Surah Luqman
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ١
Alif lām mīm.
[1]
Alif, Laam, Miim.
تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْحَكِيْمِۙ٢
Tilka āyātul-kitābil-ḥakīm(i).
[2]
Ayat - ayat kitab (al-Qur'an) iki kang isi kawicaksanaan.
هُدًى وَّرَحْمَةً لِّلْمُحْسِنِيْنَۙ٣
Hudaw wa raḥmatal lil-muḥsinīn(a).
[3]
Hiya iku pituduh minangka rahmating Allah marang wong kang padha ngelakoni panggawe becik.
الَّذِيْنَ يُقِيْمُوْنَ الصَّلٰوةَ وَيُؤْتُوْنَ الزَّكٰوةَ وَهُمْ بِالْاٰخِرَةِ هُمْ يُوْقِنُوْنَۗ٤
Allażīna yuqīmūnaṣ-ṣalāta wa yu'tūnaz-zakāta wa hum bil-ākhirati hum yūqinūn(a).
[4]
Kang padha ngelakoni sholat lan bayar zakat sarta ngandel bakal anane akherat.
اُولٰۤىِٕكَ عَلٰى هُدًى مِّنْ رَّبِّهِمْ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ٥
Ulā'ika ‘alā hudam mir rabbihim wa ulā'ika humul-mufliḥūn(a).
[5]
Wong kang mangkono mahu padha netepi pituduh ing Pangerane, mulane wong mangkono mahu padha beja.
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَّشْتَرِيْ لَهْوَ الْحَدِيْثِ لِيُضِلَّ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍۖ وَّيَتَّخِذَهَا هُزُوًاۗ اُولٰۤىِٕكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِيْنٌ٦
Wa minan-nāsi may yasytarī lahwal-ḥadīṡi liyuḍilla ‘an sabīlillāhi bigairi ‘ilmiw wa yattakhiżahā huzuwā(n), ulā'ika lahum ‘ażābum muhīn(un).
[6]
Sawenehing wong ana kang milih cerita kang dilagokake, tur tembunge nengsemake dianggo nasarake wong liya saka dalaning Allah (Islam) tanpa keterangan bener (ngawur). Ayate Allah banjur dianggo geguyon. Wong kang mangkono mahu bakal dipatrapi siksa kang ngremehake.
وَاِذَا تُتْلٰى عَلَيْهِ اٰيٰتُنَا وَلّٰى مُسْتَكْبِرًا كَاَنْ لَّمْ يَسْمَعْهَا كَاَنَّ فِيْٓ اُذُنَيْهِ وَقْرًاۚ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ اَلِيْمٍ٧
Wa iżā tutlā ‘alaihi āyātunā wallā mustakbiran ka'allam yasma‘hā ka'anna fī użunaihi waqrā(n), fabasyyirhu bi‘ażābin alīm(in).
[7]
Wong kang mangkono mahu manawa diwacakake al-Quran ayatingsun banjur mlengos lan gumedhe, ethok - ethok ora krungu, kupinge kaya disumpeli bajur budheg, wong kaya mangkono mahu diterang - terangake bakal dipatrapi siksa kang ngelarani.
اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ لَهُمْ جَنّٰتُ النَّعِيْمِۙ٨
Innal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti lahum jannātun na‘īm(i).
[8]
Dene sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik bakal diganjar suwarga Na'im.
خٰلِدِيْنَ فِيْهَاۗ وَعْدَ اللّٰهِ حَقًّاۗ وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ٩
Khālidīna fīhā, wa‘dallāhi ḥaqqā(n), wa huwal-‘azīzul-ḥakīm(u).
[9]
Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Prasetyane Allah kang ditukoni kelawan nyata. Allah Maha Mulya tur Wicaksana.
