Surah Asy-Syu`ara`
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
طٰسۤمّۤ١
Ṭā Sīm Mīm.
[1]
Thaa' Siiim, Miim.
تِلْكَ اٰيٰتُ الْكِتٰبِ الْمُبِيْنِ٢
Tilka āyātul-kitābil-mubīn(i).
[2]
Surat iki, ayat - ayate kitab kang pratela (nerangake kabeh hukum bener lan luput).
لَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَّفْسَكَ اَلَّا يَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَ٣
La‘allaka bākhi‘un nafsaka allā yakūnū mu'minīn(a).
[3]
(Muhammad) bokmenawa sira ngenes ngrasakake para wong kafir anggone padha ora gelem iman ing Allah.
اِنْ نَّشَأْ نُنَزِّلْ عَلَيْهِمْ مِّنَ السَّمَاۤءِ اٰيَةً فَظَلَّتْ اَعْنَاقُهُمْ لَهَا خٰضِعِيْنَ٤
In nasya' nunazzil ‘alaihim minas-samā'i āyatan fa ẓallat a‘nāquhum lahā khāḍi‘īn(a).
[4]
Upama ana keparenging kersaningsun, wong - wong kang padha kafir iku Ingsun kersakake iman ing Allah, kena uga Ingsun nurunake tandha yekti saka ing langit kang nggegirisi, ing kono gulune won gkafir kepeksa padha tumungkul konjem ing salawase (nanging kersaningsun ora mengkunu).
وَمَا يَأْتِيْهِمْ مِّنْ ذِكْرٍ مِّنَ الرَّحْمٰنِ مُحْدَثٍ اِلَّا كَانُوْا عَنْهُ مُعْرِضِيْنَ٥
Wa mā ya'tīhim min żikrim minar-raḥmāni muḥdaṡin illā kānū ‘anhu mu‘riḍīn(a).
[5]
Samangsa Allah kang Maha Murah kersa nganyarake dhawuh wong kafir iya mesthi banjur padha nganyarake pamopone (anggone mlengos).
فَقَدْ كَذَّبُوْا فَسَيَأْتِيْهِمْ اَنْۢبـٰۤؤُا مَا كَانُوْا بِهٖ يَسْتَهْزِءُوْنَ٦
Faqad każżabū fa saya'tīhim ambā'u mā kānū bihī yastahzi'ūn(a).
[6]
Wis kelakon marambah-rambah wong - wong kafir iku padha ora percaya marang (Nabi Muhammad). Wong - wong kafir mau ora wurung bakal padha weruh kenyataane utawa kewusanane anggone padha anggeguyu al-Qur'an.
اَوَلَمْ يَرَوْا اِلَى الْاَرْضِ كَمْ اَنْۢبَتْنَا فِيْهَا مِنْ كُلِّ زَوْجٍ كَرِيْمٍ٧
Awalam yarau ilal-arḍi kam ambatnā fīhā min kulli zaujin karīm(in).
[7]
Wong - won gkafir apa padha ora sumurup gumelaring bumi, wis pira bae anggoningsun nukulake thethukulan ana ing bumi kang becik - becik, migunani marang wong - wong kabeh.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةًۗ وَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٨
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[8]
Kang mengkono mau satemene dadi tandha yekti menawa kuwasaning Allah iku sampurna, ewadene akeh - akehe manungsa padha ora percaya ing Allah.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٩
Inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[9]
Satemene Allah Pangeranira iku yekti Maha Mulya tur Maha Asih.
وَاِذْ نَادٰى رَبُّكَ مُوْسٰٓى اَنِ ائْتِ الْقَوْمَ الظّٰلِمِيْنَ ۙ١٠
Wa iż nādā rabbuka mūsā ani'til-qaumaẓ-ẓālimīn(a).
[10]
(Muhammad), sira nyritakna nalikane Allah Pangeranira nimbali Musa, kanthi didhawuhi mengkene, "Sira Ingsun utus menyanga panggonane wongkang nganiaya, yaiku wong kang duraka".
قَوْمَ فِرْعَوْنَ ۗ اَلَا يَتَّقُوْنَ١١
Qauma fir‘aun(a), alā yattaqūn(a).
[11]
Yaiku kaume (ummate) Fir'aun, padha pituturana, yagene teka padha ora bekti (taqwa) marang Allah.
قَالَ رَبِّ اِنِّيْٓ اَخَافُ اَنْ يُّكَذِّبُوْنِ ۗ١٢
Qāla rabbi innī akhāfu ay yukażżibūn(i).
[12]
Musa munjuk, "Dhuh Pangran kawula, sayketosipun kawula kuwatos menawi kaumipun Fir'aun sami maiben (ngogorohaken) dhateng kawula".
وَيَضِيْقُ صَدْرِيْ وَلَا يَنْطَلِقُ لِسَانِيْ فَاَرْسِلْ اِلٰى هٰرُوْنَ١٣
Wa yaḍīqu ṣadrī wa lā yanṭaliqu lisānī fa arsil ilā hārūn(a).
[13]
Iba anggenipun rupeg dada (kaken manah) kawula, sarta lisan (ilat) kawula boten saged wicanten (trampil). Mila bilih amarengaken, Panjenengan mugi kersaha ngutus sedherek kawula Harun, dados sesulih (mbantu) kawula.
وَلَهُمْ عَلَيَّ ذَنْۢبٌ فَاَخَافُ اَنْ يَّقْتُلُوْنِ ۚ١٤
Wa lahum ‘alayya żambun fa akhāfu ay yaqtulūn(i).
[14]
Makaten malih kawula punika nandhang kalepatan dhumateng Fir'aun sekaumipun. Mila kula kuwatos bokmenawi Fir'aun wau lajeng mejahi kawula.
قَالَ كَلَّا ۚفَاذْهَبَا بِاٰيٰتِنَآ اِنَّا مَعَكُمْ مُّسْتَمِعُوْنَ ۙ١٥
Qāla kallā, fażhabā bi'āyātinā innā ma‘akum mustami‘ūn(a).
[15]
Allah paring pangandika, "Fir'aun ora bakal mateni sira. Mulane saiki sira mangkata lan sedulur ira Harun, klawan anggawa tandha yekti saka Ingsun. Ingsun anjungkung marang sira, sarta mirengaki aturira".
فَأْتِيَا فِرْعَوْنَ فَقُوْلَآ اِنَّا رَسُوْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ١٦
Fa'tiyā fir‘auna faqūlā innā rasūlu rabbil-‘ālamīn(a).
[16]
Sira sakloron padha nemonana Fir'aun sarta dhawuhna, "Sayektosipun kita kekalih punika utusanipun Pangeraning Alam sadoya".
اَنْ اَرْسِلْ مَعَنَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ١٧
An arsil ma‘anā banī isrā'īl(a).
[17]
Mugi panjenegan ngandikani supados tiyang Bani Israil tumut kula tiyang kalih (mantuk dhateng tanah Palistina=kan'an).
قَالَ اَلَمْ نُرَبِّكَ فِيْنَا وَلِيْدًا وَّلَبِثْتَ فِيْنَا مِنْ عُمُرِكَ سِنِيْنَ ۗ١٨
Qāla alam nurabbika fīnā walīdaw wa labiṡta fīnā min ‘umurika sinīn(a).
[18]
(Musa lan Harun banjur ngestokake dhawuhe Allah bareng wis andhawuhake apa dhawuhing Allah), Fir'aun mangsuli, "Apa sira lali anggonira ingsun openi ana ing kene kaya dene anak, lan sira melu ingsun wiwit bayi nganti (umur 30 tahun) tatahunan"?
وَفَعَلْتَ فَعْلَتَكَ الَّتِيْ فَعَلْتَ وَاَنْتَ مِنَ الْكٰفِرِيْنَ١٩
Wa fa‘alta fa‘latakal-latī fa‘alta wa anta minal-kāfirīn(a).
[19]
LAn maneh sira wis nindakake keluputan (mateni wong Qibti benere Ingsun patrapi apa - apa , saiki sira duwe tindak kang mengkono). Dadi tetela sira ora weruh marang kebecikangingsun.
قَالَ فَعَلْتُهَآ اِذًا وَّاَنَا۠ مِنَ الضَّاۤلِّيْنَ٢٠
Qāla fa‘altuhā iżaw wa ana minaḍ-ḍāllīn(a).
[20]
Musa paring wangsulan, "Kula nindakaken ingkang mekaten punika wau, jalaran kala semanten kula taksih kelebet golonganipun tiyang ingkang klentu".
فَفَرَرْتُ مِنْكُمْ لَمَّا خِفْتُكُمْ فَوَهَبَ لِيْ رَبِّيْ حُكْمًا وَّجَعَلَنِيْ مِنَ الْمُرْسَلِيْنَ٢١
Fa farartu minkum lammā khiftukum fa wahaba lī rabbī ḥukmaw wa ja‘alanī minal-mursalīn(a).
[21]
Ewa semanten, saking ajrih kula, lajeng kesah saking ngriki, (dhateng ing madyan). Wonten ingriku kula dipun paringi kawicaksanan dening ALlah Pangeran kula, sarta dipun junjung dados Nabi, punapa dene dipun piji dados Utusaning Pangeran.
وَتِلْكَ نِعْمَةٌ تَمُنُّهَا عَلَيَّ اَنْ عَبَّدْتَّ بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٢٢
Wa tilka ni‘matun tamunnuhā ‘alayya an ‘abbatta banī isrā'īl(a).
[22]
(Punapa maneh kula mejahi tiyang boten panjenengan patrapi hukum qisos, utawi dumeh kula boten panjenengan pasrahi pandamelan awrat tur siya - siya, kados tiyang - tiyang bani Israil sanes - sanesipun). Punapa kula ingkang panjenengan wastani kesaenan panjenengan dateng kula, lajeng paduka angatiplakaken para turun Israil?
