dhawuh Paduka (bab temenipun para Rasul). Sakpunika panyuwun kawula mugi wontena kepareng Paduka mangsulaken (dhateng donya malih), Kawula sanggem badhe nglampahi pandamel sahe. Sapunika kawula sampun ngandel (sayektos dhateng para Rasul)".
وَلَوْ شِئْنَا لَاٰتَيْنَا كُلَّ نَفْسٍ هُدٰىهَا وَلٰكِنْ حَقَّ الْقَوْلُ مِنِّيْ لَاَمْلَـَٔنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ اَجْمَعِيْنَ١٣
Wa lau syi'nā la'ātainā kulla nafsin hudāhā wa lākin ḥaqqal-qaulu minnī la'amla'anna jahannama minal-jinnati wan-nāsi ajma‘īn(a).
[13]
Upama Ingsun kersa, manungsa iku kabeh diparingi pituduh bener. Nanging kersaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun, "Neraka jahannma bakal Ingsun kebaki hisine Jin lan Manungsa".
فَذُوْقُوْا بِمَا نَسِيْتُمْ لِقَاۤءَ يَوْمِكُمْ هٰذَاۚ اِنَّا نَسِيْنٰكُمْ وَذُوْقُوْا عَذَابَ الْخُلْدِ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٤
Fa żūqū bimā nasītum liqā'a yaumikum hāżā, innā nasīnākum wa żūqū ‘ażābal-khuldi bimā kuntum ta‘malūn(a).
[14]
Mara padha ngrasakna siksa, patrapane anggonmu padha ora perduli lan ora percaya anane akhera. Aku uga ora perduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgeng patrapane anggonmu padha tumindak (kafir).
اِنَّمَا يُؤْمِنُ بِاٰيٰتِنَا الَّذِيْنَ اِذَا ذُكِّرُوْا بِهَا خَرُّوْا سُجَّدًا وَّسَبَّحُوْا بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُوْنَ ۩١٥
Innamā yu'minu bi'āyātinal-lażīna iżā żukkirū bihā kharrū sujjadaw wa sabbaḥū biḥamdi rabbihim wa hum lā yastakbirūn(a).
[15]
Kang mesthi ngandel marang al-Qur'an (ayat - ayatingsun) mung wong kang yen dipituturi kelawan surasaning al-Quran, banjur sungkem sujud ing Allah, Sarta nyebut Maha Suci kelawan memuji ALlah Pangerane. Apadene ora gumedhe.
تَتَجَافٰى جُنُوْبُهُمْ عَنِ الْمَضَاجِعِ يَدْعُوْنَ رَبَّهُمْ خَوْفًا وَّطَمَعًاۖ وَّمِمَّا رَزَقْنٰهُمْ يُنْفِقُوْنَ١٦
Tatajāfā junūbuhum ‘anil-maḍāji‘i yad‘ūna rabbahum khaufaw wa ṭama‘ā(n), wa mimmā razaqnāhum yunfiqūn(a).
[16]
Hing wayah wengi padha tangi saka turune, banjur sholat lan nyenyuwun ing Pangeran. Wedi siksane lan kepengin ganjarane. Apa dene padha dhangan mewehake rizki peparing Ingsun.
فَلَا تَعْلَمُ نَفْسٌ مَّآ اُخْفِيَ لَهُمْ مِّنْ قُرَّةِ اَعْيُنٍۚ جَزَاۤءًۢ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٧
Falā ta‘lamu nafsum mā ukhfiya lahum min qurrati a‘yun(in), jazā'am bimā kānū ya‘malūn(a).
[17]
Wong siji wae ora ana kang weruh kanugrahan apa kang isih disamar dening Allah, bakal diparingake marang wong mahu, minangka ganjaraning pangabekti kang wis dilakoni.
اَفَمَنْ كَانَ مُؤْمِنًا كَمَنْ كَانَ فَاسِقًاۗ لَا يَسْتَوٗنَ١٨
Afaman kāna mu'minan kaman kāna fāsiqā(n), lā yastawūn(a).
[18]
Wong kang percaya lan ngestokake ing Allah, apa padha bae karo wong kang duraka? mesthi ora.
اَمَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ فَلَهُمْ جَنّٰتُ الْمَأْوٰىۖ نُزُلًا ۢبِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ١٩
Ammal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti falahum jannātul-ma'wā, nuzulam bimā kānū ya‘malūn(a).
[19]
Dene wong kang padha percaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe becik, iku bakal padha holeh ganjaran suwarga Ma'wa. Minangka ganjaring pangabekti kang wis padha dilakoni.
وَاَمَّا الَّذِيْنَ فَسَقُوْا فَمَأْوٰىهُمُ النَّارُ كُلَّمَآ اَرَادُوْٓا اَنْ يَّخْرُجُوْا مِنْهَآ اُعِيْدُوْا فِيْهَا وَقِيْلَ لَهُمْ ذُوْقُوْا عَذَابَ النَّارِ الَّذِيْ كُنْتُمْ بِهٖ تُكَذِّبُوْنَ٢٠
Wa ammal-lażīna fasaqū fa ma'wākumun nāru kullamā arādū ay yakhrujū minhā u‘īdū fīhā wa qīla lahum żūqū ‘ażāban nāril-lażī kuntum bihī tukażżibūn(a).
[20]
Dene wong kang padha duroko panggone ana neraka, saben arep metu saka neraka dibalekake ana ing panggonane ing neraka. Malah padha didhawuhi, "Pada ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen".
وَلَنُذِيْقَنَّهُمْ مِّنَ الْعَذَابِ الْاَدْنٰى دُوْنَ الْعَذَابِ الْاَكْبَرِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ٢١
Wa lanużīqannahum minal-‘ażābil-adnā dūnal-‘ażābil-akbari la‘allahum yarji‘ūn(a).