خَلَقَ السَّمٰوٰتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا وَاَلْقٰى فِى الْاَرْضِ رَوَاسِيَ اَنْ تَمِيْدَ بِكُمْ وَبَثَّ فِيْهَا مِنْ كُلِّ دَاۤبَّةٍۗ وَاَنْزَلْنَا مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً فَاَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ كَرِيْمٍ١٠
Khalaqas-samāwāti bigairi ‘amadin taraunahā wa alqā fil-arḍi rawāsiya an tamīda bikum wa baṡṡa fīhā min kulli dābbah(tin), wa anzalnā minas-samā'i mā'an fa ambatnā fīhā min kulli zaujin karīm(in).
[10]
Allah gawe langit ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira deleng, lan handokokake gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi. Supaya bumi aja goncang - ganjing ngobah - obah sira. Sarta andokokake sawarnaning hewan kang gumrayap ana bumi. Apa dene Ingsun nurunake banyu saka langit. Sabanjure bumi ahu Ingsun wetokake thetukulane warna - warna kang becik.
هٰذَا خَلْقُ اللّٰهِ فَاَرُوْنِيْ مَاذَا خَلَقَ الَّذِيْنَ مِنْ دُوْنِهٖۗ بَلِ الظّٰلِمُوْنَ فِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ ࣖ١١
Hāżā khalqullāhi fa arūnī māżā khalaqal-lażīna min dūnih(ī), baliẓ-ẓālimūna fī ḍalālim mubīn(in).
[11]
Kang wis kasebut iki kabeh gaweyaning Allah, mara Ingsun tuduhna brahala kang padha sira nggo Pangeran, endi gaweyane. Wong (kafir) iku tetela wong kesasar.
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ ۗوَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ١٢
Wa laqad ātainā luqmānal-ḥikmata anisykur lillāh(i), wa may yasykur fa'innamā yasykuru linafsih(ī), wa man kafara fa'innallāha ganiyyun ḥamīd(un).
[12]
Ingsun wis paring kawicaksanan marang Lukma. Dhawuh Ingsun, Lukman, sira syukura ing Allah, marga anggonira diparingi kawicaksanaan. Sing sapa syukur ing ganjarane kanggo awake dhewe. Dene sing sapa ora ngandel peparinging Allah, weruha yen Allah ora butuh marang titahe, tur pantes hing ngalembana.
وَاِذْ قَالَ لُقْمٰنُ لِابْنِهٖ وَهُوَ يَعِظُهٗ يٰبُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللّٰهِ ۗاِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيْمٌ١٣
Wa iż qāla luqmānu libnihī wa huwa ya‘iẓuhū yā bunayya lā tusyrik billāh(i), innasy-syirka laẓulmun ‘aẓīm(un).
[13]
Sira nyaritakna Lukman nalikane mulang lan mituturi marang anake, "Anaku, kowe aja pisan - pisan mangro-tingal anggonmu mangeran ing Allah, awit mangro tingal iku duraka gedhe".
وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِۚ حَمَلَتْهُ اُمُّهٗ وَهْنًا عَلٰى وَهْنٍ وَّفِصَالُهٗ فِيْ عَامَيْنِ اَنِ اشْكُرْ لِيْ وَلِوَالِدَيْكَۗ اِلَيَّ الْمَصِيْرُ١٤
Wa waṣṣainal-insāna biwālidaih(i), ḥamalathu ummuhū wahnan ‘alā wahniw wa fiṣāluhū fī ‘āmaini anisykur lī wa liwālidaik(a), ilayyal-maṣīr(u).
[14]
Ingsun dhawuh marang manungsa, "Padha ngabektiya marang wong tuwane loro. Awit nalika ana sajerone wetengane biyunge nandang reribet saya tuwa wetengane awake sangsaya abot. Sawise lahir jabang bayine anggone nusone nganti lawas. Panyapihe nganti umur rong tahun. He manungsa, sira padha syukura marang Ingsun lan marang wong tuwanira loro. Ing tembe sira bakal bali seba marang ngerasningsun".