قَالَ فِرْعَوْنُ وَمَا رَبُّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ٢٣
Qāla fir‘aunu wa mā rabbul-‘ālamīn(a).
[23]
Fir'aun pitakon, "Pangerane wong sajagad iku sapa?"
قَالَ رَبُّ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ اِنْ كُنْتُمْ مُّوْقِنِيْنَ٢٤
Qāla rabbus-samāwāti wal-arḍi wa mā bainahumā, in kuntum mūqinīn(a).
[24]
Musa paring wangsulan, "Menawi panjenengan sumerep, samukawis ingkang dumadi punika wonten urusanipun, ingkang Mangerani tiyang sajagad punika, Pangeraning bumi kaliyan langit, ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawisipun bumi kaliyan langit".
قَالَ لِمَنْ حَوْلَهٗٓ اَلَا تَسْتَمِعُوْنَ٢٥
Qāla liman ḥaulahū alā tastami‘ūn(a).
[25]
Fir'aun banjur tumuleh marang para panggedhe kang padha saba ana ing kiwatengene, pangucape, "Apa sira ora padha krungu wangsulane Musa, teka dudu kang Ingsun tekokake?"
قَالَ رَبُّكُمْ وَرَبُّ اٰبَاۤىِٕكُمُ الْاَوَّلِيْنَ٢٦
Qāla rabbukum wa rabbu ābā'ikumul-awwalīn(a).
[26]
Musa paring wangsulan maneh, "Pangeranipun tiyang sajagad punika ugi Pangeran panjenengan saha Pangeranipun leluhur panjenengan rumiyin".
قَالَ اِنَّ رَسُوْلَكُمُ الَّذِيْٓ اُرْسِلَ اِلَيْكُمْ لَمَجْنُوْنٌ٢٧
Qāla inna rasūlakumul-lażī ursila ilaikum lamajnūn(un).
[27]
Fir'aun celathu marang wong kang padha ana ing kono, "Rasulmu kang diutus dening Pangeran, nerang - nerangake marang sira iki edan, ketara anggone ora mangerti pitakone wong".
قَالَ رَبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ وَمَا بَيْنَهُمَاۗ اِنْ كُنْتُمْ تَعْقِلُوْنَ٢٨
Qāla rabbul-masyriqi wal-magribi wa mā bainahumā, in kuntum ta‘qilūn(a).
[28]
Musa paring wangsulan maneh, "Manawi panjenengan gadah akal budi, temtu sumerep bilih Pangeran tiyang sajagad punika Pangeraning masyriq (panggenan medaling surya/wetan)" kaliyan maghrib (panggenan seraping surya/kulon), ugi Pangeranipun samu kawis ingkang wonten antawasipun masyriq lan maghrib.
قَالَ لَىِٕنِ اتَّخَذْتَ اِلٰهًا غَيْرِيْ لَاَجْعَلَنَّكَ مِنَ الْمَسْجُوْنِيْنَ٢٩
Qāla la'inittakhażta ilāhan gairī la'aj‘alannaka minal-masjūnīn(a).
[29]
Fir'aun mangsuli, "Menawa sira mangeran marang saliyane ingsun, mesthi bakal ngunjara mrang sira, awor karo wong kang dikunjara".
قَالَ اَوَلَوْ جِئْتُكَ بِشَيْءٍ مُّبِيْنٍ٣٠
Qāla awalau ji'tuka bisyai'im mubīn(in).
[30]
Musa mangsuli, "Menawi kula angwontenaken kaelokan minangka tandha yektinipun, bilih kula punika utusanipun Allah sayektos, punapa inggih meksa panjenengan kunjara?"
قَالَ فَأْتِ بِهٖٓ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ٣١
Qāla fa'ti bihī in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[31]
Fir'aun mangsuli, "Menawa aturira iku temen, mara gaweya kaelokan kaya kang sira kandhakake".
فَاَلْقٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِيْنٌ ۚ٣٢
Fa alqā ‘aṣāhu fa iżā hiya ṡu‘bānum mubīn(un).
[32]
Musa nuli mangsuli nguncalake tekene, sanalika tekene Musa iku dadi ula kang gedhe, galak anggegirisi.
وَنَزَعَ يَدَهٗ فَاِذَا هِيَ بَيْضَاۤءُ لِلنّٰظِرِيْنَ ࣖ٣٣
Wa naza‘a yadahū fa iżā hiya baiḍā'u lin-nāẓirīn(a).
[33]
Musa nuli ngetokake epek - epeke tangane saka ing klambine, sanalika mencorong putih (kaya srengenge amblerengi) marang wong kang padha ndeleng.
قَالَ لِلْمَلَاِ حَوْلَهٗٓ اِنَّ هٰذَا لَسٰحِرٌ عَلِيْمٌ ۙ٣٤
Qāla lil-mala'i ḥaulahū inna hāżā lasāḥirun ‘alīm(un).
[34]
Fir'aun banjur dhawuh marang pra panggedhe kang padha saba ing kiwa tengene, "Musa iku tetela juru sihir kang pinunjul".
يُّرِيْدُ اَنْ يُّخْرِجَكُمْ مِّنْ اَرْضِكُمْ بِسِحْرِهٖۖ فَمَاذَا تَأْمُرُوْنَ٣٥
Yurīdu ay yukhrijakum min arḍikum bisiḥrih(ī), fa māżā ta'murūn(a).
[35]
"Sumedya nudhung marang sira kabeh saka negaramu (ing Mesir) kene sarana sihire, Saiki kepriye kang dadi rembugira?"
قَالُوْٓا اَرْجِهْ وَاَخَاهُ وَابْعَثْ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَ ۙ٣٦
Qālū arjih wa akhāhu wab‘aṡ fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[36]
(Para panggedhe mau) banjur padha matur, "Pamanggih kula Musa lan sedherekipun punika prayogi dipun srantosaken rumiyin. Sapunika sang nata utusana dhateng sakatha hing kitha wewengkon ing ngriki, nimbali sowan pepak".
يَأْتُوْكَ بِكُلِّ سَحَّارٍ عَلِيْمٍ٣٧
Ya'tūka bikulli saḥḥārin ‘alīm(in).
[37]
Para pangageng kala wau kadhawuhana nyaosaken para juru sihir ingkang pinunjul, dhateng sngarsaning sang nata.
فَجُمِعَ السَّحَرَةُ لِمِيْقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ ۙ٣٨
Fa jumi‘as-saḥaratu limīqāti yaumim ma‘lūm(in).
[38]
Ing kono para juru sihir banjur dikumpulake (ana ing Mesir) ing dina kang wis katemtokake.
وَّقِيْلَ لِلنَّاسِ هَلْ اَنْتُمْ مُّجْتَمِعُوْنَ ۙ٣٩
Wa qīla lin-nāsi hal antum mujtami‘ūn(a).
[39]
(Bareng wis tekan ing dina kang tinemtokake), Banjur padha tampa dhawuh (wong ing Mesir) apa wis padha kumpul, mara enggal padha ngumpula.
لَعَلَّنَا نَتَّبِعُ السَّحَرَةَ اِنْ كَانُوْا هُمُ الْغٰلِبِيْنَ٤٠
La‘allanā nattabi‘us-saḥarata in kānū humul-gālibīn(a).
[40]
Menawa para juru sihir menang, bokmenawa aku lestari manut agamane para juru sihir, aja nganti manut marang Musa.
فَلَمَّا جَاۤءَ السَّحَرَةُ قَالُوْا لِفِرْعَوْنَ اَىِٕنَّ لَنَا لَاَجْرًا اِنْ كُنَّا نَحْنُ الْغٰلِبِيْنَ٤١
Falammā jā'as-saḥaratu qālū lifir‘auna a'inna lanā la'ajran in kunnā naḥnul-gālibīn(a).
[41]
Bareng para juru sihir wis padha nglumpuk, banjur padh amatur marang Fir'aun, "Menawi kita mimpang, punapa badhe tampi ganjaran, sang nata?"
قَالَ نَعَمْ وَاِنَّكُمْ اِذًا لَّمِنَ الْمُقَرَّبِيْنَ٤٢
Qāla na‘am wa innakum iżal laminal-muqarrabīn(a).
[42]
Fir'aun mangsuli, "Iya bakal tampa ganjaran, sarta yen sira menang, sira mesthi bakal kecedhak marang aku".
قَالَ لَهُمْ مُّوْسٰٓى اَلْقُوْا مَآ اَنْتُمْ مُّلْقُوْنَ٤٣
Qāla lahum mūsā alqū mā antum mulqūn(a).
[43]
Musa ditantang para juru sihir banjur mangsuli, "Lah sira bae luwih dhisik, anggelarna sihir (ingkono sira bakal weruh kawusanane)".
فَاَلْقَوْا حِبَالَهُمْ وَعِصِيَّهُمْ وَقَالُوْا بِعِزَّةِ فِرْعَوْنَ اِنَّا لَنَحْنُ الْغٰلِبُوْنَ٤٤
Fa alqau ḥibālahum wa ‘iṣiyyahum wa qālū bi‘izzati fir‘auna innā lanaḥnul-gālibūn(a).
[44]
Para juru sihir mau nulu padh anguncalake tampare (dhadhunge) lan tekene, pengucape, "Demi kamulyane Fir'aun, ingsun sakonca para juru sihir mesthi padha menang".
فَاَلْقٰى مُوْسٰى عَصَاهُ فَاِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُوْنَ ۚ٤٥
Fa alqā mūsā ‘aṣāhu fa iżā hiya talqafu mā ya'fikūn(a).
[45]
Musa nuli nguncalake tekene, sanalika tekene mau dadi ula kang gedhe, banjur nguntali ulane anggone nyulap para juru sihir mau (nganti sirna kabeh).