[21]
(Wong kafir mau) ana ing donya Ingsun weruhake rasaning siksa kang mayar, iya iku diboyong lan pahilan sapadhane, sadurunge Ingsun weruhake rasaning siksa kang gedhe ana akhirat kang mangkono mahu supaya padha marenana (anggone kafir).
وَمَنْ اَظْلَمُ مِمَّنْ ذُكِّرَ بِاٰيٰتِ رَبِّهٖ ثُمَّ اَعْرَضَ عَنْهَا ۗاِنَّا مِنَ الْمُجْرِمِيْنَ مُنْتَقِمُوْنَ ࣖ٢٢
Wa man aẓlamu mimman żukkira bi'āyāti rabbihī ṡumma a‘raḍa ‘anhā, innā minal-mujrimīna muntaqimūn(a).
[22]
Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang dipituturi kelawan surasaning al-QUr'an, nanging banjur mlengos, satemene Ingsun mesthi niksa para wong kafir.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا مُوْسَى الْكِتٰبَ فَلَا تَكُنْ فِيْ مِرْيَةٍ مِّنْ لِّقَاۤىِٕهٖ وَجَعَلْنٰهُ هُدًى لِّبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَۚ٢٣
Wa laqad ātainā mūsal-kitāba falā takun fī miryatim mil liqā'ihī wa ja‘alnāhu hudal libanī isrā'īl(a).
[23]
Ingsun wis maringi kitab (taurat) marang Musa. sira aja sumelang anggonira papatemon karo Musa (nalikane sira Ingsun timbali munggah marang langit) dheweke Ingsun dadekake panuduh dalan bener marang prakara turune Israil.
وَجَعَلْنَا مِنْهُمْ اَىِٕمَّةً يَّهْدُوْنَ بِاَمْرِنَا لَمَّا صَبَرُوْاۗ وَكَانُوْا بِاٰيٰتِنَا يُوْقِنُوْنَ٢٤
Wa ja‘alnā minhum a'immatay yahdūna bi'amrinā lammā ṣabarū, wa kānū bi'āyātinā yūqinūn(a).
[24]
Turuning Israel hiya ana kang Ingsun dadekake pangareping manungsa, hiya iku para Nabi padha nuduhake wong akeh ngestokake parentah Ingsun, awit para Nabi mau padha teguh atine, sarta padha ngandel ayatngsun.
اِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ فِيْمَا كَانُوْا فِيْهِ يَخْتَلِفُوْنَ٢٥
Inna rabbaka huwa yafṣilu bainahum yaumal-qiyāmati fīmā kānū fīhi yakhtalifūn(a).
[25]
Satemene Allah Pangeranira iku bakal mancas prakara pasulayane para Nabi mahu lan para umate kang pada maido besuk dina qiyamat.
اَوَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ اَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِّنَ الْقُرُوْنِ يَمْشُوْنَ فِيْ مَسٰكِنِهِمْ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍۗ اَفَلَا يَسْمَعُوْنَ٢٦
Awalam yahdi lahum kam ahlaknā min qablihim minal-qurūni yamsyūna fī masākinihim, inna fī żālika la'āyāt(in), afalā yasma‘ūn(a).
[26]
Wong kafir apa ora wis dituduhake dening Allah para ummat kuna kang padha ditumpesi marga kafir. Wong kafir padha mlaku andeleng patilasane. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti. Ya gene wong kafir ora padha ngrasak - ngrasakake.
اَوَلَمْ يَرَوْا اَنَّا نَسُوْقُ الْمَاۤءَ اِلَى الْاَرْضِ الْجُرُزِ فَنُخْرِجُ بِهٖ زَرْعًا تَأْكُلُ مِنْهُ اَنْعَامُهُمْ وَاَنْفُسُهُمْۗ اَفَلَا يُبْصِرُوْنَ٢٧
Awalam yarau annā nasūqul-mā'a ilal-arḍil juruzi fanukhriju bihī zar‘an ta'kulu minhu an‘āmuhum wa anfushum, afalā yubṣirūn(a).
[27]
Wong kafir apa ora padha handeleng hanggoningsun ngilekake banyu marang palemahan kang bera. Banjur Ingsun anggo nukulake tetanduran ana ing palemahan mahu, wusana banjur dadi pangane wong kafir dalah ingon - ingone. Apa padha ora deleng kahanan kang mangkono mahu.
وَيَقُوْلُوْنَ مَتٰى هٰذَا الْفَتْحُ اِنْ كُنْتُمْ صٰدِقِيْنَ٢٨
Wa yaqūlūna matā hāżal-fatḥu in kuntum ṣādiqīn(a).
[28]
(Wong kafir) padha celathu (marang wong mukmin) yen kandhamu mau temen, besuk apa bedhahe negara Mekkah ?
قُلْ يَوْمَ الْفَتْحِ لَا يَنْفَعُ الَّذِيْنَ كَفَرُوْٓا اِيْمَانُهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُوْنَ٢٩
Qul yaumal-fatḥi lā yanfa‘ul-lażīna kafarū īmānuhum wa lā hum yunẓarūn(a).
[29]
(Muhammad) dhawuha, "Bab bedhahe Mekkah utawa dina Qiyamat (Allah piyambak kang wuninga) ing kono tobate wis ora migunani sarta wis ora disrantekake maneh paniksane".
فَاَعْرِضْ عَنْهُمْ وَانْتَظِرْ اِنَّهُمْ مُّنْتَظِرُوْنَ ࣖ٣٠
Fa a‘riḍ ‘anhum wantaẓir innahum muntaẓirūn(a).
[30]
Mulane sira malengosa marang wong kafir, sarta ngarep - arep pitulunging Allah, wong kafir uga ngarep - arep menange.