وَاِنْ جَاهَدٰكَ عَلٰٓى اَنْ تُشْرِكَ بِيْ مَا لَيْسَ لَكَ بِهٖ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا وَصَاحِبْهُمَا فِى الدُّنْيَا مَعْرُوْفًا ۖوَّاتَّبِعْ سَبِيْلَ مَنْ اَنَابَ اِلَيَّۚ ثُمَّ اِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَاُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ١٥
Wa in jāhadāka ‘alā an tusyrika bī mā laisa laka bihī ‘ilmun falā tuṭi‘humā wa ṣāḥibhumā fid-dun-yā ma‘rūfā(n), wattabi‘ sabīla man anāba ilayya(a), ṡumma ilayya marji‘ukum fa unabbi'ukum bimā kuntum ta‘malūn(a).
[15]
Manawa wong tuwanira loro mahu akon mangro tingal marang sira, nyembah marang barang kang sira ora weruh katerangan yen iu Pangeran, sira aja manut. Sira dadiya kancane kelawan becik. Sira manuta laku jantraning wong kang setiya tuhu marang Ingsun. Ing tembe sira bakal bali sowan marang Ingsun. Lan bakal anerangake semu barang kang padha sira lakoni.
يٰبُنَيَّ اِنَّهَآ اِنْ تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ فَتَكُنْ فِيْ صَخْرَةٍ اَوْ فِى السَّمٰوٰتِ اَوْ فِى الْاَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللّٰهُ ۗاِنَّ اللّٰهَ لَطِيْفٌ خَبِيْرٌ١٦
Yā bunayya innahā in taku miṡqāla ḥabbatim min khardalin fatakun fī ṣakhratin au fis-samāwāti au fil-arḍi ya'ti bihallāh(u), innallāha laṭīfun khabīr(un).
[16]
Piwulange Lukman, "Anakku, panggawe hala iku, sanadyan mung sabobote wiji sawi siji, sarta panggonane ana sajerone watu, utawa ana langit - utawa bumi, mesthi ditekakake dening Allah sarta banjur ditimbang. Satemene Allah iku alus tur waspada".
يٰبُنَيَّ اَقِمِ الصَّلٰوةَ وَأْمُرْ بِالْمَعْرُوْفِ وَانْهَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَاصْبِرْ عَلٰى مَآ اَصَابَكَۗ اِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ١٧
Yā bunayya aqimiṣ-ṣalāta wa'mur bil-ma‘rūfi wanha ‘anil-munkari waṣbir ‘alā mā aṣābak(a), inna żālika min ‘azmil-umūr(i).
[17]
"Hai anakku, nglakonono sholat lan hajak - ajaka ngelakoni kabecikan lan menginga ngelakoni penggawe hala, lan shabara atimu ketaman pihala kang tumanduk ing kowe. Awit kang mangkono iku perkara kang diwajibake Allah ing kowe".
وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۚ١٨
Wa lā tuṣa‘‘ir khaddaka lin-nāsi wa lā tamsyi fil-arḍi maraḥā(n), innallāha lā yuḥibbu kulla mukhtālin fakhūr(in).
[18]
"Lan aja mlengosake pipimu marang manungsa jalaran gumedhe, rupa ngremehake. lan yen lumaku ana ing bumi aja ngembelengan awit Allah ora remen, kang kaya mangkono".
وَاقْصِدْ فِيْ مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِنْ صَوْتِكَۗ اِنَّ اَنْكَرَ الْاَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيْرِ ࣖ١٩
Waqṣid fī masy-yika wagḍuḍ min ṣautik(a), inna ankaral-aṣwāti laṣautul-ḥamīr(i).
[19]
Anggonmu mlaku kang sedhengan, lan yen nyuwara kang alon lan aris. Awit surawa kasar iku kaya suwarane khimar/keledai (elek banget).
اَلَمْ تَرَوْا اَنَّ اللّٰهَ سَخَّرَ لَكُمْ مَّا فِى السَّمٰوٰتِ وَمَا فِى الْاَرْضِ وَاَسْبَغَ عَلَيْكُمْ نِعَمَهٗ ظَاهِرَةً وَّبَاطِنَةً ۗوَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُّجَادِلُ فِى اللّٰهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَّلَا هُدًى وَّلَا كِتٰبٍ مُّنِيْرٍ٢٠
Alam tarau annallāha sakhkhara lakum mā fis-samāwāti wa mā fil-arḍi wa asbaga ‘alaikum ni‘amahū ẓāhirataw wa bāṭinah(tan), wa minan-nāsi may yujādilu fillāhi bigairi ‘ilmiw wa lā hudaw wa lā kitābim munīr(in).