فَاُلْقِيَ السَّحَرَةُ سٰجِدِيْنَ ۙ٤٦
Fa ulqiyas-saḥaratu sājidīn(a).
[46]
Para juru sihir banjur padha weruh menawa mu'jizate Musa iku dudu sihir, nuli padh anjungkel padha sujud kabeh.
قَالُوْٓا اٰمَنَّا بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٤٧
Qālū āmannā birabbil-‘ālamīn(a).
[47]
Wong - wong ahli juru sihir mau padha ngucap, "Sapunika kita sami percador(iman) dhateng Allah, pangeranipun alam sedaya"
رَبِّ مُوْسٰى وَهٰرُوْنَ٤٨
Rabbi mūsā wa hārūn(a).
[48]
"Inggih punika Pangeranipun Musa lan Harun".
قَالَ اٰمَنْتُمْ لَهٗ قَبْلَ اَنْ اٰذَنَ لَكُمْۚ اِنَّهٗ لَكَبِيْرُكُمُ الَّذِيْ عَلَّمَكُمُ السِّحْرَۚ فَلَسَوْفَ تَعْلَمُوْنَ ەۗ لَاُقَطِّعَنَّ اَيْدِيَكُمْ وَاَرْجُلَكُمْ مِّنْ خِلَافٍ وَّلَاُصَلِّبَنَّكُمْ اَجْمَعِيْنَۚ٤٩
Qāla āmantum lahū qabla an āżana lakum, innahū lakabīrukumul-lażī ‘allamakumus-siḥr(a), fa lasaufa ta‘lamūn(a), la'uqaṭṭi‘anna aidiyakum wa arjulakum min khilāfiw wa la'uṣallibannakum ajma'īn(a).
[49]
Fir'aun banget nepsune, pangucape, "He para juru sihir, yagene sira padha wani percaya marang Musa, sadurunge pikantuk palilahingsun. Yen mengkono Musa iku penggodhamu, kang mulang sihir marang sira. Sira bakal weruh kuwasane awakira. Sira bakal ingsun tugel tanganira lan sikilira diseling - seling (dijunjang) sarta ingsun penthang utawa tak tanjir kabeh".
قَالُوْا لَا ضَيْرَ ۖاِنَّآ اِلٰى رَبِّنَا مُنْقَلِبُوْنَ ۚ٥٠
Qālū lā ḍair(a), innā ilā rabbinā munqalibūn(a).
[50]
Para ahli sirih padha mangsuli, "Pangancam panjenengan makaten punika boten dados punapa, Sanajan kula pejaha, temtu badhe wangsul dhateng ngarsaning Pangeran kula".
اِنَّا نَطْمَعُ اَنْ يَّغْفِرَ لَنَا رَبُّنَا خَطٰيٰنَآ اَنْ كُنَّآ اَوَّلَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۗ ࣖ٥١
Innā naṭma‘u ay yagfira lanā rabbunā khaṭāyānā an kunnā awwalal-mu'minīn(a).
[51]
"Kula ngajeng - ajeng mugi - mugi Allah Pangeran kula kersa paring pangapunten sakathahing kalepatan kula, Dene kula sedaya punika dados kawitanipun tiyang ingkang pitados ing Allah lan dhateng Musa".
۞ وَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰىٓ اَنْ اَسْرِ بِعِبَادِيْٓ اِنَّكُمْ مُّتَّبَعُوْنَ٥٢
Wa auḥainā ilā mūsā an asri bi‘ibādī innakum muttaba‘ūn(a).
[52]
Ingsun paring wahyu (prentah) marang Musa, "He Musa, sira mangkata lunga (saka ing Mesir), bebarengan karo kawulaningsun wong Bani Israil kabeh, Sira bakal dioyak dening Fir'aun dalah para kaume".
فَاَرْسَلَ فِرْعَوْنُ فِى الْمَدَاۤىِٕنِ حٰشِرِيْنَ ۚ٥٣
Fa arsala fir‘aunu fil-madā'ini ḥāsyirīn(a).
[53]
Bareng Fir'aun krungu menawa wong Bani Israil padha lunga, banjur nglumpukake wong - wong ing kutha - kutha wewengkone, padha diajak ngoyak wong Bani Israil.
اِنَّ هٰٓؤُلَاۤءِ لَشِرْذِمَةٌ قَلِيْلُوْنَۙ٥٤
Inna hā'ulā'i lasyirzimatun qalīlūn(a).
[54]
Pangucape Fir'aun, "Para kaumku kabeh aja padha wedi. Wong bani Israil iku mung sethithik cacahe".
وَاِنَّهُمْ لَنَا لَغَاۤىِٕظُوْنَ ۙ٥٥
Wa innahum lanā lagā'iẓūn(a).
[55]
Nanging sejatine wong Bani ISrail mau anggregetake, gawe napsuku.
وَاِنَّا لَجَمِيْعٌ حٰذِرُوْنَ ۗ٥٦
Wa innā lajamī‘un ḥāżirūn(a).
[56]
Dene para kaumk wong Mesir iku padha wong prayitna, gagah prakosa, tur miranti gegamane.
فَاَخْرَجْنٰهُمْ مِّنْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ٥٧
Fa akhrajnāhum min jannātiw wa ‘uyūn(in).
[57]
Pangandikane Allah, "Ingsun nuli nundhung wong - wong mau (Fir'aun dalah para kaume) ninggalale palemahane (pakebonan) kang ana kaline pating sreweh".
وَّكُنُوْزٍ وَّمَقَامٍ كَرِيْمٍ ۙ٥٨
Wa kunūziw wa maqāmin karīm(in).
[58]
Lan ninggalake gedung - gedung isi rajabrana sarta palinggihan (panggonan) kang indah - indah (becik - becik).
كَذٰلِكَۚ وَاَوْرَثْنٰهَا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ ۗ٥٩
Każālik(a), wa auraṡnāhā banī isrā'īl(a).
[59]
Wis mengkono anggoningsun ngetokake Fir'aun: Sasirnane Fir'aun dalah para kaum kelem an aing segara, raja dabeke Ingsun paringake dadi warisan marang wong bani Israil, padha dibaleni marang ing Mesir.
فَاَتْبَعُوْهُمْ مُّشْرِقِيْنَ٦٠
Fa atba‘ūhum musyriqīn(a).
[60]
Fir'aun dalah para kaume mau padh angoyak wong Bani Israil, ing wayah metune srengenge meh kecandhak ana ing pinggiring segara.
فَلَمَّا تَرٰۤءَا الْجَمْعٰنِ قَالَ اَصْحٰبُ مُوْسٰٓى اِنَّا لَمُدْرَكُوْنَ ۚ٦١
Falammā tarā'al-jam‘āni qāla aṣḥābu mūsā innā lamudrakūn(a).
[61]
Barang owng Bani Israil lan wong Mesir (kaume Fir'aun) wis padha arep - arepan, ing kono para sahabate Musa padha matur, "Kados pundi kita punika badhe sami kecepeng (ketututan)".
قَالَ كَلَّا ۗاِنَّ مَعِيَ رَبِّيْ سَيَهْدِيْنِ٦٢
Qāla kallā, inna ma‘iya rabbī sayahdīn(i).
[62]
Musa paring wangsulan, "Ora. Sira aja padha kuwatir, Satemene Ingsun iki dijangkung dening Allah Pangeraningsun, kang bakal paring pitedah dalan keslamten marang ingsun".
فَاَوْحَيْنَآ اِلٰى مُوْسٰٓى اَنِ اضْرِبْ بِّعَصَاكَ الْبَحْرَۗ فَانْفَلَقَ فَكَانَ كُلُّ فِرْقٍ كَالطَّوْدِ الْعَظِيْمِ ۚ٦٣
Fa auḥainā ilā mūsā aniḍrib bi‘aṣākal-baḥr(a), fanfalaqa fa kāna kullu firqin kaṭ-ṭaudil ‘aẓīm(i).
[63]
Ingsun banjur paring wahyu marang Musa,"He Musa, tekenira iku gitikna (sabetna) ing segara (Qulzum)". Bareng segara disabet (digitek) dening Musa, banyune banjur piyak dadi rosal lurung, antarane lurung - lurung mau banyune anggenggeng kaya gunung dhuwur.
وَاَزْلَفْنَا ثَمَّ الْاٰخَرِيْنَ ۚ٦٤
Wa azlafnā ṡammal-ākharīn(a).
[64]
Ingsun anggiring Fir'aun dalah pra kaume mlebu ing segara, ngoyak Musa dalah wong Bani Israil.
وَاَنْجَيْنَا مُوْسٰى وَمَنْ مَّعَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۚ٦٥
Wa anjainā mūsā wa mam ma‘ahū ajma‘īn(a).
[65]
Lan Ingsun paring selamet marang Musa lan wong Bani Israil kabeh padha metu saka ing segara.
ثُمَّ اَغْرَقْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۗ٦٦
Ṡumma agraqnal-ākharīn(a).
[66]
Sawise MUsa dalah wong Bani Israil padha metu saka ing segara, Fir'aun dalah para kaume padha Ingsun tumpes sarana Ingsun tungkebi (keremake) banyu segara.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ٦٧
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[67]
Mungguh satemene tumpese Fir'aun dalah para kaume, iku yekti dadi tandha yekti, kanggo lupiya marang wong sapungkure Fir'aun. Lan akeh - akehe wong - wong mau padha ora gelem mukmin.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ٦٨
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[68]
Lan satemene Pangeranira iku Maha Mulya sarta asih.
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَاَ اِبْرٰهِيْمَ ۘ٦٩
Watlu ‘alaihim naba'a ibrāhīm(a).
[69]
(Muhammad) wong - wong kafir iku padha sira wacakna cerita lelakone Ibrahim.
اِذْ قَالَ لِاَبِيْهِ وَقَوْمِهٖ مَا تَعْبُدُوْنَ٧٠
Iż qāla li'abīhi wa qaumihī mā ta‘budūn(a).
[70]
Nalikane Ibrahim matur marang Bapakne utawa ngendika mituturi marang para ummate, "Panjenengan punika sami manembah punapa?"
قَالُوْا نَعْبُدُ اَصْنَامًا فَنَظَلُّ لَهَا عٰكِفِيْنَ٧١
Qālū na‘budu aṣnāman fa naẓallu lahā ‘ākifīn(a).
[71]
Bapakne lan para kaume padha mangsuli, "Kita padha manembah brahala salawas - lawase".
قَالَ هَلْ يَسْمَعُوْنَكُمْ اِذْ تَدْعُوْنَ ۙ٧٢
Qāla hal yasma‘ūnakum iż tad‘ūn(a).
[72]
Ibrahim bacutake pitakone, "Menawi panjenengan matur punapa - punapa dhateng brahala - brahala wau, punapa brahala - brahala wau saged mrieng?"
اَوْ يَنْفَعُوْنَكُمْ اَوْ يَضُرُّوْنَ٧٣
Au yanfa‘ūnakum au yaḍurrūn(a).
[73]
Utawa punapa saged mikantuki (damel manfaat) punapadene mlarati dhateng panjenengan?
قَالُوْا بَلْ وَجَدْنَآ اٰبَاۤءَنَا كَذٰلِكَ يَفْعَلُوْنَ٧٤
Qālū bal wajadnā ābā'anā każālika yaf‘alūn(a).
[74]
Bapakne Ibrahim lan para umate padha mangsuli, "Ora bisa, nanging para leluhur kita biyen iya padha manembah brahala kaya kita iki".
قَالَ اَفَرَءَيْتُمْ مَّا كُنْتُمْ تَعْبُدُوْنَ ۙ٧٥
Qāla afa ra'aitum mā kuntum ta‘budūn(a).
[75]
Ibrahim pitakon maneh, "Punapa sampun panjenengan galih sayekto anggen panjenengan manembah brahala punika?"
اَنْتُمْ وَاٰبَاۤؤُكُمُ الْاَقْدَمُوْنَ ۙ٧٦
Antum wa ābā'ukumul-aqdamūn(a).
[76]
"Panjenengan piyambah lan para leluhur panjenengan rumiyin?"
فَاِنَّهُمْ عَدُوٌّ لِّيْٓ اِلَّا رَبَّ الْعٰلَمِيْنَ ۙ٧٧
Fa innahum ‘aduwwul lī illā rabbal-‘ālamīn(a).
[77]
Sejatosipun brahala - brahala pnika (ingkang kula sembah) dados satru kula, kajawi Allah Pangeranipun alam sadaya, punika Pangeran kula.
الَّذِيْ خَلَقَنِيْ فَهُوَ يَهْدِيْنِ ۙ٧٨
Allażī khalaqanī fa huwa yahdīn(i).
[78]
Inggih Allah punika ingkang nitahaken badan kula, sarta paring pitedah margi ingkang leres.
وَالَّذِيْ هُوَ يُطْعِمُنِيْ وَيَسْقِيْنِ ۙ٧٩
Wal-lażī huwa yuṭ‘imunī wa yasqīn(i).
[79]
Inggih Allah punika ingkang paring tedha sarta omben - omben dhateng kula.
وَاِذَا مَرِضْتُ فَهُوَ يَشْفِيْنِ ۙ٨٠
Wa iżā mariḍtu fa huwa yasyfīn(i).
[80]
Menawi kula nandhang sakit, panjenenganipun Allah punika ingkang nyarasaken dhateng kula.
وَالَّذِيْ يُمِيْتُنِيْ ثُمَّ يُحْيِيْنِ ۙ٨١
Wal-lażī yumītunī ṡumma yuḥyīn(i).
[81]
Sarta panjenenganipun ingkang badhe mejahi kula. Sasampunipun pejah, benjing dinten Qiyamat anggesangaken dhateng kula.
وَالَّذِيْٓ اَطْمَعُ اَنْ يَّغْفِرَ لِيْ خَطِيْۤـَٔتِيْ يَوْمَ الدِّيْنِ ۗ٨٢
Wal-lażī aṭma‘u ay yagfira lī khaṭī'atī yaumad-dīn(i).
[82]
Inggih Allah punika ingkang kula ajeg - ajeg paring pangapunten kelepatan kula benjing dinten Qiyamat.
رَبِّ هَبْ لِيْ حُكْمًا وَّاَلْحِقْنِيْ بِالصّٰلِحِيْنَ ۙ٨٣
Rabbi hab lī ḥukmaw wa alḥiqnī biṣ-ṣāliḥīn(a).
[83]
Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi paringa kawicaksanan dhumateng kawula. Mugi Panjenengan lebetaken (golongaken) kapanggihaken kaliyan pra tiyang ingkang sae.
وَاجْعَلْ لِّيْ لِسَانَ صِدْقٍ فِى الْاٰخِرِيْنَ ۙ٨٤
Waj‘al lī lisāna ṣidqin fil-ākhirīn(a).
[84]
Kawula mugi Panjenengan dadosaken pengaleman saha tetuladhanipun tiyang Islam sapengker kawula.
وَاجْعَلْنِيْ مِنْ وَّرَثَةِ جَنَّةِ النَّعِيْمِ ۙ٨٥
Waj‘alnī miw waraṡati janatin na‘īm(i).
[85]
Saha kawula mugi panjenengan dadosaken ahli waris, ingkang badhe nampi pandumanipun suwarga Na'im.
وَاغْفِرْ لِاَبِيْٓ اِنَّهٗ كَانَ مِنَ الضَّاۤلِّيْنَ ۙ٨٦
Wagfir li'abī innahū kāna minaḍ-ḍāllīn(a).
[86]
Mekaten malih bapak kawula punika ewonipun tiyang kesasar, punika mugi Panjenengan kersakaken tobat, salajengipun Panjenengan paringi pangapunten kalepatanipun.
وَلَا تُخْزِنِيْ يَوْمَ يُبْعَثُوْنَۙ٨٧
Wa lā tukhzinī yauma yub‘aṡūn(a).
[87]
Ing benjing dinten QIyamat, dinten tanginipun tiyang pejah, Panjenengan mugi sampun ngasoraken (meleh - melehaken) awon kawula.
يَوْمَ لَا يَنْفَعُ مَالٌ وَّلَا بَنُوْنَ ۙ٨٨
Yauma lā yanfa‘u māluw wa lā banūn(a).
[88]
Inggih punika dinten (Qiyamat) kalanipun bandha tuwin anak mboten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik.
اِلَّا مَنْ اَتَى اللّٰهَ بِقَلْبٍ سَلِيْمٍ ۗ٨٩
Illā man atallāha biqalbin salīm(in).
[89]
Kajawi tiyang ingkang sowan wonten ngayunanipun Pangeran kanthi manah ingkang resik.
وَاُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِيْنَ ۙ٩٠
Wa uzlifatil-jannatu lil-muttaqīn(a).
[90]
Ing dina iku suwarga dicedhakake marang wong kang padha bekti (taqwa).
وَبُرِّزَتِ الْجَحِيْمُ لِلْغَاوِيْنَ ۙ٩١
Wa burrizatil-jaḥīmu lil-gāwīn(a).
[91]
Dene neraka jahim dikatonake marang wong - wong kang padha lacut (kafir).
وَقِيْلَ لَهُمْ اَيْنَ مَا كُنْتُمْ تَعْبُدُوْنَ ۙ٩٢
Wa qīla lahum ainamā kuntum ta‘budūn(a).
[92]
Wong - won gkafir mau padha didangu, "Endi rupane brahala kang padha sira sembah biyen?"
مِنْ دُوْنِ اللّٰهِ ۗهَلْ يَنْصُرُوْنَكُمْ اَوْ يَنْتَصِرُوْنَ ۗ٩٣
Min dūnillāh(i), hal yanṣurūnakum au yantaṣirūn(a).
[93]
Sira milih manembah saliyane ALlah? Brahala apa bisa aweh pitulung marang sira utawa marang awake dhewe, jugarake siksane Allah?
فَكُبْكِبُوْا فِيْهَا هُمْ وَالْغَاوٗنَ ۙ٩٤
Fa kubkibū fīhā hum wal-gāwūn(a).
[94]
Brahala - brahala mau nuli dipunjungkelake, dicemplungake ing neraka karo wong - wong kafir.
وَجُنُوْدُ اِبْلِيْسَ اَجْمَعُوْنَ ۗ٩٥
Wa junūdu iblīsa ajma‘ūn(a).
[95]
Lan para wadya balane iblis kabeh.
قَالُوْا وَهُمْ فِيْهَا يَخْتَصِمُوْنَ٩٦
Qālū wa hum fīhā yakhtaṣimūn(a).
[96]
Wong - wong kafir mau ana ing sajrone neraka padha padu rame karo brahalane, pangucape wong kafir:
تَاللّٰهِ اِنْ كُنَّا لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ ۙ٩٧
Tallāhi in kunnā lafī ḍalālim mubīn(in).
[97]
Demi Allah, satemene Ingsun iki tetela wong kang kesasar saka dalan keslametan.
اِذْ نُسَوِّيْكُمْ بِرَبِّ الْعٰلَمِيْنَ٩٨
Iż nusawwīkum birabbil-‘ālamīn(a).
[98]
Amarga anggoningsun manembah marang sira, ingsun padhakake Pangerane wong alam kabeh.