[20]
(Pangandikane Allah), "He wong kafir, apa ora padha handeleng ing ALlah anggone maringi hising langit marang sira (srengenge, rembulan lan lintang), apa dene isen - isening bumi (segara, hewan, woh - wohan) lan Allah paring kabungahan kang sampurna lahir bathine marang sira. Hewa dene sawenehing wong ana kang madoni bab kahananing Allah, tanpa kaweruh lan tanpa wewaton pituduh rasul, lan tanpa wewaton kitang kang terang".
وَاِذَا قِيْلَ لَهُمُ اتَّبِعُوْا مَآ اَنْزَلَ اللّٰهُ قَالُوْا بَلْ نَتَّبِعُ مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ اٰبَاۤءَنَاۗ اَوَلَوْ كَانَ الشَّيْطٰنُ يَدْعُوْهُمْ اِلٰى عَذَابِ السَّعِيْرِ٢١
Wa iżā qīla lahumuttabi‘ū mā anzalallāhu qālū bal nattabi‘u mā wajadnā ‘alaihi ābā'anā, awalau kānasy-syaiṭānu yad‘ūhum ilā ‘ażābis-sa‘īr(i).
[21]
Wong kafir mau menawa didhawuhi, "Kowe padha ngestokno dhawuhing Allah". Wangsulane, "Kula kedah ngeluluri semukawis ingkang sampun dipun lampahi para leluhur kula". Pangendikaning Allah, "Apa senajan syetan ngajak mlebu ing neraka Sa'ir ?"
۞ وَمَنْ يُّسْلِمْ وَجْهَهٗٓ اِلَى اللّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقٰىۗ وَاِلَى اللّٰهِ عَاقِبَةُ الْاُمُوْرِ٢٢
Wa may yuslim wajhahū ilallāhi wa huwa muḥsinun faqadistamsaka bil-‘urwatil-wuṡqā, wa ilallāhi ‘āqibatul-umūr(i).
[22]
Sapa ngadhepake awake ngadhepi Allah, sarta nglakoni panggawe becik. Iku wis cekelan tali kukuh lan mitayani. Semu barang prakara iku karampungane ana ngastane Allah.
وَمَنْ كَفَرَ فَلَا يَحْزُنْكَ كُفْرُهٗۗ اِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ فَنُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوْاۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌۢ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ٢٣
Wa man kafara falā yaḥzunka kufruh(ū), ilainā marji‘uhum fanunabbi'uhum bimā ‘amilū, innallāha ‘alīmum biżātiṣ-ṣudūr(i).
[23]
Sira aja sedhih marga wong padha puguh kafir. Awit ing tembe bakal padha bali disebabake (sowan) marang Pangeran. Ingsun bakal melehake samu barang kang wis padha dilakoni. Allah nguningani sakrenteking ati.
نُمَتِّعُهُمْ قَلِيْلًا ثُمَّ نَضْطَرُّهُمْ اِلٰى عَذَابٍ غَلِيْظٍ٢٤
Numatti‘uhum qalīlan ṡumma naḍṭarruhum ilā ‘ażābin galīẓ(in).
[24]
Ingsun paring kabungahan (marang si kafir) mung sawatara, ing besuk (ana akhirat) dipeksa marang siksa kang abot.
وَلَىِٕنْ سَاَلْتَهُمْ مَّنْ خَلَقَ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضَ لَيَقُوْلُنَّ اللّٰهُ ۗقُلِ الْحَمْدُ لِلّٰهِ ۗبَلْ اَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ٢٥
Wa la'in sa'altahum man khalaqas-samāwāti wal-arḍa layaqūlunnallāh(u), qulil-ḥamdu lillāh(i), bal akṡaruhum lā ya‘lamūn(a).