وَمَآ اَضَلَّنَآ اِلَّا الْمُجْرِمُوْنَ٩٩
Wa mā aḍallanā illal-mujrimūn(a).
[99]
Dene kang nasarake (anjnlomprongake) ingsun iki, ora ana maneh kajaba syetan.
فَمَا لَنَا مِنْ شٰفِعِيْنَ ۙ١٠٠
Famā lanā min syāfi‘īn(a).
[100]
Saiki ora ana wong kang bisa aweh pitulungan apa - apa marang ingsun.
وَلَا صَدِيْقٍ حَمِيْمٍ١٠١
Wa lā ṣadīqin ḥamīm(in).
[101]
Lan ingsun ora duwe kanca kang mbelani aweh pitulungan marang ingsun.
فَلَوْ اَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١٠٢
Falau anna lanā karratan fa nakūna minal-mu'minīn(a).
[102]
Upama ingsun diparengake bali marang donya maneh, ingsun saguh dadi wong mukmin, nindakake apa tumindake wong mukmin.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٠٣
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[103]
Satemene cerita kang kasebut mau dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir-mikir. Nanging manungsa ora akeh sing padha gelem mukmin.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٠٤
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[104]
Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih.
كَذَّبَتْ قَوْمُ نُوْحِ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۚ١٠٥
Każżabat qaumu nūḥinil-mursalīn(a).
[105]
Para ummate Nuh padha nggorohake para utusan.
اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ نُوْحٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٠٦
Iż qāla lahum akhūhum nūḥun alā tattaqūn(a).
[106]
Nuh dalah para ummate iku isih sedulur. Nalika semana Nuh dhawuh marang para ummate, "Ya gene sira padha ora wedi marang Allah?"
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٠٧
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[107]
Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang mitayani anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah, ora nambahi, ora ngurangi lan ora ngowahi.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِۚ١٠٨
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[108]
Sira padh awediya ing Allah lan ngestokna marang Ingsun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۚ١٠٩
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[109]
Anggoningsun andhawuhake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang Ingsun, ora ana maneh kajaba Allah Pangerane ngalam kabeh.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ١١٠
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[110]
Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun.
۞ قَالُوْٓا اَنُؤْمِنُ لَكَ وَاتَّبَعَكَ الْاَرْذَلُوْنَ ۗ١١١
Qālū anu'minu laka wattaba‘akal-arżalūn(a).
[111]
Para umate Nuh padha matur mangsuli, "Kenging punapa kita manut dhewek panjenengan lan tiyang ingkang sami manut ndherek panjenengan punika sami tiyang ingkang asor (andhahan urakan) sadaya".
قَالَ وَمَا عِلْمِيْ بِمَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ ۚ١١٢
Qāla wa mā ‘ilmī bimā kānū ya‘malūn(a).
[112]
Nuh paring wangsulan marang para ummate, "(Ingsun mau diutus murih para manungsa padha iman marang Allah) ora susah nyumurupi luguning para panganggepe kang dibathin".
اِنْ حِسَابُهُمْ اِلَّا عَلٰى رَبِّيْ لَوْ تَشْعُرُوْنَ ۚ١١٣
In ḥisābuhum illā ‘alā rabbī lau tasy‘urūn(a).
[113]
"Menawa sira padha weruh". dene panimbange penganggep kang dibathin iku ana astane Allah.
وَمَآ اَنَا۠ بِطَارِدِ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ١١٤
Wa mā ana biṭāridil-mu'minīn(a).
[114]
Lan Ingsun ora bakal nulak wong - wong kang padha mukmin ing Allah.
اِنْ اَنَا۠ اِلَّا نَذِيْرٌ مُّبِيْنٌ ۗ١١٥
In ana illā nażīrum mubīn(un).
[115]
Ingsun iki ora liya kajaba juru pepeling klawan cetha, lan ora ningali sapa wonge.
قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ يٰنُوْحُ لَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْمَرْجُوْمِيْنَۗ١١٦
Qālū la'illam tantahi yā nūḥu latakūnanna minal-marjūmīn(a).
[116]
Para umate Nuh padha kaku atine, pangucape, "He Nuh, anggen panjenengan munasika dhateng kita punika menawi boten panjenengan kendeli, panjenengan mesthi badhe kita balangi sela".
قَالَ رَبِّ اِنَّ قَوْمِيْ كَذَّبُوْنِۖ١١٧
Qāla rabbi inna qaumī każżabūn(i).
[117]
Nuh banjur matur marang Allah, "Dhuh Pangeran kawula, sejatosipun para umat kawula sami maiben (anggorohaken) dhateng kawula".
فَافْتَحْ بَيْنِيْ وَبَيْنَهُمْ فَتْحًا وَّنَجِّنِيْ وَمَنْ مَّعِيَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ١١٨
Faftaḥ bainī wa bainahum fatḥaw wa najjinī wa mam ma‘iya minal-mu'minīn(a).
[118]
Mila panjenengan mugi kaparenga andhawuhaken bilih punapa ingkang kawula dhawuhaken punika leres tumrap anggen kawula pasulayan kaliyan ummat kawula wau, punapa dene Panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula dalah para tiyang ingkang tumut dhateng kawula para tiyang mukmin.
فَاَنْجَيْنٰهُ وَمَنْ مَّعَهٗ فِى الْفُلْكِ الْمَشْحُوْنِ١١٩
Fa anjaināhu wa mam ma‘ahū fil-fulkil-masyḥūn(i).
[119]
Ingsun paring selamet marang Nuh dalah para kaume para wong mukmin, ana ing perahu kang kebak (isi wong lan sawarnaning kewan daratan).
ثُمَّ اَغْرَقْنَا بَعْدُ الْبَاقِيْنَ١٢٠
Ṡumma agraqnā ba‘dul-bāqīn(a).
[120]
Sawise mengkono, para ummate Nuh liya - liyane padha Ingsun sirnakake sarana Ingsun kelem.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٢١
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[121]
Carita lelakone Nuh lan para ummate mau, satemene dadi piwulang tumrap wong kang padha gelem mikir. Nanging akeh - akehe padha ora gelem mukmin.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٢٢
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[122]
Lan saktemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih.
كَذَّبَتْ عَادُ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٢٣
Każżabat ‘ādunil-mursalīn(a).
[123]
Wong 'Aad uga padha anggorohake (maido) para Rasul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ هُوْدٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٢٤
Iż qāla lahum akhūhum hūdun alā tattaqūn(a).
[124]
Sedulure kaum 'Aad yaiku Hud, ngendika maringi pitutur marang wong - wong mau, "Yagene sira padha ora wedi marang Allah?"
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٢٥
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[125]
Satemene Ingsun iki utusane Allah, anggoningsun medharake dhawuhe Allah iku mitayani. Ingsun diutus marang sira kabeh.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٢٦
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[126]
Sira padha wediya marang Allah lan ngestokna marang ingsun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٢٧
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[127]
Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki ora pisan - pisan pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjarang marang Ingsun, ora ana maneh kajaba mung Allah Pangerane 'alam kabeh.
اَتَبْنُوْنَ بِكُلِّ رِيْعٍ اٰيَةً تَعْبَثُوْنَ ۙ١٢٨
Atabnūna bikulli rī‘in āyatan ta‘baṡūn(a).
[128]
Ya gene sira padha ngedegake omah dhuwur ana ing ngendi - endi panggonan, perlu mung kanggo dolanan lan nyenyenges tumrap wong kang liwat?
وَتَتَّخِذُوْنَ مَصَانِعَ لَعَلَّكُمْ تَخْلُدُوْنَۚ١٢٩
Wa tattakhiżūna maṣāni‘a la‘allakum takhludūn(a).
[129]
Apa dene sira padha gawe blumbang utawa segaran, pangarep - arepira sira langgenga urip, aja mati - mati.
وَاِذَا بَطَشْتُمْ بَطَشْتُمْ جَبَّارِيْنَۚ١٣٠
Wa iżā baṭasytum baṭasytum jabbārīn(a).
[130]
Mengkono maneh sira buteng sarta cengkiling, menawa sira mara tangan siya - siya.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِۚ١٣١
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[131]
Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang Ingsun.
وَاتَّقُوا الَّذِيْٓ اَمَدَّكُمْ بِمَا تَعْلَمُوْنَ ۚ١٣٢
Wattaqul-lażī amaddakum bimā ta‘lamūn(a).
[132]
Lan padha bektia ing Pangeran kang paring kenikmatan (kabungahan) marang sira, kaya kang wis padha sira sumurupi.
اَمَدَّكُمْ بِاَنْعَامٍ وَّبَنِيْنَۙ١٣٣
Amaddakum bi'an‘āmiw wa banīn(a).
[133]
Panjenengane Allah wis maringi kabungahan marang sira rupa raja kaya sarta turunan.
وَجَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍۚ١٣٤
Wa jannātiw wa ‘uyūn(in).
[134]
Apa dene palemahan (pakebonan) lan kali pirang - pirang.
اِنِّيْٓ اَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ ۗ١٣٥
Innī akhāfu ‘alaikum ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[135]
Satemene (menawa sira padha ora gelem manut marang pangandikaningsun) ingsun kuwatir, ora wurung sira bakal nandhang siksane Allah, ana ing donya lan akherat.
قَالُوْا سَوَاۤءٌ عَلَيْنَآ اَوَعَظْتَ اَمْ لَمْ تَكُنْ مِّنَ الْوٰعِظِيْنَ ۙ١٣٦
Qālū sawā'un ‘alainā awa‘aẓta am lam takum minal-wā‘iẓīn(a).
[136]
(Wong 'Aad) padha matur mangsuli, "Dhuh Huud, kita panjenengan wulang makaten punika kaliyan boten, sami kemawon boten badhe melu dhateng piwulang panjenengan".
اِنْ هٰذَآ اِلَّا خُلُقُ الْاَوَّلِيْنَ ۙ١٣٧
In hāżā illā khuluqul-awwalīn(a).
[137]
Sayektosipun, piwulang ingkang panjenengan angge ngajrih - ngajriih dhateng kita punika kados ngajrih - ngajrihi lare alit, punika mboten liya damel - damelanipun para tiyang kina rumiyin.
وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِيْنَ ۚ١٣٨
Wa mā naḥnu bimu‘ażżabīn(a).
[138]
Sampun mboten kemawon kita badhe nandhang siksa.
فَكَذَّبُوْهُ فَاَهْلَكْنٰهُمْۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٣٩
Fa każżabūhu fa ahlaknāhum, inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[139]
Wong 'Aad padha maido (anggorohake) marang Huud, mulane banjur Ingsun tumpes. Kang mengkono mau satemene dadi lupiya tumrap wong kang gelem mikir - mikir. Nanging akeh - akehe para manugsa padha ora gelem mukmin.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٤٠
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[140]
Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih.
كَذَّبَتْ ثَمُوْدُ الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٤١
Każżabat ṡamūdul-mursalīn(a).
[141]
Wong Tsamud uga padha nggorohake para Rasul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ صٰلِحٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٤٢
Iż qāla lahum akhūhum ṣāliḥun alā tattaqūn(a).
[142]
Nalika semana sedulure wong Tsamud yaiku Shalih paring dhawuh marang wong Tsamud, "He para seduluringsun, yagene sira padha ora wedi marang Allah?"
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٤٣
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[143]
Satemene Ingsun iku Utusane Allah tur kena dipercaya.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٤٤
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[144]
Sira padha manuta ing Allah, lan ngestokna marang Ingsun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍۚ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٤٥
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajr(in), in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[145]
Anggoningsun medharake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih pituwas apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun ora liya mung Allah Pangerane ngalam kabeh.
اَتُتْرَكُوْنَ فِيْ مَا هٰهُنَآ اٰمِنِيْنَ ۙ١٤٦
Atutrakūna fīmā hāhunā āminīn(a).
[146]
Apa sira padha duwe pangira menawa anggonira urip iku ditogake bae tentrem salawase, ora ana apa - apa (luput pangairanira).
فِيْ جَنّٰتٍ وَّعُيُوْنٍ ۙ١٤٧
Fī jannātiw wa ‘uyūn(in).
[147]
Saiki sira duwe palemahan akeh lan kali - kali.
وَّزُرُوْعٍ وَّنَخْلٍ طَلْعُهَا هَضِيْمٌ ۚ١٤٨
Wa zurū‘iw wa nakhlin ṭal‘uhā haḍīm(un).
[148]
Lan duwe tanduran gandum lan wit kurma kang wohe mateng - mateng.
وَتَنْحِتُوْنَ مِنَ الْجِبَالِ بُيُوْتًا فٰرِهِيْنَ١٤٩
Wa tanḥitūna minal-jibāli buyūtan fārihīn(a).
[149]
Lan padha gawe guwa ana ing gungung - gunung kanggo omah, pancen padha baut.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٥٠
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[150]
Sira padha wediya ing Allah lan ngestokna pituturingsun.
وَلَا تُطِيْعُوْٓا اَمْرَ الْمُسْرِفِيْنَ ۙ١٥١
Wa lā tuṭī‘ū amral-musrifīn(a).
[151]
Lan sira aja manut perintahe wong (kafir) kang ngliwati wates.
الَّذِيْنَ يُفْسِدُوْنَ فِى الْاَرْضِ وَلَا يُصْلِحُوْنَ١٥٢
Allażīna yufsidūna fil-arḍi wa lā yaṣliḥūn(a).
[152]
Yaiku wong kang padha gawe rusak ana ing bumi sarana panganiaya, lan ora gawe becik, sarana 'adil lan iman marang Allah.
قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مِنَ الْمُسَحَّرِيْنَ ۙ١٥٣
Qālū innamā anta minal-musaḥḥarīn(a).
[153]
Wong Tsamud padha mangsuli, "Panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging ing sihir".
مَآ اَنْتَ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَاۙ فَأْتِ بِاٰيَةٍ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ١٥٤
Mā anta illā basyarum miṡlunā, fa'ti bi'āyatin in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[154]
Boten sanes panjenengan punika inggih tiyang kados kita kemawon. (Wangsul panjenengan ngaken Utusanipun Allah) menawi dhasar temen cobi panjenengan angawontenaken tandha yekti.
قَالَ هٰذِهٖ نَاقَةٌ لَّهَا شِرْبٌ وَّلَكُمْ شِرْبُ يَوْمٍ مَّعْلُوْمٍ ۚ١٥٥
Qāla hāżihī nāqatul lahā syirbuw wa lakum syirbu yaumim ma‘lūm(in).
[155]
Nabi Shalih mangsuli, "(Tandha yektine delengen) iki unta (peparinge Allah metu saka ing watu, kaya carane unta lahir saka biyunge, tetep kaya panyuwunira). Unta iki duwe pepancen ngombe ing sendhang iki, sira uga duwe pepancen, giliran sedina endhing, aja padha nyahak gilirane unta mau".
وَلَا تَمَسُّوْهَا بِسُوْۤءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابُ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٥٦
Wa lā tamassūhā bisū'in fa ya'khużakum ‘ażābu yaumin ‘aẓīm(in).
[156]
Lan aja pisan - pisan ngganggu gawe marang unta iki, (menawa sira nganti ngganggu gawe), mesthi bakal nandhang siksane Allah kang abot, ana ing dina kang anggegirisi.
فَعَقَرُوْهَا فَاَصْبَحُوْا نٰدِمِيْنَ ۙ١٥٧
Fa ‘aqarūhā fa aṣbaḥū nādimīn(a).
[157]
Wong tsamud banjur padha amragad unta mau. Bareng padha sumurup bakal tekane siksa, padha banget getun lan keduwange.
فَاَخَذَهُمُ الْعَذَابُۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٥٨
Fa akhażahumul-‘ażāb(u), inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[158]
Wong Tsamud banjur tumpes kena ing siksane Allah, kaya pangancame Nabi Shalih, kang mengkono mau mesthi dadi kaca benggala tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging sethithik banget kang padha gelem percaya.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٥٩
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[159]
Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya Maha Asih.
كَذَّبَتْ قَوْمُ لُوْطِ ِۨالْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٦٠
Każżabat qaumu lūṭinil-mursalīn(a).
[160]
Para ummate LUth uga padha anggorohake (maido) marang para Rasul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ اَخُوْهُمْ لُوْطٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٦١
Iż qāla lahum akhūhum lūṭun alā tattaqūn(a).
[161]
Nalika semana sedulure kang aran Luth paring pitutur mengkene, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah?"
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٦٢
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[162]
Satemene Ingsun iki Utusane Allah kang percaya marang sira kabeh.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٦٣
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[163]
Sira padha bektia ing Allah lan ngestokna marang ingsun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٦٤
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajrin in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[164]
Anggoningsun nekaake dhawuhe Allah, ora amrih opah. Dene kang bakal maringi ganjaran mung Allah Pangerane alam kabeh.
اَتَأْتُوْنَ الذُّكْرَانَ مِنَ الْعٰلَمِيْنَ ۙ١٦٥
Ata'tūnaż-żukrāna minal-‘ālamīn(a).
[165]
Yagene sira padha milih cumbana padha wong lanang, kamungka ora kurang wong wadon?
وَتَذَرُوْنَ مَا خَلَقَ لَكُمْ رَبُّكُمْ مِّنْ اَزْوَاجِكُمْۗ بَلْ اَنْتُمْ قَوْمٌ عَادُوْنَ١٦٦
Wa tażarūna mā khalaqa lakum rabbukum min azwājikum, bal antum qamun ‘ādūn(a).
[166]
Sira padha nampik para bojonira, kang wis dicawisake lan diwenangake dening Allah Pangeranira marang sira. Dadi sira iki tetep wong kebangeten, nampik barang kang diwenangake, milih kang dadi larangan.
قَالُوْا لَىِٕنْ لَّمْ تَنْتَهِ يٰلُوْطُ لَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْمُخْرَجِيْنَ١٦٧
Qālū la'illam tantahi yā lūṭu latakūnanna minal-mukhrajīn(a).
[167]
(Para ummate Luth) padha mangsuli, "Dhuh Luth, menawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan munasika dhateng kita punika, panjenengan mesthi kita tundhung saking mriki".
قَالَ اِنِّيْ لِعَمَلِكُمْ مِّنَ الْقَالِيْنَ ۗ١٦٨
Qāla innī li‘amalikum minal-qālīn(a).
[168]
(Luth ganti paring) wangsulan, "Sakarepira, satemene ingsun gething banget lan ora sudi marang tindakira kang mengkono iku".
رَبِّ نَجِّنِيْ وَاَهْلِيْ مِمَّا يَعْمَلُوْنَ١٦٩
Rabbi najjinī wa ahlī mimmā ya‘malūn(a).
[169]
Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, panjenengan mugi paring wilujeng dhumateng kawula sakulawarga, saking siksa patrapanipun kalepatan, ingkang dipun lampahi dening para ummat kawula".
فَنَجَّيْنٰهُ وَاَهْلَهٗٓ اَجْمَعِيْنَ ۙ١٧٠
Fa najjaināhu wa ahlahū ajma‘īn(a).
[170]
(Pandandikane Allah), Ingsun paring selamet marang Luth dalah kaluwargane kabeh.
اِلَّا عَجُوْزًا فِى الْغٰبِرِيْنَ ۚ١٧١
Illā ‘ajūzan fil-gābirīn(a).