[25]
Manawa takon marang wong kafir mau, "Sapa kang gawe bumi lan langit ?" Padha mangsuli, "Allah". Sakabehing puji kagungane Allah. Nanging cuwadene kang akeh padha ora mangerti.
لِلّٰهِ مَا فِى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِۗ اِنَّ اللّٰهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيْدُ٢٦
Lillāhi mā fis-samāwāti wal-arḍ(i), innallāha huwal-ganiyyul-ḥamīd(u).
[26]
Semu barang hisining bumi lan langit kabeh kagungane Allah. Satemene Allah iku sugih tur pinuji.
وَلَوْ اَنَّ مَا فِى الْاَرْضِ مِنْ شَجَرَةٍ اَقْلَامٌ وَّالْبَحْرُ يَمُدُّهٗ مِنْۢ بَعْدِهٖ سَبْعَةُ اَبْحُرٍ مَّا نَفِدَتْ كَلِمٰتُ اللّٰهِ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَزِيْزٌ حَكِيْمٌ٢٧
Wa lau anna mā fil-arḍi min syajaratin aqlāmuw wal-baḥru yamudduhū mim ba‘dihī sab‘atu abḥurim mā nafidat kalimātullāh(i), innallāha ‘azīzun ḥakīm(un).
[27]
Upama hisning bumi kang rupa kayu digawe kalam, banjur segara wujud mangsi dianggo nulisi pangandikaning Allah (kaweruh sing diparingake) henteke banyu segara diwuwuhi segara pitung mono engkas mesthi ora paja -paja ngentekake pangandikaning lan kaweruhing Allah. Satemene ALlah iku Maha Mulia tur Wicaksana.
مَا خَلْقُكُمْ وَلَا بَعْثُكُمْ اِلَّا كَنَفْسٍ وَّاحِدَةٍ ۗاِنَّ اللّٰهَ سَمِيْعٌۢ بَصِيْرٌ٢٨
Mā khalqukum wa lā ba‘ṡukum illā kanafsiw wāḥidah(tin), innallāha samī‘um baṣīr(un).
[28]
Allah anggone gawe awakira lan nguripake saka pati marang wong sajagad (kelawan barang, ora kangelan) kaya mung gawe lan nguripake wong siji bahe. Allah iku miyarsa tur mirsani.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ اللّٰهَ يُوْلِجُ الَّيْلَ فِى النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِى الَّيْلِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَۖ كُلٌّ يَّجْرِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ مُّسَمًّى وَّاَنَّ اللّٰهَ بِمَا تَعْمَلُوْنَ خَبِيْرٌ٢٩
Alam tara annallāha yūlijul-laila fin-nahāri wa yūlijun-nahāra fil-laili wa sakhkharasy-syamsa wal-qamar(a), kulluy yajrī ilā ajalim musammaw wa annallāha bimā ta‘malūna khabīr(un).
[29]
Apa sira hora handeleng Allah anggone nglojokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, apa dene anggone marintah srengene lan rembulan loro pisan padha mlaku ana cakrawalane dhewe - dhewe, nganti tekan wewangen kang tinamtokake (Qiyamat). Allah waspada samu barang kang sira lakoni.
ذٰلِكَ بِاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْحَقُّ وَاَنَّ مَا يَدْعُوْنَ مِنْ دُوْنِهِ الْبَاطِلُۙ وَاَنَّ اللّٰهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيْرُ ࣖ٣٠
Żālika bi'annallāha huwal-ḥaqqu wa anna mā yad‘ūna min dūnihil-bāṭil(u), wa annallāha huwal-‘aliyyul-kabīr(u).
[30]
Mulane mangkono awit Allah iku langgeng tan kena owah, sarta benere kudu disembah. Ananging brahala kang padha dianggo Pangeran iku palsu satemene Allah Maha Mulya lan Agung.