[171]
Kajaba bojone tuwa Luth, iku katut ingsun siksa, amarga mbiyantu marang ummate Luth.
ثُمَّ دَمَّرْنَا الْاٰخَرِيْنَ ۚ١٧٢
Ṡumma dammarnal-ākharīn(a).
[172]
Para ummate Luth liya - liyane banjur Ingsun tumpes.
وَاَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَّطَرًاۚ فَسَاۤءَ مَطَرُ الْمُنْذَرِيْنَ١٧٣
Wa amṭarnā ‘alaihim maṭarā(n), fa sā'a maṭarul-munżarīn(a).
[173]
Para ummate Luth mau Ingsun udani watu welirang kang murup, sabanjure Ingsun walik bumine. Ala temen udan siksane wong kafir kang wis diwedeni, meksa padha wangkot.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٧٤
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[174]
Lelakone para ummate Luth mau, satemene dadi kaca benggala tumrap wong kang padha gelem mikir - mikir, ewodene akeh - akehe manungsa padha ora gelem percaya.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٧٥
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[175]
Satemene Allah Pangeranira iu Maha Mulya tur Maha Asih.
كَذَّبَ اَصْحٰبُ لْـَٔيْكَةِ الْمُرْسَلِيْنَ ۖ١٧٦
Każżaba aṣḥābul-aikatil-mursalīn(a).
[176]
(Kaume Syu'aib) wong ing Madyan kang padha duwe palemahan loh isi tetanduran, padha maido marang para Rasul.
اِذْ قَالَ لَهُمْ شُعَيْبٌ اَلَا تَتَّقُوْنَ ۚ١٧٧
Iż qāla lahum syu‘aibun alā tattaqūn(a).
[177]
Nalika semana Syu'aib paring pitutur marang wong - wong madyan, "Yagene sira padha ora bekti ing Allah?"
اِنِّيْ لَكُمْ رَسُوْلٌ اَمِيْنٌ ۙ١٧٨
Innī lakum rasūlun amīn(un).
[178]
Satemene Ingsun iki Utusane ALlah kang pinitaya marang sira kabeh.
فَاتَّقُوا اللّٰهَ وَاَطِيْعُوْنِ ۚ١٧٩
Fattaqullāha wa aṭī‘ūn(i).
[179]
Sira padha bektia ing Allah lan ngestokake marang ingsun.
وَمَآ اَسْـَٔلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ اَجْرٍ اِنْ اَجْرِيَ اِلَّا عَلٰى رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٨٠
Wa mā as'alukum ‘alaihi min ajrin in ajriya illā ‘alā rabbil-‘ālamīn(a).
[180]
Anggoningsun nekake dhawuhe Allah iki, ingsun ora amrih opah apa - apa saka sira. Dene kang bakal maringi ganjaran marang ingsun, ora liya mung Allah Pangerane alam kabeh.
۞ اَوْفُوا الْكَيْلَ وَلَا تَكُوْنُوْا مِنَ الْمُخْسِرِيْنَ ۚ١٨١
Auful-kaila wa lā takūnū minal-mukhsirīn(a).
[181]
Sira padha nyampurnakna timbangan, lan poma dipoma aja dadi golongane wong - wong kang padha ngurangi timbangan.
وَزِنُوْا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيْمِ ۚ١٨٢
Wazinū bil-qisṭāsil-mustaqīm(i).
[182]
Lan sira nimbanga kanthi timbangan kang jejeg.
وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ اَشْيَاۤءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِى الْاَرْضِ مُفْسِدِيْنَ ۚ١٨٣
Wa lā tabkhasun-nāsa asy-yā'ahum wa lā ta‘ṡau fil-arḍi mufsidīn(a).
[183]
Lan aja padha gawe suda ajining barang - baranging wong, lan aja padha rusuh gawe kerusakan ana ing bumi.
وَاتَّقُوا الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالْجِبِلَّةَ الْاَوَّلِيْنَ ۗ١٨٤
Wattaqul-lażī khalaqakum wal-jibillatal-awwalīn(a).
[184]
Lan padha bektia ing allah kang nitahake marang sira, lan para umat ing jaman kuna.
قَالُوْٓا اِنَّمَآ اَنْتَ مِنَ الْمُسَحَّرِيْنَ ۙ١٨٥
Qālū innamā anta minal-musaḥḥarīn(a).
[185]
Wong Madyan mangsuli, "Dhuh Syu'aib, panjenengan punika mesthi tiyang ingkang kenging sihir".
وَمَآ اَنْتَ اِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا وَاِنْ نَّظُنُّكَ لَمِنَ الْكٰذِبِيْنَ ۚ١٨٦
Wa mā anta illā basyarum miṡlunā wa in naẓunnuka laminal-kāżibīn(a).
[186]
Panjenengan punika mboten sanes inggih tiyang kados kita kemawon, (sanes malaikat) lan kita kinten dhateng panjenengan punika klebet tiyang ingkang goroh.
فَاَسْقِطْ عَلَيْنَا كِسَفًا مِّنَ السَّمَاۤءِ اِنْ كُنْتَ مِنَ الصّٰدِقِيْنَ ۗ١٨٧
Fa asqiṭ ‘alainā kisafam minas-samā'i in kunta minaṣ-ṣādiqīn(a).
[187]
Menawi panjenengan punika temen, yektos Utusanipun Allah cobi kita pnejengan turuni siksa jawah gegempilaning langit.
قَالَ رَبِّيْٓ اَعْلَمُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ١٨٨
Qāla rabbī a‘lamu bimā ta‘malūn(a).
[188]
(Syu'aib) paring wangsulan, "Allah Pangeraningsun mesthi luwih nguningani kabeh barang kang sira tindakake".
فَكَذَّبُوْهُ فَاَخَذَهُمْ عَذَابُ يَوْمِ الظُّلَّةِ ۗاِنَّهٗ كَانَ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيْمٍ١٨٩
Fa każżabūhu fa akhażahum ‘ażābu yaumiẓ-ẓullah(ti), innahū kāna ‘ażāba yaumin ‘aẓīm(in).
[189]
Won ging madyan padha kebanjur - banjur anggone nggorohake (Nabi Syu'aib) mulane banjur ketekan siksane Allah ana ing dina eyub kang gegirisi.
اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيَةً ۗوَمَا كَانَ اَكْثَرُهُمْ مُّؤْمِنِيْنَ١٩٠
Inna fī żālika la'āyah(tan), wa mā kāna akṡaruhum mu'minīn(a).
[190]
Satemene lelakone wong Madyan mau dadi tuladha tumrap wong kang gelem mikir - mikir, nanging akeh - akehe wong padha ora gelem mukmin.
وَاِنَّ رَبَّكَ لَهُوَ الْعَزِيْزُ الرَّحِيْمُ ࣖ١٩١
Wa inna rabbaka lahuwal-‘azīzur-raḥīm(u).
[191]
Lan satemene Allah Pangeranira iku Maha Mulya tur Maha Asih.
وَاِنَّهٗ لَتَنْزِيْلُ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ ۗ١٩٢
Wa innahū latanzīlu rabbil-‘ālamīn(a).
[192]
Lan satemene al-Qur'an iki diturunake dening Allah Pangerane Alam kabeh.
نَزَلَ بِهِ الرُّوْحُ الْاَمِيْنُ ۙ١٩٣
Nazala bihir rūḥul-amīn(u).
[193]
Malaikat Jibril kang pinitaya tumurun klawan ngampil al-Qur'an.
عَلٰى قَلْبِكَ لِتَكُوْنَ مِنَ الْمُنْذِرِيْنَ ۙ١٩٤
‘Alā qalbika litakūna minal-munżirīn(a).
[194]
Didhawuhake marang atinira Muhammad, supaya sira anggo ngelingake lan ambebungah marang para manungsa.
بِلِسَانٍ عَرَبِيٍّ مُّبِيْنٍ ۗ١٩٥
Bilisānin ‘arabiyyim mubīn(in).
[195]
Nganggo tetembungan arab kang cetha.
وَاِنَّهٗ لَفِيْ زُبُرِ الْاَوَّلِيْنَ١٩٦
Wa innahū lafī zuburil-awwalīn(a).
[196]
Lan satemene al-Qur'an iki wis diwaca (disebutaken) ana ing kitab kuna - kuna.
اَوَلَمْ يَكُنْ لَّهُمْ اٰيَةً اَنْ يَّعْلَمَهٗ عُلَمٰۤؤُا بَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ١٩٧
Awalam yakul lahum āyatan ay ya‘lamahū ‘ulamā'u banī isrā'īl(a).
[197]
Ya gene wong kafir padha nyelaki tandha yektine menawa al-Qur'an iku temen dhawuhe Allah, yaiku anggone wis kasebut ana ing kitab - kitab kuna, sarta wis disumurupi dening para pendhitane wong Bani Israil.
وَلَوْ نَزَّلْنٰهُ عَلٰى بَعْضِ الْاَعْجَمِيْنَ ۙ١٩٨
Wa lau nazzalnāhū ‘alā ba‘ḍil-a‘jamīn(a).
[198]
Upama al-Qur'an iku Ingsun dhawuhake marang sawenehe wong 'Ajam (yaiku liyane wong Arab).
فَقَرَاَهٗ عَلَيْهِمْ مَّا كَانُوْا بِهٖ مُؤْمِنِيْنَ ۗ١٩٩
Fa qara'ahū ‘alaihim mā kānū bihī mu'minīn(a).
[199]
Wong 'Ajam iku banjur diwacakake al-Qur'an, mesthi wong mau ora iman.
كَذٰلِكَ سَلَكْنٰهُ فِيْ قُلُوْبِ الْمُجْرِمِيْنَ ۗ٢٠٠
Każālika salaknāhu fī qulūbil-mujrimīn(a).
[200]
Kaya mengkono uga atine wong kafir padha Ingsun leboni sifat kafir (ora percaya) marang al-Qur'an.
لَا يُؤْمِنُوْنَ بِهٖ حَتّٰى يَرَوُا الْعَذَابَ الْاَلِيْمَ٢٠١
Lā yu'minūna bihī ḥattā yarawul-‘ażābal-alīm(a).
[201]
Dadi padha ora percaya ing al-Qur'an, nganti tumeka anggone padha sumurup siksa neraka kang nglarani.
فَيَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً وَّهُمْ لَا يَشْعُرُوْنَ ۙ٢٠٢
Fa ya'tiyahum bagtataw wa hum lā yasy‘urūn(a).
[202]
Bareng wis tekan wektune, siksa neraka mau banjur teka marang wong kafir, kanthi ngegetake, wong kafir ora ngira babar pisan menawa bakal ketekan siksa.
فَيَقُوْلُوْا هَلْ نَحْنُ مُنْظَرُوْنَ ۗ٢٠٣
Fa yaqūlū hal naḥnu munẓarūn(a).
[203]
(Wong kafir) banjur padha munjuk ing Allah, "Punapa kawula kepareng nyuwun dipun srantosaken sekedhap kemawon, kawula badhe pitadhos dhateng al-Qur'an".
اَفَبِعَذَابِنَا يَسْتَعْجِلُوْنَ٢٠٤
Afa bi‘ażābinā yasta‘jilūn(a).
[204]
(Wong kafir) banjur tompa dhawuh, "Ora kena, yagene sira padha ndang - ndang lan angge tekane siksa?"
اَفَرَءَيْتَ اِنْ مَّتَّعْنٰهُمْ سِنِيْنَ ۙ٢٠٥
Afa ra'aita im matta‘nāhum sinīn(a).
[205]
(Muhammad) apa sira sumurup, wong kafir iku Ingsun bungahake sawatara lawase.
ثُمَّ جَاۤءَهُمْ مَّا كَانُوْا يُوْعَدُوْنَ ۙ٢٠٦
Ṡumma jā'ahum mā kānū yū‘adūn(a).
[206]
Bareng wis tekan wektune, banjur padha ketekan siksa kang maune wis dinajekkake lan diancamake.
مَآ اَغْنٰى عَنْهُمْ مَّا كَانُوْا يُمَتَّعُوْنَ ۗ٢٠٧
Mā agnā ‘anhum mā kānū yumatta‘ūn(a).
[207]
Kabungahane sawatara mau apa bisa murungake utawa mayarake siksa? (mesthi ora)
وَمَآ اَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ اِلَّا لَهَا مُنْذِرُوْنَ ۖ٢٠٨
Wa mā ahlaknā min qaryatin illā lahā munżirūn(a).
[208]
Ingsun ora pisan - pisan numpes wong ing padesan, kajaba menawa ing kono wis ana Utusaningsun kang memedeni lan nerangake dhawuh ingsun.
ذِكْرٰىۚ وَمَا كُنَّا ظٰلِمِيْنَ٢٠٩
Żikrā, wa mā kunnā ẓālimīn(a).
[209]
Supaya dadi pepeling, lan ingsun ora pisan - pisan gawe kaniaya.
وَمَا تَنَزَّلَتْ بِهِ الشَّيٰطِيْنُ٢١٠
Wa mā tanazzalat bihisy-syayāṭīn(u).
[210]
Kang nurunake al-Qur'an iku dudu Syetan.
وَمَا يَنْۢبَغِيْ لَهُمْ وَمَا يَسْتَطِيْعُوْنَ ۗ٢١١
Wa mā yambagī lahum wa mā yastaṭī‘ūn(a).
[211]
Para syetan ora patut lan ora bisa nurunake al-Qur'an.
اِنَّهُمْ عَنِ السَّمْعِ لَمَعْزُوْلُوْنَ ۗ٢١٢
Innahum ‘anis-sam‘i lama‘zūlūn(a).
[212]
Amarga syetan iku menawa arep nginjen, (ngrungok - ngrungokkake guneme para malaikat) banjur dihalangi.
فَلَا تَدْعُ مَعَ اللّٰهِ اِلٰهًا اٰخَرَ فَتَكُوْنَ مِنَ الْمُعَذَّبِيْنَ٢١٣
Falā tad‘u ma‘allāhi ilāhan ākhara fa takūna minal-mu‘ażżabīn(a).
[213]
(Muhammad) manungsa iku anggone mangeran marang Allah aja karo Mangeran marang liyane. Menawa nganti mangkono, bakal padha nampa siksa saka Allah.
وَاَنْذِرْ عَشِيْرَتَكَ الْاَقْرَبِيْنَ ۙ٢١٤
Wa anżir ‘asyīratakal-aqrabīn(a).
[214]
(Lan sira Muhammad) Aweha pepeling marang kerabatira kang klebu isih cedhak.
وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ ۚ٢١٥
Wakhfiḍ janāḥaka limanittaba‘aka minal-mu'minīn(a).
[215]
Sawis sira paringi pitutur, sira nagjenana para wong mukmin kang padha manut lan tha'at.
فَاِنْ عَصَوْكَ فَقُلْ اِنِّيْ بَرِيْۤءٌ مِّمَّا تَعْمَلُوْنَ ۚ٢١٦
Fa in ‘aṣauka faqul innī barī'um mimmā ta‘malūn(a).
[216]
Menawa dheweke padha ambangkang, sira dhawuha, "Ingsun wisuh, ora melu - melu anggonira padha tumindak manembah saliyane Allah".
وَتَوَكَّلْ عَلَى الْعَزِيْزِ الرَّحِيْمِ ۙ٢١٧
Wa tawakkal ‘alal-‘azīzir-raḥīm(i).
[217]
Lan sumaraha marang Allah kang Maha Lumya Tur Maha Asih.
الَّذِيْ يَرٰىكَ حِيْنَ تَقُوْمُ٢١٨
Allażī yarāka ḥīna taqūm(u).
[218]
Yaiku Pangeran kang mriksani ing wektu sira nindakake shalat.
وَتَقَلُّبَكَ فِى السّٰجِدِيْنَ٢١٩
Wa taqallubaka fis-sājidīn(a).
[219]
Lan Panjenengane mriksani mobah mosikira ana ing antarane wong kang sujud.
اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ٢٢٠
Innahū huwas-samī‘ul-‘alīm(u).
[220]
Satemene Allah Midhanget lan Ngudaneni marang kabeh barang dumadi.
هَلْ اُنَبِّئُكُمْ عَلٰى مَنْ تَنَزَّلُ الشَّيٰطِيْنُ ۗ٢٢١
Hal unabbi'ukum ‘alā man tanazzalusy-syayāṭīn(u).
[221]
(Dhawuha Sira Muhammad), "Apa sira kabeh gelem ingsun paringi sumurp marang sapa tumuruning syetan iku?"
تَنَزَّلُ عَلٰى كُلِّ اَفَّاكٍ اَثِيْمٍ ۙ٢٢٢
Tanazzalu ‘alā kulli affākin aṡīm(in).
[222]
Syetan iku tumrape marang wong kang dhemen goroh lan duraka.
يُّلْقُوْنَ السَّمْعَ وَاَكْثَرُهُمْ كٰذِبُوْنَ ۗ٢٢٣
Yulqūnas-sam‘a wa akṡaruhum kāżibūn(a).
[223]
Biyen para syetan iku padha ngrungokake pangucape para malaikat, banjur diwisikake marang para juru pethek (ahli nujum), dene pametheke juru pethek iku kang akeh goroh.
وَالشُّعَرَاۤءُ يَتَّبِعُهُمُ الْغَاوٗنَ ۗ٢٢٤
Wasy-syu‘arā'u yattabi‘uhumul-gāwūn(a).
[224]
Para wong kang podho kang kesasar ska dalan keslametan padha manut marang para jur nganggit tembang (penyair), ngucap goroh (ngarani manawa al-Qur'an iku tembang)
اَلَمْ تَرَ اَنَّهُمْ فِيْ كُلِّ وَادٍ يَّهِيْمُوْنَ ۙ٢٢٥
Alam tara annahum fī kulli wādiy yahīmūn(a).
[225]
Apa sira ora sumurp menawa (juru nganggit tembang iku), kang akeh padha ambawur rasaning tetembungan.
وَاَنَّهُمْ يَقُوْلُوْنَ مَا لَا يَفْعَلُوْنَ ۙ٢٢٦
Wa annahum yaqūlūna mā lā yaf‘alūn(a).
[226]
Lan satemene dheweke (ahli nganggit tembang) padha ngucapake apa kang ora padh ditindakkake.
اِلَّا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَعَمِلُوا الصّٰلِحٰتِ وَذَكَرُوا اللّٰهَ كَثِيْرًا وَّانْتَصَرُوْا مِنْۢ بَعْدِ مَا ظُلِمُوْا ۗوَسَيَعْلَمُ الَّذِيْنَ ظَلَمُوْٓا اَيَّ مُنْقَلَبٍ يَّنْقَلِبُوْنَ ࣖ٢٢٧
Illal-lażīna āmanū wa ‘amiluṣ-ṣāliḥāti wa żakarullāha kaṡīraw wantaṣarū mim ba‘di mā ẓulimū, wa saya‘lamul-lażīna ẓalamū ayya munqalabiy yanqalibūn(a).
[227]
Kajaba para kang padha angestu, lan padha nindakake kebecikan, lan padha akeh anggone nyebut (eling) asmane Allah, lan padha pikantuk pitulung sawisa dianiaya. Dene wong kafir kang padha nganiaya mau, ing tembe bakal sumurup kawusananae ana ing akherat.