اَلَمْ تَرَ اَنَّ الْفُلْكَ تَجْرِيْ فِى الْبَحْرِ بِنِعْمَتِ اللّٰهِ لِيُرِيَكُمْ مِّنْ اٰيٰتِهٖۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ٣١
Alam tara annal-fulka tajrī fil-baḥri bini‘matillāhi liyuriyakum min āyātih(ī), inna fī żālika la'āyātil likulli ṣabbārin syakūr(in).
[31]
Sira apa ora handeleng perahu kang mlaku ana ing segara sarana angin minangka peparinging Allah kabungahan, ditontonake marang sira tandha yektine allah kahelokan. Kahelokan mahu tumrap wong kang teguh atine sarta syukur mesthi dadi tandha yekti kuwasane Allah.
وَاِذَا غَشِيَهُمْ مَّوْجٌ كَالظُّلَلِ دَعَوُا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۚ فَلَمَّا نَجّٰىهُمْ اِلَى الْبَرِّ فَمِنْهُمْ مُّقْتَصِدٌۗ وَمَا يَجْحَدُ بِاٰيٰتِنَآ اِلَّا كُلُّ خَتَّارٍ كَفُوْرٍ٣٢
Wa iżā gasyiyahum maujun kaẓ-ẓulali da‘awullāha mukhliṣīna lahud-dīn(a), falammā najjāhum ilal-barri faminhum muqtaṣid(un), wa mā yajḥadu bi'āyātinā illā kullu khattārin kafūr(in).
[32]
Lan nalikane tinempuh angin ribut ana segara, ombake gedhe sagunung - gunung. Banjur padha nyuwun slamet ing Allah, kaya wong suci atine sumungkem marang agama. bareng wis slamet tekan dharatan wong mahu ana kang lestari percaya ing Allah. Dene wong kang maido ayatingsun, ora maneh kejaba wong kang cidra lan kafir.
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لَّا يَجْزِيْ وَالِدٌ عَنْ وَّلَدِهٖۖ وَلَا مَوْلُوْدٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَّالِدِهٖ شَيْـًٔاۗ اِنَّ وَعْدَ اللّٰهِ حَقٌّ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَاۗ وَلَا يَغُرَّنَّكُمْ بِاللّٰهِ الْغَرُوْرُ٣٣
Ya ayyuhan-nāsuttaqū rabbakum wakhsyau yaumal lā yajzī wālidun ‘aw waladih(ī), wa lā maulūdun huwa jāzin ‘aw wālidihī syai'ā(n), inna wa‘dallāhi ḥaqqun falā tagurrannakumul-ḥayātud-dun-yā, wa lā yagurrannakum billāhil-garūr(u).
[33]
He manungsa, sira padha bektia ing Allah Pangeranira, lan wediya ing dina (Qiyamat) kang ing kono bapa ora perduli anake, lan anake ora perduli marang bapakne ora bisa mitulungi sathithik - thithika. Prasetianing Allah bakal nguripake wong kang wis mati lan haganjar apa dene nyiksa bakal kaleksanan temenan. Ngati - ngatiya aja nganti kajelomprong kabungahan donya, lan sungkemira ing Allah aja nganti dijlomprongake ing syetan.
اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهٗ عِلْمُ السَّاعَةِۚ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَۚ وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًاۗ وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌۢ بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ ࣖ٣٤
Innallāha ‘indahū ‘ilmus-sā‘ah(ti), wa yunazzilul-gaiṡ(a), wa ya‘lamu mā fil-arḥām(i), wa mā tadrī nafsum māżā taksibu gadā(n), wa mā tadrī nafsum bi'ayyi arḍin tamūt(u), innallāha ‘alīmun khabīr(un).
[34]
Allah nguningani besuk apa kelakone dina qiyamat. Lan mengko apa tumuruning udan. Nguningani bayi kang ana ing wetengan (lanang apa wadon). Dene ora ana wong kang weruh kang bakal dilakono dona sesuk. Lan ora weruh uga anggone bakal mati ana bumi ngendi. Satemene Allah nguningani tur waspada marang samu barang.